no 1 1=Es judul Masmur 1 *1 Rahayu kang lakune tan manut Pangangen-angene wong duraka Lan ora ngambah dalane wong dosa Ora wor lungguh ing pajagongane Nging karem nyang pamerdining Allah Rina wengi den gilut ing manah *2 Kaanane wong iku kaya wit, Kang tinandur sapinggiring kali, Kang metokake woh ing kala mangsa; Lan godonge tan nate alum gogrog; Ingambaha rerubed ngrepoti; Tansah lestari kang denlampahi. *3 Tan mengkono mungguh wong duraka, Nanging lir mrambut kabur ing angin; Ora bisa tulus ing pangadilan; Lan ing pasamuwane para mursid; Wong mursid rineksa ing Pangeran Wong ala tumibeng karusakan === no 2 1=Es judul Masmur 2 *1 Yagene ta para bangsa Pada weringuten? Saliring angen-angennya Tansah tanpa guna *2 Yagene ta para raja Pada ambalela Lumawan marang Yehuwah Sarta jebadannya? *3 Pangucape: “Mara pada Amedot dadunge; Sarta pada ambuwanga Kendarate Allah” *4 Kang akadhaton neng swarga Wis mesti gumujeng; Pra kang nglawan dipoyoki Dening Kang Ma’ageng *5 Padha didhawuhi Allah Kalawan gung duka; Lan padha dirubuhake Kalawan bramatya *6 Dhawuhe’Allah kang kwasa “Sun jumeneng Ratu; Wakilingsun aneng Siyon, Ing gunung kang suci” *7 Kekancinganing Pangeran, Dhawuhe mring aku: Sira iku Putraningsun; Samangkin Sunyoga *8 Sira nagiha mring Ingsun, Mesti Sunjurungi; Bumi dadi darbekira: Saka Astaningsun *9 Pra bangsa sira ejura Klawan teken wesi; Lan padha sira remuka Lir grabahing kundi *10 Mulane he para raja Sumuyuda mring Hyang Klawan wedi; bungahira Dikanti gumeter *11 Kang Putra sungana ujung Murih aja duka; Aja kongsi padha tumpes Aneng dalanira *12 Rahayu sarupaning wong Kang mantep sumendhe Lan ngungsi marang kang Putra Pinuji Asmane === no 3 1=D judul Masmur 4 *1 Dhuh Allah kang ngadili kawula Tuwan mugi narimah ing pasambat Salebeting karupekan kula Tuwan kang paring omber mring kawula Mugi rentaha sih kawlasan Tuwan Ngantos myarsakaken pandonga kula *2 Pra priya nganti pira lawase Kluhuranku ‘nggone kawirangake Nganti pira lawase enggonmu Padha rumaket mring kang tanpa guna? Apa maneh nganti pira lawase Enggonmu padha angupaya cidra? *3 Padha sumurupa yen Yehuwah Miji wong siji dadi kekasihe Allah anjurungi yen daksebut Dadia ana srengenmu ya aja Gawe dosa, mosika ing atimu Ana ing paturon, sarta lerema *4 Nyaosna kurbaning kamursidan Sarta kumandela marang Yehuwah Kathah tiyang kang gadah pangucap “Sapa nuduhake begja mring aku?” Duh Allah, Tuwan mugi mletekaken Cahyaning wedana Tuwan mring kula *5 Tuwan paring bingah dhateng kula Langkung saking ingkang karaosaken Mring tyang kang angsal gandum lan anggur Kawula badhe leyeh-leyeh tilem Amargi, dhuh Yehuwah, namung Tuwan Kang manggenaken kula asantosa === no 4 1=G judul Masmur 19 *1 Langit anyariyosaken Kamulyaning Hyang Agung Nguwaraken pakaryaning Astane kang linangkung Dresing pangucap mlintu Waktu siyang lan dalu *2 mBoten wonten pitembungan Tuwin tan wonten basa, Ingkang boten kamirengan Suwaraning akasa; Ungelira nyrambahi Mring salumahing bumi *3 Angger-anggering Pangeran Nyata nglejarken nyawa Tyang punggung kadamel saged De seksine kang setya, Leres tetimbalannya, Tur mbingahken ing driya *4 Prentahe Pangeran mulya Damel padhanging netra Wewedene suci, tetep Ngantos slami-laminya Bebenerane nyata Sarta adil sadaya === no 5 1=Es 3/4 judul Masmur 23 *1 Allah yeku Pangen kula Kula menda kagunganNya Mesthi datan kekirangan wit rinimat dening Pang’ran *2 Dennya mlegungaken kula Dhateng panggenan kang eca Alon den-giring mring toya Ing papan kang gung tentremnya *3 Langkung ayem manah kula De tinuntun ing astanya Dhateng margining raharja Karana saking kang Asma *4 Nadyan kula ngambah jurang Antaka, nggih tan sumelang Wit Tuwan kang nganti kula Dados panglipuring driya *5 Tuwan nyegahi mring kula Ngajengannya satru rodra Sih Tuwan tansah ambleber Tuwung kula ngantos luber *6 Karaharjan lan kadarman Badhe ngiring lampah-ingwang Salaminya kula gesang Ngantos mlebet kraton Tuwan === no 6 1=G judul Masmur 25 *1 Dhuh Yehuwah nyawa kula Ngangen-angen mring Tuwan Dhuh Allah gendholan amba Sampun kula kwirangan Mengsah amba sampun ta Sami saged bingah-bingah Ing ngatasipun amba Dhuh Allah gendholan kula *2 Saestune tiyang kang sami Ngantos-antos mring Tuwan Amesti boten kwirangan Nging ingkang manggih wirang Punika tyang kang sami Anglampahi pambalila Tanpa sabab mring Gusti Lan tan purun mbangun turut *3 Dhuh Yehuwah para abdi Tuwan sungi pitedah Sami sinrepken bab margi Kang prayogi den ambah Lampahnya katuntuna Dhateng kayektosan Tuwan Wit Tuwan Allah amba Kang kawula antos-antos *4 Pangeran punika Allah Kang mengku pitulungan Allah kang den-antos-antos Dening pra abdi Tuwan Tuwan mugi ngengeti Ing sih palimirma Tuwan Kadarman Tuwan langgeng Datan wonten wiwitannya *5 Tuwan mugi sampun ngantos Ngengeti dosa kula Kala nem-neman kawula Mugi Tuwan lebura Tuwan mugi ngengeti Klayan gunging sih kadarman Dhateng salir pra abdi Dhuh Gusti Allah kawula *6 Pangeran mirah lan adil Mulane wong kesasar Mesti winulang bab dalan Kang prayoga lan bener Wong nalangsa tinuntun Dalan ambahane Allah Wujud kadarman mring Wong kang netepi pranatannya *7 Dhuh Allah, sepintena ta Agenging dosa kula Mugi Tuwan angaksama Awit saking kang Asma Sapa kang wedi mring Hyang Diwulang milih dalannya Lan manggon ing kabegjan Trahe ‘ntuk warisan bumi *8 Wong kang ngabekti mring Allah Padha oleh wewenang Pitepangan lan Gustinya Sumrep mring prajanjian Aku tansah tumenga Mring Gustiku, nganti-anti Nggone”nguwalken aku Saka kalaning mungsuhku *9 Tuwan mugi ngudaneni Lan melasi mring amba Awit kepencil kesrakat Nyawa kula keleban Ing pakewed lan susah Mugi enggal kaentasna Saking sagung kribedan Gusti pitulungan amba *10 Tuwan mugi ngudaneni Dhateng susah kawula Sagunging dosa kawula Mugi Tuwan lebura Mugi Tuwan mirsani Kathahing mengsah kawula De sami langkung sengit Klayan ambek kaniaya *11 Tuwan mugi angreksaa Dhateng nyawa kawula Sampun ngantos kewirangan De kumandet mring Tuwan Tansah kaayomana Ing resik lan kautaman Wit Tuwan Allah amba Kang kawula antos-antos === no 7 1=G judul Masmur 27 *1 Allah iku pepadhang lan Pamartaku Allah kang dadi pikekahing uripku Sapa sing dak wedeni lan daksumelangi? Anaa wong durjana satru lan mungsuhku Padha anyedhaki nedya mangan dagingku Mesthi padha kejengkelok tumuli tiba *2 Nadyan aku diaraha dening bala Kang luwih dening akeh pada nyuriga, Kang iku atiku datan wedi tan giris; Sanadyan aku dilurugana ing prangan Isih lejar bae atiku, awit Allah Kang tansah dadi pepadang lan Pamartaku *3 Saprakara kang daksuwun marang Allah; Mesti dakupaya, yaiku supaya salawase urip Aku bisaa manggon Saj’roning daleme Yehuwah Pamartaku, Nyawang kadarmane, dakrasak-rasakake’ Kalawan kesengsem ana ing pasucene *4 Dene ing dinane agung karubedan Aku diumpetake’dening Pangeran Dialing-alingi ing gubahing tarube Diunggahake mring sadhuwuring parange Iku awit Allah kang dadi Pamartaku Allah kang dakanggep pikekah ing uripku *5 Ing samengko sirahku linuhurake Ngungkuli sagung satru kang ngrubung aku Sarta ana sajroning tarube Pangeran Aku bakal anyaosake kurban sukur Kanthi karamean sarta angrepekake Pujining Yehuwah kanti swaraning kawat *6 Dhuh Yehuwah mugi karsa myarsakaken; Swara kawuta, mugi Tuwan welasi Kaparingana wangsulari dhuh Allah kula; Manah kawula nggilut-gilut dawuh Tuwan; “Sira tansah ngupayaa wedana-ningsun” Punika inggih kawula upados, Gusti *7 Tuwan mugi sampun angaling-alingi Wedana Tuwan dhateng kula pun abdi; Mugi sampun Tuwan sampe kalawan duka, Wit Tuwan ingkang dados Pamarta kawula, Mugi kawula sampun Tuwan tegakaken, Dhuh Allah kang mengku karahayon kawula *8 Bapa biyung sampun anilar kawula, Nanging Yehuwah ingkang mesti amupu. Dhuh Yehuwah mugi kawula Tuwan wulang; Margi Tuwan, sarta kawula Tuwan tuntun; Kalampahaken wonten ing radinan Tuwan; Karana ingkang sami ndedepi kawula. *9 Dhuh Gusti sampun ngulungaken kawula; Dhateng panyiyanipun satru kawula; Katah seksi dora kang sami nglawan kula; Sarta inggih katah kang sami ngangsa-angsa Sami damel karisakaning abdi Tuwan; Kawula ngungsi mring Tuwan Pamarta kula *10 Saupama aku tan duwe pangandel; Yen mesti oleh kadarmane Allahku; Salawase aneng bumine wong ngaurip, Rak bilai aku Mula nganti-antia marang Allah, Temah dadi lipur atimu; Di tatag lan nganti-antia mring Allahmu. === no 8 1=D judul Masmur 29 *1 He sagung pra pangwasa, Saosa urmat puja, Kamulyan lan panggunggung Mring Pangeran Ma’ agung Kalaha sakehing nama Sing Asmane Kang Ma’kwasa Pra ratu padha sujuda Neng ngarsane Kang Ma’mulya *2 Swaraning Allah banter Neng akasa gumleger Gluduging Allah mulya Ndalajahi segara Rosa swarane Pangeran Tumitah geter lan eram De kamulyaning swaranya Nglairken agung kwasanya *3 Swarane kang Ma’mulya Nggeteri jagad wrata Nanging umate Allah Pada sujud lan bungah Allah kang ngratoni bumi Angereh bantering banjir Karsa paring saking swarga Pangwasa marang umatnya === no 9 1=D judul Masmur 31 *1 Dhuh Gusti pangungsen amba Kawula mugi klilana Angaub dhateng ngarsa Tuwan Pinaringana kaadilan Mugi panyuwun kawula Lan pasambating tyas amba Enggal Tuwan tilingaken Kawula kaentasaken *2 Dhuh Gusti, beteng kawula Griya pangayoman amba Parang kawula kang santosa Lan sela pikekah kawula Tuwan mugi ngirid kula Kagiringa dados menda Kawula Tuwan luwari Wit asma Tuwan kang suci *3 Tuwan pangauban amba Dumateng asta Paduka Kawula masrahaken nyawa Mugi ngreksa sukma kawula Kula kumandel mring Tuwan Kang karsa paring kadarman Tuwan tansah ngudaneni Mring kribedannya kang abdi *4 Kawula tansah kinepang Pagiris saha sumelang Kathah kang ngangkah nyawa kula Nging kula ngungsi dhateng Tuwan Kalayan unjuk kawula “Dhuh Gusti pangungsen amba Pejah, gesang, tiwas, begja Wonten ing asta Paduka” *5 Hesakehing para suci Para kekasihe Gusti Padha tresnaa marang Allah Tetep kasetyane Yehuwah Sakehing wong nganti-anti Mring pitulungane Gusti Kumandela marang Allah Sarta atimu den panggah === no 10 1=G judul Masmur 32 *1 Rahayu wong kang kaapura dosane Lan kaluputane kaaling-alingan Sarta rahayu kang ora kajibahake Dening Allah mungguh sakehing durakane Rahayu kang ora kena ing paukuman lan kang atine ora kadunungan cidra *2 Slaminya kula nyidem dosa kawula Manah kula pegel Garing balung amba Dhe tan pegat panggluruh amba, dhuh Pangeran Margi awrat pametekipun asta Tuwan Dhateng kawula, matemah bayu kawula Sami malih kados ngerak ing mangsa panas *3 Dosa kawula nunten kula akeni Kawula wedharaken ngarsaning Gusti Kula ngumpetaken sagunging dosaku Pangucap kula “Dak ngakoni panerakku ing ngarsane Allah” Tuwan lajeng ngaksama duraka amba Awit Tuwan ma’wilasa *4 Pramila para tyang alim sujud samya Mring Tuwan kalanipun taksih pinanggya Sanadyan ta wonten santering toya agung Ngantos kagepok kemawon sampun boten Dene Tuwan dados pangauban kawula Tuwan ngluwari kula saking gung bebaya *5 Dene Ingsun karsa memulang mring sira Sunsumurupake mungguh dalanira Sakehing pirembug saka peparingipun Lakunira katuntun ing paningal ingsun Sira aja kaya jaran kang tanpa budi Kudu dipraboti keluh sarta kendali *6 Dene wong duraka iku akeh prihe Nanging kang ngandel marang Allah mestine Kinalang-kalang ing kamurahane Allah Para wong mursid pada den bungah-bungaha Wit pangrehe Allah Eh wong jujur ing ati Padha memujia mring Allah klawan suci === no 11 1=As 4/4 judul Masmur 36:6–11 *1 Dhuh Allah sih kadarman Tuwan Estu sundhul ing akasa Wah kasetyan Tuwan ngungkuli inggil-inggilipun mega Pangadilan Tuwan punika kekahnya lir pendah ardya Wah malih leleresan Tuwan Tan jajag kados samodra *2 Dhuh Allah, Tuwan kang nggesangi manuswa lan sato kewan Saiba gunging adinira Ing sih lan kadarman Tuwan! Pra jalma ngantos sami ngungsi Mring aubing swiwi Tuwan Atuwuk dennya linuberan Paring Tuwan kabingahan *3 Dene tuking gesang punika wonten ing Tuwan, dhuh Allah Namung pepadhang Tuwan piyambak Kang saged madhangi manah Tyang mursid mugi rinobana Ing sih lan kadarman Tuwan Tyang tumemen ingaubana Ing pangadilane Pang’ran === no 12 1=G 4/4 judul Masmur 42 *1 Kados sangsam kang kasatan Dennya ngorong mring toya Nggih makaten dhuh Pangeran Pangoronging tyas kula Nyawa kula angorong dhateng Allah kang gesang Benjing napa kula klilan Sowan dhateng ngarso Tuwan? *2 Namung luh kang kula bukti Rinten kaliyan dalu, Wit tansah dipun poyoki “Na ngendi ta Allahmu?” Nyawa kula angranta Nggen kula suka rena Duk uminggah mring pamujan Rame awor tyang golongan *3 Dhuh nyawaku, ja tumungkul Ya gene teka uwas? Ngarep-arepa mring Allah Kang Mahasih, Mahawlas Mesti bakal dakpuji Yeku Pamarta mami Kang sampurna myang wilasa Allahku kang Mahakwasa *4 Inggih dhuh Allah, saestu Tumungkul nyawa kula Tuwan kang kulemut-emut Sapurug-purug kula Tyas kula kegunturan Ing sedih, lir kungkulan Ing ombak lan grabyag Tuwan Sanget dennya kewimbuhan *5 Rumiyin kula ngidungken Sih Tuwan rinten dalu Nging samangkin sambat kula Klayan manah kang rempu “Dhuh Allah, punapaa Tuwan supe mring kula?” Satru kula amemada “Na ngendi ta Allahmu?” *6 Dhuh nyawaku, ja tumungkul Ya gene teka uwas? Ngarep-arepa mring Allah Kang Mahasih, Mahawlas Mesti bakal dakpUji Yeku Pamarta mami Kang sampurna myang wilasa Allahku kang mahakwasa === no 13 1=G judul Masmur 46 *1 Allah kang dadi pangungsen Sarta pangauban kita Banget nggone ketitik dadi Andel-andel jro krubedan Kang iku kita tan giris *2 Nadyan gunung pada obah Kecegura ing segara Dadia segara gumuruh Angumbulake unthuke Dadia gunung gumeter Dening molak-maliking alun *3 Ana kali-kali akeh Mbungahken kuthane Allah Pepunden daleme kang luhur Allah neng jro kutha iku dadine mesti santosa Tinulung wiwit bangun rina *4 Pra umat pada ruara Kraton-kraton moyag-mayig Pang’ran nggludugake swaranya Bumi dadi sumlengeren Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita *5 Mara padha amawasa Kaelokane Yehuwah Nggone akarya tetumpesan Peperangan ingenengake Tekan pungkasaning bumi Rata ingobongan ing geni *6 Sira pada amenenga Mikira yen Ingsun Allah Linuhur ing salumah bumi Ya satengahing pra umat Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita === no 14 1=F judul Masmur 51 *1 Dhuh Allah dosa kawula Mugi Tuwan aksama Sagung duraka kawula Mugi Tuwan ruwata Badan amba kang reged Tuwan dusi kang nemen Awit saking sih kadarman Lan gung palimirma Tuwan *2 Dene gunging dosa kula Wonten ngajeng kawula Manah amba ngraosken Awoning lampah amba Kula wajib nampeni Bebendunipun Gusti Wit kawula lair mila Nandang dosa lan duraka *3 Badan amba Tuwan dusi Ngicalken dosa kula Nyaw’amba Tuwan resiki Dados pethak sampurna Manah amba kang sedih Sageda bingah malih Ilata amba angluhurna Asma Tuwan kang wilasa *4 Kurban ingkang katarimah Wonten ngarsa Paduka ‘Nggih rempu-trenyuhing manah Panangis, panalangsa Dosa kula, dhuh Gusti Sestu kula getuni Tuwan gung ing pangaksama Karsa mbirat najis amba === no 15 1=Es judul Masmur 62 *1 Dhahat nyawaku arerem Lan atiku ayem tentrem Wit kang Ma’ kwasa Karsa dadi etuking karaharjanku Pamomongku setya tuhu Wah beteng lan pangungsen mami Aku mesthi datan rebah Wit rineksa dening Allah *2 Dhuh nyawaku saosena Reremira ing wardaya Mring Allah kang dakanti-anti Dene Yehuwah Pangeran Kang dadi peparang ingwang Pangauban lan beteng mami Aku mesti tan gumiwang Wit Allah kang nganthi ingwang *3 Allah ma’luhur kang dadi Tuking kaluhuran mami Peparangku kang asantosa He, bangsaku, kumandela Mring Allah ing salamanya Sarasaning driya saosna Mring Allah kang mahasetya Kang dadi pangungsen kita === no 16 1=G judul Masmur 65 *1 Panyuwun lan pangalembana Ingkang trusing manah Konjuk mring kang maha wilasa Aneng pasamuwan Saking lubering piwlas Tuwan Tuwan karsa nrimah Pasambat lan pandonganipun Kang sarwa tumirah *2 Asma Tuwan den alembana Sepinten pintena Klepatan kula Tuwan karsa Ngapunten sadaya Rahayu tiyang kang piniji Umarek mring Tuwan Kang sarta klilan sami manggen Padaleman Tuwan *3 Ing ngriku kula kableberan Sih kawlasan Tuwan Ing ngriku kula kaesokan Salaming kaswargan Tuwan maringi kakuwatan Mring tiyang kang nglumpruk Anglejarken kaprihatosan Ing manah kang trenyuh *4 Dhuh andel andel pitulungan Ing sagung pra bangsa Purba wisesa lan Pangeran Ing alam sadaya Pangwasa Tuwan mengku bumi Dene pangreh Tuwan Tansah kawuryan mring pra jalmi Ing saenggen nggennya *5 Sih Tuwan angayomi kula Siyang klayan ratri Bumi rinoban ing berkahnya Tur anyarambahi Mring manungsa lan sato kewan Sagunging pra titah Sami den ingah dening Tuwan Ingkang mahamirah === no 17 1=G 2/4 judul Masmur 68 *1 Bumi nganggoa suka bungah Pujimu mring Gusti Allah Asmane kang suci pujinen Akanthi larasing kawat Padha munjuka marang Allah “Elok sapakaryan Tuwan” Wit saking gunging kwasa Tuwan Mengsah badhe sami wirang *2 Sajagad badhe sami sujud Dhuh Allah, neng ngarsa Tuwan Kaliyan ngungelaken kawat Ngidhungaken puji Tuwan Para bangsa majua mawang Pangrehe Allah kang elok Paniksane anggegirisi Marang anaking manusa *3 Wong padha nyabrang ing bengawan Segara dadi dharatan Ing kono padha suka rena Wit pakaryane Pangeran Langgeng paisesane Allah Kwasane tanpa wangenan Pra umat aja ambalila Aja ngluhurake badan *4 Eh, para bangsa, Allah kita Padha saosana puji Lan kaluhurane suwurna ! Nyawa kita den uripi Tan marengake sikil kita Anggloyora nganti tiba Allah ngreksa marang umate Mila pinuji-pujia *5 Dhuh Allah, Tuwan sampun nyoba Dumateng abdi Paduka Sampun Tuwan besot lir slaka Sami ngraosken sangsara Kawula ketindhihan tiyang Tumungkul sirah kawula Sarta kawula ngantos dhawah Ing latu miwah ing toya *6 Samangke Tuwan nguwalaken Abdi Tuwan ing omberan Nyawa kawula saged ayem Mlebet dhateng dalem Tuwan Kawula badhe angluwari Punagi kula mring Tuwan Ingkang kawula ucapaken Ing waktuning karibedan *7 Kawula badhe nyaosaken Kurban amba dhateng Tuwan Menda lembu den aturaken Dhateng padaleman Tuwan Eh wong kang ngabekti mring Allah Padha majua, ngrungokna Dakcaritani kasaenan Kang saka Allah mring kula *8 Pangangen-angen mring duraka Yen ketemu ing atiku Mesthi Allah tan myarsakaken Pasambat lan panyuwunku Nanging sanyatane Pangeran Anilingake swaraku Pinuji-pujia Yehuwah Kang tan nampik pandongaku === no 18 1=D 4/4 judul Masmur 68 *1 Pangeran jumeneng Raja Mungsuhe padha buyara