no 1 judul Allah Maha Kwasa *1 Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji. *2 Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci, kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi, yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji. *3 Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti, gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti, tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi. *4 Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu, krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu, yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu. === no 2 judul Allah Mbabarken Kwasanya *1 Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama, nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Mamulya, Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya. *2 Allah mbelani pra umat ngagem sarana mukjijad wah salir kang neng jagad, Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah temah kraharjan anjrah, wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes kaluwaran, datan wonten panandhang ing rehing ratu kaswargan, yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar adya *3 Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang temah kasurang-surang, nging tyang ringkih ingauban pinaringan gung kabegjan karoban kaluberan, Gusti miji pasucennya papan puruging manungsa, samya saos pisungsung konjuk mring Allah Maagung dalah kang swau mbalela nggih samya asung puja. *4 Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat sing pati temah samya basuki, para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi samya nggunggung mring Gusti, sestu Allah Maha luhur yogya pinuji lan masmur, nungkula neng ngarsanya wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan. === no 3 judul Gusti Allah Andel-Andel Sejati *1 Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah slawase sinungan umur luhurna srana masmur krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran. *2 Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti, salir jalma tanpa daya kwasane enggal sirna, tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah. *3 Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat, mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran. *4 Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta, tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini. *5 Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya, tan nguciwakken kang nenga gya nylametken urnatnya, sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya. === no 4 judul Haleluya *1 Haleluya Pangeran aneng papan pamujan pinujia asmanya dalah aneng akasa, wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi. *2 Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara, geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya === no 5 judul Pamuji Konjuk Gusti *1 Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya, Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya *2 Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah, pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah, salir ingkang pinanggya dados margining begja. *3 Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci, kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa, wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati. === no 6 judul Pamuji Ing Pangibadah *1 Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. *2 Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa, mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem, pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta. *3 Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah, nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati, pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami. *4 Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur, bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang, pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti. === no 7 judul Puji Konjuk Allah *1 Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati, Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati. *2 Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa, nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering gesang, Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang. *3 Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat, wah milujengken manungsa krana gunging sih rahmat, Haleluya, Haleluya krana gunging sih rahmat. === no 8 judul Allah Maasih *1 Allah Maasih asung putranya Allah Maasih mring manungsa. *reff mila kula ngidung Allah Maasih Allah Maasih mring manungsa. *2 Gusti ingutus dadya pamarta, Gusti ingutus nebus kula. *3 Gusti Pamarta nombokken nyawa, Gusti Pamarta mbirat dosa. *4 Gusti marasken salir prihatin, Gusti nyirnakken ajrih kwatir *5 Kula sinungan tentrem raharja, kula sinungan pangaksama. *6 Kula sinungan gesang sejati, Kula sinungan kraton swargi === no 9 judul Pamuji Konjuk Allah Ma Agung *1 Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya *2 Surya, candra lan pra lintang samya nyunarken padhang, peksi ngoceh mawurahan wah sato kewan girang, tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan, sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa. *3 Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya, kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa, kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati, mesthi wilujeng, raharja, mulya langgeng ing swargi. === no 10 judul Allahe Para Pracaya *1 Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita tuking kasampurnan. *2 Aneng ngarsaning dhampamya papan katentreman, panyuwun kang bener hyata mesthi kaleksanan. *3 Sajagad raya dumadi karana sabdanya para titah angakeni kwasane Pangeran. *4 Allahe para pracaya lumintu pangrehe mring sakehing kagungannya langgeng pangrumate. === no 11 judul Sih Kawelasanipun Allah *1 Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah. *2 Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat. *3 Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa. *4 Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng. === no 12 judul Yesus Sang Pangen Sejati *1 Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya. *2 Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa, nebus kula saking dosa wah nuntun kula mring swarga. *3 Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda, mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan. *4 Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha, kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun *5 Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa, lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical. === no 13 judul Aku Duwe Pamarta *1 Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asmanya kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing dosa, *reff duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu. *2 Aku duwe Pamarta satuhu ing kasetyan, yen aku nyangga panandhang pinaringan karosan, *3 Aku duwe Pamarta putreng Allah pribadya, yen aku karoban susah tinunggil mrih tan lesah, *4 Aku duwe Pamarta salaminya pangrehe, lamun pepeteng nglimputi Gustiku kang ngluwari, *5 Aku duwe Pamarta sih rahmate tan kendhat, yen aku tumibeng dosa den tuntun mring pitobat, === no 14 judul Allah Maha Suci *1 Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja, suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya. *2 Suci, suci, suci pujining pra suci angumandhang sora ngebeki akasa, pra mlaekat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat. *3 Suci, suci, suci, Allah Mahasuci gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti, tetalesing bumi gonjing dening puji, pra makluk wrata girang memuji. *4 Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya, nucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya. === no 15 judul Panggunggung Mring Pangeran *1 Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya. *2 Dhuh Sang Yehuwah Gusti Paduka kula puji ing dalu dalah rina agung sih kawlasanta luber berkah Paduka tumrah mring titah wrata *3 Dhuh Yehuwah Pangeran kawula ngidung girang wit-sih rahmat Paduka kula samya waluya luwar sing rehing pati sinungan gesang yekti. === no 16 judul Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa *1 Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa muji ramya binarung lan sawernining gangsa pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah. *2 Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira, ngreksa lan ngrimati srana lubering berkahnya, nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya. *3 Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata, tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya, andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen lan trusing kalbu. === no 17 judul Pamuji Konjuk Mring Allah *1 Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga nenanem panenan uga alam runtut tinata. *2 Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya. *3 Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami wah asih mring alam ugi bawana ayu edi. *4 Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi pinujia pinundhi samukawisnya sampurna krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha". === no 18 judul Sih Kamirahanipun Allah *1 Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur. *2 Sih nugrahaning Pangeran pinaringken lahanan tan wonten dosa duraka kang datan ingapura nging tyang kang wangkot ing ati pracaya mung ing lathi pinagas saking sih rahmat sangsara ing akherat. *3 Sihing Allah sestu adya mulyakken tyang pracaya mrih dados rowangnya tansah mbabar kratoning Allah olah tresna trusing manah tentrem rarja sumrambah temah Allah kaluhurna samangkya lan slaminya. === no 19 judul Angluhurken Allah *1 Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas Rinten dalu datan kendhat tansah njangkung mring pra umat swawi muji Kang Murbeng rat Pangeran Maha wlas *2 Tan males dosa duraka Pangeran Mahawlas nging ngegungken sih apura Pangeran Mahawlas putranya yeku Sang Kristus kang dados kurban panebus swawi muji kanthi tulus Pangeran Mahawlas *3 Swawi olah tresna' tansah Pangeran Mahawlas pratandha sokur mring Allah, Pangeran Mahawlas swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci nulad ing tindaking Gusti Pangeran Mahawlas. === no 20 judul Panggunggung Konjuk Mring Pangeran *1 Pangeran Ma mulya yogya kula puja dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula datan wonten timbangannya tan kendat lumintunya Pangeran Ma mulya, yogya pinuja, (2X).. *2 Pangeran Mamulya yogya kula puja dene karsa maringaken Putranipun pribadya dinadosken Juru slamet miwah Pamarta kula, Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X). *3 Pangeran Mamulya yogya kula puja de tan karsa malesaken sagung klepatan kula . malah dipun sucekaken sarta ingangkat putra Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X). === no 21 judul Palimirmanipun Allah *1 Gusti kula ingkang wontening swarga pinujia Paduka ing slaminya sestu agung sih palimirmanta haleluya, Haleluya *2 Gusti rawuh manjalma aneng donya, awit welas nebus gunging tyang dosa, rinukunken lan Allah Sang Rama, Haleluya, Haleluya. . *3 Gusti seda krana kula tyang dosa, de wungune panjer gesang sanyata, mila kula mituhu dhawuhnya, Haleluya, Haleluya. === no 22 judul Kasampurnanipun Gusti *1 Kula nggunggung-nggunggung Gusti sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci, sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan, tyang ngupados kayektosan suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa, wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya. *2 Gusti ngundhangken pawarta luwarira tyang miskin papa, sing sangsara mrih raharja, nggih pangentasan sanyata kang tinindhes lan kinunjara, pulih harkat martabatnya, tyang kang nandhang raga samya den sarasna, wah mbabama tahun yobel taun adya, nggih sih rahmating Sang Rama. *3 Duk Gusti siniya-siya, siniksa lan sinalib seda, tan males srana piala, mring tyang kang sengit mengsahi malah winales tresna yekti, kadongakna mrih basuki, Yesus Gusti kula manungsa sampuma; nyantosakna greja dalah tyang pracaya, nulad ing kasampurnannya. === no 23 judul Tansah Saos Sokur Mring Gusti *1 Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi, sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi, abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya, wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur. *2 Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat, wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar, tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi, sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti. *3 Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan, ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan, kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa, kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem. === no 24 judul Panggunggung Konjuk Mring Gusti *1 Swawi prakanca kang sami pracaya Den sora sora angalembana mring Gusti kita kang Maha wilasa. *2 Sihing Pangeran mring kita pra umat, tanpa wilangan wah tanpa kendhat, yogya pinuji lan pinundhi-pundhi. *3 Kita tyang dosa nging Allah ngaksama, krana Kang Putra sinalib seda, wit sihing Gusti kita dados suci. *4 Sihing Pangeran yogya den timbangi, srana kasetyan tresna wah bekti, nyaosken badan dados kurban gesang. *5 Swawi pra suci temen anglampahi, prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi srana Sang Roh Suci. === no 25 judul Ngabekti Mring Gusti *1 Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati sami ngabekti memuji mring Gusti Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran. *2 Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat, ngetung mukjijad lan sagung sih rahmat, lubering berkah sing swargi tansah tumrah, nyantosakken manah nyirnakken semplah. *3 Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama miwah rumantya nglawan mring panggodha, pra tyang pracaya klayan saeka praya, silih mbiyantonana amrih jaya. === no 26 judul Puji Panuwun *1 Sumangga prakanca marek ngarsaning Gusti anggunggung asmanya wit sihe kang sejati de krana Kang Putra kita tansah begja siang dalah ratri Gusti kang ngrimati *2 Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan, lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan, krana Yesus Gusti maringken Roh Suci, kita dados panggah mituhu mring Allah. *3 Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti, kawula anggunggung kanthi sruning pangidung, Allah ingkang murba pra titah sadaya, mung Allah pribadya langgeng salaminya. === no 27 judul Asmane Gusti Kula *1 Neng kasa ngumandhang asma sajuga Kang anepangaken jagad lan swarga datan wonten asma kados punika kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa napa sami dereng wanuh yeku Gusti Yesus Kristus asmane. *2 Wus pantes asmane lan pakaryane, rawuhe ing donya wit gunging sihe, nebus tiyang dosa, sinalib seda, gya wungu nyawisken swarga mring kula, napa sami dereng wanuh, yeku Gusti Yesus Kristus asmane. *3 Sang Kristus samangke ngratoni swarga, ngasta pangwasane Allah Sang Rama, ngadili jagad ing mbenjing rawuhe, kula pareng ndherek ing kamulyane, yeku Kristus Sang Pamarta, punika asmane panutan kula. === no 28 judul Sowan Mring Gusti *1 Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya. *2 Tyang pracaya nyawiji, Haleluya, ing tresna tulus yekti, Haleluya. *3 Pujekna gung panggunggung, Haleluya, kidung konjuk Hyang Agung, Haleluya. *4 Asmane den suwurna, Haleluya, wit luber sih setyanya, Haleluya. *5 Tilingna sabdeng Gusti, Haleluya, klawan pracaya yekti, Haleluya. === no 29 judul Kamulyanipun Gusti *1 Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi wah gumleger ing gludhug ing akasa kula ngungun gunging kamulyanta *reff nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa. *2 Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya, wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi, *3 Yen siniram ilining samirana wah tinempuh ombaking samodra,, ngganda sekar kang arum miwah endah manah ngungun wit gunging pra titah *4 Klangkung ageng gunging sih susetyanta, kang ngurbanken Sang Kristus, Sang Putra, sinalibken, seda tedhak mring nraka, mrih manungsa basuki slaminya === no 30 judul Pujinen Hyang Makwasa *1 He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung konjuk Hyang Makwasa kang gunging sih susetya Haleluya, Haleluya. *2 Pujinen Hyang murbeng rat, Gusti kang gung sih rahmat, ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari, Haleluya, Haleluya. *3 Allah kang Mawilasa wus nylametken manungsa, slaminya pinuja, wah tansah pinundhia, Haleluya, Haleluya. === no 31 judul Pinujia Allah *1 Pinujia tansah Allah Mamirah kang gung tresnanira mring salir titah tyang dosa duraka sinung apura tinebus sing pati temah basuki *reff luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja. *2 Pinuji slaminya Allah Matresna, kang ngegungken sabar mring tyang kang mblasar, nuntun mring pitobat srana sih rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci, *3 Pinuji tan kendhat Allah murbeng rat, kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya, tyang bekti lan setya sinung nugraha, gesang langgeng nyata neng kraton swarga, === no 32 judul Sembah Bekti Konjuk Gusti *1 Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti kang mberkahi grejanya temah tansah begja Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah asmanya kamulyakna dening sagung bangsa. *2 Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran, dalah pisungsung sokur wit berkahe mancur, wah pangengennya nyata yogya pra umat setya, asmanya kamulyakna dening kagungannya. *3 Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung, tansah sung pitulungan maring pasamuwan, nadyan panggodha nempah rineksa mrih tan dhawah, asmanya kamulyakna dening tyang pracaya. === no 33 judul Sawernaning Puji *1 Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah. *2 Saliring panuwun dalah masmur kidung, mring Allah tuking gung berkah, dening kang samya pracaya wit sinung tentrem raharja. *3 Sagunging panggunggung dalasan pisungsung, mring Allah Gustining titah, dening saliring pra umat wit rinentahan sih rahmat. *4 Sakathahing sokur srana lampah luhur, mring Gusti yeku Hyang Widi, dening sagung pasamuwan wit rinoban ing kabegjan. === no 34 judul Sung Sembah Puja *1 Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga. *reff sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti. *2 Gusti kang Mamirah ngrentahken gung berkah, tyang nandhang sangsara manggih waluya, saliring pra umat tan kendhat rinimat, srana peparingnya nadyan prasaja, *3 Rama kang Maagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah, njangkung kagungannya temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugeng janji, *4 Pangeran murbeng rat ngluberken sih rahmat, mbelani tyang leres saking panindhes, nunggil tyang pracaya temahan santosa, ngundhangken Injilnya wrata sadonya, === no 35 judul Kamirahaning Gusti *1 Puji konjuk Allah Kang Maha mirah ing rinten dalah ratri nggih tansah ngganjar berkah mring tyang mursid wah mursal tan ana kang ketriwal *2 Puji lan panuwun mring Hyang Maagung, ngganjar berkah mirunggan, mring tyang ingkang pracaya, yeku kawilujengan sarta tentrem raharja. *3 Puji sarta sokur mring Kang Maluhur, de ngganjar berkah adi, mring tyang ingkang ngabekti, winuwuhan sih rahmat pangrimatnya tan kendhat . === no 36 judul Gusti Rawuha *1 Mugi rawuha dhuh Rama mugi rawuha dhuh Rama mugi rawuha dhuh Rama dhuh Rama rawuha. *2 Kula memuja, dhuh Rama, kula memuja, dhuh Rama, kula memuja, dhuh Rama, dhuh Rama, rawuha. *3 Kula nyawiji, dhuh Gusti, kula nyawiji, dhuh Gusti, kula nyawiji, dhuh Gusti, dhuh Rama, rawuha. *4 Kula ndedonga, dhuh Allah, kula ndedonga, dhuh Allah, kula ndedonga, dhuh Allah, dhuh Rama, rawuha. *5 Kula sung sembah, dhuh Allah, kula sung sembah, dhuh Allah kula sung sembah, dhuh Allah dhuh Rama rawuha. === no 37 judul Panggunggung Wit Sihing Gusti *1 Kula samya tetunggilan ngabekti mring Pangeran wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan *reff kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti wit ing ayoming sihira sestu tentrem raharja *2 Kula rinoban ing begja rinten dalu tan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad, *3 Kula rinimat ing Gusti sarta sagunging titah, mangsa kang silih gumanti samukawis mung endah. *4 Kawula nggih binerkahan lantaran mitra kadang, sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan, === no 38 judul Haleluya Puji Gusti *1 Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat. *reff Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi. *2 Pinuji Gusti Sang Juru Basuki kang ngurbanken sarira nebus manungsa. *3 Pinuji Gusti yeku Sang Roh Suci kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan. === no 39 judul Kamulyaning Pangeran *1 Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung wah akasa mratelakken yasaning astanipun rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat. *2 Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan, nging samangsa den tilingken tansah nggunggung Pangeran, paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi. *3 Pangeran murbeng jagad rat kang ngrimati pra titah, surya kang mlampah tan kendhat nggih krana rehing Allah, saliring kang dumadi nelakken sihing Gusti. *4 Mugi Gusti.nggih karenan isining manah kula, gung panggunggung mring Pangeran pangayoman sanyata, pinujia tan kendhat Panebusing pra umat. === no 40 judul Yehuwah Allah Kula *1 Sang Yehuwah yeku Allah kula karsa anglanting tangan kawula ses tu Allah dados karosan kula mila tansah kawula tresnani. *2 Sang Yehuwah yeku Allah kula kang nyembadani panyuwun kula, mila dhawuhipun: "lah kumandela, Ingsun datan negakaken sira". *3 Sang Yehuwah yeku Allah kula tan males durakaning manungsa, mila dhawuhira: "lah umareka Ingsun kagungan sih palimirma. === no 41 judul Nyuwun Pangapura *1 Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran, kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan, wah katedahna margi bebener Paduka Gusti, mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja. *2 Dhuh Yehuwah ngengetana mring sih palimirmanta, wiwit jaman purwa mila Gusti gung ing apura, ngruwata dosa kula nadyan ageng saha kathah, nyawa kula rineksa wit sih kadarmaning Allah. *3 Allah Maadil lan sae tan ngegungken bebendu, tyang kang kesasar uripe tinuntun tobat sestu, marginya mung katresnan bebener sarta kasetyan, tumrap tyang setya yekti netepi sabdaning Gusti. *4 Dhuh Allah mugi ngapura krana asma Paduka, mripat kula tansah nenga ngadhang sih kawlasanta, kawula nandhang awrat kepencil sarta kesrakat, mugi kaluwarana mrih kula tentrem raharja. === no 42 judul Pamratobat Sing Dosa *1 Dhuh Allah, Rama, ngluberna sih mirma, kawula nglenggana gunging dosa kula, Gusti Ma kwasa, nyuwun apura, temah gesang nyata *2 Dhuh Yesus, Gusti, karsaa melasi, kula sestu tobat ngorong mring sih rahmat, Yesus, Pamarta, nucekna ati mrih kula basuki. *3 Dhuh Sang Roh Suci nggih nganyarna ati, nilar gesang lami mbangun turut Gusti, dhuh Sang Roh Suci, mugi nulungi temah mursid yekti. === no 43 judul Nyuwun Enggaling Manah *1 Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela, damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya, *reff dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka. *2 Sestu kula angraosaken sisah dening momotan, nging lamun Paduka ngapunten manah kawula padhang, *3 Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka, wit Paduka tan negakaken kula kawratan dosa, === no 44 judul Gusti Niimbali Sira *1 Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu, mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci. *reff Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga. *2 He wong kang ilang kesasar saparanmu kapirsan, Gusti nglari lan nimbali bakal karsa nulungi. *3 Gusti kwasa sipat mirah manjalma krana kita, mula den enggal mareka mesthi tan nampik sira. *4 Sira kaancam rencana ukum laknat ngadhangi, nuli enggal umareka tinebus ing rah adi. === no 45 judul Gusti Anganti Sira *1 Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka, nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira, *reff lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe, mareka mring Gusti. *2 He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka, *3 Lah mbok umareka mring Gustimu, kang nimbali sira kanthi tresna lah mareka enggal dyan merdika nyelaki Gusti nampi rahmatNya, === no 46 judul Panelangsa *1 Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemengan Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan. *2 Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula, tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka. *3 Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula, kula badhe ngestokaken ing sakarsa Paduka. *4 Kula mboten purun malih karya sekel Paduka, badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya. === no 47 judul Gusti Pangungsen Kula *1 Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula sing sagung karibedan dimen pulih lejara. *2 Tan wonten pangauban sestu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa, yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara, sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka. *3 Gusti dados pikekah miwah beteng kawula karosannya tyang lungkrah pepadhangnya tyang wuta, kula apes anglentrih Gusti maringi kiyat, kula tyang kawlas asih tansah nyuwun sih rahmat. *4 Gusti tuking kadarman mugi mlasi mring kula, uwala sing momotan wah kalis sing panggodha, Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucekken kula temah gesang sembada. . === no 48 judul Nyuwun Suci Saestu *1 Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya. *reff Gusti mugi rah Paduka nucekken manah kawula temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu. Suci sestu suci sestu temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu *2 Dhuh Pangluwar sejati paringa kiyat mring kula, setya ing lampah suci ngetut wingking Paduka, *3 Dhuh Pangluwar sejati mugi nuntun gesang kula, mbangun turut mring Gusti, tansah ngestokken Sabda. === no 49 judul Bingah Wonten Sihing Allah *1 Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa, mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri. *2 Yen Allah nganggep dosa kula wah lepat klentuning lampah kawula pejah ing antaka wit gesang mung awon tansah nging Gusti luber sih rahmat kula pepuji tan kendhat. *3 Mring salir tyang nggih sanak-mitra mesthi kawula tedahna margining karaharjan yekti yeku sih rahmating Gusti punika sokur kawula mring Gusti nggih Sang Pamarta. === no 50 judul Kula Keduwung *1 Saestu keduwung kula dene kirang setya dinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti adhuh Gusti nyuwun suci. *2 Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha, kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci. *3 Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa, nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat, mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci. *4 Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban, mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci. *5 Saestu keduwung kula lamun dugeng janji, gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama, mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci. === no 51 judul Gusti Pananggel Kula *1 Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti temahan den sucekna, wit rahe kang suci *reff Sang Kristus Gusti, Panebus yekti, nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur *2 Dhuh Gusti Pamarta mung kwasa Paduka ingkang saged ngluwari kula saking dosa. *3 Nggen kula nyenyuwun kang dados landhesan dede labet kawula namung sih Paduka. === no 52 judul Nyuwun Suci *1 Kang najis ndlarung ing dosa tinampik mring swarga Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha, *reff nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci *2 Kang najis datan tinampi ngarsane Hyang Widi, adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula *3 Kang najis ndlarung ing dosa pinagas ing sihnya, de kang yekti asung bekti tinunggil ing Gusti *4 Kang najis badhe sangsara cinadhangan nraka, kang mratobat badhe begja cinadhangan swarga === no 53 judul Aneng Ngarsane Gusti *1 Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu, sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti.. *2 Aneng ngarsane Gusti, katon cetha kluputanku, mung kebak lamis uripku, aneng ngarsane Gusti. *3 Aneng ngarsane Gusti, kasaosken ringkih semplah, reribed lan nyawa lungkrah, aneng ngarsane Gusti. *4 Aneng ngarsane Gusti, rinaosken gunging sihe, wah lubering katresnane, aneng ngarsane Gusti. === no 54 judul Nyuwun Aksama *1 Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa temah tan ngraosken tentrem tebih sing gesang langgeng *2 Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula, temah kula dados suci tetunggilan lan Gusti, manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara, pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama *3 Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula, ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti, nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci, nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya. === no 55 judul Kristus Margining Pangluwaran *1 Pundi margi rehing pati tan misesa mring kula kwasanira sarta wohnya damel gesang sangsara, *reff marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci, wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata. *2 Pundi cara luwar kula sing rehira antaka, manah semplah batos kwatos tansah ajrih ing galih, *3 Pundi dalan pangluwaran sing jeriting kadonyan, gesang nggrangsang lan brangasan nguja hawa duraka, === no 56 judul Karahayone Wong Mursid *1 Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane, nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah. *2 Kaanane wong iku kaya wit, kang tinandur sapinggiring kali, kang mesthi awoh ing titi mangsane, lan godhonge tan nate alum gogrog, ingambaha reribed ngrepoti, tansah lestari kang den lampahi. *3 Tan mengkono mungguh wong duraka, nanging lir mrambut kabur ing angin, ora bisa lulus ing pangadilan, lan ing pasamuwane para mursid, wong mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumibeng karusakan. === no 57 judul Kang Karoban Ing Begja *1 Para bangsa samya ngraman nggrangsang mring Pangeran. gung pakarti nira muspra nggih nggadhang antaka. *2 Tyang nglawan mring kang Ma kwasa mung manggih sangsara, kadhawahan bebendunya temah tumpes sira. *3 Sang Jebadaning Yehuwah yeku Putreng Allah kaparingan gung pangwasa mengku samudaya. *4 Tyang ajrih asih mring Gusti nggih sedya ngabekti, wah ngayom ing sih rahmatnya karoban Ing begja. === no 58 judul Rineksa Ing Allah Nadyan Sinatru Tyang Duraka *1 Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi wit gunging sih rahmat myarsakken pasambat pandonganing pra umat. *2 Dhuh Pangeran Gusti kula datan wedi mring tyang drengki wah srei wit tyang kang duraka mesthi den kasorna dening asta Paduka, tyang pracaya yekti Paduka belani wah rineksa sing pati mila kula ayem gesang tansah tentrem, de kabegjanku langgeng. === no 59 judul Nyuwun Luwar Sing Karupekan *1 Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi sampun ngukum kula merdi klayan bramantya nging enggal den entasna sing sisah sangsara. *2 Dhuh Allah Kang Makwasa ngrentahna sih wilasa, kula kadya pejah wit manah lesah semplah, nging yen luwar sing pati tansah nggunggung Gusti. *3 Dhuh Allah Kang Matresna nglubema kawlasanta, rinten dalah ratri luh tangis tansah mili, angantya pangluwaran sing gung karupekan. *4 Dhuh Allah Kang Maluhur puji panuwun katur, wit gunging sih rahmat myarsakna mring pasambat, ngluwari sing tyang nyatru, wah sung tentrem sestu. === no 60 judul Allah Pangen Kula *1 Allah yeku pangen kula kang gung sih tresnanya Kula tansah rinimatan srana gung kadarman. *2 Kula tansah den ayomi mila ayem yekti tinuntun ing margi adi wit asmaning Gusti. *3 Kula tan ajrih bilai wit kinanthi Gusti, wah slaminya pangreksanya temah kula begja. *4 Nadyan sinatru tyang kathah nging ayem ing manah, Allah ngluberken sih rahmat berkahnya tan kendhat. *5 Kula rinoban kabegjan salamining gesang, saha manggen lan memuji ing daleming Gusti. === no 61 judul Allah Yeku Pangen Satuhu *1 Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kalbu kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan. *reff Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi nadyan mengsah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah. *2 Ayem manah lan nyawa kula ingayom ing sihing