Sami Paduka tundhung Upami kabur ing kukus Lir malam ajur ing latu Mekaten tumpesipun Nanging tyang mursid bingaha Lincak-lincak dening suka Wonten ing ngarsa Tuwan Sarta agiyak-giyaka Ngrepekna pujine Allah Asmanya linuhurna *2 Allah aneng kadatonnya Ramane pra bocah lola Lan angemong wong randa Wong anglembara rineksa Padha pinaringan uga Papan kang den enggoni Allah ngirid wong bandhangan Temah nemu gung kabegjan Nanging wong ambalila Kang den alami mung susah De padha andhok ing tanah Kang gosong kepanasen *3 Dhuh Yehuwah Allah amba Tuwan minggah ing sasengkan Ambandhang tyang tawanan Salir tiyang sowan samya Dalah ingkang ambalila Nyaosaken pisungsung Pinuji-puji Pangeran Sadina-dina angrembat Momotaning pra abdi Yehuwah Pamarta kita Luwih gedhe pangwasanya Ngluwari saka pati *4 Sakehing kraton ing bumi padha repekna memuji Pangeran kang Ma’kwasa Saosana kaluhuran Akanthi swaraning kawat Ngidungaken asmanya Wit kaluhurane Allah Angayomi mring kang umat Ngetingalken kwasanya De umate pinaringan Santosa lan kaluhuran Pinujia asmanya === no 19 1=G 4/4 judul Masmur 71 *1 Dhuh Yehuwah kula ngungsi Dhateng ngarsa Paduka Sampun kawula kwirangan Ing salami-laminya Mugi pangadilan Tuwan Mitulungana amba Tuwan mugi nilingaken Lan ngluwari kawula *2 Tuwan mugi karsa paring Pangauban santosa Ingkang kenging kula damel Pangungsen salaminya Tuwan beteng lan peparang Inggih Allah kawula Saking tiyang duraka *3 Kang kawula antos-antos Namung Tuwan, dhuh Allah Awit Tuwan ingkang dados Andel-andel kawula Dene kawula sumendhe Mring Tuwan Allah amba Wit Tuwan pangungsen kula Wiwit lair kawula *4 Alit mila nggen kawula Memuji dhateng Tuwan Kathah tiyang sami eram Wit saking tulung Tuwan Cangkem kawula lubera Pamuji dhateng Tuwan Tuwan kawula luhurna Ing salami-laminya *5 Amba sampun Tuwan tilar Ing mangsa sepuh kula Icala karosan kula Tuwan paring santosa Dhuh Gusti Allah kawula Sampun ta Tuwan nebih Abdi Tuwan kang prihatos Enggal Tuwan tulungi *6 Tiyang kang nyetani amba Sadaya kawirangna Kang ngangkah bilai kula Mugi Tuwan tumpesa De pangaieng-ajeng kula Mantep saha santosa Tansah kula luhuraken Mring Tuwan Allah amba *7 Amba badhe ngluhuraken Sagung pitulung Tuwan Tansah badhe ngucapaken Eloking pangreh Tuwan Dene wiwit alit mila Kawula Tuwan tulung Ngantos sapriki kawula Nyriyosaken sih Tuwan *8 Tuwan sampun ngantos nilar Ingkang abdi kang sepuh Sageda nyariyosaken Pangreh Tuwan kang luhur Pundi wonten kang nyameni Tuwan, Allah kawula? Amba manggiha pakewed Tuwan kang paring gesang *9 Tuwan ngentasaken amba Sing telengipun bumi Saha kadrajatan amba Badhe Tuwan wewahi Ngantos kinepang panglipur Tentrem manah kawula Ngriku kawula memuji Asma Tuwan kang mulya === no 20 1=F 4/4 judul Masmur 73 : 23 – 28 *1 Dhuh Allah, kula badhe Slak Kaliyan Tuwan tan pegat Tuwan karsa nganthi mring kula Kula badhe Tuwan tuntun Ing sakarsa kang Sinuhun Kang sarta ing wusananira Badhe Tuwan pulung Dhateng kamulyan Tuwan Kang langgeng *2 Ing swarga miwah ing bumi Sinten kang kula luluti Anjawi saking Tuwan piyambak? Sanajan ngantos lebura Raga kaliyan tyas kula Allah tan ewah dados parang Gendholane manah kula Panduman kula slaminya *3 Tyang kang nebih saking Tuwan Mesti manggih karisakan Tyang sedheng Tuwan sirnakaken Nanging menggah kula eca Rumaket mring Allah kula Yehuwah kula andelaken Drapon ngandhakna mring tiyang Saliring pakaryan Tuwan === no 21 1=F 4/4 judul Masmur 84 *1 Dhuh Gustine bala tantra Wisma Tuwan iba dennya Anengsemaken manah mami Nyawa kawula angengleng Ngantos lesah de cengklungen Manah lan raga kula sami Sumyak de kangen mring Tuwan Dhuh Allah kang mengku gesang *2 Dalah peksi manggih griya Kedali wonten susuhnya Kang den selehi anakira Wonten ing dalem pamujan Dhuh Allah nggih rajaningwang Rahayu tiyang kang gegriya Aneng padaleman Tuwan Tansah memuji Pangeran *3 Rahayu tiyang kang nglindhung Dhateng Tuwan kang ma’agung Lenging ciptanira tan liya Namung margi ingkang dugi Ing wisma Tuwan kang suci Lamun kasatan neng marginya Tuwan kang maringi jawah Kang nyegeraken ing manah *4 Inglampahnya saya mindhak Kakuwatannya ing awak Ngantos sami sowan Allahnya Dhuh Gustine bala tantra Mugi myarsakken pandonga Miwah panyuwune kang amba Nggih mugi katilingena Dhuh Allah kang mahasetya *5 Dhuh Allah tetamengingwang Kula wonten wisma Tuwan Namunga sadinten kewala Punika prayoginira Anglangkungi sewu dina Kula mlaur tengga gapura Neng daleme Allah mami Klawan manggen wor tyang juti *6 Yehuwah dados sesurya Miwah totameng kawula Tyang kang temen ing salampahnya Mesti boten dencukengi Samukawis kang prayogi Dhuh Gustinipun bala-tantra Rahayu tyang kang sumendhe Maring Pangeran Allahe === no 22 1=G judul Masmur 86 *1 Dhuh Allah mugi myarsakken Lan mugi njurungana Dhateng pasambat kawula Wit kesrakat lan papa Nyawamba Tuwan reksa De mursid sedya kula Mugi kapitulungana Dhuh Gusti gendholan amba *2 Dhuh Allah mugi melasi De adreng sambat kula Kawula Tuwan paringi Bingah ing manah amba Nyawa kula, dhuh Gusti Tan pegat nganti-anti Dhateng Tuwan Allah amba Mila Tuwan tulungana *3 Agung kasaenan Tuwan De rena angaksama Langkung gung sih-kadarmannya Mring kang sami cilaka Tiyang kang nyebut Tuwan Sami kapitulungan Mugi Tuwan myartakaken Swaraning pasambat amba *4 Dinten kribedan kawula Mesthi sambat mring Gusti Wit tan wonten kang nyameni Tuwan kang nrimah puji Kang tumindak sadaya Nelakaken kwasanya Dene dhatan wonten Allah Anjawi Tuwan piyambak *5 Para umat kang tumitah Badhe sami asujud Sarta nyaosaken urmat Dhateng kang Mahasuci Tuwan pyambak maluhur Nindakaken mukjijat Denenamung Tuwan piyambak Allahipun para umat *6 Kula mugi Tuwan wulang Ndherek karsa Paduka Mlampaha ing margi Tuwan Angen-angen kawula Mugi dipun tunggilna Mring pangabekti nyata Manah amba katuntuna Ngluhuraken asma Tuwan *7 Dhuh Gusti, kawula nggunggung Asma Tuwan kang luhur Kanthi gumulonging manah Tansah kula luhurken Wit agung kadarmannya Lan sih Tuwan mring amba Karsa paring pitulungan Nyawamba kaentasaken *8 Tyang angkuh sami ngayoni Dhateng kula dhuh Allah Tiyang ambek ngroda ngangkah Dhateng nyawa kawula Nanging Tuwan mahawlas Asih, sabar lan setya Tuwan mugi ngudaneni Klayansih dhateng kang abdi *9 Kang abdi pinaringana Pangungsen kang santosa Anakipun abdi Tuwan Pinaringana tanda Ing sih Tuwan, supadya Wiranga satru amba Wit kawula tinulungan Ginanjar panglipur Tuwan === no 23 1=G 2/4 judul Masmur 89 *1 Kula ngalembana mring kang Mahaagung Tansah kula sebut setyatuhunipun Sumrep kula nadyan sampun agung sihipun Tansah badhe mindhak pratandha piwlasipun Upami langit kang tan gingsir saking done Makaten dhatan ewah-ewah kasetyane *2 Rahayu tyang remen datheng sabdheng Allah Lampahira sasat kasorotan tansah Ing cahya kang mancur saking wedana Tuwan Bingah manahipun dening sihe Pangeran Prasetya Tuwan amesthi tan nglingsemaken Kaadilan Tuwan malah angluhuraken *3 Pangeran kang dados pangauban mulya Wah malih pikekahing kakwatan kula Kula badhe unggul ing saliring bebaya Malah kaparingan kamulyan aneng swarga Sabab Pangeran kang nemengi umatipun Sinungan Panutan kang langkung dening kwasa === no 24 1=D 4/4 judul Masmur 90 *1 Pangeran wiwitan mila Dados pangauban kula De wontenipun Tuwan Sadereng lair ing redi Inggih saderenging bumi Sami katitahaken Jaman gantos gumantosa Alanggeng Allah kawula Turuning Adam samya Winangsulken dados lebu Kadhawuhan tuwuh malih Dening Allah kang kwasa *2 De sewu taun laminya Wonten ing ngarsa Paduka Sirna lir dinten wingi Kadya giliraning kemit Tunggil dalu enggal telas Wit Tuwan Allah langgeng Tiyan Tuwan kentiraken Sami kados ketileman Wangsul tumuwuhipun Kados rumput wanci enjing Sekar, seger, semu sae Nging sonten sampun alum *3 Sirnaning manusa samya Awit kataman dukanya Sarta Tuwan bendoni Sami kadawahan giris Wit dening bramatya Tuwan Kang langkung dening awrat Sakatahing dosa kula Ketingal wonten ngarsanya Allah kang mahasuci Piawon amba kang samar Kasorotan ing pepadhang Saking wedana Tuwan *4 Gesang amba mesthi sirna Telas sadinten-dintennya Wit saking bendhu Tuwan Lampahing taun kawula Sakrisikan umpamanya Tan dangu lajeng ical Umur kawula neng donya Yen kathah mung pitung dasa Dhe’ingkang sami rosa Ngantos wolung dasa taun Lestantun ing gesangipun ‘Nggih lajeng tilar donya *5 Gesang kawula sadaya Dhatan kathah suka-rena Ingkang dipun gungaken Pakewed, ribed, cilaka Sring kawengku ing sangsara Wekasan enggal sirna Sinten saged ngraosaken Ampuhing bebendhu Tuwan Ingkang anggegirisi ? Mila amba Tuwan wulang Kaparingana budi trang Ngetang umur kawula *6 Dhuh Allah mugi melasi Dhateng gesanging pra abdi Sami tinuwukana Ing sih lan kadarman Tuwan Temah salaminya gesang Sami ngraosaken bingah Tumanduking sih Paduka Mugi tansah ketingala Dumateng para abdi Nggih dhateng anak kawula Ngantos turun-tumurunnya Samya Tuwan berkahi === no 25 1=G 4/4 judul Masmur 91 *1 Endi wong kang dumunung Ana ing pangaubane Allah Amangon ing pangayomane Allah kang maha kawasa Iku panyebute mring Allah “Dhuh Gusti pangungsen kula Beteng kawula kang santosa Lan andel-andel kawula” *2 Pangeran nguwalken pra abdi Saka ing jireting germa Lan saka bladeraning bilai Kinemulan ing swiwinya Sarta padha nemu pangungsen Ana sangisoring lare Kasetyaning Allah kang dadi Tetameng lan tawingira *3 Sira masti dhatan kuwatir Mring pagiris wayah bengi Lan ora kwatir marang panah Kang lumepas wayah awan Mring pageblug kang anekani Ana ing panggonan peteng Tuwin marang bebaya pati Kang mbilaeni mring sira *4 Ing sandingmu ewon kang tiba Sarta leksan ing tengenmu Sira mesthi ora kecandak Lelakone mung kodeleng Dadine sira mung amawang Tumindaking pamalese Pangeran Allah mring wong ala Nging sira tansah kareksa *5 Dhuh Allah, Tuwan ingkang tansah Dados pangauban kula Kang Mahaluhur sira anggep Dadi pangayomanira Dadine ira mesthi dhatan Ketekan sagung bilai Sarta tan ana kasangsaran Kang nyedhaki tarubira *6 Marga Pangeran andawuhi Mring para malaekatnya Pinatah rumeksa mring sira Ing sadhengah dalanira Sira ditadhai astanya Supaya aja kesandhung Singa galak, ula bedhudhak Bakal sira idak-idak *7 Sarehne umaket mring Ingsun Amesthi Sunpitulungi Sunreksa aneng papan dhuwur Wit ngurmati Asmaningsun Saben nyebut mring Asmaningsun Amesti Sunsembadani Tuwin sajroning kasangsaran Mesthi tansah Sunrumati *8 Sajroning sagung krubedane Amesthi Sunentasake Sarta bakal Sunluhurake Sunwaregi umur dawa Sarta Sunparingi amukti Karahayon saka Ingsun Dhuh Allah, namung Tuwan pyambak Dados pangauban ulun === no 26 1=Bes 4/4 judul Masmur 95:1–7 *1 Swawi sami anyaosaken Pangidung kasukan mring Hyang Sami sumyaka ngluhuraken Paranging kraharjaningwang Swawi methukken wedananya Klayan panggunggung lan puji Wah sumyaking pangidung masmur Konjuk mring Kang Mahasuci *2 Yehuwah Allah kang ma’luhur Dennnya ajumeneng Raja Kwasane saestu nglangkungi Ing sawarnining pra dewa Dene dalah telenge bumi Myang pucake sagung redi Miwah seganten lan daratan Sami wengkone Hyang Widi *3 Swawi sami tumungkul sujud Ajengken wonten ngarsanya Yehuwah ingkang murbeng jagad Inggih kang nitahken kita Awit punika Allah kita Kita umat ngen-ngenannya Menda reh-rehaning astane Sabdanya tinilingena === no 27 1=Bes 4/4 judul Masmur 96 *1 Allah linuhurna klawan kidung anyar Prajalma salumahing bumi ajembar Sira angidungna kluhurane Yehuwah Saosa puji mring asmane klawan bungah Sih pitulunge brawartakna saben dina Wah mukjijate mring sagunging kancanira *2 Dene gung kaluburane Hyang Widi Jogya pinuji-puji wah den ajrihi Ngungkuli saliring pra dewa kang tan aji Mung kang murbeng jagad yeku Allah sejati Kamulyan kluhuran munggwing pangayunane Praba lan k’elokan mratani pasucene *3 Hesaliring bangsa saturunanira Yehuwah ma’agung padha saosana Kluhuran lan urmat wah pujining Asmane Mara padha seba maring padalemane Asaos pisungsung kanthi kurban pamuji Wah sujud mring Allah manganggo prabot suci *4 He bumi, pra umat bra winartanana Yehuwah maluhur kang jumeneng Raja, Mula alam jembar mesthi luwih santosa, Tan obah gumingsir dhasarnya kang prakosa Pangeran kang bakal ngereh ing para bangsa Klawan sampurnaning kaadilan lan kwasa *5 Sagunging akasa dimen suka-suka Miwah pratala bra asuka-pirena Segara gumuruha lan saisinira Wah ara-ara dimen wrata agembira Saliring wit-witan ing alas kumrasaka Neng ngarsane Allah ingkang karsa aprapta *6 Yehuwah Sang Prabu rawuh ing kratonnya Rawuhe angereh sawrataning donya Lir ratu pinunjul kang miyos sinewaka Sinaosan urmat ing sabalanya wrata SaJ’agad ingereh klawan kaadilane, Wah sagung pra bangsa kalawan kasetyane === no 28 1=D 2/4 judul Masmur 87 *1 Yehuwah ajumeneng raja Salumahing bumi bungaha Pulo padha suka rena Mendhung lan pepeteng samya Dadi pangiring Allah Mratelakken pangwasanya *2 Geni mlaku dadi cecala Aneng ngarsane Allah kita Ngobongi sagung satrune Bledheg dadi pepadhange Ing sajagad, temah bumi Ningali sarta agiris *3 Gunung ajer prasasat malam Ana ing ngarsaning Pangeran Dene langit mratelakake Kaadilane Yehuwah Sarta saliring pra bangsa Padha weruh kluhurannya *4 Wiranga saliring manusa Kang padha ngabekti mring reca Sarta ingkang padha dhemen Anggunggung marang brahala Pra pangwasa tumungkula Lan sujuda mring Pangeran *5 Siyon sampun mireng wartosnya Temahan padha suka rena Para prawira abingah Saking kaleresan Tuwan Allah ingkang mahaluhur Munjuli para pangwasa *6 Eh, wong kang tresna marang Gusti Allah Padha sengita mring piala Allah mesti tansah ngreksa Nyawane para abdinya Kang padha diuwalake Sing tangane wong duraka *7 Padhanging Allah wus sumebar Mring wong kang lakune tan nasar Kabungahan mring wong temen Wong mursid padha bungaha Padha kidungna lan puji Asmaning Allah kang suci === no 29 1=C 4/4 judul Masmur 100 *1 He wong salumahing bumi Padha sumyaka memuji Lan ngabektia mring Allah Kambi ngidung klawan bungah *2 Hyang Ma’agung den anggepa Allah kang nitahken kita Kita umate kagungane Sarta menda ngen-ngenane *3 Mlebua mring gapuranya Klawan muji lan pirena Wah marang ing pasucene Klawan anggunggung asmane *4 De Pangeran asih darma Alanggeng sih kadarmannya Wah kasetyane tan kendhat Tan gingsir trus ing akerat === no 30 1=D 4/4 judul Masmur 103 *1 Dhuh nyawaku sira saosa puji Mring Pangeran Allah kang Mahasuci Sabatinku ngluhurna asmane Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna Aja lali sagunging kadarmannya Elingna sawiji-wijine *2 Pujinen kang ngapura dosanira, Kang marasken sagung lelaranira, Nebus uripmu saking antaka Kang angerobi sira lan kawlasan, Kang maregi urnurma lan kadarman Wah ngenomake kakwatanira *3 Yehuwah paring adil lan karunya, Mring saliring wong kang kinuya-kuya, Saklangkung dennya apalimirma, Agung sabare lan sih kadarmannya Dennya duka ora ing salamanya Tan karsa nglanggengake bendhunya *4 De Pangeran langkung sarju ing galih Maringi pangaksama lan pangarih Mring wong kang mratobat trus ing ati Paniksane tan nimbangi dosaku, Sestu dhatan karsa amales aku Ing sabobote duraka mami *5 Sepira langit angungkuli bumi, Semono gungling sihe kang Masuci Mring wong kang nyaosi pangabekti Sepira dohe kulon saking timur lya semono dennya dosaningsun Ingedoh’ken saking awak mami *6 Kadya welasing bapa mring anaknya, Mengkono Allah dennya asih-mirma Mring wong kang nyaosi pangabekti De’ mirsa dumadiku saka apa, Sarta dhatan supe ing salaminya, Yen mung lebu kaananku iki *7 Kadya suket umure para jalma, Endahe lir kembang ing ara-ara, Kang asri ing warna nanging ringkih Mung kambah ing angin dyan wus tan ana, Hang endah arum miwah warnanya Tilas panggonane kongsi pangling *8 Ananging sih-kadarmane Yehuwah Awal akirnya dhatan ewah-ewah Ing atase para kang ngabekti, Wah paring adil mring anak putune Yeku kang netepi ing prasetyane, Anglakoni prentahe kang suci *9 Pangeran wus nyantosakken dampare Aneng swarga wah angelar krajane Nganti mengku samubarang wrata Eh pra mlaekat prawireng Pangeran, Kang mundi sasuraosing parentah, Padha ngluhurna Allah kang mulya *10 He sabala tantrane Allah samya Pra abdinya kang nglakoni karsanya Padha saosa puji mring Yuwah Eh, sakutu-kutu walang ataga Padha ngluhurna mring kang Mahakwasa Dhuh nyawaku ngluhurna mring Allah === no 31 1=D 2/4 judul Masmur 105 *1 Padha saosa puji sukur Marang Allah kang Mahaluhur Wulang bab asmane suci Den gelarna aneng bumi Pangwasane disuwurna Aneng tengahe pra bangsa *2 Padha saosana pamuji Klawan masmur lan kidung suci Mukjijate caritakna Marang sakehing manusa Padha luhurna asmanya Klawan panabuhing gangsa *3 Abungaha wong kang ngupaya Pangayunane kang Ma’kwasa Padha anitik-nitika Mungguh kwasane Pangeran Ngupayaa wedhanane Elinga mring mukjijate *4 Turune Abraham abdine Anake Yakub pilihane Yehuwah Pangeran kita Pangadilane tetela Nyrambahi salumah bumi Prajanjine denengeti 5 Allah ngengeti prajanjine Sarta dhawuh ing prasetyane Kang tumrap sewu turunan Diparingken mring Abraham Supaose marang Iskak Langgeng tetep tumrap Yakub *6 Yehuwah ngengeti sabdane Lan prasetyane mring abdine Kalawan bungah umate Denirid dhateng tanahe Supaya anetepana Lan ngestokna pranatannya === no 32 1=A 2/4 judul Masmur 112 *1 Rahayu wong wedi asih Mring Yehuwah Allahe Kasengsem mring pepakone Turune wong kang jujur Kanggep ana ing tanah Wis mesthi oleh berkah *2 Omahe wong kang pracaya Kanggonan kaluberan Jujuring atine ulus Tumekeng kalanggengan Samangsa kepetengan Mesthi oleh pepadhang *3 Angger wong dhemen aweweh Tan sepi ing ganjaran Wong kang loma dhatan rubuh Ngarsane pangadilan Wong mursid lan welasan Slamanya ingelingan *4 Atine salir wong mursid Tan kuwatir, tan keguh Panglipur aneng Allah Ngunggul sakehing mungsuh Lan jujuring atine Tulus ing salawase *5 Wong wedi-asih mring Allah Bakal kaluhurake Nadyan nepsua wong ala Katona kamerene Karepe wong duraka Denlebur dening Allah === no 33 1=G 4/4 judul Masmur 116 *1 Aku tresna mring Allah kang setya De talingane nilingake aku Myarsaken pasambat lan pandongaku Mula sajegku urip dak puji *2 Sun ginubed ing talining pati Wah tinempuh pagirising antaka Kang tinemu rerubed lan cintaka Nging Allah wus karsa angluwari *3 Yehuwah asih mirma lan adil Allah kita kepareng amelasi Wah rumeksa mring wong bares ing ati Anglipur mring para kang prihatin *4 Aku kesrakat lan sinangsara Nging Allah wus mitulungi mring aku Puliha lejar maneh dhuh nyawaku Wit Allah wus nyaeni mring sira *5 Inggih dhuh Allah Tuwan kang sampun nebus nyawa kula Saking antaka Angusapi luh kula saking mata Wah nguwataken ing lampah ulun *6 Salakuku bakal neng ngarsanya Yehuwah ing tanahe wong ngaurip Sun wus kumandel mring kang Mahaluwih Kang sarta wus anglairken uga *7 Aku mangsuli apa mring Allah Wit saking sagunging sih kadarmannya? Dak ngangkat tuwunging pangentasannya Kambi nyebut asmane Yehuwah *8 Dak ngluwari kaulku mring Allah Ya samengko neng ngarepe umate Dhahat Allah dennya ngeman nyawane Para kekasihe kang ngibadhah *9 Dhuh Allah kawula abdi Tuwan Inggih saestu abdi kagunganta Tuwan sampun nguculi rante amba Mila kawula saosi kurban *10 Dak ngluwari kaulku mring Allah Ya, samengko neng ngarepe umatnya Munggwing plataraning padalemannya Ing satengahira pasamuwan === no 34 1=G 2/4 judul Masmur 117 *1 He, serupaning pra umat Padha mujia mring Allah He, sakehing para bangsa Asmane padha luhurna *2 Wit sih kadarmane Allah Luwih gedhe tumrap kita Langgeng kasetyane Allah Mila pinuji-pujia === no 35 1=G 4/4 judul Masmur 118 *1 Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih darma Wit sih kadarmaning Pangeran Alanggeng ing salamanya Para kang ngabekti mring Allah Ngucapa lan sukarena Yen sih kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya *2 Sajroning rubed lan sangsara Aku nyebut mring Pangeran Tumuli pinaringan omber Pasambatku sinembadan Allah anunggil karo aku Aku bakal ora wedi Jalma bisa manggawe apa Kang tumrap ing awak mami? *3 Allah anunggil karo aku Kang sarta paring pitulung Mula tansah ayem atiku Nadyan satruku luwih agung Becik angungsi mring Pangeran Karo sumendhe ing jalma Becik angungsi mring Pangeran Karo kumandel ing raja *4 Pangeran mitulungi aku Karsa paring pangentasan Mula tansah dakluhurake Saumurku klawan girang Neng omahe para wong mursid Ana sabawa gumiyak Arame dennya ngidungake Kaunggulane sihrahmat *5 Asmane Allah ingkang luhur Anindakken kaprawiran Sun bakal tan ngalami mati Nging urip tumekeng dlahan Kang sarta anyaritakake Pakaryane Allah mami Dhahat paniksane mring aku Nging ora tumekeng pati *6 Kula mugi kawenganana Gapuraning kamursidan Kula mlebet maring pamujan Memuji dhateng Pangeran Lah iki gapurane Allah Para kang mursid mlebua Dhuh Allah, gung panuwun kula De karsa nrimah ing kula *7 Watu kang biyen wus tinampik Dening juru gawe omah Teka dadi ugering padon Kang pinilih dening Allah Iki riyayane Pangeran Payo padha suka rena! Dhuh Allah sapunika mugi Tuwan paring berkah arja *8 Binerkahana ingkang rawuh Ngagem asmanya Pangeran Paduka kula suwunaken Berkah wonten ing pamujan Yehuwah iku Allah kita Kang paring padhang ing manah Pisungsunge sapasamuwan Sinaosna klawan bungah *9 Tuwan punika Allah kula Mila kawula pepuja Dhlih Allah kula ngluhuraken Tuwan langgeng salaminya Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih-darma Wit sih-kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya === no 36 1=G 2/4 judul Masmur 119 *1 Rahayu kang utama lakune Ngambah dalaning prentahe Pangeran Rahayu kang netepi dhawuhe Wong kang manut ing sapangrehe Gusti Sarta tansah telaten netepi Sakarsane klawan eklas ing ati *2 Dhuh Gusti, punapa isaratnya Tyang neneman saged jujur ing lampah Kejawi dipun reh mituruta Sapangandika lan prentahing Allah Kawula sampun ta Tuwan uja Nyaleweng nilar ing pepaken Tuwan *3 Tuwan mugi ngirid lampah amba Manut mituruta ing prentah Tuwan Dhatan pegat salami-laminya Kula Tuwan paringi manah padhang Dhawuh Tuwan kawula estokna Klayan eklas lan gumolonging manah *4 Dhuh Yehuwah, wicanten kawula Tuwan punika panduman kawula Dene kawula namung sumedya Badhe netepi salir dhawuh Tuwan Tuwan mugi maringi sih mirma De panyuwun kawula kanthi eklas *5 Sestu sabda tuwan dados dilah Wonten ing ngajenging suku kawula Margi kula tansah denpadhangi Dhuh Gusti, kawula sampun supaos Kawula tansah badhe netepi Prentah Tuwan kalawan trusing batos *6 Dhawuh pangenget Tuwan punika Sami adi tur elok anglangkungi Inggih punika pusaka kula Sarta kabingahaning manah kula Sabda Tuwan maringi pepadhang Lan mangertos mring kang cupet ing budi *7 Yehuwah kawula sebut Kanthi gumolong lan eklasing manah amba Mugi Tuwan karsa nyembadani Kawula netepana dhawuh Tuwan Kang abdi sesambat dhateng Tuwan Mugi kaparingana karaharjan === no 37 1=G 4/4 judul Masmur 121 *1 Mripatku tumenga mring langit Pitulunganku king ngendi Pitulunganku saking Allah Kang murbeng langit lan bumi Pangeran kang ngampingi sira Tan pareng yen nemu tiwas Pacalangira ora ngantuk Mula atimu aja was *2 Pacalange ing pasamuwan Mesthi tan ngantuk lan sare Yehuwah yeku Pacalangmu Kang agung ing panjangkunge Yehuwah kang ngayomi sira Temah dhatan kasumukan Dening panase ing tengange Myang anyepe ing rembulan *3 Allah kang rumeksa mring sira Inguwalken saking salir Godha rencana lan bilai Temah nyawamu tan kwatir Sira metua, lumebua Tansah jinangkung tan kendhat Ya, samengko neng alam donya Lan tumeksa ing akerat === no 38 1=D 2/4 judul Masmur 122 *1 Iba bungahing atiku Yen ana ngajak mring amba Payo padha bareng munggah Mring daleme kang Makwasa Yerusalem sikil ulun Tumapak neng gapuramu He Yerusalem nagri endah Umate Allah ngleboni Mring daleme kang Masuci Lan muji sokur marang Allah *2 Yerusalem kadongakna Kasuwunaken gung tentrem Kapujekna rahayunya Sajroning baluwartine Neng omahira anaa Kaendahan lan raharja Mitramu ginanjara slamet Krana kadang lan mitraku Krana wismane Allahku Tansah dakarah kraharjanmu === no 39 1=G 4/4 judul Masmur 123 *1 Kula tumenga mring Gusti Kang pinarak ing swarga Kados mripatipun abdi Mulat dhateng Gustinya Nggih mekaten mripat amba Mandeng mring Gusti kula Ngajeng-ajeng pitulungan Ngadhang rentahing sihnya *2 Mripat amba tansah mandeng Dhateng Allah kawula Kados abdi ingkang nyawang Mring astaning Gustinya Sami ngadhang pitulungan Saking kang sinuwitan ‘Nggih makaten ingkang abdi Nyadhong piwelas Tuwan === no 40 1=G 2/4 judul Masmur 127 *1 Menawa dudu Yehuwah Kang ayasa omahira Mesthi tansah tanpa gawe Pagaweaning tukange *2 Menawa dudu Yehuwah Mang ngreksa marang negara Para kemit tanpa gawe Nggone jaga gapurane *3 Tanpa gawe tangi turu Isih esuk umun-umun Nadyan jaga nganti bengi Iku ya tan maedahi *4 Tan gawe nggonmu mangan Pametuning kasusahan Yen dudu Allah makwasa Kang karsa tulung mring sira *5 Kekasihing Allah iku Lir sajroning padha turu Pinaringan pitulungan Saking astane Pangeran === no 41 1=G 4/4 judul Masmur 130 *1 Saking luwenging cintaka Kula sambat mring Tuwan Dhuh Pangeran kang wilasa Mugi myarsakken mring wang Sambat kula memelas Wit klangkung trenyuh ing tyas Mugi-mugi tinilingna Ing Tuwan kang asih mirma *2 Dhuh Pangeran, yen ta Tuwan Karsa aniti-priksa Dhateng durakaning tiyang Sinten kang saged wluya? Nanging Tuwan kagungan Pangapunten lan piwlas Kang sinuprih para jalma Ajrih asih mring kang asma *3 Nyawa kula ngantos-antos Mring Allah rinten dalu Inggih kula ngajeng-ajeng Ing sabdanya kang tuhu Pangantos-antos mami Cecengklunge nglakungi Tyang kemit dalu ‘nggenira Ngajeng-ajeng ing raina *4 Umate Hyang Ma’wilasa Sira ngarep-arepa Maring Allah kang Ma’kwasa Kang mitulungi sira Wit Yehuwah kagungan Sih piwlas lan kadarman Karsa anebus umate Saking sagung durakane === no 42 1=F 4/4 judul Masmur 133 *1 Saiba gunging nikmatnya Lamun sadherek sagriya Sami rukun ing pitepangan Pundi dununging katresnan Mesthi tansah kadhawahan Berkahing Allah lan kraharjan Kanggenan Allah pribadya Miwah gesang salaminya === no 43 1=G 4/4 judul Masmur 134 *1 Lah pra abdine Pangeran Kang jungkung aneng pamujan Rina wengi angibadah Saosa puji mring Allah *2 Tanganira den ulukna Lan tumengaa mring swarga Sujuda kanthi anyembah Saosa puji mring Allah *3 Sira muga sinungana Sawab berkah saking swarga Dening Allah kang murbeng rat Kang pinujia tan kendhat === no 44 1=Es 4/4 judul Masmur 136 *1 Padha saosa puja Mring Hyang kang asih darma Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *2 Padha saosa bekti Mring Allah kang Ma’sekti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *3 Padha saosa puji Mring Gustine para Gusti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamannya *4 Namung Allah piyambak Kang nindakken mukjijat Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *5 Allah kang nitahake Langit samudayane Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *6 Pratala lan samodra Hyang Ma’agung kang murba Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *7 Allah nitahken surya Kang mengku ing raina Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *8 Lintang-lintang lan sasi Pinatah mengku wengi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *9 Allah ngirid umatnya Mring enggoning raharja Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *10 Allah apalimirma Mring pra kang sinangsara Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *11 Allah angrebat kita Saking dayane nraka Asit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *12 Allah aparing bukti Mring saliring dumadi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya *13 Padha saosa puja Maring Allah ing swarga Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya === no 45 1=Es 2/4 judul Masmur 138 *1 Tuwan badhe kula puji Ingkang kanthi eklasing manah Wonten ngajenging pra ageng Ngungelaken pujining Allah Kawula badhe asujud Ngucap sukur dhumateng Gusti Dene sih kadarman Tuwan Lan kasetyan tan ewah gingsir *2 Nadyan sepinten-pintena Misuwurnya asmaning Gusti Nging taksih linangkung mulya prasetyanya Allah kang suci Sareng wonten sambat amba Tuwan karsa enggal nulungi Tuwan maringi santosa Ing tyas amba Ngantos tan keguh *3 Para rajanipun bumi Badhe muji asma Paduka Sasampuning sami myarsa Pangandika ing lesan Tuwan Sami memuji lan matur Sagung sukur dumateng Allah Sami ngidungken pangrehnya Wit tetela kaluhurannya *4 Saestu luhur Pangeran Dene Tuwan angudaneni Mring saliring tiyang andhap Nging kang digung Tuwan tan samar Lampah kawula kinepang Lan kinalang ing kasusahan Nanging Tuwan paring gesang Asta Tuwan paring kluwaran *5 Allah mesti ngrampungaken Samukawis tumrap kawula Kawula kapitulungan asta Tuwan Ingkang kawasa Dhuh Gusti kadarman Tuwan Lan kawlasan langgeng slamanya Tuwan badhe boten nilar Mring pakaryan ing asta Tuwan === no 46 1=G 4/4 judul Masmur 139 *1 Dhuh Allah ingkang Maha wikan Tuwan njajagi tyas kula Kawula ngadega linggiha Tuwan mirsani sadaya Sanadyan saking katebihan Tuwan dhatan kilapan Dalah osiking manah kula Tan wonten kang kesamaran *2 Kula lumampaha asoa Tuwan mirsa niyat kula Pundi margi kang kula ambah Nggih Tuwan titi sadaya Ilat kula tan kumedala Tuwan ugi sampun mirsa Ingkang dados pikajeng kula Wah kang cinipta ing driya *3 Tuwan angrampit dhateng kula Ing ngajeng klayan ing wuri Tansah kungkulan asta Tuwan Ing sapurug-purug mami Kawruh punika kaeloken Tumrap ing nalar kawula Saestu tan kenging ginayuh Ing budinya para jalma *4 S’engga badhe ngoncati Tuwan, Plajeng kula dhateng pundi, Wah nilapaken tingal Tuwan, Dhateng pundi purug mami ? Yen sumengkaa dhateng swarga, Ngrika pangayunan Tuwan, mandKapa mring teleng plimunan, Inggih dhatan ketilapan *5 S’upami kula anganggea Swiwinipun bambang timur, Dyan anyabranga ing seganten, Tebih anggen kula mabur, Tuwan inggih wonten ing ngriku, Saha kawula tinuntun Ing asta Tuwan ingkang kwasa, Kang anyepeng maring ulun *6 Munggwing peteng ‘nggih tan nglimputi, Malah damel kedengangan, Tur wanci dalu langkung padhang Wonten ing paningal Tuwan. Sestu tan saged angalingi Ing satingkah polah ingwang, Wit dalu sami kados rinten, Wah pepeteng kados padhang *7 Dhuh Allah mugi anjajagi Lan nupiksani tyas kula, Kawula mugi Tuwan dadar, Cipta kula tinitika Mugi ngyektosi lamun kula Ngambah margining bilai, Wah mugi Tuwan lampahaken Wonten margining basuki === no 47 1=C 4/4 judul Masmur 146 *1 Dhuh nyawaku asumyaka Panggunggungmu mring Allah Sajegku dakluhurake Klawan ati kang bungah Slawase sinung umur Dak puji klawan masmur Dak puji klawan masmur *2 Aja ngandelake raja Kaanane mung lebu Dhatan kwasa mitulungi Miwah paring rahayu Lamun apegat nyawa Dyan lebur saciptanya Dyan lebur saciptanya *3 Arahayu wong kang darbe Pamomong Hyang Ma’kwasa Wah tan darbe andel-andel Mung Pangeran ing swarga Rahayu wong sumendhe Mring Yehuwah Allahe Mring Yehuwah Allahe *4 Pangeran yeku kang murba Pratala lan akasa Kasetyane dhatan ewah, Tan kendhat salamanya, Tansah dennya angreksa Mring para kagungannya Mring para kagungannya *5 Pangeran kang paring adil Marang wong kaniaya, Wah angolehake bukti Mring para kang alapa, Wong lelaran bandangan Sinungan kaluwaran Sinungan kaluwaran *6 Pangeran kang ang’lekake Matanira wong wuta, Njejegake kang tumungkul Wah rempu atinira Randha lan bocah lola Rineksa kang santosa Rineksa kang santosa *7 Pangeran jumeneng Raja Langgeng ing salamanya, Sarta dhatan ewah gingsir Kasetyan lan kwasanya, Turun tumurun dennya Angreksa pasam’wannya Angreksa pasam’wannya === no 48 1=F 4/4 judul Masmur 150 *1 Linuhurna Pangeran Wonten ing pasamuwan Linuhurna asmanya Dalah munggwing akasa Wit kwasane anglangkungi Dene kaluhurannya Munjuli samudaya Munggwing swarga lan ing bumi *2 Linuhurna Hyang Agung Klayan masmur lan kidung Kanthi swaraning kawat Gangsa kaliyan slukat Wah salir sabawa ramya Sabarang kang ambegan Ngluhurna mring Pangeran Klayan girang s’ekapraya === no 49 1=D 4/4 judul Tiyang Punapa Ingkang Rahayu *1 Rahayu tiyang apes Tyang mlarat ing budi Tan ngandelaken awak Sumendhe mring Gusti Lir kere asesambat Anyuwun wilasa Tyang mlarat ingkang darbe Karaton ing swarga *2 Rahayu tyang kang nangis Wit kathah panerak Prihatos ngrudhatin Getun dhe klepatan Sedhihe denaturken Mring Yesus Gustinya Tyang nangis kang linipur Ngantos langkung muktya *3 Rahayu tyang kang sareh Nyabari panyiya Tan malesken piawon Nging remen ngapura Tiyang kang purun ngawon Menang wekasannya Tyang kang mantep sarehe Bumi warisannya *4 Rahayu tyang keluwen Lan kasatan manah Ngorong dennya kepengin Oleh kasampurnan Tyang ngorong mring kasucen Gusti kang maringi Kasampurnane pyambak Tinuwukan yekti *5 Rahayu kang nglampahi Kaw’lasan mring tiyang Kang awit saking Gusti Kang seda wit welas Rahayu kang ngrencangi Repote sesami Tyang kang welas saestu Sinung w’lase Gusti *6 Rahayu tyang kang suci Ing lair lan batin, Nyengiti lan nyingkiri Sabarang kang najis, Dalah melike pyambak. Tyang suci ing manah Badhe manggen ing padhang, Ningali ing Allah *7 Rahayu kang telatos Nindakken pirukun, Ngrukunken kang sulayan, Nglegani tyang sagung, Angger tan nganti camah Injile Pangeran, Tyang sumlondhoh den anggep Putranipun Allah *8 Rahayu kang ingoyak, Wit lampahe leres, Wit ngabekti ing Allah, Tinarka sinereg Sira yen cinampahan, Wit ndherek ing Gusti, Giranga, dhe Gustimu Mesthi tan nyampahi *9 Aja ilang atimu De’ panganiaya Gusti ngreksa mring sira Klawan agung kwasa Kanthi akeh reribed Nggonmu keslametan Dene kratoning swarga Sira kang sinungan === no 50 1=G 4/4 judul Donga Rama Kawula *1 Dhuh Rama kula ing suwarga Asma Tuwan sinucekna Kraton Tuwan mugi rawuha Ing sawradinipun donya Karsa Tuwan kalampahana Neng bumi kadya neng swarga Kula mugi pinaringana Tedha kula sadintennya *2 Tuwan mugi karsa ngaksama Sagunging klepatan mami Kados dene kula ngapura Klepatanira sesami Punapa malih sampun ngantos Kula kenging ing panggodha Kawula Tuwan uwalaken Saking pangawak dursila *3 (punika mawi lagunipun ingkang wekasan) Wit dene Tuwan kang kagungan Karaton saha wisesa, Wah malih kamulyan kang langgeng Ing salaminipun, Amin === no 51 1=F 4/4 judul Pamuji Bebukaning Kempalan *1 Mugi sih rahmate Gusti Lan sihe Sang Rama Wah panunggile Roh Suci Tumraha ing kawula, Amin === no 52 1=D 8/8 judul Pamuji Bibaran Kempalan *1 Mugi-mugi sih rahmate Gusti Saha sihe Allah Miwah patunggilane roh suci Tumraha ing kula sadaya, Amin *2 Mugi-mugi sih piw’lasing Gusti Saha sihing Allah Wah malih panunggiling Roh Suci Anunggila kula sadaya, Amin === no 53 1=D 4/4 judul Kidung Pamujinipun Maryam *1 Nyawaku muji Allah Sukmaku bungah-bungah Wit saka peparinge Allah marang abdine Dene karsa ngudaneni Asoring kawulanya Nganti saliring bangsa Ngarani aku rahayu *2 Aku sinungan berkah Saka astaning Allah Dene suci asmane Lan gedhe mukjijate Kawelasane dumawuh Mring kang padha ngeringi Wis mesti denberkahi Tumeka turun tumurun *3 Astane Allah kita Nindakake pangwasa Mbuyarake wong digung Pra wisesa denlungsur Ngluhurake para asor Wong ngelih denerobi Salir amal kang becik Wong sugih tinundhung legeh *4 Allah wus murinani Isr’el dimen ngengeti Marang kawelasane Mring Abram satedhake Allah netepi prajanji Marang leluhur kita Langgeng ing salamanya Asmane pinuji-puji === no 54 1=C 2/4 judul Kidung Pamujinipun Zacharyah *1 Pinuji-puji Pangeran Allahe umat Israel Dene nuweni kang umat Pinaringan pangentasan *2 De sunguning kaslametan Kayasa dening Pangeran Pinaringaken umate’ Nggih trahe Dhawud abdine *3 Allah karsa anetepi Pangandikane kang suci Kang lantaran pra abdinya Wiwit saka jaman kuna *4 Allah Janji angluwari Marang umate kang suci Saka tanganing mungsuhe Saka sengiting satrune *5 Para luhur rinentahan Sih mirma saka Pangeran De’ Allah karsa ngengeti Mring prasetyane kang suci *6 Allah prajanji mring Abram Samangsa umate luwar Saka tanganing mungsuhnya Pinaringan sihraharja *7 Kang umat bakal ngabekti Tanpa taha marang Gusti Klawan suci trus ing ati Salawase aneng bumi *8 He anakku, sira mesthi Sinebut nabining Gusti, Miaku dadi cecalane Lan andingini tindake *9 Sira angrata margined Aweh weruh mring umate Bab kabaring pangentasan Lan dalaning kaslametan *10 De awit saka gunging sih, Lan palimirmane Gusti Allah karsa angapura Sakehe kluputan kita *11 Kita padha dentuweni Pletheking padhange Gusti Kang tumedhak saka swarga Ambungahake tyas kita *12 Kang andhok ing palimengan Ing pati, wis kapadhangan Isr’el tinuntun lampahnya Neng dalan tentrem raharja === no 55 1=F 4/4 judul Kidung Pamujinipun Simeon *1 Dhuh Allah Tuwan badhe anglilani Mantuk dhateng pun abdi Manut janji Dene mripat kawula anyipati Karaharjan kang