Gusti, sarta tinuntun astanya ing margining bebener yekti. === no 62 judul Karahayoning Tyang Mursid *1 Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah rameng gawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah wong bener wah ngabekti slamanya den berkahi lan turune lestari. *2 Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, kautamane slamanya tanggon ing karupekan, yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti. *3 Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan, wong jujur tulus ing lampah sinebut-sebut tansah, mring wong drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi. *4 Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih, kanggonan kamulyan yekti nggih kamulyaning budi, wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai. === no 63 judul Berkahing Allah *1 Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung. *2 Tyang mursid kang trusing ati rina wengi nggunggung Gusti, tansah angantya berkahnya sarta tan kendhat ndedonga. *3 Pangeran Allah Makwasa ngluberken berkah sing swarga, muwuhi ing sih rahmatnya ngiring ing kasetyanira. === no 64 judul Pasrah Mring Gusti *1 Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi Jer sa gunging manungsa nyanggi sumelange kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine *reff di enggal pasrahna ing astane Gusti sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi. *2 Yehuwah iku pangenmu pamomong sejati kang nentremken atimu setya ing pangrukti, payo prayoga sowan marek Sang Pamarta, kanthi giyak bebarengan tan mangu ing wardaya. === no 65 judul Yesus Roti Panguripan *1 Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya. *2 Yesus dados margi nyata kangge pra tyang kesrakat wangsul margining raharja nuju sumber sih rahmat. *3 Yesus tuking toya gesang tyang ngorong bener yekti temtu badhe tinuwukan angger purun nampeni. *4 Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya mrih umatnya gesang yekti tinebus sing antaka. *5 Yesus nggih cempening Allah Juru slamet sejati awit dening wutahing rah kula sami basuki. *6 Yesus pangayoman nyata langgeng ing salaminya jagad owah gingsir sirna Yesus tetep wah setya. === no 66 judul Masrahaken Gesang *1 Gusti kawula sowan atur sembah bekti, masrahken jiwa badan, gesang kula sami; mugi Paduka nuntun paring kakiyatan, dimen kula lestantun dumugeng wekasan. *2 Kula sestu kepengin manut rehing Gusti namung ringkihing batin kang tansah malangi dhuh Gusti mugi pareng mulungaken asta nggih gya kawula cepeng gondhelan kawula. *3 Kawula mung pracaya tan ngandelken dhiri nggih mung karsa Paduka kang kula lampahi kabegjan kang sejati yen lampah kawula tetep manut ing margi pitedah Paduka. Amin. === no 67 judul Aneng Patunggilaning Gusti *1 Aneng patunggilan ning Gusti wah malih nunggil baptisnya, pasamuwan dados sawiji tunggil manah lan pracaya. neng patunggilaning Roh suci ngajeng ajeng kasampurnan, pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan. === no 68 judul Iba Adi Tuwin Endahipun *1 Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal. *2 Iba adi tuwin endahnya pawartos ingkang kapyarsa turut margi arum swaranya pangundharing kabar adya kabar rahmat saking Pangeran rentahing berkah kraharjan kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma *3 Tyang dosa den sami mirengna yogya samya anilingna napa sampun wanuh swaranya lamun dereng mangga samya enggal umarek mring ngarsanya klayan eklas manah suka mung dening Yesus nggen kita saged wangsul dhateng swarga. === no 69 judul Kasetyaning Allah *1 Kasetyaning Allah datan gingsir, kang pinilih nggih ugi den timbali tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu dipun tetepi samukawis kang kinaryakaken, rinampungken. *2 Sabda lan kwasane Allah nyata saben jaman winengku ing pangrehnya astanya kukuh miwah santosa ngasta pangadilan ing salamanya landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan. *3 Sang Roh Suci kang kagungan karsa mbikak kekeraning gesang sanyata pasamuwan tinuntun astanya rineksa dugeng kasampuman nyata nggih dados warganing kraton swarga salamanya. === no 70 judul Lumadi Ing Gusti *1 Gusti gesang kawula lumados mring Paduka, dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti. *2 Mobah mosiking driya wah rerantaman kula ngarah luhuring lampah mbabarken karseng Allah. *3 Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang, namung tansah nelakna gunging sihe Pangeran *4 Bandha lan kasagedan katur minangka kurban, cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami. *5 Gesang sawetahira manut ing reh Paduka, makarya klayan bingah kagem kratoning Allah. === no 71 judul Manggul Salib *1 Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka, manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya, kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah sampun ngantos kemuriten datan cuwa ing manah. *2 Nadyan tinilar ing mitra sinengitan sudara, kula manteb ing pracaya ndherek Gusti slaminya, lamun Gusti ingkang nganthi kabegjan kang pinanggya, lamun Gusti kang ngasihi sinung kraharjan nyata. *3 Karibedan lan sangsara krana ndherek Paduka ngiyatken tekading manah ngudi Kratoning Allah, kula tan lingsem tan wedi nekseni Injil suci, wit gesang langgeng sayekti ndherek Sang Kristus Gusti. === no 72 judul Temen Ndherek Gusti *1 Salir wong pracaya ywa urip sembrana, sih rahmating Gusti den pundhinen yekti, nadyan lelahanan nging sanes murahan, yeku kurban sejati Sang Kristus Gusti. *2 Kaslametanira bisa ilang sirna, yen sira sembrana nglirwakken sabdanya, ditumemen ngudi klayan geter wedi, urip mursid yekti ndherek Kristus Gusti. *3 Wong pracaya samya den tansah waspada, dosa tansah nggodha mesthi den kalahna, temahan sih rahmat tumrah datan kendhat, sira tentrem raharja ing Gustinira. === no 73 judul Mareka Mring Gusti *1 Mara wong dosa wong cilaka mareka mring Gusti Pamarta, temah binirat dosanira krana gunging sihnya, *reff saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya, sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka. *2 Bocah uga nggih den kasihi mula sowana ngarseng Gusti, mrih dadya putra prasetyannya krana gunging sihnya, *3 Aja semaya marek Gusti wit tan ngerti praptaning janji, Gusti ngantya mring tobatira krana gunging sihnya, === no 74 judul Pracaya Mring Gusti *1 He wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya *reff pracayaa, pracayaa mung pracayaa Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira. *2 Gusti wus nglampahi seda ngrembat dosa kita, rahe nucekken ing kalbu dyan suci saestu, *3 Gusti kang dadi marganya mrih tumekeng swarga, saben wong kang angugemi tansah dipun kanthi, === no 75 judul Gusti Nimbali *1 He wong kang mandheg mangu Gusti nimbali, tilingna ta sabdanya, Gusti nimbali, padha mbangun turuta tumemen ing pracaya, gya rungokna sabdanya, Gusti nimbali *reff Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka, mara estokna sami Gusti nimbali *2 He sira kang kesrakat, Gusti nimbali, karsa paring sih-rahmat, Gusti nimbali, sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat, mara andherek Gusti, Gusti nimbali. *3 Lamun atimu lesah, Gusti nimbali, mareka temah bingah, Gusti nimbali, sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang, myang rahayuning budi, Gusti nimbali. *4 Wong pracaya den bingah, Gusti nimbali, wit Gusti nunggil tansah, Gusti nimbali, yen ketaman panggodha, dalah nandhang sangsara, mara tetep ngabekti, Gusti nimbali. === no 76 judul Umareka, Umareka *1 Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha, mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya, saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga. *reff Umareka umareka. *2 Sestu begja kawula sadaya nadyan tiyang dosa, sampun dangu sami dipun antya dening Rama swarga, pramila sami dipun kebat lumebet koringing sih rahmat. *3 Adhuh Gusti sestu sih Paduka ngeramken tyas kula, nadyan kula tiyang ingkang nistha pinaringan swarga, mung wit sihing Allah Sang Rama kori swarga taksih binuka. === no 77 judul Ing Paprentahaning Allah *1 Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken, Para titah samya rukun nilar pasulayan sami dene angaosi migatosken liyan, supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran *reff Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi. *2 Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya, tan ana sedya miala lan panggawe cidra, wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Masuci kadya dhasaring samodra sinasaban toya, *3 Kadya singa lan menjangan sami gegojegan, mantun denya memengsahan mlegung sesarengan, sami memitran saestu tresnanya satuhu, wit pangrehing Hyang Makwasa lumintu makarya. === no 78 judul Tinimbalan Dening Gusti *1 Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula, dados rowang mitra, wah utusan Paduka, ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat, mrih kratoning Allah sadonya sumrambah. *2 Mugi Sang Roh Suci nggih tansah mitulungi, mrih kula sembada leladi kanthi setya, lan tekading manah datan nate semplah, telatos, taberi wah ing pamrih sepi. === no 79 judul Pracaya Lan Pasraha *1 Pracaya lan pasraha mring Allah Ma kwasa, Gunging prihatinira ginantosan begja, yekti pilihing margi Pangeran mberkahi, lan sira kaeraman wit gunging kadarman. *2 Lamun sira nggresula yekti tanpa guna, ati kabidhung susah pepeteng sumrambah, ngetunga gunging berkah sarta mukjijadnya, dalah prakara lumrah dadya marginira. *3 Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti, sira tan darbe kwasa nata umurira, mung tansah mbudidaya sinartan ndedonga, sumendhe mring Pangeran wah ngambah pepadhang. *4 Lamun nyangga momotan ingancam bebaya, ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya, sira rineksa Gusti mrih datan bilai, tan sande linuwaran wah sinung kraharjan. *5 Yen praharaning gesang silih nempuh tansah, klayan takat linawan wah nenga mring Allah, Gusti nunggil tan kendhat lan ngganjar sih rahmat, temah manteb pracaya ing slami-laminya. === no 80 judul Kapyarsi Gusti Nimbali *1 Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan, mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran", kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti, wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka. *2 Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka, nampanana banyu swarga temah urip nyata," kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci, tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami. *3 Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka, nampanana kurban suci rah srira sampurna," kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya, wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah. === no 81 judul Ndherek Gusti *1 Kula mesthi ndherek Gusti kang jumeneng Panutan tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan, *reff dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir tut wuria salaminya ing satindake Gusti. *2 Kula mesthi ndherek Gusti martosken Injil suci, datan ajrih ing sangsara wit Gusti nganthi kula, *3 Kula mesthi ndherek Gusti mbabarken sih piwlasnya, mring sagung titah ing bumi dimen samya raharja, *4 Kula mesthi ndherek Gusti ngestokken dhawuh adi, lamun wonten kang nyatroni nedya kula tresnani, === no 82 judul Tekading Manah Kula *1 Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati *reff margining salib ingambah mbangun turut mring Allah mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki. *2 Kula mesthi ndherek Gusti ngantos slami-laminya nggih martosken Injil suci margining tyang waluya *3 Nulad Sang Pamarta Gusti sagah ngurbanken dhiri tan remen ing kekerasan nging lubering katresnan *4 Sanadyan rumpil marginya nging Gusti tansah nganthi nadyan ribed lan sangsara datan semplah ing ati === no 83 judul Pasrah Dhateng Gusti *1 Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka, ku la masrahken manah, badan kaliyan nyawa, Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang, saestu kula tresna dhumateng Paduka *reff kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang, kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang. *2 Gusti ngrumiyini tresna mring kula tyang dosa, tan nggalih gung sangsara pinenthang ngruwat dosa, pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, wah tresna mring sesami kanthi trusing ati === no 84 judul Nyuwun Tuntunanipun Gusti *1 Nggen kawula makarya inggih kasar alus mung Paduka Gusti kang mugi amaringi pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci. *2 Kawula nggih nglenggana pandamel kula nglaha estu tanpa gun lamun tan binerkahan dening Allah Pangeran sadaya mung damel cuwa. *3 Dhuh Hyang Kang Maha Adil mugi Paduka nunggil ing kula slaminya dyan ing salir pakaryan tanduk lan kalakuwan kula manut reh Paduka. === no 85 judul Kabegjan Sejati *1 Kabegjan yekti gesang pangaji ngabdi mring Sang Kristus Gusti Dadya lantaran mrih karukunan katentreman kelampahan *reff mung Sang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pati gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya. *2 Kraharjan nyata gesang neng donya lelados mring Sang Pamarta tansah mbelani sagung sesami mrih samya manggih basuki, === no 86 judul Andherek Gusti *1 Kula badhe mboten nilar dhateng Gusti Pamarta dhateng pundi Gusti tindak kula ndherek Paduka *reff Kula tut wingking Paduka salami kula gesang awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang. *2 Sanadyan gung karubedan kula mboten sumelang Paduka sung kekiyatan pramila kula gesang, *3 Kula tansah ndherek Gusti nadyan nyanggi momotan klayan manggul salib kula ngantos dugeng wekasan, === no 87 judul Sumendhe Ing Gusti *1 Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduli sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati *reff kula tansah pitados Gusti tan nilar kula mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya. *2 Kula sumendhe ing Gusti sarwi sengkut makarya cumadhang tansah leladi ing sakatoging driya, gegayuhan lan pangudi tan kendhat ing pandonga Gusti ingkang nyembadani temah kula samekta, === no 88 judul Sakehing Sumelangmu Pasrahna Marang Aku *1 Iba rah jeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti jroning susah wah kesrakat Gusti paring kiyat. *reff Sumangga sumendhe Gusti Sumangga sumendhe Gusti Sumangga sumendhe Gusti mesthi Gusti karya ayemira. *2 Adhuh Gusti kula sowan ing ngarsa Paduka masrahken gesang kawula neng asta Paduka, *3 Adhuh Gusti lamun kula pasrah mring Paduka kula mesthi datan wedi sangsara wah pati, === no 89 judul Pasrah *1 Gusti kawula ngaturken badan nyawa kawula mugi Paduka slametken kawula kagungan ta *reff bingah susaha kula marem nunggil Paduka dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka. *2 Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti mila kawula kumandel pasrah kang trusing ati *3 Raja brana, kasugihan wah malih kasagedan dhuh Gusti, katur Paduka kagema ing Pangeran === no 90 judul Pasraha *1 Bungaha susaha Gusti dak puji, kang mranata gesang kula, kula rinimat kalayan katresnan, mila kula pasrah pangrehnya, *reff pasraha pasraha ing sapangrehing Hyang Makwasa. *2 Sapinten awrating momotan kula, rencana godha myang susah, yen kula enggal mulad Sang Pamarta, manah kula entheng lan bingah, *3 Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah pangkat, namung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung, === no 91 judul Praboting Perang Rohani *1 He prajurite Gusti kang samya dinuta kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya, nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga kang sinungken pra umat mrih sami pracaya *reff Payo maju ja giris atimu marga Gusti nganthi sapurugmu payo maju undhangna samangkya, murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta. *2 Sajroning prang ja lali sabukan kang kukuh nganggo rohing kayekten dyan sira apuguh kabingahan sanyata nggih Injiling Gusti den undhangna warata salumahing bumi. *3 Yen katempuh rubeda de kridhaning mengsah candhaken tamengira pracaya lan pasrah wit Gusti wus prasetya nganthi sapurugmu yeku kang bakal nuntun kedaling ilatmu. === no 92 judul Pamujinipun Para Utusan *1 He nyawaku sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran kang sampun ngirid lampahira tansah paring pitulungan mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya Haleluya, Haleluya. *2 Sinten kang nampi timbalannya ngemban ayahan kaswargan tartamtu badhe angraosna pratandha myang kaeraman nadyan margine rekasa nging tan kendhat tansah muja Haleluya, Haleluya. *3 He nyawaku sira sumyaka anggunggung-nggunggung Yehuwah slawasing uripku dak puja kalawan ati kang bungah de agung sihe mring kula ing ratri dalasan rina Haleluya, Haleluya. === no 93 judul Pangatag Ngabarake Injil *1 Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran martosken Injilnya pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga *2 Tyang miskin kesrakat rinoban sih rahmat tyang kang kinunjara linuwaran sigra katentreman yekti binabarna ing bumi sagung tyang manembah wah mituhu mring Allah. *3 Injil kabar suci yeku sihing Gusti den undhangna tansah sajagad sumrambah tyang mblasar ing lampah wah kang wangkot ing manah tinuntun mratobat nampenana sih rahmat === no 94 judul Nyuwun Gumelaripun Kratoning Swarga *1 Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat *2 Bebener wah kaadilan kajujuran lan katresnan binabar nyata ing donya wit pangreh kwasaning Allah. *3 Kang aneng Kratoning Allah mung tentrem rahayu tansah tan ana kang cecongkrahan samya nandukken katresnan *4 Dhuh Sang Kristus yeku Gusti den enggal rawuh ngadili mrih samukawis sampurna pra umat gesang neng swarga (Panutup) : Amin === no 95 judul Kratoning Swarga *1 Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah, bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah katentreman sayekti binabar aneng bumi. *2 Pra tyang pracaya ywa semplah klayan tulus tumandang mbabarken Kratoning Allah nadyan kathah kang nglawan Gustimu tansah njangkung sarta paring pitulung *3 Mbabarken Kratoning Allah dhasarnya mung katresnan tan ngandelken bala kathah nging sumarah Pangeran sagung tyang kang pracaya yogya sengkut makarya === no 96 judul Lamun Dudu Yehuwah *1 Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma, tanpa guna, tanpa gawe karyane tukange lah mangkya kita andulu yeyasane o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti para abdi setya lan bingah ing driya nambut pakaryan adi saking Gusti *2 Iba begjanipun tyang ingkang ngalami wanuh swargi, wanuh Gusti nggih Juru Wilujeng karana sami ginadhang gesang langgeng luhurna, luhurna agung sihe Rama ing swarga pra kang swau sami tambuh gesang yekti sami winenganan korining swargi. *3 Pra kang wus ngalami sih tresnane Gusti datan kendel nambut kardi angundhangken warti inggih kabaring sih rahmat saking swargi undhangna, wartakna, warata salumahing bumi dyan sagung pra umat wanuh mring sih rahmat nggih Injiling asmanya: Yesus Kristus. === no 97 judul Tansah Samekta *1 Sumangga makarya pra prajuriting Gusti martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti. Sumangga makarya. *2 Sumangga makarya sampun ta ngantos telat, mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobat ywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya, sumangga makarya. *3 Sumangga makarya klayan manteb lan setya, manggul salib ndherek Gusti mbelani tyang prih ati, kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja, sumangga makarya. === no 98 judul Panenipun Jembar *1 Lah, saestu panenipun jembar nging kang derep mung tiyang sekedhik o, kanca mangga sami tumandang, mumpung taksih pinaringan urip. *reff gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabungahane gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik. *2 Dhuh Pangeran kang kagungan panen mugi Paduka karsaa merdi kathah tiyang kang sami telaten gya tumandang sregep angeneni. === no 99 judul Panyuwun Gumelaring Kraton *1 Dhuh Gusti Pamarta margi sih Paduka, tiyang dosa kaluwaran saking paukuman, *reff Iba adinira utusan Paduka, kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah. *2 Dhuh Gusti Pamarta margi Roh Paduka, kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki *3 Dhuh Gusti Pamarta wit pangreh Paduka, tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji === no 100 judul Diprayitna *1 He tyang pracaya den sami samekta nglawan Panggodha iblis julig nyata ywa kendhat ndedonga mirengken sabda tansah nunggil lan sagung tyang pracaya *reff diprayitna ywa nganti lena Gusti ngreksa ing slami-laminya. *2 Ywa ajrih wedi wah aja sumelang nadyan mungsuhmu tan kenging winilang dipanggah, ditatag manteb pracaya disetya tansah mrih unggul prangira, === no 101 judul Perang Rohani *1 Pra abdining Gusti dipun prayitna ing perang rohani ywa kongsi lena ngrasuka kayekten wah kaadilan nadyan tanggelannya mung kasangsaran *reff Yekti iblis culika lan julig maeka ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa. *2 Pra putraning Allah padha den panggah, setya dados seksi Injiling Allah, nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati, manteb ing pracaya dumugeng janji. *3 Pra wong kang pracaya ditunggal sedya, nyirik pasulayan mbangun katresnan, sangkul-sinangkula bot repotira, mrih rohing piala sirep dayanya. === no 102 judul Allah Asih Mring Jagad *1 De Allah wus asih mring jagad sarta anggennya angasihi iku kongsi masrahake ingkang putra ontang-anting supaya sakehing jalma kang pracaya lan ngugemi ywa kongsi nemu karusakan nging duwea urip nyata. === no 103 judul Dhamparing Sih Rahmat *1 Wonten satunggal panggenan nggih margining kasampurnan ngriku gesang tansah padhang wit dayaning pati ilang *reff yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya. *2 Tyang dosa gung kang mratobat, tan ingukum nging rinuwat, kadadosken putreng Allah, margi suci kang den ambah, *3 Prentahnya entheng sekeca, nuntun mring gesang sanyata, tresna mengsah wah sesami, tinulungan Sang Roh Suci, === no 104 judul Kraharjaning Tumitah *1 Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata kaadilan kang sanyata sayekti binabarna *reff srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya. *2 Saiba denya nengsemken yen manungsa sabumi, marsudi tentrem rahajeng numrahken sihing Gusti, *3 Saiba dhahat endahnya pra titah tetunggilan, datan wonten cecongkrahan rumaket trusing driya, *4 Mila kula datan wigih gya gumregut makarya, tumandang sepi ing pamrih mrih rahayuning jalma, === no 105 judul Gesang Tresna-Tinresnan *1 Ing satengahing bebrayan agung mung Pangeran pantes ginunggung rahmatnya binabarken sanyata tumrah mring pratitah sadaya *reff tumemen ndedonga lan makarya mrih kebabaring tentrem raharja nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan. *2 Nadyan beda basa seje bangsa, wah beda adat budayanya, nging saestu punika sesami, kang kinasihan dening Gusti, *3 Sadaya datan pantes gumunggung, ngongasken dhiri kumalungkung, mung gesang kanthi lembah ing manah, ngrumaosi jejering titah, === no 106 judul Kula Nedya Kadya Gusti *1 Kula nedya kadya Gusti gesang suci, gesang suci kula nedya kadya Gusti gesang suci, gesang suci, gesang suci, kula nedya kadya Gusti gesang suci, *2 Kula nedya ajrih asih dhateng Gusti, dhateng Gusti, kula nedya ajrih asih dhateng Gusti, dhateng Gusti, dhateng Gusti, kula nedya ajrih asih dhateng Gusti. *3 Kula nedya olah tresna mring pepadha, mring pepadha, kula nedya olah tresna mring pepadha, mring pepadha, mring pepadha, kula nedya olah tresna mring pepadha. *4 Kula nedya andum berkah mring tyang kathah, mring tyang kathah, kula nedya andum berkah mring tyang kathah, mring tyang kathah, mring tyang kathah, kula nedya andum berkah mring tyang kathah. *5 Kula pingin mbabar shalom aneng donya, aneng donya, kula pingin mbabar shalom aneng donya, aneng donya, aneng donya, kula pingin mbabar shalom aneng donya. *6 Kula pingin kasampurnan ing Pangeran, ing Pangeran, kula pingin kasampurnan ing Pangeran, ing Pangeran, ing Pangeran, kula pingin kasampurnan ing Pangeran === no 107 judul Gusti Mugi Tansah Nuntun *1 Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri ku la sinung basuki. *2 Gusti Pangen kang sejati ngrimati kula tansah mila ayem tentrem yekti wit peparingnya tumrah astanira nglanting kula nadyan rumpil marginya kula sinungan begja. *3 Gusti pepadhang sanyata tansah nglipur kawula awrata panandhang kula datan semplah ing driya berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya kula sinung raharja. === no 108 judul Gusti Mugi Nunggil Mring Kula *1 Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula Yen ta kesaput peteng ing ratri nggih namung Gusti kang mitulungi sumangga Gusti nunggil mring kula. *2 Gesang kula wah aruming nama kadya samodra surut lan sirna ewah gingsir sabarang neng donya nging Paduka tansah nunggil kula. *3 Gusti yeku peparang gendholan pikekah jroning gung karibedan tetameng kula ingkang santosa nggih Gusti mugi nunggil mring kula. === no 109 judul Katemtuaning Pracaya *1 Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan *reff paukuman kula trimah lir penget lan pitedah ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka. *2 Gusti tuking pitulungan panglipur lan pangayoman sagung pitedah Paduka tan badhe kawula lawan sihing Gusti lir samodra luber ngerobi kula wah nyata sabda Paduka isi sih sarta kadarman. *3 Kawula nyuwun dhuh Gusti lamun manggih kasusahan panggodha miwah panyobi kawula sageda tahan tan kuwatos wah sumelang sih Paduka cumadhang temah unggul kula yektos karana saking pitados. === no 110 judul Namung Karsa Paduka *1 Dhuh Rama lamun kawula darbe atur panyuwun, mugi kula nggih sageda nrimah saparingipun, lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna. *2 Sagung peparinging Allah saestu munpangati mugi kula saged nrimah ing sapangrehing Gusti saha pitados sayekti mring panuntun Paduka mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna *3 Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur sagung susah karibedan Paduka kwasa nglebur lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna === no 111 judul Gusti Nuntuna Kawula *1 Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula kawula tansah ngraosna berkah Paduka, *reff Gusti mugi nuntun kawula kawula tansah ngraosna berkah Paduka. *2 Gusti mugi myarsakaken pasambat kula sinten malih ingkang dadya pangungsen nyata, *3 Nggen kula darbe panyuwun mung sih Paduka ingkang kula damel uger miwah landhesan, *4 Gusti mugi amirsani tyas kula trenyuh mugi Paduka jampeni sageda teguh, *5 Gusti tuking sagung lipur mugi nglipura manah kula kang kawratan dening cintaka, *6 Aneng donya wah neng swarga kula tan darbya andel-andel lan pikekah namung Paduka, === no 112 judul Mugi Mberkahi Kula *1 Adhuh Gusti kula sestu ngorong berkah Paduka yeku kang ngayemken kalbu mugi mberkahi kula nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula *2 Mugi sampun anglangkungi dhateng kula dhuh Rama mrih kula luwar sing pati mugi mlasi mring kula nggih kula, nggih kula mugi mlasi mring kula. *3 Sampun anglangkungi kula dhuh Pamarta kang setya mrih kula unggul sing dosa mugi nimbali kula nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula. *4 Dhuh Roh Suci, mugi sampun anglangkungi mring kula mrih gesang anyar lestantun mugi madhangi kula nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula. *5 Dhuh Pangen, sampun alangkung ngengetana mring kula mrih kula tansah raharja mugi mberkahi kula nggih, kula, nggih kula, mugi mberkahi kula. === no 113 judul Pandonga Enjing *1 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci mugi paring padhang anyunari margi kawula wah kula kawulang nanggulangi panggodha. *2 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci kula tinuntuna napak tilas tindak Paduka dyan kula tan nguja karseng manah priyangga. *3 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci Gusti mugi dhawuh napa ingkang kula lampahi kula mituruta ndherek prentahing Gusti. === no 114 judul Aja Semaya *1 Nikmating donya nggodha ati mikat kita dimen nebih Gusti lan kabeh iku tan nguripi nging nggendeng kita mring telenging pati *reff Ja semaya, umareka, umareka ya saiki uga, lah Gusti wus ngantya mring sira pangayomanmu kang tuhu setya *2 Mara mbuwanga sengsemira, kang isi panyidra myang pamblasar, ninggala dosa lan duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar, *3 Marek mring Gusti ja suwala, nganggo sinemayan sesuk emben, praptaning pati tan kenyana, mula gya marek ja nganti kalungsen, ReJr. === no 115 judul Nyuwun Ayeming Manah *1 Lamun kula kesayahen, kamomotan ing ati Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem mring Gusti. *reff Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem ing driya Nyuwun ayem dhuh Pamarta Gusti kang nebus kula. *2 Gusti sareh galihipun mugi mulang mring kula kula manut pangrehipun ingkang entheng sakeca *3 Mugi ngirid lampah kula dhuh Pamarta kang setya manggiha tentrem raharja tinuntuna mring swarga. === no 116 judul Pasrah Sumarah Mring Gusti *1 Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat waspadakna makluk wrata karoban ing sih lan piwlasnya wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya. *2 Pasrah sumarah mring Gusti mrih ayem tentrem ing ati, bungah susah sugih mlarat memuji Gusti tan kendhat, udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya, temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti. *3 Pasrah sumarah mring Gusti Parang Pangungsen sayekti, lamun tinempuh prahara Gusti nyantosakken sira, waspadakna mukjijadnya ing prakara gung wah prasaja, kang wedi asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga. === no 117 judul Gusti Pangen Utami *1 Paduka Pangen utami ingkang kawula tresnani kawula purun sangsara angger krana Yesus Gusti kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Pangeran margi neng ngriku kawula ingayoman ing rahmatnya. *2 Tan wonten malih panggenan sumbering kawilujengan namung salib ing Golgota ngriku wijiling apura, *3 Manah kula lamun mandeng dhateng salibing Pamarta lajeng karaos wilujeng sanadyan nyanggi sangsara, === no 118 judul Ingsun Yehuwah Allahira *1 Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira sestu Allah dados karosan kula mila kula tresna mring Paduka. *2 Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang nyembadani panyuwunira mangka dhawuhingsun: "lah kumandela, Ingsun datan negakake sira" *3 Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang datan males durakanira mula dhawuhingsun: "lah umareka, Ingsun kagungan sih palimirma *4 He, pra kesayahen, kamomotan padha mareka neng ngarsaningsun Ingsun bakal paring tentrem lan ayem ing nyawanira tek'eng ndelahan === no 119 judul Angger Kula Sumerep *1 Yen kula sumerep margi cawisane Gusti, nadyan susah kados pundi kula nyelak Gusti, *reff marek Gusti, marek Gusti marek Paduka Gusti angger kula nggih binekta nyelak dhateng Gusti. *2 Angger kula sum’rep Gusti seda krana kula mrih kula luwar sing pati Gusti tombok slira, *3 Angger kula sum'rep Gusti sangsara ing salib ambekta kula sadaya mring kamulyan baka, === no 120 judul Kumandel Mring Allah *1 Dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula ndherekaken Paduka salamanya kawula datan saged milih margi mugi sapurug kula Gusti nganthi. *2 Paduka ngayomana ing tyas kula supados arerema satitahnya kula tansah sumendhe ing karsanta wit Paduka Panebus Gusti kula. *3 Ngambaha margi rumpil lan sangsara mesthi Paduka tuntun dhateng swarga dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula ndherekaken Paduka salaminya. === no 121 judul Kinanthi Ing Gusti *1 Gusti Yesus Pangen kula, sestu gung sih Paduka Ing sapurug-purug kula nggih tansah kinanthia *reff Kinanthi Ing Gusti kinanthi ing Gusti ing satitah kula nrimah angger kinanthi Gusti. *2 Bandha wah salir kadonyan mung sarananing gesang kula ngegungken ngandelna Gusti wah panganthinya *3 Krana panganthining Gusti kula mursid sayekti ajrih-asih maring Allah tresna sesami tansah === no 122 judul Dipanggah *1 Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili ywa manut bujuking iblis wohe mung pati *reff dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah kasorna dosa wit mursid tegen ndedonga. *2 Nadyan den iming-imingi bandha sadonya milaur setya mring Gusti sinungan begja *3 Iblis naweni kasekten pinunjul sekti nging ing rehing Sang Roh Suci kalis sing pati *4 Iblis nggendeng nilar Allah wit tanpa guna milaur manteb pracaya gesang raharja === no 123 judul Gusti Pangungsenmu *1 Yen sira sangsara sarta sedhih manteba pracaya Allah tan tebih aja wedi Gustimu nganthi rehing kadursilan mesthi kasoran pepeteng dosa ilang sirna mung gung karaharjan kang sinandhang. *2 Yen nyangga momotan wah panandhang aja sira semplah alit ing manah iblis julig memilut driya milih margi entheng nging dugeng nraka pasrah Pangeran nyuwun kiyat sira linuwaran wit sih rahmat. === no 124 judul Samekta *1 Pitulung kita kang rosa samekta, lir mitra kang tuhu setya samekta, lamun kesasar neng margi Gusti nglari lan nimbaIi rumiyin myang samangke tetepsamekta, samekta, samekta, rumiyin myang samangke tetep samekta. *2 Tansah mirsa bot repotmu: Gustimu karsa nanggel k'rubedanmu: Gustimu lamun pasrah ing Pyambake, kita mireng ing sabdane: "Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu, Gustimu, Gustimu. Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu." === no 125 judul Pasrah Sumaraha *1 Aja sumelang bab uripmu, ywa cilik ing kalbu yen pepeteng nglimputi ati ngayoma mring Gusti *reff Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja. *2 Lamun tininggal sanak kadang ywa semplah ing driya yen kamukten kamulyan ilang mantepa pracaya, *3 Lamun tinempuh kacingkrangan prayitna mring dosa yen kena lelara panandhang waspada mring godha, === no 126 judul Ngrangkul Salib *1 Dak rangkul salibe Gusti kang agung tresna lan sihe sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe *reff dak rangkul salibe, dak rangkul salibe yeku margining sih rahmat dak rangkul salibe. *2 Yen aku kabidhung susah ing ati rasane lesah mesthi malih dadi bungah yen ngrangkul salibe, *3 Ing sajroning karubedan sarta yen nyangga momotan, Gusti kang paring karosan dak rangkul salibe, *4 Sanadyan kabotan susah utawa atiku bungah, nging tansah tresna mring Gusti dak rangkul salibe, === no 127 judul Kula Tyang Pracaya *1 Kathah tyang kang rebadan drajad lan kamulyan nggih sami kamitegan ngurbanken mring liyan kula tyang kang pracaya mbangun turut Gusti ngudi ing gegayuhan klayan mursid yekti *2 Kathah tyang kang rebadan pangwasa-wisesa silih sung kasangsaran nyenyebar cintaka kula tyang kang pracaya mbabar kraton swarga ndherek nata bebrayan manut ing Pangeran. *3 Kathah tyang kang rebadan kasugihan donya silih pejah-pejahan wah ngrisak pepadha kula tyang kang pracaya mung mbabarken tresna sugih mlarata tansah dadya margi berkah. === no 128 judul Kabegjan Kang Sejati *1 Kabegjan kang sejati tinunggil Gusti yen panggodha ndhatengi gya den tulungi mrih manteb pracaya wah tetep waluya malah ngesorken dosa yekti mursidnya. *2 Kabegjan kang satuhu rineksa Gusti yen panandhang ngreridhu gya den luwari mrih kraharjan nyata sinandhang slaminya mila tansah sung puja wit sih piwlasnya. *3 Kabegjan kang sanyata jinangkung Allah yen rinoban sengsara gya den entasna mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah memuji datan kendhat nggunggung sih rahmat. === no 129 judul Tansah Bingah *1 Tyas kita sestu raharja sinung kabegjan nyata dene Allah Kang Ma’kwasa nganggep putra mring kita *reff mara tansah bungah-bungah wit tinunggil lan Allah sarta ngambah dalaning pepadhang kang dugeng kasampurnan. *2 Hyang Maagung ngreksa kita nguwalken sing bebaya sihnya sung lipur ing driya nyantosakken pracaya *3 Yen kita nyingkur Pangeran neng ati was sumelang nging yen sumuyud mring Allah tinuwukken ing berkah *4 Yogya kita mursid yekti ajrih asih mring Gusti Roh Suci mbelani kita nglawan pangrehing dosa === no 130 judul Allah Dados Pepadhang *1 Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan, astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya, pepadhanging Allah nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri, ngantos dumugeng swargi. *2 Allah kang dados pepadhang nuntun klayan kaloman sabdanya kebak pangwasa sung pangayoman nyata sestu pepakening Allah nyegerken manah kang lesah wah ngiyatken ing lampah. *3 Allah kang dados pepadhang nuntun ing margi yekti. mring margining kasampurnan gayuhaning pra suci kula badhe salaminya ndherek Gusti kanthi setya wit mesthi dugeng swarga. *4 Allah kang dados pepadhang madhangi manah kula salaminya kula gesang tansah pasrah pracaya kula tan ajrih bebaya karubedan wah sangsara wit Gusti nganthi kula. === no 131 judul Ayem Wonten Ing Gusti *1 Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinungan gesang nyata tinebus sing dosa, wonten kidung ngumandhang sumyaking tyas girang pamujining pra suci nggunggung sihing Gusti. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinungan gesang nyata tinebus sing dosa. *2 Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung panglipur yekti dening Sang Roh Suci, wonten kidung tan kendhat pujining pra umat, wit gung prasetyeng Gusti samya den tetepi, Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung panglipur yekti dening Sang Roh Suci. *3 Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung kabegjan tansah dadya putreng Allah, wonten kidung gung endah sru nggunggung mring Allah, de sisah lan sangsara nunten enggal sirna, Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung kabegjan tansah dadya putreng Allah. *4 Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung kraharjan swarga kalis sing antaka, wonten kidung nengsemna ngebaki bawana, pujining pra tyang ngantya mring gesang sampuma, Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinung kraharjan swarga kalis sing antaka. === no 132 judul Kabegjaning Tiyang Kristen *1 Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami *reff mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki. *2 Mangkya kita titah anyar nyingkur kadonyan tansah budi luhur, andhap asor leladi trus ing manah, *3 Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka, *4 Mangkya kita Umat Kristen kang tansah ndherek Gusti Injil suci winartosken srana katresnan yekti, === no 133 judul Rumentahing Palimirma *1 Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma, punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana, mangke tan wonten paniksa, (2X). ming rumentahing sih mirma (2X).. *2 Allah ngasihi dhateng kula dosa kula ingaksama, tan wonten mulading bendunya wit kula ingangkat putra kula punika sinten.ta (2X) de rinentahan sih mirma (2X). *3 Sayogya kula gunggung-gunggung palimimanipun Allah kang nglepataken saking ukum wah nucekaken ing manah panggunggung kula tan liya (2X) ming bab rentahing sih mirma (2X). === no 134 judul Aja Adigang, Adigung, Adiguna *1 Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X). *2 Salir tyang adigung mung nandur sangsara remen umuk gumunggung ngina mring pepadha mesthi ngundhuh antaka wit adiling Allah nging tyang kang andhap asor sinung berkah (2X). *3 Salir tyang adiguna mung ndhedher cilaka nganggep Allah tan ana sabdanya mung nglaha nggih panen karisakan dukaning Pangeran nging tyang ajrih sih Allah kinasihan (2X). *4 Tyang kang ngendelken dhiri mung ngingah bilai ngangah-angah kadonyan gesangnya lir kewan pikolehnya mung pati wah gesang ing peteng tyang ngandel Kristus Gusti rarja langgeng (2X). === no 135 judul Kula Sumarah Mring Allah *1 Gesang kebak kekeran angel den jajagi dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya kula pasrah sumarah ing reh Paduka. *2 Gesang kebak kekeran angel den jajagi reribed kasisahan silih andhatengi aneng astane Gusti kula tan semplah ati kula pasrah sumarah ing rehing Allah. *3 Gesang kebak kekeran angel den jajagi panggodha wah pacoban mung ngrerujit ati wit pitulunge Allah kula manteb pracaya kula pasrah sumarah ing rehing Allah. === no 136 judul Pangandel Dhumateng Allah *1 Neng are wah neng gunung, mung neng ngarseng Allah aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah endi kang dadi cipta lan osiking ati . kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi. *2 Mung Gusti kang Makwasa mengku samubarang, salir tyang kang pracaya mesthi tinulungan, manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni, suket lan thethukulan wrata den paesi. *3 Bumi dalasan swarga winengku Pangeran, jasad gedhe cilika Allah tan klimengan, sawernaning pra titah sajagad warata, namung nelakken tansah piwlas lan kwasanya. *4 Wong pracaya den ayem tansah kumandela, neng padhang lan neng peteng Allah tansah ngreksa, yen kabotan momotan siningkang ing kadang, Gustimu nunggil tansah dipanggah ywa semplah. === no 137 judul Kang Langgeng Sihe Allah *1 Saprakara kang pantes den upadi yeku Kratoning Allah Sang Rama samubarang pinaringken tumuli angger sumuyud jroning pracaya *reff kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi sirna mung sihe Allah kang langgeng slamanya tyang kang ngayom wus mesthi raharja. *2 Drajad kasugihan wah kasenengan, ginayuh kanthi margi utami, aywa lali kang aji lan sejati, yeku setya wah nunggil lan Gusti, *3 Sagunging kadonyan ingkang kadarbya, iku sranane mbabarken tresna, yen dugeng janji tan badhe binekta, mung gesang langgeng bandha ing swarga, === no 138 judul Pangandel *1 Mung sarana pracaya aku sinung waluya uwal sing rehing pati tinebus dening Gusti *reff Ayem tentrem ing kalbu wit Allah Pamartaku Gusti andel-andel yekti slaminya dak bekteni. *2 Srana pasrah Pangeran aku sinung kabegjan ing sisah dalah bingah tansah tinunggil Allah, *3 Srana kumandel nyata aku sinung raharja ing siyang ratri tansah rinoban dening berkah, === no 139 judul Mugi Gusti Angutus Utusan *1 Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelasipun supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti. *2 Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada lan setya sami nyebar, pawartosing kawilujengan mring salumahing bumi gumelar, supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem raharja. *3 Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa, temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon tuhon, mratobata pitados mring Gusti klayan bingah asmane pinuji. === no 140 judul Sang Kristus Tameng Santosa *1 Sang Kristus tameng santosa nguwalken saking rubeda, neng jroning bebaya pati Gusti kang badhe nulungi, *reff Gusti peparangku tansah ngayomi, angayomi, angayomi, ampinganku sajroning prahara pangungsen ingkang santosa. *2 Sang Kristus Pangen kang setya anggiring sagung mendanya mring panggenan tentrem yekti menda tansah den ayomi, *3 Sang Kristus mulung astanya kalamun rumpil marginya yen ical dipun upadi kepanggih dipun rimati === no 141 judul Gesang Dados Kidung *1 Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran, wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan, ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti, srana kamursidan nyata krana anyar ing budi. *2 Lamun kabotan ing susah wah karoban ing bungah, kula manteb ing pracaya ngayom ing sih rahmatnya, sanadyan sengseming donya nggodha wah milut ati, kula mesthi tansah setya mbangun turut mring Gusti. *3 Pocapan wah tingkah laku mobah mosiking kalbu, dadya kidung konjuk Allah wit sih rahmatnya tumrah, sayogya sengkut makarya kagem Kratoning Allah, yeku sokur trusing driya konjuk mring Gusti tansah. === no 142 judul Mung Kristus Juru Basuki *1 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki wit sih tresnanya mring sagung manungsa ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya sinungan gesang nyata wah tentrem raharja. *2 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki, sabdanya yekti kebak ing pangwasa nggih sabdaning Allah pribadya tyang kang manut lan setya ing gesangira mung kabegjan kang pinanggya. *3 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki, panunggil lan panuntuning pangrehnya sestu sung santosaning driya tyang pracaya sumarah sinung ayem ing manah wah tan nate semplah. === no 143 judul Mung Tansah Pasrah Mring Gusti *1 Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata. *2 Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa, donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya, nging yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa, wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa. *3 Nasibku ing rehing Gusti tan ana pangreh liya, kasarasan lan rejeki imbuhing sih nugraha, rancangan tinata tliti pratandhaning pracaya, aku tan kwatir tan wedi mung begja kang pinanggya. === no 144 judul Margi Dhateng Swarga *1 Nyebuta Gusti mring Sang Kristus, nging yen tan kanthi tulus mung kembang lambe tanpa laku rehing dosa den gugu kasangsaran temahanira naraka pandumannya *reff kang mlebet mring kratoning swarga namung tyang kang mbabarken tresna nglampahi mring karsaning Allah sepi ing pamrih tansah. *2 Salir tyang kang lampah utami welasan mring sesami, mbelani tyang ringkih sangsara nadyan kanthi toh nyawa, yeku muriding Kristus Gusti nggih tyang kang mursid yekti, *3 Saestu begja-begjaning tyang ing donya wah klanggengan, pracaya Gusti Sang Pamarta tansah nulad ing sihnya, dalah tyang kang nyatroni pisan winales kasaenan, === no 145 judul Nunggil Kaliyan Gusti *1 Yen nunggil lan Gusti rinten dalu manah langkung tentrem arahayu *reff kula angantya Gusti ratri klayan rina nyuwun berkah dhuh Gusti , Gusti kula. *2 Yen nunggil lan Gusti jro ginodha, kula mesthi unggul nglawan dosa, *3 Yen nunggil lan Gusti kasisahan, mantun kagentosan kabingahan, *4 Yen nunggil lan Gusti siyang ratri, birat najis kula temah suci, *5 Yen nunggil lan Gusti saged ngertos, kang dados karsanya ing sayektos, === no 146 judul Gusti Yesus Pamarta *1 Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula kula dipun luwari sing pamengkuning pati srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus. *2 Gusti Yesus Pamarta kang nunggil gesang kula, kula tansah kinanthi ngantos dumugeng janji, mila kula tan wedi martosken sihing Gusti. *3 Gusti Yesus Pamarta dados pangungsen kula, yen ketaman bilai kula nenga mring Gusti, nyadhong pangluwar yekti temah tentrem ing ati. === no 147 judul Pangungsen Kula *1 Gusti Pangungsen kula sestu gung sih rahmatnya ing sajroning panandhang wah yen bebaya nrajang Gusti sung pangluwaran kula manggih kraharjan. *2 Daya karosan kula winates wontenira srana pasrah sumarah mring reh kwasaning Allah kula manggih kabegjan ngantos dugeng klanggengan. === no 148 judul Nyawisi Papan Mring Gusti *1 Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu resikana dimen patut Gusti karsa lumebu *reff rungokna pangandikanya aja padha semaya nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati *2 Tan liya kersane Gusti, mitulungi wong dosa, kang siyaga mbukak ati, dadya padalemannya, *3 Rahayu tyang kang samekta, saos papan mring Gusti, antuk padhanging wardaya, kang tumurun sing swargi, === no 149 judul Gusti Nuntun *1 Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi Gusti *reff nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti. *2 Dadosa ing wanci siyang, punapa kesaput ratri, manah peteng miwah padhang, kula tansah dipun kanthi, *3 Gusti nuntun kula pasrah, klayan nrimah ing satitah, nadyan ngantos dugeng janji, kula tansah dipun kanthi, === no 150 judul Kumandela, Pracayaa *1 Mara den etunga berkahing Allah Rama atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran *reff Kumandela pracayaa upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat. *2 Mara waspadakna mukjijad sing Sang Rama dalah prakara kang mung prasaja margining pangrimatnya, maringken bagas kasarasan lan kacekapaning gesang, *3 Mara den gatekna pangrehing Gustinira, denya ngrimati pra makluk wrata ing rehing alam raya, uripira langkung pangaji lan sagung pra makluk sami, === no 151 judul Mung Allah Maha Kawasa *1 Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeraning Hyang agung sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung, *reff Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira, bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya tyang kang mursal nemahi bilai kang ajrih asih manggih basuki. *2 Nadyan sira luber sugih yekti, nging luwih sugih langit lan bumi, mula den andhap asor ing ati, loma mring Gusti dalah sesami, *3 Nadyan sira luhur wah sinembah, tan sande bali mring lebu tanah, mula nyaosna gesang mring Allah, dadya lantaran sih rahmat tumrah, === no 152 judul Yesus Sang Pamarta *1 Yesus yeku Sang Pamarta karsa ngluwari tyang sangsara mbirat saliring memala nglipur tyang kang nandhang papa *ref Kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti. *2 Yesus Sang Juru basuki, lembah manah luber ing budi, tan mawang mring saliring tyang, kang ngayom nggih tinulungan, *3 Yesus Sang Juru Panebus, tresnanira sayekti tulus, tyang najis, dosa, duraka, yen mratobat ingapura, === no 153 judul Gusti Yesus Kristus *1 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa nggih jatining kayektosan wah malih kauripan margining tyang dugeng swargi Imam agung sejati Sang Pangen, Panebus jalma Pantaraning manungsa. *2 