mulya Saking Gusti *2 Pleteking padhang mulya Saking swarga Madhangi tiyang kapir Ingkang wuta Umatipun Pangeran diparingi Kamulyan wit padhangnya Saking Gusti === no 56 1=F 4/4 judul Rawuhipun Gusti *1 Para jalmi giranga Mujia pramudita Ratunira wus prapta Jumeneng Ratu Salam Para jalmi giranga Mujia pramudita *2 Kaluhurna pra Putra Kekasihing kang Rama Mbangun karatonira Jumeneng Ratu mulya Para jalmi, giranga Mujia, pramudita *3 Kamulyakna Pamarta Kang rawuh ing pra umat Pambirating duraka Jumeneng Juru-Slamet Para jalmi, giranga Mujia, pramudita === no 57 1=C 4/4 judul Rawuhipun Gusti *1 Dhuh Gusti kados pundi Nggen kula sung urmat Methukken klayan puji Mring Ratuning jagad Mugi Tuwan madhangi Lantaran Roh Suci Salam kula ndadosna Kepareng Paduka *2 Saking dampar kang mulya Lan kluhuran swarga Tuwan tedhak ing donya Nunggil lan pra jalma Tumut nandhang sangsara Ngrembat kasusahan Ngrukunken tiyang dosa Dhumateng Pangeran *3 Punapa kang njalari Dhuh Ratu kang mulya Nggen Tuwan rawuh mriki Karsa nandhang papa Inggih piwelas Tuwan Saha palimirma Lan katresnan Sampeyan Dhateng tiyang dosa === no 58 1=C 6/8 judul Wiyosipun Gusti (Dalu Suci) *1 Dalu suci tidem sami Jeng Gusti Pamarta Tedhak manjalma krana kita Miyos wonten kandhang Betlehem Gustining dumadi Gustining dumadi *2 Bayi suci kang Ginusti Nebudi tyang dosa Nilar kamulyane ing swarga Sumeleh ing rumput kang nista N’ladani mring kita N’ladani mring kita *3 Dalu suci, tidhem sami Jeng Gusti ambekta Katentremane jagad-raya Kados prasetyane Kang Rama Mila linuhurna Mila linuhurna *4 Dalu suci tidhem sami Jeng Gusti ambekta Pirukuning tyang dosa sami Cinandhang prasetyan kang baka Amin linuhurna, Amin linuhurna === no 59 1=G 2/4 judul Wiyosipun Gusti *1 Daweg sami suka bingah Dene kasetyaning Allah Sampun netepi prajanji Paring nugraha mring jalmi *2 Saestu kula antuk sih Ing Allah kang maha-luwih Saking wlasipun mring kula Ngantos sinungan kang Putra *3 Rehning tan ngeman kang Putra Malah sinungken mring kula Punapa boten maringi Samukawis kang prayogi? *4 Dalasan bala ing swarga Memuji angalembana Kula malih yen botena Saklangkung suka pirena *5 Sinten ingkang boten girang Allah narjoni mring tiyang Prayogi dipun luhurna Ing para umat sadaya *6 Kula rahayu sayektos Dene sinungan pawartos Kang sae : rawuhe Gusti Kang dados Juru Basuki *7 Malah sampun kapanduman Sihe Allah kanugrahan Kang lantaran ingkang Putra Margi apuntening dosa === no 60 1=C 4/4 judul Wiyosipun Gusti *1 Linuhurena Gusti Pamarta Karsa rawuh ing donya Linuhurena Gusti Pamarta Karsa rawuh ing donya Jagad bilai Kristus ngrawuhi Daweg kanca den pepuja Rawuhe Gusti dhatan ngadili Malah nulungi tyang dosa *2 Linuhurena Gusti Pamarta Karsa mlasi tyang dosa Linuhurena Gusti Pamarta Karsa mlasi tyang dosa Jagad bilai Gusti ngrawuhi Karsa nucekken tyang dosa Drapon muktia saha mulyakna Asmane Hyang Mawilasa *3 Linuhurena Gusti Pamarta Karsa manjing manusa Linuhurena Gusti Pamarta Karsa manjing manusa Jagad bilai Tuwan ngrawuhi Paring t’lada mring tyang dosa Ngirid mring swarga Tyang kang pracaya Swawi ndherek para kanca === no 61 1=A 4/4 judul Wiyosipun Gusti *1 Alleluyah, Yesus Kristus Ngrawuhi manungsa Padhanging kamulyanipun Kawuryan neng donya *2 Alleluyah, rawuhipun Awit welasipun Mring para umat sadarum Amrih gesangipun *3 Alleluyah, Yesus Kristus Dados Juru Slamet Panutan kang setya tuhu Tuwin Ratu langgeng *4 Alleluyah, alleluyah Pinujia tansah Sampun miyos ing Bethlechem Putranipun Allah === no 62 1=D 4/4 judul Wiyosipun Gusti *1 Kamulyakna Hyang Maagung Ing suwarga, ing suwarga Ing suwarga Kaslametan wontena ing bumi Wah kasenengan mring manusa Pinujia, pinujia Hyang Maagung Ing suwarga lan ing bumi Slamet neng bumi Slamet neng bumi Wah kasenengan mring manusa Kluhurna Allah neng swarga Kluhurna Allah neng swarga Slamet neng bumi Slamet neng bumi Slamet neng bumi Slamet neng bumi kasenengan Wah kasenengan mring manusa Kasenengan maring manusa Maring manusa Kamulyakna Hyang Maagung Ing suwarga, ing suwarga Ing suwarga Kaslametan wontena ing bumi Wah kasenengan mring manusa Pinujia, pinujia Hyang Maagung Ing suwarga lan ing bumi Slamet neng bumi Slamet neng bumi Wah kasenengan mring manusa Amin, Amin === no 63 1=Es judul Wiyosipun Gusti *1 Pra pangon kang winartanan Gung begja Sing swarga Yogya kaeraman Angubar girang ing manah De nyata wartanya Kristus sampun babar *2 Ja wedi mring padhang mulya Kang ndadak ngetingal Ing tengah dalunya Nyemoni tedhaking padhang Sih swarga mring donya Jer Kristus wus babar *3 Dhuh pra dhuta saking swarga Kandhanta sung warta Slamet mring pra jalma Mara ndherek muji Allah Wit welas mring jagad Sang Kristus wus babar *4 Betlekhem gung kadrajatan Slamanya cinrita Klayan uluk salam De misuwur ing sajagad Ngrinya; neng ngrika Kristus sampun babar *5 Allah saosana puji Dhuh nyawa sujuda Mring Putranya suci Kang sumare neng makanan Ya iku Gustimu Kristus kang wus babar *6 Adhuh Gusti iba ageng Sih tuwat liniwat Ngater agung slamet Winartosna mring sajagad Slamanya mujaa Kristus sampun babar === no 64 1=D 9/8 judul Wiyosipun Gusti Yesus *1 Iba endah cahyeng ratri Kang nyunari jagad rat Duk pra dhuta swarga prapti Ngundhangaken sih rahmat Raharja pra jalma Kang sinungan kawaluyan Lantaran Sang Pamarta Lantaran Sang Pamarta *2 Puji konjuk Hyang Ma’luhur Kang melasi mring jalma Nglepataken saking ukum Mitulungi raharja Pra jalma sayogya Ndherek muji Hyang Ma’suci Langgeng ing salaminya Langgeng ing salaminya === no 65 1=D 4/4 judul Kasampurnanipun Gusti *1 Kula nggunggung-nggunggung Gusti Panutan kula kang sejati Dene suci tanpa cela Tansah kula mulyakaken Asmane kula luhuraken Tan wonten timbanganipun Nggenipun nglampahi Karsane Hyang Widi Tansah mantep lair batos Salaminya umadep Maring kang Rama *2 Dhahat kasengsem ing driya Miturut karseng Kang anduta Ngrampungken ayahanipun Sampun kalangenanipun Ya ta nggenipun alelana Neng Yahudi nagrinipun Memulang tan pegat Tur mawi mukjijat Damel sae Dhateng tiyang sa’nggen-nggennya Lir pendah Allah pepara *3 Tiyang sakit pinten-pinten Sowan Gusti sadinten-dinten Samya sinungan waluya Mirsa tyang manggih sangsara Gusti lumuntur piwlasipun Dyan tinulungan sadaya Sumeh ulatipun Arum ing wacana Sabar sareh Sakaliring kalakwannya Nedahken aliming budya *4 Boten mbujeng kadrajatan Kauntungan wah kaurmatan Ing sliranipun priyangga Tan lumampah denladosi Malah kajatipun ngladosi Masrahaken nyawanipun Nglabuhi tyang dosa Nggih kula lan dika Iba-iba kawlasane Gusti kula Dhatan kenging winirasa *5 Duk nglampahi pinisakit Ginitikan nunten sinalib Tan karsa males piawon Nadyan denujar-ujari Densiya-siya kados pundi Dipun sabarken kemawon Malah satrunipun Lajeng sami dipun dongakaken Pangapunten, adhuh Gusti Putrane Kang Mahasuci *6 Sinten kang boten memuji Kautamenipun ing Gusti? Saestu sampun sampurna Sampun prayogi ingangkat Dados panutaning pra umat Ginanjar kratoning swarga Mugi kasampurnan Ing Gusti Panutan anirambahi Mring pasamwan, pikantuka Sawabing kasampurnannya === no 66 1=Bes 4/4 judul Kasucenipun Gusti *1 Gusti Yesus tanpa dosa Yogya pinuji-puji Mantepipun ing pracaya Lan nggennya manut kang Rama Sajegipun neng donya *2 Kasucenipun linuwih Purwa tekeng duksina Saha dhasar trus ing galih Salamira tan manggih Lepat s’kedhik-kedhika *3 Nadyan satrune kang samya Ngangkah badhe mejahi Kathah nggenira anerka Mring Gusti, nging lepatipun ‘Nggih tan saged mastani *4 Dhatenga ing pundi-pundi Kang nggodha pinten-pinten Samanten ‘nggih tulus suci Dhasar tanpa cacad Gusti Ingkang nandhingi sinten ? *5 Mila ketawis kewala Rumaketnya lan Allah Wit saking kasucenipun Ngungkuli pra nabi samya Yektos kang Putra Allah *6 Kang Rama inggih narimah Sanget nggenipun asih Dene sareng sampun pasrah Nemahi sakit lan pejah Allah nggesangken malih *7 Nunten ginanjar kamulyan Wah kamukten ing swarga Pangwasa inggih sinungan Kaangkat Ratu Panutan Ing pra umat sadaya *8 Dhaweg kanca, sami pasrah Sarta manut ing Gusti Ingkang temen trus ing manah Nggen kula tobat ing Allah Inggih kang Mahasuci *9 Kula rumaos tyang dosa Tinandhing klayan Gusti Saestu boten prayogi Malih-malih kenging godha Lali mring kang Ma’suci *10 Panyuwun kula : Dhuh Rama Sageda kula, sami Tumulad dhateng kang Putra Inganggepa Ratu kula Sarta dipun tut-buri *11 Mendah nea begja kula Yen saged nelad Gusti Ing benjing badhe sampurna Lepat sakathahing dosa Tur langkung dening mukti === no 67 1=Es 6/8 judul Cariyosipun Gusti Yesus *1 Aku bok caritanana Bab Gustiku Panutan Aku bok ya korepekna Kidunging pangentasan Aku kepengin angrungu Wartane bala swarga Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta *2 Mara critakna Gustiku Dennya mbetahken lapa Nahanken godha rencana Sajege aneng donya Critakna gunging piwlase Kang anemah sangsara Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita *3 Mara critakna Gustiku Dennya pecat nyawane Marga sangsara sinalib Nanging mulya wungune Agung sihpalimirmane Tan ana kang madani Mula aku critanana Ing bab Pamarta mami *4 Besuk Gusti rawuh wangsul Jumeneng Ratu mulya Ginarebeg bala swarga Wrata pinuja-puja Samana kita sadarum Apa ya anut muji? Apa ya nunggal pra mukti Langgeng andherek Gusti === no 68 1=Es 3/4 judul Juru Pangen Ingkang Utami *1 Gusti Yesus Pangen mami Juru Pangen kang utami Kula menda kagungannya Dennya nebus klayan rahnya *2 Gusti pangen ingkang sampun Ngetohaken nyawanipun Karana saking mendanya Drapon samya wilujenga *3 Gusti Yesus dhatan pandung Mring sadengah mendanipun Mirsa nama lan cacahnya Langkung titi pangetangnya *4 Gusti ngrimati mendaNya Sinungan sabetahira Tan wonten kang kecingkrangan Malah ngantos keluberan *5 Gusti ngumpulken mendanya Kadadosaken sapantha Sami runtut atut rukun Ngetut wingking pangenipun *6 Asantosa Gusti dennya Ngreksa menda kagungannya Dhatan wonten kang ketriwal Tan saged tiwas myang ical *7 Tan wonten kang saged ngrebat Awit jinangkung tan kendhat Dening astanya kang Rama Hyang Sukma kang Mahakwasa *8 Kula wanuh Pangen kula Lan nilingaken swaranya Begja kula dhe sinungan Gesang langgeng wah kamulyan === no 69 1=G 4/4 judul Sihipun Gusti Ketawis Saking Anggenipun Nglampahi Sangsara *1 Panglipuring tyang prihatos Klangenan ing tyas kula Sakathah sumlanging batos Tuwan nirken sadaya Sing swarga Tuwan kang mulya Tuwan tumedhak mriki Nyaur pundhat utang kula Tuwan gung kula puji *2 Iba-iba Tuwan mlasi Bangsa apes lan nista Sing laknat Tuwan luwari Margi sangsara seda Riwe rah lan waspa Tuwan Neng Getsemane mili Ngluwar kula sing ukuman Mbikak margining swargi *3 Tuwan tinuwek ing galih Dening poyok kang sengak Bendune Allah kang adil Tuwan sanggi piyambak Nggirisi : Tuwan siniya Wonten ngardi Golgota Pasrah sinalib sarira Krana jagad duraka *4 Tuwan dados gesang kula Amal kula kang adya Kula sinungan waluya Amargi Tuwan seda Gusti Panebus wilasa Sih Tuwan langkung adi Tuwan kula kraketana Klayan sujud lan muji === no 70 1=G 4/4 judul Pisakitipun Gusti *1 Dhuh Rama kang Ma’wilasa Mugi Tuwan karsaa Anerbuka manah kula Ing waktu sapunika Sageda kula nampeni Wah kapranan sayekti Ing cariyos ing sangsara Wah pisakiting Gusti *2 Aneng taman Getsemane Kang Putra kang kekasih Angesoraken slirane Nandhang sungkaweng galih Malah ngantos amlas arsa Sambate mring kang Rama Yen kenging, tuwung punika Langkunga ing kawula *3 Adhuh, punika punapa Putreng Allah pribadi Ingkang konjem ing pratala Sru rinepek ing galih Kang rinewe angludira Crocosan tibeng siti Gusti cinepeng kabesta Kadabyang lir tyang juti *4 Ingkang jum’neng ngarsanipun Pangulu lan bupatya Tinarka ing satru rodra Wah malih pinojokan Angagem makutha dhuri Asingeb jubah jingga Punika punapa yekti Gusti panuntun kula *5 ‘Nggih punika Sang Pantawis Kang ngrembat dosa kula Karsa pasrah mring satrunya Lang inganggep durjana Winirang dados tingalan Kinecohan, wah malih Kinarya pangewan-ewan ‘Nggih tan lenggana Gusti *6 Dhahat Gusti mameraken Kawlasane mring janma De bilure nuwuhaken Kasarasan kawula Duraka kula sadaya Pangeran tempuhaken Mring kang Putra temah dadya Gusti wah Juru slamet *7 Adhuh Gusti, t’ladha kula Pantawis wah Pangluwar Janma dados klangenannya Kang Rama krana Tuwan Sih samanten agengipun Amranani tyas kula Yogya dipun puja-puja Ing swarga lan ing donya === no 71 1=F 4/4 judul Gusti Yesus Nandhang Sangsara *1 Dhuh Gusti manah kawula mugi Tuwan kekahi Badhe ngraosken sangsara anggen Tuwan nglampahi Iba gung ing palimirma lan sih Tuwan mring tyang dosa Ngantos ngrembat dosanya setyaning piwelas Tuwan kang nyawisi karaharjan Pinujia slamanya *2 Nadyan Tuwan wujud Allah Suteng Allah kekasih Tuwan nyanggi doseng jagad Nandhang sungkaweng galih Panyidra binantu nraka Wit saking gunging cintraka Lir tinuwek kalbunya Sambat Tuwan : Adhuh Rama Kang mugi tuwung punika Langkunga ing Kawula *3 Riwe rudira crocosan srira tempel pratala Gustining swarga srusambat mindhak sekel ing proyo Winratan ing siksa kula Sih w’las Tuwan mring tyang dosa unggul ing dalem kalbu Badhe nebhus tyang dosa gung srah klayan sabar linangkung Maring rodraning satru *4 Ratu salam Suteng Allah Lir durjana binanda Tuwan tampi sikseng panrak Mangka suci priyangga Ingawonken kendel sabar Tyang ngangsa-angsa rah Tuwan Tuwan tan alenggana Maringken badhe sinaos Mring Allah, nirken supaos Kang dhateng tyang duraka *5 Liningsem dados tingalan Nging tulus mulyeng praya Tuwan nyabari kacidran Lan gung panganiaya Ingajap wit jaman kina Nging samangkin tan sinudya Tinampik dening umat Setya ing sih nging sinelak Ing mitra Tuwan piyambak Kang ajrih kinawruhan *6 Tuwan dados kurban mulya Kang sinelir ing Allah Ngrembat dosa lan siksanya Temah nebus ing jagad Suci mulus, sabat minggah Murugi ing paukuman Lir menda sembelehan Tyang duraka cinawisan Kamulyan dening rah Tuwan Nglenggahi prajanjian *7 Seda Tuwan nglipur kula Rinuwat saking dosa Nglebur paukuman kula Temah manah santosa Lejar betah kasusahan Dening pangrehing Roh Tuwan Kang Tuwan angsalaken Kula margi ndherek pejah Inggih ugi ndherek gesang Dugeng kamulyan langgeng === no 72 1=D 4/4 judul Sangsaranipun Gusti *1 Duh lae Gusti kula sinandhangan wirang rikinarya makuta pinoyok tyang kathah rinangket lir durjana cinampah sinia dhuh Allah punapa tan ngeman kang Putra *2 Wit aku uga Gusti Ginitik, winirang, Ngagem makutha dhuri Lan singep poyokan. Wit aku gawe dosa, Tinaton sliranya, Sinungkawan kang sora, Lir tingalan nista *3 Dhuh Yesus kang ingajap Pra luhur wit kina, Mugi ta pra sakabat Emuta slamanya. Sangsara lan kwirangan, Pangagem Sampeyan, Nyawisi kadrajatan Kula kang kanistan. === no 73 1=G 2/4 judul Gusti Sinalib *1 Saiba sangsaraning Gusti nglampahi pinentang kasami lan tiyang durjana nggene kapatrapan Ingukum kisas sakelangkung pisakiting Gusti gitikan lajeng kasalib temahan ngemasi *2 Pundi dosane Gusti kula Nglampahi pinentang? Saestu Gusti tanpa dosa Ngrembat dosaning tyang Nggenipun masrahaken nyawa Dhasar dipun sedya Karsa nebus mring tyang kathah Nggih kula lan ndika *3 Mekaten Allah kang Ma’suci Tan ngeman kang Putra Ingkang kekasih Denpasrahken Mrih kraharjan kula Saiba kawlasane Allah Dhateng tiyang dosa Sinungan pangapunten sami Lantaran kang Putra *4 Gusti sinalib nedahaken Mantepipun tansah Pamituhune mring kang Rama Dhatan kenging ewah Klampahan pinisakit Gusti Inggih dipun temah Sestu tan ngeman slira ngantos Dumugi ing pejah *5 Wis pestine yen Gusti Kristus Anandhang pisakit Yeku margine mlebet dhateng Kamulyan linuwih Kamulyan aneng swarga agung Nggenipun kaangkat Jum’neng Ratu miwah Panutan Ing sagung pra umat *6 Gusti sinalib, anenangi manah kula sami Suados kasaenanipun Kawula timbangi Pinten banggi saged amales Ing sih-kawlasannya Prayogine kula wangsuli Pitados wah tresna *7 Lamun kula manggih pakewed Wit saking ngakeni Asmane Gusti, sampun ngantos Kawula selaki Sageda nyipta salibipun Wonten ing ngajengan Supados tetep mantep kula Dumugi wekasan === no 74 1=F 4/4 judul Gusti Kasalib *1 Gusti Yesus sinalib sinrahken Allah Priyangga Karsa nyangga Paukuman myang laknat Dados lintuning jagad *2 Ingkang putra sinalib Iba – iba sihe Allah Tyang kang salah pinurih selameta Margi kang putra seda *3 Ingkang putra sinalib Tan dosa kadosaaken Ndadosaken kula tyang dosa samya Slamet angger pracaya *4 Ingkang putra sinalib Wus sirna saka mulyane pilarane prih bilur lan pratunya tan ana wilangannya *5 Gustiku kang sinalib Pasrah pyambak mring sedane supayane aku pada slameta sihe winangsulana *6 Gusti kang sinalib margi dening durakaku mangka aku apa oleh kareman Nemah ing paukuman *7 Panebusku sinalib aku iki tebusane kwajibane aku mbuwang piala margane Gusti seda *8 Panebusku sinalib apasrah winirang – wirang Sinakitan de apa wirang mami ndherek lampahing Gusti *9 Gusti kula sinalib kula yen winirangaken margi ngaken mring Gusti kang sinalib napa darbe tyas serik *10 Gusti kula sinalib sanget anggene prihatos akepatos de kula nunten keguh lamun manggih pakewuh *11 Gustiku kang sinalib Aku tansah eling prihe Sarta sihe Dimen ja ilang manah Yen kabotan ing susah *12 Dhuh Gusti kang sinalib Kang ngentas saking duraka Lan antaka Tuwan kang nebus kula Kula wangsuli tresna *13 Dhuh Pangluwar sinalib Badan jiwa kula srahken Tinrimahken Dhateng ing asta Tuwan Tuwan ingkang kagungan *14 Dhuh Pangluwar sinalib Kula yogya ngluhuraken Mulyakaken Sih-wlas Tuwan kang suci Margi lampah utami *15 Dhuh Pangluwar sinalib Menggah sagunging cintaka Lan duraka Tan wonten pangauban Aliya salib Tuwan *16 Margi Tuwan sinalib Tumrah panglipur santosa Mring tyang dosa Tuwan damel raharja Tyang dosa kang pracaya === no 75 1=Es 3/8 judul Kesambutan kula dumateng Gusti *1 Dhuh pamarta seda Tuwan ngluwar kula sing ukuman iba gunging pitulungan Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa *2 Aneng salib Tuwan nyanggi Sakathahing dosa mami Ing srira Tuwan pribadi Tuwan nombokken nyawa De kula tombok napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa *3 Kala Tuwan pinisakit Rah Tuwan ndlewer ing salib Wah kang srira tatu wradin Tuwan nglabuhi kula De kula males napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa *4 Sambat Tuwan amlas-asih Dhe klangkung sungkaweng galih Tinilar ing Hyang Ma’asih