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta yeku Sang Kristus Masuci Gustining sagung Gusti, ratuning salir pra ratu nggih Sang Guru satuhu, sabdeng Allah kang manjalma dadya putreng manungsa, nggih ugi cempening Allah Abdining Sang Yehuwah. *3 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta, panutaning tyang pracaya nggih Ratu Adil nyata, Sang Alpha lan Sang Omega Pangreh jagad lan swarga, sesirahing pasamuwan sarta sumbering gesang, Hakim ing dinten wekasan kang datan mawang mring tyang. === no 154 judul Allah Pangayomanmu *1 Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya. *2 Gusti nganthi mring sira tansah tan kendhat ngluberken berkah yen sira rinoban bebaya wah mikul salib sangsara pitulungnya datan kendhat mula ngayoma dikebat. *3 Sang Roh Suci nunggil mring sira nyantosakken ing pracaya mrih menang nglawan mring panggodha waspada juliging dosa manuta ing sapangrehnya temah dugeng kraton swarga. === no 155 judul Paseksi Sayekti *1 Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya tansah silih mbiyantoni ngarah gesang suci yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. *2 Santosaning patunggilan tinangsul katresnan samya silih angladosi tan ngegungken dhiri sengkut makarya ngundhangken wartos kabingahan yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. *3 Pinta-pinta nugrahanya peparinging Rama, runtut lumados mring Gusti wit sadaya aji lelados mring gung sesami mrih tentrem raharja yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. === no 156 judul Timbalan Dadya Duta Sembada *1 Kathah tyang samya nandhang tilingna mbetahken pitulungan tilingna *reff Gusti nimbali sira dadya duta sembada mbabarken sih rahmatnya tilingna. *2 Kathah tyang samya semplah, tilingna, betah lubering berkah, tilingna, *3 Kathah tyang samya sedhih, tilingna, mbetahken welas asih, tilingna, *4 Kathah tyang dadya kurban, tilingna, mbetahken pangluwaran, tilingna, === no 157 judul Nyuwun Kalanting Ing Gusti *1 Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama *reff mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga mrih gesang maedahi sesami wah kamulyaning asma Paduka. *2 Kawula kesandhung sarta dhawah karana lungkrah sulayah, kang kula ungseni namung Gusti wit sihnya kula manggih basuki, *3 Yen kula tinempuh ing prahara ajrih kuwatos ing driya, mung Gusti kang kula antya-antya sabdanya ngiyatken, gesang kula, === no 158 judul Asmanya Makwasa *1 Gusti Kristus Maha kwasa nggih tetameng santosa sagunging tyang kang pracaya mesthi den ayomana, *reff Asmanya Makwasa nggih tetameng santo sa AsmaNya Makwasa tumrap tyang kang pracaya. *2 Piandel urip sayekti namung asmaning Gusti, ing panggodha wah sangsara sung santosaning driya, *3 Asmaning Sang Kristus Gusti mbereg remen leladi, mrih gesang tentrem raharja jagad rinoban sihnya, *4 Undhangna asmaning Gusti ing salumahing bumi, mrih salir tyang nampi warta Ratu Adil wus prapta, === no 159 judul Sang Kristus Maasih *1 Lamun sira sangsara krana rehing dosa yogya pasrah. mring Gusti dyan linuwaran yekti, *reff Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja. *2 Yen sira kamomotan kabotan sesanggan, yogya ngungsi mring Gusti mesthi den pitulungi, *3 Yen sira karupekan siningkang ing kadang, rumaketa mring Gusti mrih tan semplah ing ati, *4 Yen sira kasusahan rinoban panandhang, sumendhea mring Gusti sira mesthi kinanthi, === no 160 judul Kraton Swarga *1 Neng Kraton swarga sestu gung panggenannya salir tyang tinimbalan mlebet samya mila Sang Kristus manjalma tedhak donya ngurbanken srira nylamet ken manungsa *reff yogya tampanana sih rahmating Gusti temahan sira manggih urip sayekti tentrem raharja tansah ngerobi sira wasana ngrasuk kasampurnan swarga. *2 Saben tyang rebut bener mlebet mring swarga, ngambah margi pilihannya pribadya, nging mung tyang pracaya sarta olah tresna, yeku kang ndherek Gusti mlebet swarga, === no 161 judul Tyang Kang Pracaya *1 Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta lir pang datan alum lamun tetep ing wit ira *reff tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya. *2 Salir pra suci tuwuh basuki yen tan pegat lan Gusti, lir pang kang medal wohira yen tan pisah witnya, *3 Tyang kang pracaya badhe sampurna karana Sang Pamarta, lir pang kang kathah wohira mung karana witnya, *4 Tyang kang pracaya nging tanpa laku mesthi manggih bebendu, lir pang kang tan ana wohnya pinagas dyan sima, === no 162 judul Dhuh Gusti Pepadhang Yekti *1 Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula ngambaha margi utami nggih bebener nyata. *2 Dhuh Gusti nggih Sang Pamarta mugi nunggil kula, ing sangsara lan bebaya tan semplah ing driya. *3 Dhuh Gusti nggih Sang Roh Suci mugi nganthi kula, tansah gesang mursid yekti teguh ing pracaya. *4 Dhuh Gusti yeku Sang Sabda mugi nglanting kula, sesanggening tyang pracaya tansah katindakna. *5 Dhuh Gusti Sang Pangen nyata mugi ngreksa kula, nadyan rinoban bilai manggiha basuki. === no 163 judul Pitobat *1 Biyen nglirwakake sabdaning Gusti mung karepe dhewe kang dituruti samangkya mratobat nampi sih rahmat migatosken tansah karsaning Allah *reff mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga sinung gesang yekti unggul sing pati. *2 Biyen nggunggung dhiri mburu kadonyan, tan nggape mring Gusti nyingkur kaswargan, mangkya anoraga ngendelken Gusti, mempeng nggayuh swarga mbabar sih yekti, *3 Biyen urip mblunthah mursal ing lampah, nguja hawa raga manut ing dosa, mangkya mesu budi ing lampah suci, martosken Injilnya maring pepadha, === no 164 judul Agunging Sih Rahmat *1 Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja *2 Nggih sih rahmat kang sung begja mring tyang kang pracaya, sing pejah wit rehing dosa mangkya gesang nyata. *3 Sih rahmat niku sung padhang mring manah kang lesah, nuntun tyang mursal wah nglambrang setya bekti Allah. *4 Nadyan kathah pepalangnya nyanggi salib ugi, nging sih rahmat nuntun kula tulus tresna Gusti. *5 Yen sampurnaning sih rahmat binabar sanyata, kula manunggal tan pegat lan Gusti ing swarga. === no 165 judul Jatining Katresnan *1 Lamun kula anglampahi tindak luhur mulya nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa gina *reff kula winulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tindaking Gusti kula winulanga tresna trusing ati nggih nuladha tindaking Gusti. *2 Lamun kula angucapna gung basa ing donya, nging yen sepi ing katresnan lir gong bendhe ngangkang, *3 Lamun kula andanakna bandha dalah nyawa, nging mung krana tuhu tresna pituwase nyata, *4 Tresna iku sepi pamrih wah luber ing budi, tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah, *5 Tresna iku sabar drana tulus angapura, tepa slira wah jatmika myang lampah utami, === no 166 judul Ora Et Labora *1 Ora et labora ndedonga makarya yeku sesantinya sagung tyang pracaya mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya. *2 Ora et labora ndedonga makarya mbangun nagri-praja, nusa sarta bangsa Gusti ingkang nganthi lelabet trusing ati Ora et labora ndedonga makarya. *3 Ora et labora ndedonga makarya ngladosi sesami wit tresna sayekti nyirnaken panandhang wah mbrastha kasangsaran Ora et labora ndedonga makarya. *4 Ora et labora ndedonga makarya mbelani sesami mrih gesang basuki ngudi kaadilan bener wah kajujuran Ora et labora ndedonga makarya. === no 167 judul Panuntuning Gusti *1 Allah Rama ngreksa ngrimati kula kabegjan kraharjan kang pinanggya lamun nyanggi momotan lan sangsara tinunggil mrih tan ngantos semplah, *reff kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna. *2 Yesus Gusti nebus kula tyang dosa, wah ngiyatken kula gesang suci, manggul salib wit ndherek Sang pamarta, nekseni margining basuki. *3 Sang Roh Suci nuntun kula mring swargi, ing lampah utami manut Gusti, labuh labet mbabar adil satuhu, bebener wah tentrem rahayu, === no 168 judul Ndedonga Lan Makarya *1 Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya. *2 Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi, mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng. *3 Ndedonga lan makarya mrih tansah waspada, yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba, manggul salib wit Gusti manut ing prentahnya, tansah setya ngabekti lan manteb pracaya. === no 169 judul Sumarah Mring Allah *1 Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran. *2 Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati, yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya. *3 Sumarah mring Allah jiwa raga, rinoban ing berkah ayem nyata, yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den luwari dening Gusti. *4 Sumarah mring Allah jiwa raga, rinimat, rineksa ing sih mirma, yen ingarah pati wit bebener yekti, manteb dugeng janji Gusti nganthi. *5 Sumarah mring Allah jiwa raga, tinuntun ing sabda dugeng swarga, yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci. === no 170 judul Gusti Mugi Nuntun Kawula *1 Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka nadyan awrat momotanira nging kula tansah manggih begja. *2 Gusti mugi nglanting kawula ngambah margi bebener nyata, nadyan rumpil kathah bebaya nging tatag tan semplah ing driya. *3 Gusti mugi nunggil kawula nglawan salir pangrehing dosa, temah kula unggul ing yuda manggih kasampurnan ing swarga. === no 171 judul Utusaning Gusti *1 Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah *reff sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah. *2 Angundhangken sih rahmating Gusti lelabet wah leladi, margining tyang luwar sing sangsara temah samya raharja, *3 Ngundhangken Injil kratoning swarga klayan tumindak nyata, pangluwaran sing kwasaning dosa temah gesang sembada, === no 172 judul Tansah Padha Bebungaha *1 Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antaka *reff tansah bungah ing patunggilaning Gusti tansah bungah wit sinung gesang sayekti. *2 Tansah olah kabecikan leladi tan mawang mring tyang yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur *3 Tansah manteb ing pracaya. tan sumelang wah tan wedi tegen nyenyuwun ndedonga pasrah wit Gustimu nganthi *4 Tansah padha bebungaha wit tentrem raharja nyata Gustimu ngreksa slaminya sawutuhing gesangira === no 173 judul Korban Sejati *1 Saosna badanmu mrih dadya korban kang gesang lan suci konjuk Pangeran yeku pangibadah ingkang sejati tandha sokur tansah mring sihing Gusti. *2 Ywa madha ing rupa kalayan jagad nging salina budya krana sih rahmat dipadha niteni karsane Gusti salir kang prayogi sampurna yekti. === no 174 judul Nulada Sang Pamarta *1 Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah *reff Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata. *2 Rame ing gawe ing pamrih sepi tan mung mikir badan pribadi nging migatosna ing liyan ugi nulada mring Sang Kristus Gusti *3 Remen ngalah wit luhur ing budi nobatken srana tresna yekti kang den arah mung krahajan nyata nulad tindake Sang Pamarta === no 175 judul Tiyang Rahayu *1 Rahayu kang mlarat budi witdarbe Kraton swargi rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti *reff Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi Yoga den tut wuria prentahnya den estokna *2 Rahayu tyang alus budi nggih kang marisi bumi kang luwe mring kasampurnan nggih mesthi badhe katuwukan *3 Rahayu tyang kang welasan wit tinresnan Pangeran salir tyang resik ing manah kepareng sowan ngarseng Allah *4 Rahayu tyang kang ngrukunken yeku pra putreng Allah kang kinuya wit kayekten yeku kang darbe kraton swarga *5 Rahayu kang den pitenah krana bekti mring Allah tansah mbangun turut Gusti ngudi ing gesang mursid yekti === no 176 judul Kang Pinunjul Katresnan *1 Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta *reff yekti amung telung prakara pangarep-arep lan pracaya sarta katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang pinunjul tresna *2 Kang mbelani tyang ringkih papa, mrih darbe aji manungsa nggih tyang kang watek asih tresna kumedah nglantarken berkah *3 Tyang kang ngrukunken tyang sulayan tansah ngarah katentreman mung tyang kang olah ing katresnan wah nebihi ing kekerasan === no 177 judul Gusti Yesus Ratu Adil *1 Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji yeku Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat *2 Ratuning tentrem raharja kang luber ing sih rahmatnya mring sagunging manungsa Ratuning kratoning Allah pangwasanya langgeng tansah Sinembah salir titah, Sinembah salir titah *3 Kratonira katentreman pranatannya kaadilan prajuritnya katresnan pangrehe bebener nyata peparinge gesang begja pinujia slaminya, pinujia slaminya. *4 Sagunging tyang kang pracaya ngayom nggih dadya abdinya tansah sinung raharja uwal sing pangrehing pati benjang sampurna ing Swargi mila tansah memuji mila tansah memuji. === no 178 judul Gusti Pepadhanging Jagad *1 Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat asihmring salir manungsa Samya den wilujengna tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah. *2 Gusti pepadhang sejati nggih kang nganyarken budi nglipur tyang susah ing manah ngiyatken tyang kang semplah nyantosakken ing pracaya mrih unggul nglawan dosa mring Allah tansah ngabekti wah nresnani sesami *3 Gusti pepadhang sing swarga sung gesang langgeng nyata salir tyang ngayom ing sihnya sinung ayeming driya tinuwukan srana berkah kasampurnan den arah tinuntun ing sabda suci tansah ngener mring swargi. === no 179 judul Panarima *1 Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir. *2 Sadulur mitra myang tangga tan salaminya setya nging Allah kang Maha mirah tansah ngluberken berkah. *3 Kathah tyang samya wiyaen tan nrimah ing kanyatan ngangah-angah kang tan ana yektine tan keduga. *4 Dhuh nyawaku den marema wah aja sira ngangsa sumendhe mrlng Allah Rama uripmu mesthi begja === no 180 judul Ngaturaken Pisungsung *1 Pisungsung konjuk mring Gusti tan mung sapra sedasan berkahnya rina lan wengi datan kenging ingetang sawernaning kang pangaji konjuk ngarsaning Pangeran *2 Nulad randha miskin nyata nging loma pisungsungnya sadaya kang den darbeki den saosken mring Gusti, sawetahing gesang kula konjuk Allah Kang Makwasa. *3 Pisungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti, kamirahannya ndhawuhi tyang ajrih asih yekti, kanthi setya kula tansah lelados bekti mring Allah. === no 181 judul Saosan Sokur *1 Kula ananem wiji taberi ngrimati nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi Pangeran paring jawah lan sunaring surya wah saliring wohira nggih berkahing Rama *reff Sumangga misungsung kanthi trusing manah sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah. *2 Kula sengkut makarya ing saliring kardi wit iku dados marginya berkah saking Gusti sawarnining pakaryan tan ana kang nistha asil gedhe cilika mesthi murakabi. *3 Kasarasan karosan berkahing Sang Rama kapinteran kaprigelan wah aruming nama ywa nganti anjalari gumunggunging ati ing sagunging kahanan ngluhurken Pangeran. === no 182 judul Riyadin Saosan *1 Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung konjuk Gusti Makwasa ing dinten Pentakosta wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya. *2 Wulu wetuning bumi dalah wohing makarti, sinaosken mring Gusti kanthi tulus ati sinartan karameyan bludaging kabingahan dene berkahing Allah tan kendhat tansah tumrah. *3 Ing dinten Pentakosta dinten kang sestu adya nggih riyadin saosan sung pisungsung mirunggan, wit pangreksaning Gusti pasamuwan lestari, tuwuh sarta ngrembaka kalis sing gung rubeda. === no 183 judul Pisungsung Mring Kang Maluhur *1 Gusti Kang Maluhur kula saos sokur sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah mugi dados marginira asma Paduka pinuja, karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha Amin, Amin, Amin *2 Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung dados srananira greja leladi makarya mbabarken tresnaning Allah sumrambah mring tiyang kathah, temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi, Amin, Amin, Amin === no 184 judul Pisungsung Wit Kamirahaning Pangeran *1 Kula tansah ngraosken bingah wit sih kamirahaning Allah ngganjar kawilujengan nyata lantaran kurbaning Sang Putra mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya. *2 Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan, saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira, mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya. *3 Kula sinungan kasarasan krana sih mirahing Pangeran temahan saged nambut kardi margine manggihken