Nggentosi siksa kula Kula mangsuli napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa *5 Kula isin yen kemutan nggen kawula kesambutan mangka sring taksih kluputan kula mugi winulang animbangi sih Tuwan De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa === no 76 1=C 4/4 judul Etuking Karahayon *1 Wonten darah suci mancur neng ardi Golgota Nggih rah ipun Gusti Yesus Kang ngicalken dosa Kang ngicalken dosa Kang ngicalken dosa Nggih rah ipun Gusti Yesus Kang ngicalken dosa *2 Tyang durjana kang sinalib angsal pangapura wit tinebus rahing Gusti ndherek mlebet swarga ndherek mlebet swarga ndherek mlebet swarga wit tinebus rahing Gusti ndherek mlebet swarga *3 Dhuh Pamarta, darah Tuwan sestu taksih mandos taksih kwosa mbirat dosa lan nucekken batos lan nucekken batos lan nucekken batos taksih kwosa mbirat dosa lan nucekken batos *4 Kula swau nggih cilaka Nging lajeng antuk sih Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib Gusti kang sinalib Gusti kang sinalib Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib *5 Benjing lamun aneng swarga Kula ndherek Gusti Tansah nggen kula nglembana Sihe kang Ma suci Sihe kang Ma suci Sihe kang Ma suci Tansah nggen kula nglembana Sihe kang Ma suci === no 77 1=G 3/4,2/4 judul Wungunipun Gusti Saking Padununganipun Tiyang Pejah *1 Daweg sami abebingah Ing dinten Paskah niki Sarta memuji mring Allah Saha malih mring Gusti Kang kasalib temahan Pinaringan kamulyan Sampun seda lajeng wungu Ginesangaken saestu *2 Gusti kula tan kasoran Dening pati tan dangu Lajeng nilar pakuburan Miyos lir pendah ratu Dhasar Gusti kang menang Dados ratuning gesang Yogya sami den sujudi Kang sarta pinundhi-pundhi *3 Kanca, sami den rumaos Pinaringan kabegjan Dene samangke pitados Maring Gusti Panutan Kang gesang, darbe kwasa Ngantos slami-laminya Saged ngirid para umat Wonten margining akerat *4 Ya ta Gusti kang njangkungi Umatipun sadaya Tan pegat amitulungi Anggen kula pracaya Sinten kang boten girang Gadhah Panutan gesang Kang pinunjul ing kamulyan Boten tanggel ginendholan? *5 Nadyan tumeka ing janji Kula boten sumelang Saestune badhe tangi malih Gusti kang gesang Inggih badhe rumeksa Mring nyawa kula samya Dene yen estu katrima Badhe kairid mring swarga *6 Daweg, kanca sami pasrah Mring Gusti pejah gesang Den anut kang trus ing manah Sageda tumut menang Kalih dosa lan pejah Hawa sami den cegah Drapon manggiha wilujeng Sarta antuk gesang langgeng === no 78 1=C 4/4 judul Wungunipun Gusti Saking Padununganipun Tiyang Pejah *1 Gusti agesang malih Sampun ngawonaken pati Gusti wungu kula nggih Sestu sami badhe tangi Sinung gesang kang mulya Yeku panglipur kula *2 Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi Umatipun kang mantep Benjing ndherek angratoni Gusti ingkang prasetya Yeku panglipur kula *3 Gusti wungu, e kanca Sampun uwas-uwas malih Gusti dados Pantawis Kang gesang, karsa anggalih Ing kaapesan kula Yeku panglipur kula *4 Gusti wungu, atemeh Amikantukaken kula Kasantosan, yen kedah Angleluri lampahipun Saged kalis ing dosa Yeku panglipur kula *5 Gusti wungu supados Pikekah kawula sami Salebeting panggodha Dalasan ing baya-pati Gusti tan nilar kula Yeku panglipur kula *6 Gusti wungu, si pati Sampun ical antupira Klayan ayeming ati Badhe kula tilar donya Sowan ing Gusti kula Yeku panglipur kula === no 79 1=D 4/4 judul Wungunipun Gusti Yesus *1 Alleluyah Gusti wungu Antaka kalah saestu De astaNya kang rosa Pinujia Sang Prawira Kang ngantukken pangapura Lan mulyakken tyang dosa Slamet Gusti sampun unggul Wus nyaur pundhat panebus Tandhasta wus tinulis SabdaNya Allah kang mirma Tinrimah kurban kang Putra Marganya sira urip *2 Alleluyah, kayu laknat Malih dadi kayu berkat Tandhanya sihe Allah Wus ngruwat sagunging dosa Ing tyang kang laku pracaya Kalawan trusing manah Alleluyah neng Golgota Mung mancur sih-pangpura Tan wonten bebendunya Dharahe Gusti nekseni Tiyang rumaket ing Gusti Samya pinundhut putra *3 Alleluyah, Gusti wungu Antaka kalah saestu Wus tan jrih kubur kula Gusti seda krana kula Wungune dados panjernya Tangi kula amulya Slamet donya dimen ical Ing akhir aneng kamulyan Kula nyameni Gusti Binabar pra putra suci Sadhereke Gusti sami Sarta lenggeng memuji === no 80 1=Es 4/4 judul Wungunipun Gusti *1 Swawi pra kanca girang memuja Kristus sinalib agesang malih Pamarta mami wungu sayekti Sampun tinitik Ratuning urip Gusti Panebus prange wus unggul Pati wus kalah, antupe ical *2 Tyang Kristen samya girang muja De paukuman bebendhu laknat Wus sirna estu Gusti wus wungu Kristus nguculi rantening pati Sung gesang langgeng Mring kang ngandelken Kula tyang dosa sinungan uga *3 Salumah bumi badhe ngurmati Gusti kang seda lan wungu uga Swawi salir tyang kang karibedan Swasi ngungseni piwlase Gusti Ndherek anyangga kalingsemannya ‘Ja ajrih pejah Gusti kang menang *4 Mara mujia, eh jagad wrata Gusti Panutan Ratuning gesang Urip kang langgeng Wus linairken Mara tangia king sagung dosa Ngambaha dalan ing kautaman Gusti murugken mring gesang langgeng *5 Dhuh Yesus Gusti Allah sejati Kang mengku gesang kul’abdi Tuwan Saya ngraketa lan tinunggilna Ing pejah gesang klayan Sampeyan Drapon utami lampahing abdi Tuwan pinuja slami-laminya === no 81 1=C 4/4 judul Pamarta Kula Agesang *1 Pamarta kula agesang Tyas kula mila agirang Kang sinalib gesang Dennya seda krana kula Wungune dados panjernya Kula ndherek gesang *reff Gesang, gesang Pamarta kula agesang Kula ndherek gesang Gesang, gesang Pamarta kula agesang *2 Gusti gesang lajeng minggah Dhateng tengenipun Allah Andongakken mami Sihnya angayemken manah Gesangnya nuwuhken bingah Ing tyase pra abdi *3 Gesang Gusti kang wus seda Dennya gesang krana kula Mila kula puji Saiba Dennya ngasihi Kula ngantos Den paringi Gesang langgeng ugi *4 Tyas kula yogya agirang De gadhah Pamarta gesang Kang sung gesang mring wang Gusti gesang aneng swarga Nyawisi papan mring kula Kula ndherek gesang *5 Gusti Pamarta kang gesang Nimbali marek salir tyang Kinen tobat samya Dhatan wonten gesang malih Namung dening kang sinalib Kang agesang mulya === no 82 1=B 4/4 judul Mekradipun Gusti Dhateng Swarga *1 Swawi sami suka-suka Nggen kula ngenget-enget Gusti minggah maring swarga Mendah kaluhuranipun Jeng Gusti juru slamet! *2 Ya ta sinungan kamulyan Lan sagung pangawasa Wonten ing swarga kalayan Ing bumi, nggih jinulukan Ngungkuli sagung nama *3 Ngantos para malaekat Tansah sami memuji Langkung malih para umat Nggih wajib nyaosi urmat Saha sujud mring Gusti *4 Mung Yesus Kristus kang wenang Sami den akenana Gusti ing sawarnining tyang Dados lan kamulyaning Hyang Ma suci, nggih kang Rama *5 Dhuh Gusti kula Panutan Tyang Kristen pundi-pundi Asru anggunggung Sampeyan Rame-rame neng pasam’wan Tansah pinundi-pundi *6 Kang wau Gusti nahanken Sinalib, dhatan nggalih Wewirang, mila kluhurken Mangke pinarak neng tengen Ing Allah kang ma’luwih *7 Yogya dados pepandengan Ing pra umat sadaya Saha inganggep Panutan Dennya ambujeng kamulyan Ing tiyang kang pracaya *8 Sampeyan kang ngrumiyini Dados Pangirid kula Saha maringi prajanji Badhe karsa anyawisi Panggenan wonten swarga *9 Dhuh Rama, mugi Sampeyan Aparing Roh kang suci Minangka dados gantosan Nggen kula badhe kaduman Kanugrahaning Gusti === no 83 1=G 2/4 judul Mekradipun Gusti *1 Swawi sami muji girang Gusti mulya minggah dampar Srirane wus ingasorken Samangkin Allah ngunggulken *2 Kang wus seda krana kula Sampun wungu klayan mulya Mangkin ginanjar kamulyan Munjuli sagung tumitah *3 Rampung salir pakaryannya Ing sakarsane kang Rama Mila pinunjul ing asma Tan wonten kang nyamenana *4 Klayan nyebut asma Yesus Badhe jengkeng salir dhengkul Kang wonten swarga lan bumi Lan ing palimengan ugi *5 Lan sagung ilat memuja Yesus Kristus Gusti nyata Drapon kamulyane Allah Rama kang langgeng sinembah *6 Swawi manuswa waradin Ndherek muja kang trus batin Yesus kang mlasi tyang dosa Yeku Pangeran ing swarga *7 Neng satengene Sang Rama Gusti pinarak angantya Kasoran sagung satrune Neng sangandhaping padhane *8 Satru antaka kang rosa Wekasan linebur uga Dening kang unggul ing krosan Nggih Gusti kang mengku gesang *9 Mula wong Kristen ja wedi Maring sangsara lan pati Gusti aneng kamulyane Tan supe mring tebusane === no 84 1=F 4/4 judul Tumedhakipun Roh Suci Dhateng Para Utusan *1 Kala dinten Pentekosta Gusti karsa netepi Kang dados prajanjinipun Nedhakaken Roh Suci Kairing paneng’ran Tyang kathah kaebatan *2 Gusti angetingalaken Kamulyanipun klayan Pangwasane kang linuwih Inggih wonten ngajengan Tyang pinten-pinten bangsa Sami gawok sedaya *3 Sakhabat lajeng tan taha Nggunggung asmane Yesus Kang ingangkat dening Allah Dados Pang’ran lan Kristus ‘Nggih punika Yesus kang Wau densedani tyang *4 Tiyang pinten-pinten atus Nunten pasrah ing Gusti Saha nyuwun pangapunten Panlangsane nglangkungi Tobat kang trus ing manah Inggih sami katrimah *5 Duk kalane Gusti Kristus Ngesokaken Roh Suci Gusti karsa ngadegaken Kratonipun rohani Ngantos ing sapunika Dipun lar sanggen-nggennya *6 Dalah tanah Jawi ngriki ‘Nggih sampun ingadegan Karatone Gusti Yesus Pinten-pinten pasam’wan Tiyang Kristen kang samya Manut ing Gusti kula *7 Sarta ngraosken sakeca De kaprentah ing Gusti Dados karahayonipun Mila tansah memuji Pasrah raga lan sukma Ageng panuwunipun *8 Kula sasadherek kula Inggih sami kaduman Sih kanugrahaning Allah Tumut ing pasamuwan Yasanipun Roh Suci ‘Nggih kagungane Gusti *9 Anggen kula nandhang dosa Sami dipun luwari Malah dipun pundhut putra Dening kang Mahasuci ‘Nggih cinandhang kamulyan Kang tanpa wewangenan *10 Adhuh Gusti ingkang kula Walesaken punapa? Namung katemenan kula Kula saosken samya De pejah gesang mesthi Kula ndherek ing Gusti === no 85 1=D 2/4 judul Tumedhakipun Roh Suci *1 Dhuh Rohing Allah kang Rama ‘Nggih Rohing Kristus kang Putra Ingkang angreh ing awak mami Dhuh Roh kang suci Sampeyan paguronning kanyataan Saha tukeng elmu rohani Asma Tuwan kapujia Ing Pentekosta punika *2 Mugi parenga ing karsa Nedhaki ing pasam’wanta Ambirat sagunging piawon Madhangi ing budi kula Ngresiki ing manah kula Nyantosakaken ing pitados Supados kula sembada Ing benjing angsal suwarga *3 Mugi enggala klampahan Saalam donya kebekan Tiyang nembah ing Gusti Yesus Dhuh Roh mugi pasamuwan Angsala berkah Sampeyan Mradini ing bangsa sadarum Sami nunggila pracaya Pangajeng-ajeng wah tresna === no 86 1=G 4/4 judul Tumedakipun Roh Suci *1 Ngulukno sindhen kaunggulan Mara padha muji Allah Roh Suci manjing pasamuwan Ngedheng tedhake lan berkah Sentoring angin lidhah latu Sarta tembung manca warna Nglairken tuhune Sang Prabu Ngentunken Rohing prasetyo *2 Bangsa celak tebih nekseni Yasane Kang Mahaluhur Golongan samya ngabekteni Ing drajate Gusti Yesus Slamet mulya gesange Gusti Jayane bra tinembangna De Rohe Allah ingkang suci Sinungken neng tyase jalma *3 Dhuh Rohe Allah, manah kula Angsala pangreksa Tuwan Kinaryaa suci sampurna Santosa dalem katresnan Panglipur lan panuntun Tuwan Mengkua manah kawula Anucekna ing kalakuan Dugeng kamulyan ing swarga === no 87 1=G 3/4 judul Panyuwun Ing Dinten Pentekosta *1 Tyasku muga kasokana Rohe Hyang Ma’suci Gusti kang asetya tuhu Wus paring prajanji Dhuh Pamarta kang sinalib Kang mugi wontena Pentekosta agung malih Mradini ing donya *2 Dhuh Gusti, mugi Roh Tuwan Tansah tumedhaka Dhateng pasamuwan Tuwan Wah ing manah kula Dhuh Pamarta kang sinalib Kang mugi wontena Pentekosta agung malih Mradini ing donya *3 Dhuh Rama, mugi myarsakken Sambate pra putra Kawula pinaringana Manah enggal mulya Dhuh Pamarta kang sinalib Kang mugi wontena Pentekosta agung malih Mradini ing donya *4 Dhuh Roh Ullah Mugi mrasuk ing manah kawula Nuntena suci lan padhang Wah unggul ing yuda Dhuh Pamarta kang sinalib Kang mugi wontena Pentekosta agung malih Mradini ing donya === no 88 1=As 3/4 judul Panyuwun ing Dinten Pentekosta *1 Dhuh Roh Suci mugi pareng Anedhaki tyas kula Dimen atentrem rahayu Kapenuhan ing tresna *reff Dhuh Gusti kang setya Tuwan kang kula ndhelaken Mugi pareng nedhakaken Roh Tuwan ing tyas mami Gusti mugi nucekaken tyas mami *2 Mugi-mugi cahya Tuwan Amadhangna tyas kula Pepetenging dosa mugi binirata sadaya *3 Mugi ngirid lampah kula Manut sapangreh Tuwan Tuwan kang kula bekteni Ngantos dhugeng wekasan *4 Kula mugi sinungana Kaunggulaning yuda Dimen tentrem arahayu Nggen kula pecat nyawa Dhuh Roh Allah Suci Mugi karsaa dumunung Anggereh ing manah ulun Sinucekna sayekti Gusti mugi nucekaken tyas mami === no 89 1=C 4/4 judul Pentekosta *1 Kalane Gusti sumengka Karsa mlebet mring swargi Sampun kagungan prasetya Badhe paring roh suci Ing dhinten pentekosta Gusti ngutus Roh Suci *2 Neng ndhalem suci sakabat mireng swara gumrubug Roh suci ingkang wineca Pra nabi sampun rawuh ing dhinten pentekosta Gusti ngutus Roh Suci *3 Punika pawartos bingah Sih rahmating Sang Kristus Inkang seda sinangsara sarta wungu saestu ing dhinten pantekosta Gusti ngutus Roh Suci === no 90 1=C 4/4 judul Gumelaring Kratonipun Gusti *1 Mugi Tuwan karsa angutus Utusan kados duk kinanipun Ingkang ngemban sabdane Allah Lan ngabarken sih piwelasipun Supados tyang salumahing bumi Angsala wartos king Mahasuci *2 Mugi Tuwan ngawontenaken Abdi prawira kang sami nyebar Tetaneman mugi dadosa Ngantos dinulu abyor ing sekar Wedalipun yen panen sageda Ambingahaken sestu ing driya *3 Sabdane Allah badhe unggul Pepetenging dosa badhe kawon Mekaten ugi tyang sembrana Lan kang kawengku ing gugon tuhon Rahajeng kang pitados ing Gusti Klayan bingah asmane pinuji! *4 Kula sami sujud sumungkem Wonten ngarsanya Rama kawula Sarta kula sami nyenyuwun Mugi karaton Tuwan rawuha! Tiyang ing pundi-pundia samya Pitadosa ing Gusti kawula! === no 91 1=F 3/2 judul Nyuwun Melaripun Kratoning Swarga *1 Dhuh Gusti mugi angelar Kraton Tuwan ing sajagad Pra umat samya sujuda Dhateng Tuwan kang mengkurat *2 Tyang kapir Tuwan dhawuhi Ingsun Yehuwah Pangeran Gempura brahalanira! Kang sinembah munga Tuwan *3 Mbirata saliring gunan Jimat, tumbal, japa mantra Munga rahe Putra Tuwan Kang denanggep salir bangsa *4 Umat Tuwan Banisrael Mugi enggal ingantukna Dhateng nagrinya pusaka Tobata mring Ratunira *5 Dhuh Gusti kawula Yesus Tuwan mugi nunten rawuh Israel klayan pra umat Ngluhurna Tuwan sabyantu Amin... === no 92 1=G 6/8 judul Sabdanipun Allah *1 Mugi wradin ingundangna Sabdeng Allah mulya Wah mrasuka ing wardaya Sabdeng Allah mulya Sabdeng gesang langgeng Yogya kula anggep *reff Sabda mulya, sabda mulya Sabdeng Allah mulya Sabda mulya, sabda mulya Sabdeng Allah mulya *2 Gusti kang nglairken mring wang Sabdheng Allah mulya Tyang dosa kang winartosan Sabdheng Allah mulya Tyang trenyuh ing driya Sami anilingna *3 Iba dennya mbingahken tyas Sabdheng Allah mulya De nglairken sih-piwlas Sabdeng Allah mulya Nucekken jalma Nuntun dhateng swarga === no 93 1=F 4/4 judul Kratoning Swarga *1 Kraton swarga saestune Ndhatengi saya wewah Kathah tiyang kang pracaya Kanca den sami bingah Ingkang trusing wardaya Kathah tiyang pracaya *2 Pamujiku maring Allah Mugi-mugi wontena Ewon-ewon kang pracaya Kraton swarga sageda Mindhak saya ajembar Melara ing sajagad === no 94 1=F 4/4 judul Pamradining Injil Sajagad *1 Ginanjara berkat salam Eh pra utusan setya Kang ngundhangken kabar slamet Mring pra umat parenca Saya wratakna prangira Lan brahala wah peteng Gusti kang anganthi sira Pangreksanya tan sepen *2 Tetunggul salibe Gusti Den ulukna lan tatag Nganti ing salumah bumi Suwura sihe Allah Padha dadia cihnanya Kristus yen pinaringan Para umat sadayanya Bra cinawisan slamet *3 Dhuh Gusti, mugi nglaraken Pangundhanging sih Tuwan Ngantos kang dereng midhanget Tan kantun satunggal tyang Para umat winulanga Mlampah neng padhang suci Sihe Rama kamulyakna Wonten salumah bumi *4 Boten sandhe badhe dugi Jaman mulya punika De Allah mesthi mumpuni Ing pundi pakaryannya Dhuh Rama, mugi kang asma Mulyaa ing sajagad Margi tinampen sawabnya Dharahing salib Tuwan *5 Pra abdi Tuwan kang setya Sami sinantosakna Linipura de cahyanya Berkat Tuwan kang adya Matemah kendel majunya Ing tengahnya pra umat Ginelakna jaman mulya Wradining kraton Tuwan === no 95 1=G 2/4 judul Ing Waktu Badhe Winulang *1 Kula sami kekempalan Memuji dhateng Paduka Dhuh Allah ingkang Sinuwun Ing salami-laminipun *2 Nggen kula badhe winulang Mugi Paduka paring trang Kula sageda mangertos Sarta nglampahi sayektos *3 Ingkang kinarya lantaran Memulang ing pasamuwan Mugi Paduka tulungi Lantaran saking Roh Suci *4 Roh Paduka tumendaka Ing manah kalebetana Mindhaka dados utami Ing lampah saya prayogi === no 96 1=G judul Ing Waktu Badhe Winulang *1 Dhuh Allah saben kula mriki Mugi ambektaa manah Ingkang temen saha kang sae Punapa malih kang lembah Supados pangandika Tuwan Kula sageda nyimpeni Kang sarta dipun estokaken Tinulungan ing Roh Suci *2 Dene nggen kula anenuwun Wonten ing greja punika Utawi yen nyaosi sukur Mugi-mugi katrimaha Dhuh Gusti, Sampeyan piyambak Wonten tengah kula ngriki Anedhaki ing manah kula Kang sarta dipun santuni === no 97 1=G 4/4 judul Bakda Winulang *1 Puji lan panuwun kadarbe Ing Rama kang wonten Swarga Kula angsal pinulang sae Sarta panglipur ing driya Mugi pangandikaning Gusti Dumunung ing manah kula Supados amadhangi mami Ing margi kang dugi swarga === no 98 1=Bes 4/4 judul Pamuji Bakda Winulang *1 Alleluyah, puji lan panuwun Kang sarta kaurmatan Sinaosna mring Kang Mahaluhur Wonten ing pasamuwan Sihe Rama mugi lumuntura Dhuh Gusti mugi melasi kula Roh Suci anunggila Klayan kula sadaya === no 99 1=Es 4/4 judul Baptisipun Lare Alit *1 Gusti mami, kula sami Nyaosken lare alit Mugi Gusti amaringi Pratandhaning sih Tuwan *2 Gusti seda krana kula Nggih krana anak kula Sagung dosa ingaksama Sami pinundhut putra *3 Baptis suci mratandhani Sih Tuwan kang pinunjul Allah Rama, Allah Putra Roh Suci Allah mami *4 Mugi Gusti mitulungi Bapa biyunging lare Kasagedna mulang yoga Ngabekti mring Gustinya *5 Mugi Gusti anjurungi Nggen kula ndongakaken Anak amba tinampia Mlebet pasam’wan Tuwan *6 Kula sami anyaosi Gung panuwun mring Tuwan De prasetyan lan sih Tuwan Tetep turun tumurun === no 100 1=Es 4/4 judul Baptisipun Lare Alit *1 Gusti mami kula sami Nyaosken lare alit Mugi Gusti anjurungi Nggen kula ndongakaken *2 Larenipun mugi dipun Ganjara