rejeki, mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya. === no 185 judul Pisungsung Konjuk Mring Allah *1 Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung cihnaning bingahing manah wit berkahing Allah sumengka wah sinengkera lan temen rineksa dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti. *2 Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem dening Gusti, dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah *3 Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih asih kula wit gung sih rahmatnya, mugi Gusti nggih karenan temah binerkahan dadya margi Kratoning Allah binabar neng bumi === no 186 judul Pisungsung Konjuk Mring Gusti *1 Jagad nampik sihing Allah nyingkur mring Sang Pamarta nging kula pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya *reff mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi wah sung pisungsung konjuk mring Gusti ngaturken pratandha sokur krana berkahnya mancur. *2 Jagad ndlarung aneng. dosa tansah mburu kadonyan, kula bekti mring Sang Rama wit rinoban kabegjan, *3 Jagad manut rehing pati kang dugeng nraka langgeng, kula tinuntun Roh Suci ing manah ayem tentrem, *4 Jagad remen ing pablunthah ngendhem sengit lan drengki, kula'dadya putreng Allah mila tresna sesami, === no 187 judul Pisungsung Jiwa Raga *1 Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran *2 Tangan suku kawula nindakken pakaryannya, mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti *3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat, temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji *4 Bandha lan kasugihan, wegdal wah kasagedan, nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata. === no 188 judul Asung Pisungsung *1 Sumangga sung pisungsung mring Allah Ma agung krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat *2 Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun *3 Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, bludaging kabingahan wit berkah tan sepi. *4 Saos pisungsung kathah cacahnya tan tim'bang, lan gung berkahing Allah tan kenging winilang. === no 189 judul Sabdaning Allah *1 Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga *2 Sabdeng Allah Masuci wewaton gesang adi kang mireng wah nindakna manggya tentrem raharja. *3 Sabdeng Allah Mamulya Nggih tetedhaning nyawa tyang nggayuh kasunyatan samangkya tinuwukan *4 Sabdeng Allah Makwasa tameng nglawan panggodha sampurna piwulangnya njangkepken tyang pracaya. *5 Sabdeng Allah Pangeran nggih badhe kalampahan kang mokal datan ana wit agung pangwasanya. === no 190 judul Tyang Kang Manut Angger-Angger *1 Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah rahayu kang netepi sabdanya tyang kang manut ing sapangrehe Gusti sarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati. *2 Marginira tyang lampah utama nggih tyang anem jujur ing lampahira mbangun turut mring sabdaning Allah ngupadi Allah lan gumolong ati wah ngandhemi prasetyaning Gusti nyingkiri dosa, panerak, pamblunthah. *3 Gusti mugi ngirid lampah kula manut sabdeng suci ing salaminya tansah karem gesang mursid nyata cacading gesang kula kasingkirna temah kula temen trus ing manah nindakken pranataning Sang Yehuwah, *4 Sabdaning Allah kang dadya dilah madhangi kula murih mursid tansah nggih nuntun kula bekti mring Allah kula supaos nedya den tetepi ngestokken sagung prentahe Gusti tan wigih kangelan dugeng ing janji === no 191 judul Angger-Anggere Pangeran *1 Angger angger suci peparinging Gusti sanyata sampurna, paring pangalaman lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa dhawuhipun Allah mbingahken ing manah wit patitis sayeti prentahe Pangeran dhatengken kraharjan krana saestu murni *2 Ajrih sih mring Gusti yeku lampah suci lestantun slaminya, sabdeng Kang Murbengrat leres tanpa cacat wah adil sadaya, linangkung endahnya munjuli sesotya lan sabarang kang peni, dalah madu tala kasor raosira wit nengsemken ing ati. *3 Tyang setya ngabekti manut rehing Gusti karoban ing berkah, sagung kang netepi dhawuh-sabdeng suci rineksa ing Allah, sajroning panggodha wah yen den paeka tan sande linuwaran, tyang mursid gesangnya wah tulusing driya kanggenan ing kabegjan === no 192 judul Undhangna Sabdeng Allah *1 Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah *reff bra undhangna sabdeng Allah paseksi sih rahmatnya mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata *2 Pra lare tansah pinerdi mirengken sabdeng Gusti sarta tinuntun nindakna srana tuladha nyata *3 Brayat saiyeg ngabekti ndedonga lan memuji nggegilut sabdeng sing swarga dhasaring gesangira *4 Brayat nyawiji ing ati karem mring sabdeng suci samya silih mbiyantoni ing gesang mursid yekti === no 193 judul Mung Sawiji Kabegjan Sejati *1 Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena, Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti *2 Yen peteng ing manah kabidhung ing susah kula enggal nilingken sabda, uwas myang kuwatir mesthi gya sumingkir, angger pasrah ngayom ing sihnya Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti *3 Iba begja kula sajroning panggodha kiniyatken dening sabdanya, rineksa tan dhawah wah tan ngantos lesah, wit saking sih rahmating Allah Mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti === no 194 judul Sabdeng Suci *1 Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci mrih sagung manungsa sinung gesang nyata *reff sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti *2 Undhangna wrata sabumi sabdeng Injil Suci margining tyang gesang yekti, sabdeng Injil Suci pepadhang sanyata, panuntun mring swarga *3 Undhangna wrata sadonya sabdeng Injil Suci margining tyang tuhu rarja sabdeng Injil Suci Dadya putreng Allah, tansah sinung berkah *4 Undhangna mring sagung bangsa sabdeng Injil Suci margining tyang dugeng swarga sabdeng Injil Suci ngayom Sang Pamarta ayem sinung begja === no 195 judul Isining Kitab Suci *1 Isinya kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran dadya srana suka piwulang margining kautaman *reff dimen tyang pitados tansah arumantos mbangun turut Gusti nresnani sesami *2 Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma’kwasa tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmat *3 Tyang lesah sinung lipur nyata karana kwasaning sang sabda wewatekan mindhak utama wah kekah ing pracaya === no 196 judul Sabdanipun Allah *1 Sabdaning Allah Hyang Widi yeku kitab suci panuntuning gung manungsa mring lampah utama wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah *2 Mugi sabdanipun Gusti sinerat ing ati, budi saya mindhak murni wit rehing Roh Suci, tresna mring mengsah ugi wah dhateng sesami, mbabar bebener nyata wah tentrem raharja. *3 Sabdeng Allah Maha tresna den undhangna wrata, winulangna dhateng brayat lan grengsenging tekad, ing dalu, enjing, siang mrih tuwuhing iman, tansah setya ngabekti klayan trusing ati. === no 197 judul Kembul Bujana Suci *1 Kula sami sesarengan kembul bujana suci yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya *2 Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti, ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula, temahan saged ngarosken tentrem rahayu langgeng. *3 Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti, denya anglampahi seda dados panebus kula, samangke kita nekseni dimen jagad ngugemi. *4 Mila kang sawiyah-wiyah tan pantes pisowannya, kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira, kalayan manteb ing manah ajrih asih mring Allah. === no 198 judul Pamuji Ing Bujana Suci *1 Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine *2 Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking antaka kang ngerobi sira klawan kawlasan wah maregi umurmu lan kadarman myang ngenomke kakuwatanira *3 Yehuwah paring adil kang sanyata mring saliring wong kang kinaniaya saklangkung dennya sung palimirma agung sabare lan sih kadarmannya datan salaminya nggenira duka wah bebendunya den sirep nulya. *4 Sepira dhuwure langit sing bumi samono sih kadarmane Pangeran mring wong kang nyaosi pangabekti sepira dohe kulon saka wetan samono nggenira ngedohken dosa wah panerak sing tyang kang pracaya *5 Kadya welasing bapa mring anaknya mangkono Allah dennya asih darma mring wong kang nyaosi pangabekti mila slamanya yogya den pepuji kamulyane den caritakna yekti mrih sagunging manungsa ngabekti *6 Pangeran Yehuwah ambeg welasan wah tansah ngegungken ing kasabaran sih susetyane langgeng slawase wah enggal sirep duka bramantyane nging tansah ngluberken sih mring tyang dosa tyang kang lepat mesthi den apura. === no 199 judul Bujana Swarga *1 Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad *reff Rungokna neng swarga isih luwih panggonan wong dosa mareka sira kang sinuruhan *2 Bujana suci samangkya mbabar rasukan swargi, anggur roti ibaratnya patunggilaning Gusti, nggih kasucen, katentreman wah karahayon sanyata miwah sih rahmating Allah kang ingundhangken tansah, *3 Mila swawi kanca kula samya marek mring Gusti, kang tan nampik tiyang dosa kang adreng dados suci, sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa, anilingna sabdeng Allah kang ngundhangken sih rahmat, === no 200 judul Bujana Suci *1 Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki *2 Bujana suci ngengetna kurbaning Sang Pamarta yogya tansah den undhangna ngantos Sang Kristus wus prapta ngadili gung manungsa wah nyampurnakken greja. *3 Bujana suci nandhani tyang pracaya nyawiji samya silih mbiyantoni ngudi kamursidan yekti nggayuh ing kasampurnan tinunggil ing Pangeran. *4 Bujana suci ngengetna tyang Kristen neksenana Allah rukun lan manungsa krana gunging sih rahmatnya mila mbabarna tresna rukun lan gung pepadha. === no 201 judul Timbalan Ndherek ing Bujana *1 Gusti nimbali kula samya ndherek ing sakramen bujana nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami sih-sinihan binabar nyata silih leladi dentindakna nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama *2 Sakramen Bujana ngengetna kurbaning Sang Kristus Pamarta anggur roti pratandha yekti margining tyang dosa basuki tepang klayan Allah Masuci sarta rukun klayan sesami nging kula taksih asring perdondi adhuh Gusti kula nyuwun suci *3 Bujana kang suci nimbali pasamuwan samya nyawiji lir badan kang namung sajuga nanging kathah peranganira wit niku paseksi sanyata Kristus Juru Slamet manungsa nanging kula asring cecongkrahan dhuh Gusti ngapuntena mring kula === no 202 judul Bujana Kang Sestu Sampurna *1 Kula sung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur kang nimbali kula samya nampeni nugraha ndherek ing bujana suci, bujana sing swargi, yeku karaharjan yekti nggih kamulyan adi, mbenjang yen wus mlebet swargi ing Kratoning Gusti, kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna *reff Yogya disetya temen pracaya ngestokken sabdanya tansah olah tresna gesang kang sembada *2 Kula samya sung pamuji konjuk Hyang Masuci nadyan kula kathah cacad rinoban sih rahmat, pareng ndherek bujananya tunggil pra pracaya, angger tan ndlarung ing dosa manut rehing donya, mbenjang yen Gusti wus prapta ngadili manungsa, kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna, === no 203 judul Bujana Kang Suci *1 Tumurun sing swarga adi karaharjan sayekti pinaringken dening Gusti aneng bujana kang suci, mareka tyang dosa sagung kang mratobat nyuwun tulung, tampanana anggur roti pralambang panebus yekti *2 Sih kang tan ana tandhingan yeku kurbaning gesang, dadya panebus sayekti mrih pra manungsa basuki, timbangana klayan tresna mbangun turut trus ing driya, ing mbenjang ndherek bujana kang sampurna aneng swarga. *3 Pisungsung pratandha tresna sumaos Sang Pamarta, sinartan lampah utami labuh labet mring sesami, ngudi sakatoging budi mrih pasamuwan nyawiji, de yen sampun dugeng janji ndherek ing bujana swargi. === no 204 judul Pandadar Ing Bujana *1 Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang. *2 Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka mung ngegungken sih Paduka Allah Kang Mahawilasa. *3 Dhuh Gusti kula ngakeni sih Paduka agung yekti wit sedaning Kristus Gusti kula luwar saking pati sinungan gesang sejati langgeng wilujeng ing swargi. *4 Dhuh Gusti kula nampeni sih rahmat luber sing swargi kula sumarah pracaya nggih ngayom mring Sang Pamarta dinadosken putreng Allah kang tansah numrahken berkah. *5 Dhuh Gusti kula prajanji wus mesthi kula tetepi saos sokur datan kendhat tansah martosken sih rahmat wah gesang mursid sayekti rameng gawe pamrih sepi. === no 205 judul Baptis Lare *1 Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat. *2 Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula, anak kula lestantuna dadosa kagunganta. *3 Anak kula agengira dadosa tyang utami, lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami. *4 Mugi Gusti mitulungi kula tyang sepuhira, kasagedna mulang yoga tansah bekti mring Gusti. *5 Gusti seda krana kula nggih krana anak kula, sagung dosa ingaksama sami pinundhut putra. *6 Baptis suci mratandhani sih Paduka dhuh Gusti, kang njalari gesang suci yeku anyaring budi. === no 206 judul Baptisipun Lare Alit *1 Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan, dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah. *2 Pasamuwan kadadosken suci wonten ing Asmaning Rama ing Swargi pra lare ugi dados tyang piniji wah pinaringan gesang sayekti. *3 Sang Roh Suci wah sabda Paduka nuntun pra lare manteb ing pracaya wit dosanya wus linebur binirat gesang mursid yekti wit sih rahmat. *4 Pra lare nggih misungsungken gesang de wus dados putreng Allah Pangeran mbabarken tresna nyebar karaharjan leladi mring greja lan bebrayan. === no 207 judul Nyaosken Yoga *1 Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga *reff dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka. *2 Gusti nimbali pra lare mrih sowan nggih samya dados putraning prasetyan de pra tyang sepuh kedah nggulawenthah nenuntun lare karem sabdeng Allah *3 Gusti nimbali pra lare mrih sowan dados gegelitaning pasamuwan leladi mrih greja tuwuh ngrembaka wah bebrayan tansah tentrem raharja === no 208 judul Baptis Suci *1 Kawula samya bebingah memuji mring Allah, kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng. *2 Kawula ngluhurken Gusti yeku Sang Pamarta, kang maringken baptis suci mring pra kadang kula, kinekahna ing pracaya manggul salib klayan setya, tansah martosken Injilnya mrih sesami begja. *3 Gusti maringken prasetyan mring pra lare ugi, sinungan kawilujengan wah kamulyan swargi, katandhan ing baptis suci kagulawenthah pinerdi, nggih dadya putraning Allah kang numrahken berkah. === no 209 judul Kabingahan Wit Wonten Baptisan *1 Kabingahaning ati yekti tan wonten kang nglangkungi de kadang kang kula kasihi nampeni baptis suci, *reff dhuh Gusti mugi tansah mberkahana mrih mbabarna pracaya, nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada. *2 Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya, de anak kang kula tresnani nampeni baptis suci, *3 Kabegjan kang kula tampeni tan saged den lironi, de nadyan kula tyang kang dosa nging wus baptis samangkya, === no 210 judul Rawuhipun Gusti *1 Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat methukken klayan puji mring ratuning jagad mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti. *2 Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi, Gusti tedhak ing donya nunggil lan manungsa, tumut nandhang sangsara ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran. *3 Punapa kang njalari dhuh Ratuning swarga, Paduka rawuh mriki karsa nandhang papa, mung sih piwlas Paduka dhumateng manungsa, manggiha gesang mulya nunggil lan Sang Rama. === no 211 judul Pamujine Maryam *1 Nyawa lan atiku bungah ngluhurken mring Allah. dak pujekna kidung girang wit gunging kadarman, de Allah wus ngudaneni asoring kang abdi, lah panganggepe pra bangsa aku wong kang begja. *2 Gung luhur pakaryanipun wah asmanya suci, sih rahmatnya run tumurun mring tyang ajrih asih, pangwasa nggih kamulyannya binabarken nyata, wit pakaryaning astanya nylametkan manungsa. *3 Wong kang seneng nggunggung dhiri tan bakal lestari, dalah wong kang mengku kwasa tan langgeng rehira, wit samya tinundhung kesah krana bramantyanya, nging wong asor samya bingah linuhurken nulya. *4 Wong kang mursid ingeroban salir kang prayoga, nging wong mursal tan keduman sihing Kang Makwasa, pra abdine kaluberan sih rahmat tan kendhat, wit prasetyane kang adya mring wong kang pracaya. === no 212 judul Pamujining Zakaria *1 Pinuji