umur panjang Sarta bagas kasarasan Rejeki sampun kirang *3 Mugi Gusti mitulungi Saha nglestantunaken Bapa biyung anggenipun Nggulawenthah yogane *4 Wau yoga angenira Dadosa tyang utami Saha malih angsala sih Ing Gusti tuwin tiyang *5 Kula sami anyaosi Panuwun ing Sampeyan Dene yogya nunggil kula Klebet umat Sampeyan *6 Iba begja kula samya Tiyang sepuh anema Yen tansaha lampah kula Sembada lan baptisna === no 101 1=G 4/4 judul Pandonganipun Tiyang Ingkang Saweg Nglampahi Kabaptis *1 Gusti kang seda gentose Tiyang dosa kang nista Tiyang ingkang pangraose Gadhah manah kang cela Ngakeni dosanipun Mawi wirang lan getun Temen nyuwun pangapunten Nggih mesthi Tuwan apunten *2 Kula sami ngaken dosa Wonten ngayunan Tuwan Tuwan adamel santosa Tyas kula kang kwirangan Drapon mantep ngandela Janji Tuwan kang setya Myang kasucekna ing driya Asma Tuwan pinujia *3 Gusti asih lan prawira Juru pangen kang setya Kang sampun masrahken srira Seda krana pra menda Kula sami lumebet Pamong Tuwan kang pened Kula menda pepanggihan Kang cinandhang ing kamulyan *4 Mangke kula ingecapan Manjing kagungan Tuwan Alepat ukum myang laknat De nunggil seda Tuwan Mangke kula tyang dosa Kasiraman ing toya Pasemone ing patobat Tuwan nyampurnakken tobat *5 Tuwan mugi aniteni Manah kula tumennya Inggih karsa angideni Kadrenging kajat kula Nyuwun baptis samangkya Drapon tansah ngestokna Karsa Tuwan kang pinuji Margi dening Roh kang Suci === no 102 1=G judul Sadherek Enggal *1 Dhuh Gusti kula ndongakaken Sadherek enggal punika Sageda mantep ing pitados Tobata kang trusing driya Sampun kawon dening panggodha Angsala idi Sampeyan Supados klujengan neng donya Tumekeng jaman klanggengan *2 Dhuh Gusti kula ndongakaken Sadherek enggal punika Sageda mantep ing patobat Sarta temen ing pracaya Mugi Roh Suci ngaubana Kawula sapasamuwan Supados sami lestantuna Dados kagungan Paduka === no 103 1=G 4/4 judul Pangaken Pitados *1 Kula pitados ing Allah Sang Rama kang Ma’ kwasa Ingkang nitahaken langit Lan bumi saisinya Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus kang Putra Ontang-anting lan kekasih Gusti Pamarta kula *2 Kang sampun kabobotaken Sing kwasane Roh Suci Miyos saking Prawan Maryam Nahanaken pisakit Kala Pontius Pilatus Ingkang jum’neng bupatya Sinalib nglampahi seda Tumedhak ing antaka *3 Tigang dintenipun wungu Sing antaka, dyan minggah Dhateng swarga apinarak Neng tengenipun Allah Sang Rama kang Mahakwasa King ngriku badhe rawuh Angadili tiyang ingkang Gesang lan ingkang pejah *4 Nging pitados ing Roh Suci Wah malih wontenipun Pasam’wan Kristen satunggil Kang suci sarta umum Pitepangane pra suci Pangapuntening dosa Tanginira para mati Kang sarta gesang baka === no 104 1=G judul Ing Wekdal badhe Bujana Suci *1 Iba kasaenaning Gusti Andhawahaken bujana Mring para abdine kasuprih Mantepipun ing pracaya Punapa malih rukunira De sampun pitungkas Tuwan Dhateng para sakhabatipun Sami kinen sih-sinihan *2 Mila kula gadhah panyuwun Kang mugi-mugi wontena Sih jumurunging Gusti piyambak Nggen kula sami bujana Supados estu andadosna Tetepipun ing pracaya Saha indhaking tresna kula Mring para sadherek samya *3 Dhuh Gusti, anggen kula niti Priksa kawontenanipun Ing manah sageda pinanggih Kang dados klepatan kula Saha denakeni tumunten Sampun kula pitambuhi Aluwung nyuwuna apunten Kang sarta tobat ing Gusti *4 Punapa kula ngenget-enget Dhateng pisakit Sampeyan Mangka boten purun nelangsa Rumaos ing kalepatan? Punapa boten dosa kula Kang denrembat dening Gusti? Yogya kemawon sawarnining Piawon kula singgahi === no 105 1=D 4/4 judul Bujana Suci *1 Dhuh Allah kang Ma’ Wilasa Sampeyan aparing sih Kula kasandhangan dosa Nging Sampeyan kang ngaksama Tansah amaringi sih Piwlas kang Mahaluwih *2 Bujana suci kang nggugah Rumaose pra kanca Iba kawlasane Allah Mring kula wah tiyang kathah Duk masrahken kang Putra Amrih kraharjan kula *3 Roti kang cinuwil-cuwil Sarta sami dentedha Yeku salirane Gusti Semana pinaringaken Maedahi pra s’khabat Miwah tiyang sajagad *4 Tuwung kang sami denombe Yeku darahe Gusti Rahing prajanjian anyar Semana winutahaken Dados lantaranira Pangapuntening dosa *5 Gusti ingkang maringaken Sliranipun priyangga Sestu dipun tombokaken Nggenipun angentasaken Para umat sadaya Ingkang sami pracaya *6 Kula sami anampeni Palimirma Sampeyan Boten wonten kang nyameni Dhahar dalu kang nekseni Palimirma Sampeyan Sestu tanpa wangenan *7 Dosa kula langkung kathah Kula sami ngakeni Sampuna Gusti apasrah Ngantos dumugi ing seda Kula pados mring pundi Icaling dosa mami *8 Mila kula mradinaken Menggah seda Sampeyan Ingkang ngrahayonaken Saha ingkang nglepataken Kula sing paukuman Mung sedane Panutan === no 106 1=Es 4/4 judul Bujana Suci *1 Kula nika tiyang dosa Lan sami tinimbalan Dening Gusti kang Ma’ Suci Kinen sami tunggalan *2 Kang nimbali wus nyawisi Bujana ingkang suci Ingkang suka manah rena Mila gung kula puji *3 Tiyang dosa lan duraka Kang sami tinedhahan Angger tampi wlase Gusti Sam’yangsal kanugrahan *4 Gusti mulya kang wilasa Kang nrimah tiyang dosa Manah kula sinucekna Lan angsala santosa *5 Manah kula samya nlangsa Sedhih langkung kepatos Yen sampuna antuk mirma Saestu mutawatos *6 Nging pinuja salaminya Tuwan kang Ma’ Wilasa Pangluwaran myang kraharjan Welas Tuwan kang yasa *7 Wit kawlasan srira Tuwan Sampun Tuwan srahaken Kasangsaran dharah Tuwan Tiyang kang ngwutahaken *8 Tuwan seda krana kula Kula temah kluwaran Saking pejah lan pangesah Wah sagung panasaran *9 Allah nrima dhateng kula Punika panjerira Anggur roti kang denbukti Minangka kang sarira *10 Kula sami anampeni Sih Tuwan kang sampurna Kang katandhan ing rah Tuwan Allanggeng kaluhurna === no 107 1=Bes 4/4 judul Dhaupipun Sadherek *1 Tetangsul ing dhaup suci Suh awet saha manis Nunggilken manah kekalih Temah sae kakapti Sami rukun atut runtut Wah trisnanira salutut Sami mukti saestu *2 Dhuh Allah, purbaning tresna Atur panyuwun kula Mugi parenga ing karsa Tuwan maringi idi Sarta malih anjangkungi Sadherek kula punika Panganten jaler estri *3 Mugi nggennya sesemahan Kalulusna ing Tuwan Ginanjara berkat slamet Nggih berkating katrisnan Engthenga bot repotira Tebihna bencananira Tiyang gesang neng donya *4 Mugi Tuwan cakepana Ing sabetahing griya Sinungana umur panjang Wah bagas kasarasan Dhaupnya dadosa, temah Anggenipun momong anak Kalayan kraharjan *5 Mugi agunga sih Tuwan Dhateng panganten kula Sami dados sesemahan Rengganing pasamuwan Nunggila ing pangabekti Saha pandonga mring Gusti Kaserepan tyang alim === no 108 1=C 4/4 judul Dhaupipun Sadherek *1 Sadherek kula niki Kang saweg kawinan Kula pepujekaken Wonten pasamuwan *2 Kang mugi Gusti Allah Maringana idi Kang dados wilujenge Nggene laki rabi *3 Panjanga umurira Cekapa rejeki Tulusa sih-sinisihan Dumugi ing janji *4 Pundi dununging trisna Kadhawahan berkat Kanggenan Gusti pyambak Lan urip tan pegat === no 109 1=C 4/4 judul Karahayonanipun Tiyang Gegriya *1 Mendah nea rahayu tyang gegriya Klayan tansah rumaket mring Gusti Kanggep mitra myang tuking basukinya Sarwi bingah prenthahnya pinundhi Seka kapti anilingken sabdanya Angabekti Allah klayan eklas Rinten dalu angluhurken asmanya Myang sumuyud kalayan trusing tyas *2 Mendah nea rahayu tyang semahan Klayan nunggil tresnanya mring Gusti Runtang-runtung denira sih-sinihan Klayan saekapraya lan budi Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng Mring idi Tuwan sarwi memuji Ing satitah nrimah klayan pitajeng Saha tresna dumugi ing janji *3 Mendah nea rahayu para lare Ingkang sampun awit lair mila Sinaosken mring Gusti Pamartane Inggih dening bapa biyungira Kang sarta tansah dipun dongakaken Wah pinerdi umarek mring Gusti Wit alit mila ing sasaged-saged Ugi tumut ndedonga lan muji *4 Rahayu tyang lamun dennya bebungah Klayan emut wah sukur ing Gusti Lamun sakit utawi nandhang susah Nggih namung Tuwan kang den plajengi Rahayu tyang lamun atilar donya Aneng patunggilane Pamarta Jasade ginentosan badan mulya Neng daleme Sang Rama ing swarga === no 110 1=G judul Nucekaken Greja Enggal *1 Daweg sami minggah sudara Melbet ing greja punika Sami sujud mring kang Makwasa Anggunggung kadarmanipun Dene greja enggal punika Saestu dados pratandha Yen Gusti tansah anjangkungi Sarta ngayomi pasam’wan *2 Dhuh Gusti, kula nucekaken Gareja enggal punika Kang sarta kula suwunaken Pangreksa Tuwan kang kwasa Kang mugi marengi ing karsa Anganggep greja punika Kados kagungan Tuwan pyambak ‘Nggih padaleman Tuwan *3 Lamun pasam’wan Tuwan sujud Wonten ing greja punika Ndedonga lan nyaosi sukur Mugi-mugi katrimaha Ing saben-saben Injil Tuwan Ginelaraken ing ngriki Kang mugi-mugi kairinga Ing Roh Tuwan kang Ma’suci === no 111 1=F judul Rerepen Ing Wanci Dalu *1 Kula angalembana Tuwan Ing wanci dalu punika Padhanging surya sampun ical Nging Tuwan tan nilar kula Tuwan ingkang ngrimati kula Ngungkuli bapa ing donya Dhuh Rama ingkang Mahamirah Saiba sih kawlasanta *2 Asta Tuwan rumeksa kula Aparing sandhang lan teda Dene yen kula manggih sisah Tansah mitulungi amba Wiwit ing wanci enjing-enjing Ngantos ing dalu samangkya Tuwan ngamping-ampingi kula Kalayan kadarman Tuwan *3 Saklangkung panuwun kawula Dhuh Rama kang wonten swarga De saking gunging palimirma Tan etang piawon kula Dhasar Gusti kang Putra Tuwan Kang nanggel dosa kawula Temahan kalepatan kula Tuwan apunten sadaya *4 Ing sauruting dalu mangke Tuwan ngemuli kawula Raga lan sukma kula pasrah Inga asta Tuwan kang kwasa Bencana kaliyan piawon Mugi Tuwan tebihaken Supados tangi kula enjing Kang klayan kawilujengan *5 Dhuh Tuwan andel-andel kula Ing waktu dalu lan siyang Kang mugi Tuwan angayomi Kula ing salami gesang Dene yen kula tilar donya Kesaput daluning pejah Mugi icala petengipun Kasorotan ing sih Tuwan === no 112 1=G 2/4 judul Warsa Enggal Kirang Sedinten *1 Gentosing wulan lan warsi Damel getun kula yekti Dene lampahe kok rikat Namung sanetra prasasat *2 Mekaten dadose sirna Kamulyaning alam donya Mekaten badhene ical Samukawis kang ketingal *3 Kejawi mung Gusti Allah Ingkang boten ewah-ewah Pangeran kang Mahaagung Yeku piyambak kang langgeng *4 Prayogi denalembana Ngantos salami laminya Allah kang tanpa wiwitan Utawi tanpa wekasan *5 Dene kalepatan kula Slamining taun punika Dhuh Rama, sampun ngemuti Mugi Rama ngapunteni *6 Sampeyan karsa ngaksama Lantaran saking kang Putra Kula pikantuk pawartos Rahayu kula pitados *7 Kawula darbe panyuwun Ingkang mugi mindhak taun Mindhaka padhang ing manah Miwah utamining lampah *8 Sanajan enggal gumantya Dinten lan wulan myang warsa Yen kanggenan gesang langgeng Kula sestune wilujeng === no 113 1=G judul Warsa Enggal *1 Sareng gumantining warsa Kula sami ndedonga Dhuh Rama kang munggeng swarga Mugi-mugi langgenga Sih kanugrahaning Rama Dhateng kula sadaya Pinaringana wilujeng Raga kaliyan sukma *2 Kula sami masrahaken Badan kula mring Rama Ingkang boten ewah-ewah Ing salami-laminya Sinungan kang sarwa s’keca Manggiha kasusahan Kula mesthi sami tansah Sumendhe ing Sampeyan *3 Mugi Rama nglulusaken Anggen kula pracaya Sarta malih patobating Para kanca sadaya Angsala idine Gusti Amargi sih-sinihan Wah rukunira dadosa Rejaning pasamuwan === no 114 1=Des 4/4 judul Wilujeng Mlampah *1 Mugi sih rahmate Jeng Gusti Lan sihe Allah Sang Rama Nunggila ing pra sudara Pinanggiha sami basuki Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih *2 Mugi sami awilujenga Kang lumampah myang kang kantun Rineksaa Hyang Ma’agung Ngantos benjing sami pinanggya Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih *3 Mugi sami pinanjengena Ing umur lan basukinya Sagung ribed tinebihna Pinanggiha sami raharja Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih *4 Dene lamun wus tan pinanggya Aneng donya ngriki malih Benjing samia pinanggih Arahayu dumugeng swarga Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih *5 Lamun sampun dumugeng janji Ndhungkap waktu tilar donya Nggih wilujenga lakunya Pinanggiha sami basuki Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih === no 115 1=D 4/4 judul Pangandel Dumateng Allah *1 Neng gunung wah neng ngare Gusti Allah ana Nyanga ngendi paranku Mesthi ana uga Endi kang dadi cipta Lan osiking ati Kabeh mesthi kapirsan Ing Allah Hyang Widi *2 Sang Rama aneng swarga Mengku samubarang Sing sapa kang kumandel Mesti tinulungan Manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni Suket lan tethukulan Wrata denpaesi *3 Neng swarga lan neng bumi Wengkone Pangeran Jasad gedhe cilika Allah tan klimengan Saliring tumitahnya Sajagad warata Tansah anelakake Piwlas lan kwasanya *4 Dhuh nyawaku den ayem Tansah kumandela Nang kanan lan kirimu Rama Allah ana Lamun kabotan susah Tiningal ing sanak Dalah yen ndhungkap mati Allah mesti celak === no 116 1=G 3/4 judul Gusti Allah Kang Kagungan Puji *1 Puji mring Allah, Pangeran Kang maha wisesa Mara jiwaku abareng Lan bala ing swarga Muji rame, Unekna gong lan bendhe Drapon wong nglumpuk nglembana *2 Puji mring Allah Kang mulya lan adil pangrehe Anjangkung sira Lir manuk beri mring anake Kang maringi sing nyata munpangati Puji Gusti salawase *3 Puji mring Allah Kang nitahken manusa mulya Kang ngreksa Bagas kasarasanmu salaminya Kala susah, Gusti ngluwari tansah Nyirnakken salir rencana *4 Puji mring Allah Kang tan kendhat ngganjar raharja Kang luwih agung Tresnane mring para wong dosa Elinga ta, tulunge Kang Ma’mulya Marang pra wong kang pracaya *5 Puji mring Allah Dhuh jiwaku, puji asmane Pra makluk wrata, Sira padha muji kang rame Allah yeku padhang lan pikekahmu Pujinen langgeng slawase === no 117 1=C 4/4 judul Pamuji Konjuk ing Allah *1 Pinujaa Allah Rama, Kang murbeng jagad Ma’kwasa Kang agung ing wilasa Pinuja asih mirmanya Kamulyan ing sapangrehnya Wradin ingurmatana *2 Pinuji Putrane Allah Tedhak sing dhampar kaswargan Mbekta salamet nyata Seda wit dosaning jalma Lan sung gesang margi seda Wradin ingurmatana! *3 Pinuji-puji Roh Suci Jalma wuta denpadhangi Dumunung aneng praja Linipur winulang nyata Cinawisaken mring swarga Wradin ingurmatana *4 Dhuh Rama, Putra, Roh Suci Tuwan sayogya pinuji Klayan trus ing wardaya Pangeran suci sampurna Pamengku Tuwan kang mulya Wradin ingurmatana! === no 118 1=F judul Sih Kawelasanipun Allah *1 Kula sami kekempalan Memuji dhateng Allah Kang Maha asih Mahawlas Mring kang sruwatu mitah *2 Agung kanugrahanipun Kang maring para umat Agung palimirmanipun Mring tiyang kang mratobat *3 Ngantos kang Putra pribadi Ingutus dhateng donya Awit sihe Allah inggih Sinungken mring manusa *4 Supados sawarninipun Tetiyang kang pitajeng Mring kang Putra, sampun ical Angsala urip langgeng === no 119 1=G judul Sih Palimirmanipun Allah *1 Adhuh Allah Rama kula Kang munggeng swarga adi Sowan kula akaliyan Sadherek kula sami Kadreng pikajeng kula Mulyakaken mring Rama Nyaosi pamuji tuwin Panggunggung kang trus ing batin *2 Wit kathahing sih peparing Sarta kawlasan Rama Ingkang tansah ambleberi Dhateng kula sadaya Ngantos tanpa etangan Dene sih kamirahan Wah pitulung Tuwan sestu Tan pegat siyang lan dalu *3 Dhuh Rama, kula punika Sinten, dene kok Tuwan Welasi kelangkung-langkung Ngatahaken kadarman Sedheng kula tyang dosa Kathah klepatan kula Boten pisan yen nimbangi Sihing Rama kang Ma’suci? *4 Tan liya mung palimirma Tuwan ingkang tetela Dening Gusti kula Yesus Putra Tuwan priyangga Mila den gunggung-gunggung Palimirma kelangkung Nglepataken saking siksa Temahan paring nugraha *5 Punika anama Injil Pawartos kang prayogi Kang kawradin wradinaken Ing salumahing bumi Kula nggih winartosan Kabar kawilujengan Kang cinandhang para umat Dening Pamartaning jagad *6 Dhuh Rama, kula nyaosi Sewu-sewu panuwun Dene marengi ing karsa Paring serep mring ulun Panutan kang sejati Kang ngungkuli pra nabi Lantaran kula raharja Malah ginantungan swarga *7 Mugi mugi jasad kula Sami dipun langgengna Salebeting prajanjining Sih palimirmanipun Mugi kawewahana Ing pitados wah tresna Sageda mantep ing Gusti Lantaran saking Roh Suci === no 120 1=C 4/4 judul Sih Kamirahanipun Allah *1 Sih Tuwan dhuh Allah kula Amengku sajagad rat Paring Tuwan tumpa-tumpa Siyang dalu amirah Sawarnining titah Tuwan Lineban kasaenan Anandani kasampurnan Ing sih Tuwan tan jajag *2 Sih kang murba ing buwana Sih kang nitahken jalma Manci umuring pra amba Klayan sapatitisnya Sih kang ngreh salampah kula Tinakdir sapinanggih Klayan mirma kang pinuja Kraharjan kang sinuprih *3 Sih mirma kang maringaken Putra Tuwan pribadya Sih mirma kang nyawisaken Panebusing tyang dosa Margi kang Putra punika Sih wlas Tuwan tumama Lan akarya basukinya Tyang kumandel sadaya *4 Rama kula binangkitna Ngraosaken sih Tuwan Klayan madhep salaminya Neng peteng wah neng padhang Narimaha kang ginandhang Matemah tansah muja Klayan trisna trus ing manah Sih wlas Tuwan kang setya === no 121 1=Es 4/4 judul Sih Palimirmanipun Allah *1 Sihe Allah maring jagad Ngantos nyangken kang Putra Mring campah lan kawirangan Drapon jagad slameta Duk taksih samya duraka Kula sinungan welas Seda putrane Allah Anebus kula sing nraka Allah asih, manusa lan mlaekat mujia *2 Drapon luwar saking dosa Kula sinung Roh Suci Kang nitahken tyas santosa Anglipur lan madhangi Angreh lampah lan pangrasa Salebet waton tresna Mulang tataning swarga Matemah raharja baka Allah asih, manusa lan mlaekat mujia *3 Niku sih kang ngeramaken Tanpa tandhing tur mirah Tyang dosa karukunaken Manjing putraning Allah Nadyan agetun de apes Lan risaking tyas kula Sihe Rama kang setya Nulungi lan mirma ageng Allah asih, manusa lan mlaekat mujia *4 Biyung napa saged tega Bayine manggih tiwas ? Napa pantes nama rena Kolu risaking anak ? Langkung malih, adhuh Rama Kang mirsa ribed kula Tuwan mlasi ribed kula Kang sampun sinung aksama Allah asih, manusa lan mlaekat mujia *5 Lamun kula ngajengaken Badhe apegat nyawa Ngriku ugi taksih mantep Nggunggung sih palimirma Inggih kula luhuraken Neng ngarsane Sang Rama Wah ngarsane kang Putra Tansah mawi ngidhungaken Allah asih, manusa lan mlaekat mujia === no 122 1=G 3/4 judul Rumentahing Palimirma *1 Kula tyang dosa klangkung ageng Rinentahan palimirma Punika ngeram-eramaken Kawula sewu tan nyana Mangkin tan wonten paniksa Mangkin tan wonten paniksa Ming rumentahing sih mirma Ming rumentahing sih mirma *2 Allah ngasihi dhateng kula Dosa kula ingaksama Tan wonten mulading bendhunya Wit kula ingangkat putra Kula punika sinten ta ? Kula punika sinten ta ? De rinentahan sih mirma De rinentahan sih mirma *3 Sayogya kula gunggung-gunggung Palimirmanipun Allah Kang nglepataken saking ukum Wah nucekaken ing manah Panggunggung kula tan liya Panggunggung kula tan liya Ming bab rentahing sih mirma Ming bab rentahing sih mirma *4 Dhuh Gusti, kang kula ‘ndelaken Ming palimirma Sampeyan Niku kang kula landhesaken Samasa sowan mring Tuwan Pegata nyawa kawula Pegata nyawa kawula ‘Nggih taksih ngunggung sih mirma ‘Nggih taksih ngunggung sih mirma === no 123 1=G 6/8 judul Ngluhuraken Allah *1 Daweg sami muji Allah Pangeran mahawlas Kang tansah paring kadarman Pangeran mahawlas Rinten dalu dhatan kendhat Dennya anjangkung kang umat Mila daweg muji Allah Pangeran Mahawlas *2 Tan malesken dosa kula Pangeran Mahawlas Nging sarju paring apura Pangeran Mahawlas Ngantos kang Putra kekasih Sinrahken seda sinalib Mila dhaweg muji Allah Pangeran Mahawlas *3 Dhaweg den wangsuli tresna Pangeran Mahawlas De agung sihe mring kula Pangeran Mahawlas Dhaweg den ngarah utami Tinulungan ing Roh Suci Dhaweg muji : Alleluyah Pangeran Mahawlas === no 124 1=E 4/4 judul Panggunggung Konjuk Mring Pangeran *1 Pangeran Mamulya, Yogya kula puja Dene agung kadarmannya Kang sumrambah mring kula Dhatan wonten wicalannya Tan kendhat lumintunya Pangeran Ma’mulya yogya pinuja Pangeran Ma’mulya yogya pinuja *2 Pangeran Mamulya, Yogya kula puja Dene karsa maringaken Putranipun pribadya Diandosken Juru slamet Myang Pamarta kawula Pangeran Ma’mulya yogya pinuja Pangeran Ma’mulya yogya pinuja *3 Pangeran Ma’mulya Yogya kula puja De tan malesaken Ing klepatan kawula Malah dipun sucekaken Sarta ingangkat putra Pangeran Ma’mulya yogya pinuja Pangeran Ma’mulya yogya pinuja === no 125 1=Bes 3/4 judul Sih Palimirmanipun Gusti *1 Gusti kula ingkang wonten ing swarga Asma Tuwan kawula puja-puja Dene agung palimirma Tuwan Alleluyah, Alleluyah *2 Tuwan rawuh ing alam donya ngriki Awit welas, karsa amitulungi Dhateng kula tiyang kang kadosan Alleluyah, Alleluyah *3 Tuwan seda krana kula tiyang dosa Iba gungnya sih Tuwan dhateng kula Mila kula memuji mring Tuwan Alleluyah, Alleluyah === no 126 1=Es 4/4 judul Nyuwun Manah Suci Ingkang Pitajeng *1 Hyang Ma’suci, kang ningali Batining samudaya Mirsa kula jember nistha Risak de gung duraka *2 Cahyeng lintang kredhep endah Tan padhang neng ngarsanya Mangka kula kebak dosa Kados napa rupanya ? *3 Kula ngungsi dhateng pundi Dhuh Allah murbeng nyawa ? Dhateng Tuwan kang wit welas Tan nampik tyang cilaka *4 Putra Tuwan sampun nyandhang Margi dhateng tyang dosa Antuk sowan ngarsa Tuwan Kang maha asih darma *5 Amin, inggih wit gunging sih Neng Golgota sedanya Srana rahnya manah kula Sirna sagung dosanya *6 Suprandenya tyasing abdya Kedah supe lan gingsir Sring klepatan ngantos uwas Prihatos miwah tintrim *7 Dhuh Rama gung Tuwan tulung Tatag pitados kula Saking tresna angestokna Karsa Tuwan kang mulya === no 127 1=C 4/4 judul Pangandel *1 Amung kumandel iku Uwiting karosanku Amung kumandel iku Etuking kraharjanku Aku dhatan kuwatir Pangeran pepujanku Allah dadi kraharjanku Uwiting karosanku *2 Amung pracaya iku Kang mbungahken driyaku Amung pracaya iku Panglipuring batinku Aku dhatan kuwatir Pangeran pepujanku Allah dadi kraharjanku Uwiting karosanku *3 Srana pangandel iku Ngilangken prihatinku Srana pracaya iku Nyirnakken kuwatirku Aku dhatan kuwatir Pangeran pepujanku Allah dadi kraharjanku Uwiting karosanku === no 128 1=G 3/4 judul Kinanthi ing Gusti *1 Gusti Yesus pangen mami Iba gunging sih Tuwan Ing sapurug-purug kula Nyuwun panganthi Tuwan Kinanthi ing Gusti Kinanthi ing Gusti Ing satitah kula nrimah Angger kinanthi Gusti *2 Kula boten nyuwun bandha Tan nyuwun kadrajatan Kang kawula suwun namung Kinanthia ing Tuwan Kinanthi ing Gusti Kinanthi ing Gusti Ing satitah kula nrimah Angger kinanthi Gusti *3 Kula mugi Tuwan tuntun Ngantos dugeng wekasan Dyan mlebet kula ing swarga Nggih kinanthi ing Tuwan Kinanthi ing Gusti Kinanthi ing Gusti Ing satitah kula nrimah Angger kinanthi Gusti === no 129 1=D 4/4 judul Gusti Panuntun Kula *1 Gusti nuntun lampah kula Saklangkung nggen kula begja Tenga pundi purug mami Tansah kula dipun kanthi Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti *2 Dadosa mlampah yen siyang Yen manah raose padhang Dadosa kesaput ratri Kula dipun kanthi Gusti Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti *3 Gusti nuntun, kula pasrah Klayan nrimah ing satitah Tiwas, begja kula pundi Angger dipun kanthi Gusti Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti *4 De yen sampun dugi janji Sampun ndhungkap langkah mami Sun tan ajrih tan sumelang De Gusti kang nganthi mring wang Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti === no 130 1=A 3/4 judul Nunggil Kaliyan Gusti *1 Yen nunggil lan Gusti, rinten dalu. Manah langkung tentrem, a rahayu. *reff Kula a ngantos Gusti, siyang klayan ratri. Nyuwun berkah dhuh Gusti, Gusti mami. *2 Yen nunggil lan Gusti, jro ginoda Kula saged unggul, maring dosa *3 Yen nunggil lan Gusti, siyang ratri Birat najis kula, temah suci *4 Yen nunggil lan Gusti, saged ngertos Kang dados karsanya, ing sayektos *5 Yen nunggil lan Gusti, kasusahan Mantun kagentosan, kabingahan *6 Tuwan mugi nunggil, klayan mami Kula kagunganta, Tuwan kanthi === no 131 1=A 4/4 judul Gusti Mugi Sampun Langkung *1 Gusti mugi sampun ngantos Nglangkungi ulun Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun *2 Gusti mugi myarsakaken Pasambat mami Sinten malih ingkang kenging Kula sambati Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun *3 Nggen kula darbe panyuwun Namung sih Tuwan Ingkang kula damel uger Miwah landhesan Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun *4 Tuwan mugi aningali Tyas kula trenyuh Kang sarta Tuwan jampeni Sageda teguh Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun *5 Gusti tuking sagung lipur Mugi nglipura Manah kula kang kawratan Dening cintaka Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun *6 Aneng donya wah neng swarga Kula tan darbya Andel-andel malih, namung Tuwan priyangga Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun === no 132 1=Es 9/8 judul Tinebus Babar Pisan *1 Uwal sing laknat iba begjaku Gusti wus seda mbirat dosaku Temah luwar sing paukuman Dennya ngluwar babar pisan *reff Babar pisan dennya nulungi Babar pisan dennya ngrampungi Rumaketa ing pamentangan Mesthi luwar babar pisan *2 Saiki kita padha mardika Gusti wus nanggel ing slamet kita Linuputken sing karusakan Sinucekken babar pisan *3 Putrane Allah sebutan kita Kang tilas satru pinundhut mitra Kang utang pati inguripan Wit tinebus babar pisan === no 133 1=Es 3/4 judul Pamarta Kula *1 Aku duwe Pamarta Lah saiba begjaku Aku dadi kagungane Wah Gusti ya duwekku *reff Duwekku, duwekku Gusti Yesus Pamartaku Sun dadya kagungannya *2 Saka ing kitab Injil Sun antuk warta tuhu Lamun Gusti Yesus Kristus Dadi Juru slametku *3 Nadyan sun aneng peteng Wah kasusahan kalbu Nging Gustiku dhatan ewah Tansah dadya duwekku *4 Nadyan apes lan sekeng Miwah lungkrah awakku Nanging Gusti ingkang kwasa Dadi andel-andelku *5 Besuk yen tinggal donya Aku seba mring Gusti Dyan slamanya asumungkem Lan nyebut Gusti mami === no 134 1=G 6/8 judul Kula Ugi *1 Adhuh Gusti kula mireng Kathah tyang ingkang samya Binerkahan dening Tuwan Mugi mberkahi kula Nggih kula, ‘nggih kula Mugi mberkahi kula *2 Mugi sampun anglangkungi Dhateng kula, dhuh Rama Tyang kathah Tuwan welasi Mugi mlasi mring kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi mlasi mring kula *3 Sampun anglangkungi kula Dhuh Pamarta kang setya Tuwan nimbali tyang dosa Mugi nimbali kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi nimbali kula *4 Dhuh Roh Suci, mugi sampun Anglangkungi mring amba Tyang wuta Tuwan padhangi Mugi madhangi kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi madhangi kula *5 Dhuh Pangeran, sampun alangkung Sih Tuwan sumrambaha Tyang sanes Tuwan berkahi Mugi mberkahi kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula mugi mberkahi kula === no 135 1=Es 3/4 judul Gusti Pananggel Kula *1 Aku rehne sekeng Ngungsi maring Gusti Dene rahe kang suci Mbirat dosa mami *reff Gusti wus nyaur Pundhat utangku Dosaku luwih agung Nging Gusti kang nglebur *2 Namung kwasa Tuwan Dhuh Gusti Pamarta Ingkang saged ngluwari Kula saking dosa *3 Nggen kula nyenyuwun Kang dados landhesan Dede labet kawula Anamung sih Tuwan *4 Yen ndhungkap ngajalku Tansah dakandhemi Gusti Yesus wus nyaur Pundhat utang mami *5 De yen wus sampurna Aku aneng swarga Panebusku dakpuji Langgeng salamanya === no 136 1=F 6/4 judul Gusti Pangunsen Kula *1 Gusti mugi ningali Nggen kula kesrakatan Kula mlajeng mring pundi Anjawi dhateng Tuwan Dhuh Gusti nyuwun tulung Mugi nglanting kawula Sing karibedan agung Tinuntuna mring swarga *2 Tan wonten pangauban Namung sih rahmat Tuwan Tuwan dados plindungan Mring tyang kang kesusahan Yen kegunturan sedhih Wah kawratan ing dosa Sinten kang nglipur malih Lir Tuwan kang wilasa? *3 Tuwan dados pikekah Miwah beteng kawula Krosannya tiyang lungkrah Wah padhangnya tyang wuta Kula apes anglentrih Tuwan paringi kiyat Kula tyang kawlas asih Namung nyuwun sih rahmat *4 Sih Tuwan klangkung mirah Mugi linuberena Mring amba kang sulayah Tyas kula linejarna Gusti tuking kraharjan Kang kwasa mbirat dosa Mugi ngumbaha mring wang Dimen suci sampurna === no 137 1=G 3/4 judul Manggul Salib *1 Gusti Yesus kula badhe Nderek Tuwan slaminya Nderek manggul salib Tuwan Sajeg kula neng donya Kula Tuwan kiyataken Sageda tahan susah Sampun ngantos kemuriten Sampun cuwa ing manah *2 Nadyan kula sinengitan Dening tiyang neng donya Nadyan tinilar ing mitra Gusti tan nilar kula Lamun Tuwan ingkang nganthi Kula ndherek lan bingah Lamun Tuwan kang ngasihi Kula tan ngetang susah *3 Kasusahan lan sangsara Nyaketaken mring Tuwan Sarta ngatag manah kula Angupados kaswargan Kula anandhanga papa Angger sugih suwarga Ngangkah napa malih kula Lamun darbe Pamarta ? === no 138 1=F 3/4 judul Allah Mahaasih *1 Allah Ma’asih, asung Putranya Allah Ma’asih, asih mring wang Allah Ma’asih, asung Putranya Allah Ma’asih, asih mring wang *reff Mulane sun ngidung Allah Ma’asih Allah Ma’asih, asih mring wang *2 Ingsun binanda dening duraka Ingsun binanda tan saged wal Ingsun binanda dening duraka Ingsun binanda tan saged wal *3 Gusti ingutus dadya Pamarta Gusti ingutus ngentas mring wang Gusti ingutus dadya Pamarta Gusti ingutus ngentas mring wang *4 Gusti Pamarta nombokken nyawa Gusti Pamarta nebus mami Gusti Pamarta nombokken nyawa Gusti Pamarta nebus mami *5 Ingsun sinungan tentrem rahayu Ingsun sinungan ingaksama Ingsun sinungan tentrem rahayu Ingsun sinungan ingaksama *6 Sabdanya nyirep ngelihing sukma Sabdanya nyirep ngelaking tyas Sabdanya nyirep ngelihing sukma Sabdanya nyirep ngelaking tyas *7 Gusti marasken salir prihatin Gusti marasken tyas kang trenyuh Gusti marasken salir prihatin Gusti marasken tyas kang trenyuh *8 Sun pinaringan urip kang langgeng Sun pinaringan swarga adi Sun pinaringan urip kang langgeng Sun pinaringan swarga adi *9 Allah sunpuji de Maha asih Allah sunpuji salamanya Allah sunpuji de Maha asih Allah sunpuji salamanya === no 139 1=F 4/4 judul Gusti Yesus Ratu Adil *1 Gusti Yesus Ratu adil Panetep Panatagami Kang mengku sajagad rat Sagung ilat badhe nyebut Wah salir dengkul Asujud mring Gustine pra umat Mring Gustine pra umat *2 Namung dening Kangjeng Gusti Kita saged dados suci Kinumbah klayan rahnya Gesang langgeng wus sinungken Wah tyang dosa rinukunken Lantaran Sang Pamarta *3 Tiyang dosa kang kesrakat Tiyang sakit wah tyang mlarat Bra samya tinimbalan Dene dinten kang umarek Apitados ngarep-arep Mesthi ‘nggih tinulungan *4 Mila sampun ta semados Bok inggih samya pitados Mring Gusti Ratu amba Pinundia trus ing batos De Kang Kwasa karsa dados Juru Pamarta kita *5 Pra abdinya agiyaka Wah pra umat bra sumyaka Bagea Kang Sinuhun Kang rawuh ngagem asmanya Pangeran kang mahamulya Bagea Ratu ulun *6 Kula ugi tumut muji Miwah ngluhuraken Gusti Nadyan asor ing pangkat Gusti Yesus Ratu adil Panetep Panatagami Kang mengku sajagad rat === no 140 1=E 4/4 judul Tansah Bingah *1 Tyas kita dimen slamanya Bungah asukarena Dene Sang Rama ning swarga Nganggep putra mring kita *reff Mara tansah abebungah Saben dina antuk trang Dalaning urip endah apadhang Mara tansah den girang *2 Hyang Agung kang njangkung kita Rineksa ing panggoda Sih rahmatnya kang anglipur Paring kuwat santosa *3 Lamun kita nyingkur Gusti Neng ati peteng uwas Ilang kakuwatan kita Wah kabungahaning tyas *4 Balik wong kang amiturut Tansah padhang dalannya Mula mara manut Gusti Suminggah saking dosa === no 141 1=E 6/8 judul Dhamparing Sih Rahmat *1 Wonten satunggal panggenan Sayogya dados klangenan Mring tyang dosa kang mratobat Yeku dhamparing sih rahmat *reff Nggih dhamparing sih rahmat kang Nengsemken tyas kula Ngriku nggen kula ‘ntuk gesang Sinungan waluya *2 Ngriku Gusti dennya ngarih Manah kula yen asedhih Salir prihatin binirat Aneng dhamparing sihrahmat *3 Ngriku manah kula dennya Sinung unggul yen ginoda Tyang apes sinungan kuwat Aneng dhamparing sih rahmat *4 Ngriku tyas kula ingangkat Saking repot myang kesrakat Temah enteng tyas kang awrat Aneng dhamparing sih rahmat *5 Yen wonten sedhengah betah Utawi ribeding manah Dyan plajeng kula akebat Dhateng dhamparing sih rahmat === no 142 1=F 3/4 judul Kidung Panelangsa *1 Dhateng pundi Gusti kula Klangenaning tyas mami Dhateng pundi ta purugnya Pundi nggen kula nglari ? *2 Wit sing kathah cidra kula Mila ngantos koncatan Gusti kang madhangi manah Myang tuking kabingahan *3 Sakelangkung susah kula De tinilar Pamarta Tyas kula tan saged lilih Lamun dereng pinanggya *4 Sanget nggen kula kerantan Yen emut bingah kula Kala taksih pitepangan Klayan Tuwan ing sukma *5 Gusti Yesus sakelangkung Kangen kula mring Tuwan Sampun Tuwan tegakaken Mugi wangsul maring wang *6 Mugi karsa angaksama Ing klepatan kawula Tyas kula mugi dadosa Wisma Tuwan slaminya *7 Adhuh Gusti tuking lipur Mugi wangsul mring kula Kula badhe ngestokaken Prentah Tuwan sadaya *8 Kula boten purun malih Akarya sekel Tuwan De puruging tresna mami Namung dhateng Sampeyan === no 143 1=G 3/4 judul Enggaring Manah *1 Uripku pindha pangidung Sumaos mring Pangeran Nadyan neng donya lwih agung Sedih lan kasusahan Nging satengahing pasambat Tansah dennya umanggung Pangidunge pra mlaekat Yogya aku ya ngidung *2 Sirnaa saliring bungah Gustiku dhatan gingsir Nadyan karoban ing susah Padhangku tan sumingkir Atiku asukarena De tan pegat jinangkung Ing sihrahmate Sang Rama Sayogya aku ngidhung *3 Lamun ngelingi Gustiku Sedhihku enggal sirna Dak tut buri ing salaku Wit ginendheng ing sihnya Saiba ayem ing kalbu Yen rineksa Hyang Agung Ngarah apa maneh aku Sayogya aku ngidung === no 144 1=F 4/4 judul Kumandel ing Allah *1 Dhuh Gusti mugi ngirid Lampahing wang Andherekaken Tuwan Pejah gesang Kawula dhatan saged milih margi Mugi sapurug kula Tuwan kanthi *2 Sih Tuwan ngayomana Ing tyas kula Supados kula arerema Satitahnya kawula asumendhe Ing karsanta Kumandel tan ningali Lir tyang wuta *3 Dhatana ngraosaken Pangreh Tuwan ‘Nggih mesti Tuwan tuntun Mring kamulyan Dhuh Gusti mugi ngirid Lampah ingwang Andherekaken Tuwan Pejah gesang === no 145 1=F 9/8 judul Nyuwun Ayem ing Manah *1 Lamun kula kesayahen Kamomotan kemengan Kula marek, dhuh Pamarta Nyuwun ayem mring Tuwan *reff Kula marek, dhuh Pamarta Nyuwun ayem mring Tuwan Nyuwun ayem dhuh Pamarta Tuwan kang nebus mring wang *2 Tuwan sareh ing panggalih Mugi mulang mring kula Kula manut pangreh Tuwan Ingkang entheng sekeca *3 Mugi ngirid lampah kula Dhuh Pamarta kang setya Manggiha tentrem rahayu Tinuntuna mring swarga *4 Nyuwun suci, adhuh Gusti Nyuwun lipur ing driya Mugi tansah Tuwan kanthi Dimen ayem slaminya === no 146 1=E 4/4 judul Asmaning Gusti Kula *1 Neng kasa ngumandhang satunggal Asma Kang anepangaken jagad lan swarga Tan wonten prayogi kados punika Lan nyarasken manah trenyuh sadaya Napa dika dereng weruh Sinambat wewangi sinten Asmane? *2 Wus pantes Asmane kagem Pyambake Kang rawuh ing donya Wit gunging sihe Dhateng tiyang dosa Wah malih seda De kagungan karsa ngluwari kula Napa dika dereng weruh Sinambat wewangi sinten Asmane? *3 Samangke Pyambake munggeng suwarga Ingayap para malaekat samya Nging benjing rawuhe, iba begjane Bilih kula ndherek nyebut Asmane Kang wewangi Yesus Kristus Lah niku Asmane Pamarta kula === no 147 1=G 2/4 judul Pasamuwan Kaasta Ing Gusti *1 Gusti Ratu kula Panutan Kang sinung sagung pangwasa Sarta kang boten ewah-ewah Piwlas lan kasetyanipun Pangajeng-ajenging pra abdi Angsala pangestu Tuwan Sih pitulunging Gusti dados Panglipuring pasamuwan *2 Mugi sih Tuwan angayomi Abdi Tuwan, guru kula Kang enggal saha ingkang lami Sakanthinira sadaya K’irida Roh Tuwan kang suci Nggenira anggen pasam’wan Dadosa ing kamulyan Tuwan Lan rejaning abdi Tuwan === no 148 1=F 4/4 judul Panarima *1 Heh nyawaku den amarem Gusti Allah Ratumu Samubarang solan-salin Allah tan owah-owah *2 Kang maujud enggal sirna Dhatan ana kang awet Amung Allah ingkang langgeng Lan langgeng karatonnya *3 Wong aurip sok wiyaen Kang ana tan narima Takon barang kang tan ana Bas’antuk, tan keduga *4 Dhuh nyawaku den amarem Nrimaa ing satitah Ing satiba-tibanira Sumendea mring Allah === no 149 1=D 2/4 judul Panggunggung Konjuk Mring Gusti Yesus *1 Daweg ta kanca Kang sami pracaya Den sora-sora angalembana Mring Gusti kula Kang sipat wilasa *2 Piwlase Gusti Maring kula niki Seestu nglangkungi Mila prayogi Pinundi-pundi Lan pinuji puji *3 Sami den manah Gusti ingkang pasrah Sami den manah Kang Putra Allah Nglabuhi pejah Nebusi tyang kathah *4 Kula lan dika Sami nandhang dosa Nging sepintena Klepatan kula Allah ngaksama Margi ingkang Putra *5 Daweg ta sami Temen animbangi Piwlase Gusti Langkung utami Kula wangsuli Trisna trus ing ati *6 Daweg ta sami Temen anglampahi Prentahe Gusti Gusti ajanji Badhe ngrencangi Lantaran Roh Suci *7 Dhuh Gusti kula Kula pasrah samya Kang trus ing driya Mugi mantepa Nggen kula trisna Slami-laminya === no 150 1=G 4/4 judul Panggunggung Konjuk Mring Gusti Yesus *1 Gusti panglipuring tiyang Kang rumaos klepatan Tan pegat panggunggung kula Mulyakaken Paduka Paduka Pamarta mami Karsa rawuh ing donya Angrembat dosaning jalmi Inggih dosa kawula *2 Gusti boten ngeman slira Dados panebusipun Tiyang dosa kados kula Iba sih-piwlasipun Ing redi Golgota Gusti Nglampahi sinedanan Kang supados kula sami Manggiha kraharjan *3 Adhuh Gusti, kula sujud Wonten ngarsa Sampeyan Ingkang sarta ngraosaken Nggen kula kesambutan Cipta kula rinten dalu Mugi sami sageda Animbangi sihe Gusti Winangsulan ing tresna === no 151 1=Bes 4/4 judul Gusti Nampeni Tiyang Dosa *1 Gusti nampeni tyang dosa Sareng kula rumaos Kathah kasalahan kula Gusti maringi usada Jejampining prihatos *2 Gusti tan nampik tyang dosa Dahat pangemanipun Ngantos tedhak maring donya Nglampahi papa cintaka Amrih kamukten kula *3 Gusti nimbali tyang dosa Anggugah manahira Kasuprih sami tobata Ing Allah ‘nggih Rama kula Angsala pangapura *4 Gusti nglelipur tyang dosa Awit dados margine Angsal kula pangapura Lelabeting sedanipun Nglabuhi mring umate *5 Gusti ngluwari tyang dosa Sami den-lepataken Saking paukumanira Wah den anyarken budinya Sestu den-sucekaken *6 Rahayu tiyang kang samya Katampen dening Gusti Pinaringan sih-nugraha Ing donya ngakeratira Cinadhang swarga adi === no 152 1=G 4/4 judul Gusthi Pepadhanging Jagad *1 Gusti Pepadhanging jagad Nyumerepken margine Tyang ngupados karaharjan Ing donya ngakerate Gusti pyambak dados margi Kula manggih kraharjan Wonten alam donya ngriki Ndungkap jaman klanggengan *2 Gusti ingkang nglairaken Asmanipun kang murba Dados Bapake manungsa Rama kang wonten swarga Kang Ma’asih Mahamirah Pan sugih palimirma Dhateng sagunging pra umat Dhateng kula sadaya *3 Gusti Pepadhanging jagad Madhangken sagung jalmi Kang kepengin katarimah Dening Kang Mahasuci, Kinen tresna maring Allah, Ingkang trusing wardaya, Kinen tresna mring sesami Saminira sadaya *4 Tyang rumaos kelepatan Dhateng Kang Mahasuci Ajrih kenging bebendhune, Langkung peteng ing ati Nanging Gusti kang madhangi Dados Pangruwatipun Temahan tiyang pitados. Mesthi antuk apura *5 Saiba peteng manahe Tyang kang manggih cilaka Tan kwawi prihatinira Sambate: kaniaya Sareng pitados ing Gusti Tan kirang panglipure Kumandel piwlase Allah Dados padhang manahe *6 Mugi cahyaning pepadhang Kang mancur saking Gusti Nunten enggal sumrambaha Mring salumahing bumi Angicalna pepetenging Bodho miwah ing dosa Amadhangi tyang sadarum ‘Pami cahyaning surya *7 Kang mugi padhange Gusti Nyunari kula, tansah Ketawisa saking cipta Wah pikajenging manah Witne’ saking kalakuan Iba ta begja kula Yen ngambah margi kang padhang Suminggah saking piala ! === no 153 1=G 4/4 judul Ayem Wonten ing Gusti *1 Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira Wonten swara ngumandhang Lir pendah pramukti Neng swarga samya ngidung Lan enggaring ati Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira *2 Ayem neng Gusti Yesus Benjing aneng swarga Uwal saking rencana Kalis ing panggodha Tan sumelang tan kwatos Tan wonten panangis Susah samangke namung, Kantun sawetawis Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira *3 Gusti pangungsen mami Wah Panebus yekti Tuwan parang santosa Kang kula gendholi Ngriki kula angantos Antos klayan sabar Ngantos puput dalunya Dyan padhang enjing byar Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira === no 154 1=B 4/4 judul Mareka Marang Gusti *1 Mara wong dosa wong cilaka Mareka mring Gusti Pamarta Kang karsa mbirat dosanira Gusti kang nimbali *reff Ibata bungahing atiku Besuk yen wus padha tinemu Suci neng daleme Ramaku Nunggil klayan Gusti *2 Bocah uga wus klilan seba maring ngarsane Sang Pamarta Mulane bocah ya mareka Gusti kang nimbali *3 Aja semaya, umareka bareng sadina iki uga rungokna ta arum swaranya Gusti kang nimbali === no 155 1=G 6/8 judul Yesus Nasarani Langkung *1 Ana sabawa gumrubyug, Lir wong golongan kumrubut Gumrudug dennya peplayon Apa baya kang tinonton Ana kang ririh sumambung : Yesus Nasarani kang langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung *2 Sapa baya Yesus iku? Bok ya tutura mring aku, Dene’teka dentut-buri Ing wong ewon ngendi-endi Rame saure wong sagung : Yesus Nasarani kang langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung *3 Yesus yeku Sang Pamarta, Kang tumedhak saking swarga, Karsa pepara neng donya, Mitulungi wong cilaka, Mula giyake’ wong sagung: Yesus Nasarani alangkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung *4 Wong lara sing ngendi-endi Umarek mring Kangjeng Gusti, Wong picak bisa andulu, Wong budheg sinung pangrungu Mula wrata dennya umyung : Yesus Nasarani alangkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung *5 Eh wong kang kabotan dosa, Wong papa, wong kaniaya Ngungsia mring Sang Pamarta, Mesthi dentulungi uga, Aja randhat nyuwun tulung Yesus Nasarani mumpung langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung *6 Saiba bilainira, Lamun nampik kadarmannya Besuk Gusti yen wus tebih Sira nangis melas-asih Sambatira lan piduwung: Yesus Nasrani sampun langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung === no 156 1=C 6/8 judul Kori ingkang Menga *1 Kula sumrep kori menga Kang anjog dhateng swarga Yeku sih rahmate Allah Lantaran Sang Pamarta Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika *2 Angger tiyang angsal mlebet Medal ing kori niki Tiyang sugih, tiyang mlarat Tyang ageng alit ugi Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika *3 Mila dhaweg sami mlebet Mumpung taksih atalad Sedheng kori taksih menga ‘Nggih korining sih-rahmat Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika *4 Dhaweg sami manggul salib Andherek Sang Pamarta! Benjing sinungan makutha Gesang langgeng neng swarga Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika *5 Saiba pidhuwungipun Tiyang yen dugeng janji Kaineban kori tobat Tan wonten kang mengani Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika === no 157 1=G 4/4 judul Pitados ing Gusti *1 Eh wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana Agung sih pangapuntennya Mring wong kang pracaya Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa Gusti kwasa, Gusti kwasa Ngluwari sira *2 Gusti wus nglampahi seda Ngrembat dosa kita Rahe nucekken ing kalbu Dyan putih lir salju Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa Gusti kwasa, Gusti kwasa Ngluwari sira *3 Gusti kang dadi marganya Kang tumekeng swarga Sing sapa wong kang ngugemi Ora dencuwani Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa Gusti kwasa, Gusti kwasa Ngluwari sira *4 Mula wong dosa mareka Sowan Sang Pamarta Sinunga slamet neng swarga Langgenga raharja Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa Gusti kwasa, Gusti kwasa Ngluwari sira === no 158 1=G 4/4 judul Mandeng Ing Gusti *1 Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang, Tinebus sagung dosanira De Cempene Allah kang sinalib ngrembat Ngesahaken duraka kita Daweg den pandeng! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang Tinebus sagung dosanira *2 Napa ta damele Gusti Yesus seda Yen dhatan ngruwat dosa dika ? Napa ta damele nombokaken rahnya Yen dhatan mbirat najis kita ? Daweg den pandeng! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang Tinebus sagung dosanira *3 Dede luh wah pasambat panangis kita Kang marahi dosa tinebus Dede siyam wah salat sembahyang ugi Namung rahing salibe Kristus Daweg den pandeng! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang Tinebus sagung dosanira *4 Daweg ngungsi mring Gusti Tyang dosa sagung Dosa dika den unjukena Mesthi antuk apura temah agesang Bok den tampi lan sukarena Daweg den pandeng! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang Tinebus sagung dosanira === no 159 1=E 6/8 judul Taksih Langkung Panggenan *1 Wonten ing bujana swarga Taksih langkung panggenan Angger tyang dosa mratobat Mesthi nggih sinuruhan Gusti ngutus pra abdinya Ngundangken ing sajagad Dhateng sawarnining jalma Kang miskin wah kang cacad : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan *2 Tyang durjana kang sinalib Klangkung dennya nalangsa Anggetuni dosanira Sinungan pangaksama Malah winenganan swarga Ndherek Gusti mring Pirdus Mangkin saliring tyang dosa Ingundhangan pawartos : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan *3 Mila daweg kanca kula Samya marek mring Gusti Kang tan nampik tiyang dosa Kang melik dados suci Sinten rumaos klepatan Wah kawratan ing dosa Anilingna Injilu’llah Bra ngumandhang asora : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan === no 160 1=Es 4/4 judul Anak Ilang *1 Muliha angger, muliha den enggal Paranmu wus adoh, lakumu kesasar Aduh cilaka, angger muliha Den enggal muliha *2 Elinga sira, wong dosa tobata Ramakmu kang asih Nganti klawan sedhih Adhuh cilaka, sira wong dosa Den enggal tobata *3 Tobata sira, wong dosa nlangsaa Suwarga omahmu, naraka satrumu Adhuh cilaka, sira wong dosa Nging Allah ngaksama === no 161 1=G 3/4 judul Nyuwun Suci *1 Pundi kang najis tan kenging Mlebet dhateng swarga Tuwan tan sudi ningali Sabarang kang nista *reff Nyuwun suci adhuh Gusti Nyuwun suci, nyuwun suci *2 Kang najis dhatan tinrimah Ngarsane Hyang Sukma Dhuh Gusti mugi karsaa Mbirat dosa kula *3 Pundi kang najis tan kenging Tepang klayan Gusti Dhuh Roh Allah, kula mugi Tuwan damel suci *4 Wit kang najis saged sirna Iba begja kula Rahe Gusti kang ngicalken Sakathahing dosa *5 Dhuh Gusti, mugi rah Tuwan Mbirat najis kula Kawula dadosa suci Dyan lumebweng swarga === no 162 1=Es 6/8 judul Amung Godhong *1 Amung godhong, lah ta adhuh Gusti nganti muwun Dene ngupados wohira Katemenan miwah tresna Nanging kang pinanggya Amung godhong, amung godhong *2 Amung godhong, adhuh lae Dhatan ana wohe Saiba ta bilainya Yen kadhawuhan supata Awit kang kadarbya Amung godhong, amung godhong *3 Amung godhong, dhuh bilai Yen ndhungkap ing janji Mari jamaning kawlasan Kari jaman pangadilan Mangka kang kawuryan Amung godhong, amung godhong *4 Mung godhong, mung kembang lambe Ujar tanpa gawe Kang sinebar gung kadarman Kang thukul mung kasaguhan Tembung-tembung lahan Amung godhong, amung godhong *5 Amung godhong, Gusti rawuh Mriksa kang tumuwuh Playunira menyang ngendi Lamun wohira mung dami Mung pakaning geni Amung godhong, amung godhong === no 163 1=A 4/4 judul Kidung Kangen *1 Aku kangen mring omahku Omahku kang ana ing swarga Ing panggonane para suci Kang aputih busananira Omahku neng swarga Aku kangen mring omahku Omahku, omahku neng swarga Omahku kang aneng swarga *2 Aku kangen mring pra mitra Pra mitra kang wus aneng swarga Kang memuji lan suka rena Wus tan eling sedhihing donya Pra mitra, neng swarga Aku kangen mring pra mitra Pra mitra, pra mitra neng swarga Pra mitra kang aneng swarga *3 Aku kangen mring Gustiku Gustiku kang ana ing swarga Kang nebus aku srana rahe Dencawisi omah kang mulya Gustiku neng swarga Aku kangen mring Gustiku Gustiku, Gustiku neng swarga Gustiku kang aneng swarga *4 Aku gya mulih nyang swarga Lakuku neng donya meh tutug Pra mitra kang wus aneng swarga Nganti-anti aku cumengklung Ulihku nyang swarga Aku gya mulih nyang swarga Ulihku, ulihku nyang swarga Nyang omahku aneng swarga === no 164 1=G 4/4 judul Nagari Kang Endah *1 Kula ninga nagri kang endah Nagrining pepadhang kang mulya Ngriku kula den antos Gusti Den cawisi griya kang baka *reff Neng nagri punika Kita badhe panggya-pinanggya Neng nagri punika Kita badhe panggya-pinanggya *2 Neng ngrika kula samya muji Ngidhungken karahayon mami De tan dosa, tan nandhang susah Tan nggresah, tan ngrudhatin sami *3 Dhaweg sami memuji mring Hyang Rama kula kang Mahamulya Dene karsa ngasihi mring wang Dencadhang kamulyaning swarga === no 165 1=G 4/4 judul Duwea Swiwi *1 Duwea swiwi aku gya mabur Nyang aluhur, nyang aluhur Nggone salir prihatin wis lebur Nyang aluhur, ngaluhur Mabur nyang swarga Kang endah mulya Nggone pra putrane Allah Samya tansah memuji lan sukarena Neng aluhur, ngaluhur *2 Ya sun mabur Mring nagri kang suci Nyang aluhur, nyang aluhur Nggone wong tansah enggar ing ati Nyang aluhur, ngaluhur Nggone tan ana nandhang sangsara Tan keneng godha, tan gawe dosa Tansah mukti agirang raharja Neng aluhur, ngaluhur *3 Kono tan ana wong pepisahan Neng aluhur, neng aluhur Miwah kang nangis lan kesusahan Nang aluhur, ngaluhur Tan ana crah miwah sesulayan Kabeh mung olah tresna-tinresnan Asih lulut dennya pitepungan Neng aluhur, ngaluhur *4 Lah pra mukti padha ngawe-awe Neng aluhur, neng ngaluhur Lah pra mlaekat memuji rame Nang aluhur, ngaluhur Gusti nimbali : bocah mareka Mara tak marek mring Sang Pamarta Dimen slamanya girang memuja Neng aluhur, ngaluhur === no 166 1=Bes 4/4 judul Padalemanipun Sang Rama *1 Neng wismane Rama Gung panggenannya Neng wismanya Sang Rama Ngriku Gusti nyandhang Papan mring kula Neng wismanya Sang Rama Endah wismanya pra mukti Tan kenging winirasa Ngriku para suci girang memuji Neng wismanya Sang Rama Wismanya Sang Rama Paleremane pra sukma Nagrinya pra muktya Neng wismanya Sang Rama *2 Ngriku inggih wonten larenya ugi Neng wismanya Sang Rama Lare ingkang sami lulut mring Gusti Neng wismanya Sang Rama Endah wismanya pra mukti Tan kenging winirasa Ngriku para suci girang memuji Neng wismanya Sang Rama …. *3 Ngriku tyang sadaya suci sampurna Neng wismanya Sang Rama Pra kang tinebus sinami Gustinya Neng wismanya Sang Rama Endah wismanya pra mukti Tan kenging winirasa Ngriku para suci girang memuji Neng wismanya Sang Rama …. *4 Kang tresna ing Gusti Ngriku dunungnya Neng wismanya Sang Rama Wah kang ngugemi Langgeng gesangira Neng wismanya Sang Rama Endah wismanya pra mukti Tan kenging winirasa Ngriku para suci girang memuji Neng wismanya Sang Rama === no 167 1=F 3/4 judul Tumengaa *1 Tumengaa dhuh nyawaku Sinengkakna tyas mami Ingedohna saking dosa Tinunggilna lan Gusti Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Cinelakna ing swarga *2 Tumengaa, dhuh atiku Munggaha ing Golgota Mandenga ingkang sinalib Kang ngrembat dosanira Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Tinebihna s’king dosa *3 Tumengaa, dhuh nyawaku Lalia ing prihira Mundhak dina mundhak abot Kasusahan neng donya Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Sageda tansah rena *4 Tumengaa, dhuh atiku Mumbula saking donya Sumengkaa, sumengkaa Mring kraharjaning swarga Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Sinambuta mring swarga === no 168 1=F 4/4 judul Nginggilnya Kasa *1 Nginggilnya kasa saiba padhangnya Tyang kang pitados sumendhe Gusti Ngriki gung ribed sedhih sangsaranya Ngrika gung ayem tentrem lan mukti Ngrika gung ayem tentrem lan mukti *2 Nginggilnya kasa saiba reremnya! Lamun sabarang mengeng winedhar Ngriki tyas mami Gung kodheng petengnya Ngrika gumawang dyan lipur lejar Ngrika gumawang dyan lipur lejar *3 Nginggilnya kasa saiba nikmatnya! Aneng wismanya Sang Rama adi Tyang kang kesrakat Mantun rekasanya Bala mlaekat methukken puji Bala mlaekat methukken puji *4 Nginggilnya kasa saiba rujuknya! Mantun sulaya, dredah, grejegan Manah gumolong Samya tut-tuntutnya Runtang-aruntung tresna tinresnan Runtang-aruntung tresna tinresnan === no 169 1=G 4/4 judul Kadonyan Lan Kaswargan *1 Tumengaa tyas lan mata Ngisor tan ana lulus Urip sih mukti sanyata Mung aneng Gusti Yesus Sagung nikmat ing bumi Dhatan guna mring ati Sing angajap urip nyata Tumengaa tyas lan mata *2 Kasugyan kajena tiyang Dhasar damel kapiran Boten lami mesthi ical Mas lan slaka lir gebal Gusti, lamun sih Tuwan Saged ngayemken manah Kadonyan pundi pundia Tan saged ngayemken driya *3 Urip langgeng ingkang mulya Kang neng dhuwur sediya Iku wajib den lurua Tan katon, nanging nyata Mata daging merema Urip nyata neng swarga Urip kang wajib ingarah Urip mulya aneng Allah *4 Iba mulya ing warisan Tansah ngabekti Allah Tan mati, lara lan tiwas Tanpa dosa myang salah Laku suci sampurna Mukti girang neng swarga Urip langgeng aneng padhang Peparinging sihe Allah *5 Adhuh Gusti tuking slamet Kang yektos lan tan ical Tan wonten pisan rahajeng Anjawi saking Tuwan Tuwan nyawisken kula Dhateng swarga kang mulya Nggennya wradin amemuji Sih Tuwan kang anglangkungi *6 Mugi sagung tyang rujuka Lan golongan mlaekat Nggenipun tansah memuja Sih lan kamulyan Tuwan Inggih kawula puja Trus akerat slaminya Dene Tuwan kang nebusi Klayan rah Tuwan kang suci *7 Dhuh Gusti iba rahajeng Pitepangan Paduka Estu yen anengsemaken Ngewakaken kadonyan Tuwan mugi anarik Manah kula menginggil Bandha kula wonten ngrika Tuwan langgeng pinujia === no 170 1=Es 3/4 judul Ngajal Kalayan Tentrem Rahayu *1 Dhuh nyawaku tumengaa Sumengkaa mring kamukten ing swarga Lir kukila umabura Ngaluhura Gustimu wus angantya *2 Donya lan sagung nikmatnya Wah srakatnya Ungkurna, dhuh atiku Anggayuha kanikmatan, kadrajatan Paringane Gustimu *3 Dhuh Pamarta Mugi nganthi nyawa mami Kairida mring swarga Dimen anglud para mukti Mangastuti Asma Tuwan Slaminya *4 Sagung girising antaka Lan cintraka Tuwan birat sadaya Mugi sung pangajeng-ajeng Wah pitajeng Ingkang trus ing wardaya *5 Kula Tuwan unggulaken Dadosaken mantep dugeng pungkasan Ngambaha jurang antaka tanpa taha Trus minggah ing kamulyan *6 Nyawa kula ngangen-angen Klayan kangen dhateng Tuwan Cumengklung Tuwan kang nebus kawula Nyawa kula sumangga Tuwan pulung *7 Iba gunging kanikmatan kadrajatan Myang kamuktening swarga Gadhangane pra tebusan Neng kamulyan Tan kenging winirasa *8 Dhuh Pamarta Mugi tampi nyawa mami Lumebweng katentreman Arerema ngajal kula Rahayua Neng patunggilan Tuwan === no 171 1=Bes 4/4 judul Ngajalipun Sadherek // (Ugi kenging ngangge lagunipun angka 103) *1 Dhuh Gusti Pamarta kula Kang mengku pejah gesang Kula sami kekempalan Sowan ing ngarsa Tuwan Kajat kula nyaosaken Saudhara kawula ingkang saweg tilar donya Pinecat nyawanira *2 Kula sami masrahaken Nyawanira mring Tuwan Mugi sageda tinrimah Manggiha karaharjan Arerema denya aso Mantun rekasanira Ayema denya sumare Ngantos benjing tanginya *3 Tuwan mugi sung panglipur Mring sanak kadangira Ingkang sarwi urun tangis Nguntapaken mayitnya Kang taksih wilujeng mugi Ginugaha ing driya Suminggaha saking dosa Slameta ngajalira