Allah Makwasa Gustine tyang kang pracaya De umate tinuwenan Pinaringan pangentasan. *2 Sunguning tentrem raharja wus tuwuh wit Sang Pamarta pinaringken mring umatnya mring trahe tyang mursid nyata *3 Allah ngluwari umatnya sing tyang remen ing duraka wah netepi prasetyannya sung nugraha mring manungsa *4 Pinuji Allah murbeng rat nggih kang nglubema sih rahmat temah tyang pracaya yekti angabekti tanpa wedi *5 Tyang mursid nggih sru memuji nggunggung-nggunggung mring Hyang Widi aneng sajroning kasucen wah ngugemi ing kayekten *6 Turune tyang mursid yekti dinuta mrih dadya nabi yeku cecalaning Gusti ngundhangken margi basuki *7 Margining rahayu yekti mung sih rahmatipun Gusti nggih pangapuraning dosa wit kwasananing Sang Pamarta *8 Sang Surya Enjing wus prapta madhangi sagung manungsa mrih tyang kang aneng pepeteng samya manggih gesang langgeng === no 213 judul Puji Konjuk Gusti *1 Puji konjuk Gusti ratuning swargi Kang angesorken srira myang manjalma, miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara, mrih mulyakken jalma luwar saking dosa Haleluya. *2 Puji konjuk Gusti Juru Basuki, pra bala tantra swargi ramya muji, wah sih rahmating Allah tumrah mring manungsa, nggih tentrem rahayu binabar ing donya. Haleluya. *3 Puji konjuk Gusti nggih Sang Pamarta, kang gung sih lan piwlasnya mring manungsa, yogya sinaosan pisungsunging kamulyan, yeku bandha nyawa pisungsunging gesang. Haleluya. === no 214 judul Timbalan Nulad Gusti *1 Pinuji tansah Allah Mamirah kang asih darma mring gung manungsa nladhani kita welas asih nyata mring tyang kang ringkih wah nandhang sangsara. *2 Pinuji-puji Gusti Ma Suci nging sung aksama dosaning jalma nladhani kita tansah olah tresna nyegah kekerasan remen ngapura. *3 Pinuji Gusti Kang Maha Kwasa tendhak manjalma nebus manungsa nladhani kita mbelani pepadha mrih tyang papa cintaka manggih rarja. === no 215 judul Cahyeng Endah *1 Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rahmat raharja prajalma kang sinungan kawaluyan lantaran Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta. *2 Puji konjuk Hyang Matresna kang melasi manungsa nglepataken sing bebendu asung tentrem rahayu manungsa sayogya ndherek muji Hyang Masuci langgeng ing salaminya langgeng ing salaminya. === no 216 judul Kanca Agiyaka *1 Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga tedhak ing donya dados bayi papa *reff payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti sung-pisungsung panggunggung mring Gusti. *2 Kanca den tampia rawuhing Pamarta jroning manah srana pracaya, mrih rukun tansah klayan Allah Rama. *3 Kanca agiranga ngundhangken Injilnya, de Allah netepi prasetya, ngentas manungsa sing kwasaning dosa. === no 217 judul Lintang Endah *1 Lintang endah nyaritakna rawuhing ratu swarga sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira karsa nebus manungsa *2 Lintang adi sung pawarti wiyosing bayi suci tyang ngantya Sang pamarta dienggal ngabekti memuja bayi suci yeku Gusti ngasta tentrem rarja sinungken mring manungsa *3 Lintang mulya sru martosna juru slamet wus prapta tyang remen kautaman ngaturna pisungsung pethingan Sang Pamarta Maha tresna nuntun tyang pracaya mlebet mring Kraton Swarga. === no 218 judul Yesus Kristus Rawuh *1 Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya *2 Haleluya rawuhipun wit sih piwlasipun mring para umat sadarum amrih gesangipun. *3 Haleluya Yesus Kristus dados Juru Slamet, panutan kang setya tuhu tuwin ratu langgeng. *4 Haleluya, Haleluya Putranipun Allah sampun miyos ing Betlekhem pinujia tansah === no 219 judul Warta Kabegjan *1 Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta. *2 Gumeter wit padhang mulya sakala sumunar, ing dalu punika, nelakken tedhaking padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta. *3 Gya bidhal mundhi dhawuhnya sanyata ing kandhang, Sang Timur pinanggya, sawusnya sungkem ngabekti mring Allah memuji. wit Kristus wus prapti *4 Pra pangon sigra wewarta salir kang winartan, sami kaeraman, wit kebabaring kabegjan mring )agad warata, de Kristus wus prapta. === no 220 judul Dalu Suci *1 Dalu suci tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlekhem Gustining dumadi Gustining dumadi. *2 Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta, nilar kamulyannya ing swarga wit tresnanipun mring manungsa nladhani mring kita, nladhani mring kita. *3 Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti maringi, katentreman ing jagad raya ngrukunken manungsa sadaya mila linuhuma, mila linuhurna. *4 Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta, nucekaken tyang dosa sami wah. maringken gesang sejati mila kaluhurna, mila kaluhurna. === no 221 judul Rawuhing Ratu Tentrem Raharja *1 Pra manungsa giranga mujia pra mudita ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja pra manungsa giranga mujia pramudita *2 Gya ngidungna gung puji mring Gustining pra gusti kang sung slamet mring jagad karana gunging sih rahmat pra manungsa giranga mujia pramudita. *3 Gya ngluhurna Sang Mesih ratu swargi Maasih nyirnakaken sangsara srana ngrembat sagung dosa, pra manungsa giranga mujia pramudita. === no 222 judul Rawuhing Ratu Sejati *1 Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji. *2 Ratu yekti ratu saking swargi tedhak donya jumeneng Pantara angrukuna Allah lan manungsa pra mlaekat ngidung nggunggung Allah de sih rahmat tumraha sumrambah karaharjan mring tyang sinarjonan. *3 Ratu suci ratu welas asih lintang adi surem krana sedhih njerit nangis krana pokal wengis para bayi ing Betlekhem nagri den pejahi dening iblis nraka jagad sepi wit sungkaweng driya. *4 Ratu nyata ngasta tentrem rarja mbirat dosa nyirnakken antaka tyang mersudi kautamen yekti sowan Gusti asung sembah bekti wah ngaturna pisungsung mirunggan tyang pracaya misungsungna gesang. === no 223 judul Allah Asih Marang Jagad *1 Kapireng swara gumyak ngumandhang saking swarga paring wartos kabingahan tumrah mring pra manungsa sestu Allah tresna ngantos ngutus Putranya maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya *reff Rungokna swaranya paring wartos basuki Rungokna swaranya Pangeran asih mring jalmi. *2 Putreng Allah wus prepti dados Panebus yekti, pra pangon kang winartosan bingah gya angupadi, dununging Sang Bayi kadya wartos sing Gusti, lumantar bala swarga lah yekti Allah tresna. *3 Pra pangon kang wus manggya bayi yeku Sang Putra, memuji miwah wewarta mring sakehing manungsa, lah aja semaya marek mring Sang Pamarta, mrih antuk gesang sejati tetunggilan lan Gusti. === no 224 judul Adining Dinten Natal *1 Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gusti sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata. *2 Dinten natal dinten suci dinten kabingahan yekti nglipura tyang nandhang susah ngiyatna tyang semplah lesah tyang kang gesang ing pepeteng den tedahna gesang langgeng. *3 Dinten natal dinten mulya dinten karaharjan nyata mbelanana tyang sangsara mitulungi tyang kang papa ngrukunna tyang samya dredah numrahna berkahing Allah. === no 225 judul Kang Pinilih Ing Rawuhe Gusti *1 Betlehem ing Efrata saestu prasaja nging pinilih ing Gusti dadya negri adi dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta Allah sung waluya tan mawang manungsa. *2 Pra pangon tyang kang ringkih, asor, melas asih winartanan mlaekat margining sih rahmat de kang sinungan waluya mung kang rumaos dosa Allah Maha Asih mbelani tyang ringkih. *3 Pra pandhita sing wetan tyang remen kraharjan winedharan wewadi Gustining pra gusti samukawis kang neng jagad nggih ngundhangken sih rahmat tyang kang maspadakna manggih tentrem rarja. === no 226 judul Kamulyakna *1 Kamulyakna Hyang Maagung ing suwarga ing suwarga ing suwarga tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan kluhurna Allah neng swarga kluhurna Allah neng swarga tentrem rahayu ana ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa ing manungsa kang sinarjonan ing manungsa kang sinarjonan kang sinarjonan pinujia pinundhia Hyang Ma agung ing suwarga lan ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan amin, amin. === no 227 judul Sang Pepadhang Sejati *1 Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki. *2 Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa sung tentrem raharja. *3 Sang pepadhang sanyata manjalma manungsa ngasoraken pepeteng sung gesang kang langgeng. *4 Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih rahmat mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah. *5 Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta. === no 228 judul Sang Ratuning Katentreman *1 Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep pepadhang langgeng samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta. *2 Wus miyos Sang Bayi kang suci yeku ratu adil yekti asmane sestu maha kwasa penasehat elok nyata nggih Gusti Allah kang prakosa Rama kang langgeng slamanya ratunipun tentrem raharja yogya tansah den pepuja. === no 229 judul Linuhurna *1 Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya Jagad bilai Kristus ngrawuhi swawi sami den pepuja rawuhe Gusti datan ngadiIi malah ngluwari tyang dosa *2 Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa mlasi manungsa, jagad bilai Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa, dyan memujia saha mulyakna asmanipun Hyang Makwasa. *3 Gya linuhurna Gusti Pamarta ingkang karsa manjalma jagad bilai Gusti ngrawuhi karsa ngentas tiyang dosa, para pracaya sami tresnaa mring Gusti wah mring sesami === no 230 judul Kabingahan Ingkang Sejati *1 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti memuja, misungsung, ngaken dosa lan nyenyuwun bingah bingah trusing manah sung kabegjan dhateng liyan numrahna ! raharja wit wus prapta Sang Pamarta *2 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prih ati mrih samya rahayu wit Sang Kristus sampun rawuh *3 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki pepanggihan lan pra mitra sesarengan aneng greja memuji mring Gusti wah leladi mring sesami angrukunna tyang congkrahan wah nyirnakna kamitegan ngegungna sih tresna Kristus Gusti sampun prapti === no 231 judul Kaelokan Sayekti *1 Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung manungsa welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa sayogya memuja Allah asih manungsa. *2 Mukjijad kang sejati Allah manjalma yekti tanpa sipat bendara nging ngladosi pepadha nladhani sagung manungsa labuh labet trus ing driya ngarah gesang tentrem raharja sayogya sudara ngegungna asih tresna. *3 Pangeram-eram nyata Allah dadya manungsa ngrentahken sih rahmatnya mrih manungsa waluya nladhani sagung manungsa mbelani tyang ringkih papa nyirnakna panandhang sangsara sayogya pra kanca mbabama tresna nyata === no 232 judul Kidung Dinten Natal *1 Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa *2 Swawi kanca asung panggunggung aneng dinten natal agung Allah wus ngluberken sih rahmat mring tyang dosa nggih mratobat sagunging tyang pracaya pasrah dinadosken pra putreng Allah *3 Swawi kanca ngulukken puji ing dinten suci puniki Allah nebus jalma sing pati mrih sinungan gesang yekti Tansah dadya lantaran berkah tentrem rarja sumrambah tumrah *4 Swawi kanca ngaturken sembah aneng dinten natal endah Allah ngruwat jalma sing dosa sinucekken gesangira mrih dadosa seksi sembada Kratoning Allah tedhak donya. === no 233 judul Panyuwun Mring Gusti Ing Dinten Natal *1 Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya mugi ing natal niki Gusti sung aksami. *2 Dhuh Sang Pamarta Gusti kawula ngakeni kadya Herodhes raja watek kamitega mugi ing natal dinten Gusti angapunten *3 Dhuh Gusti Yesus Kristus nggih adrenging manah saged lir Maryam Yusup sumarah mring Allah mugi natal kang adya nuwuhna pracaya. *4 Dhuh Yesus Kristus Gusti kula ngimpi-impi saged lir pra pandhita sung pisungsung adya mugi natal punika mbereg manah loma. *5 Dhuh Putreng Allah Yekti panyuwun kawula tansah sareng mlaekat memuji tan kendhat natal niki ndadosna mindhak ajrih tresna. *6 Dhuh Gusti Putreng Allah niyat kula tansah lir pangen ing Yudea nekseni Pamarta mugi natal puniki nyantosakken ati. === no 234 judul Allah Tumedhak Manjalma *1 Allah ngesorken srira wit nglabuhi jalma manungsa tan waluya ngendelken dhirinya mung karana tresna gesang tentrem raharja tyang lepat tinuntun tobat sranaden apura. *2 Allah tedhak manjalma wit gung ing sih tresna ngrukunken pra manungsa klayan sariranya mung tyang wani ngalah luhur bebudenira tyang kang remen karukunan sinihan Pangeran. *3 Allah ngurbanken srira wit gung ing sih rahmat nimbali pra tyang dosa mrih samya mratobat nggih remen kraharjan nyegah kadurakan wah nyirik mring kekerasan ngegungken kawlasan. === no 235 judul Sang Ratu Adil Sejati Wus Prapti *1 Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa. *2 Nebus manungsa sing dosa paring kasucening driya mrih samya tresna-tinresnan nebihana memengsahan. *3 Nyirnakken dayaning pati wah malih nganyarken budi mrih adil bebener yekti den udi kang trusing ati. *4 Ngluberken gunging sih rahmat nuntun tyang dosa mratobat mrih salir tyang ingurmatan cundhuk klayan kamanungsan === no 236 judul Allah Nunggil Mring Jalmi *1 Bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan, nging yeku Gustining pra gusti manjalma sung gesang yekti, *reff Tansah pinuja Allah Mamulya kang ngasihi pra manungsa tentrem raharja tumrah neng donya wit sang Pamarta wus prapta. *2 Tyang kang ngantya kaslametan winartan wartos kabegjan pangluwaran sing rehing dosa srana nampi Sang Pamarta *3 Tyang asor dalah tyang luhur sung pisungsung tandha sokur mring ratuning swargi kang prapti yeku Sang Juru Basuki *4 Yogya kula nggih memuji methukken rawuhing Gusti mbikak manah mrih sinucekken temah manggih gesang langgeng === no 237 judul Wiyosipun Gusti *1 Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat gedhe cilik tan kliwatan payo muji Pangeran. *2 Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur pra manungsa sadonya samya ingereh dosa samangkya sinung apura wit Sang Kristus wus prapta. *3 Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur pra manungsa sabumi samya winengku pati samangkya sinung basuki dening sang Kristus Gusti. === no 238 judul Gloria Konjuk Hyang Maha Luhur *1 Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja, methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya Gloria Allah Maha mulya Gloria Allah Maha mulya *2 Pujining kasukan nyata, pangluwaran sing dosa, tentrem raharja neng bumi wit Sang Pamarta prapti, Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya. *3 Kidung panggunggung mring Gusti, kang gung ing sih piwlasnya, de rawuhnya tan ngadili nging nylametken manungsa, Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya. === no 239 judul Rawuhing Sang Imanuel *1 Sang Imanuel gya prapta anglari sagung manungsa li nuwaran sing naraka temah raharja slaminya pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta. *2 Gusti Panebus gya prapti netepi wecaning nabi sagunging tyang kang pracaya pinaringan kraton swarga pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta. *3 Sang Pamarta tedhak donya ngrukunken sagung manungsa kinen samya silih tresna mrih jagad tentrem raharja pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta. === no 240 judul Pamuji Ing Dinten Natal *1 Pamuji mring Gusti kang trusing ati ing dinten riyadi natal puniki prihatosing driya ginantos bingah, kuwatosing donya sirna wit berkah. *2 Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat, kang paring sih rahmat tumrah mring jagad, nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati, ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci. *3 Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung, kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta, nucekken manungsa sung gesang yekti, nuntun tyang pracaya setya ngabekti. *4 Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus, sing dhamparing swarga tedhak manjalma, nuladhani kita wah sagung titah, nandukken sih tresna dalah mring mengsah. === no 241 judul Warta Basuki *1 Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus Mlaekat sing swarga sung warta rawuhira Sang Panebus mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma. *2 Mring bayi papa tanpa pamor nging yektine Sang Pamarta, sung abekti lan andhap asor miwah anteping pracaya, kang nepangken jagad lan swarga ngrukunken Allah lan jalma, wit nyirnakken dayaning dosa mila Gusti manjalma. *3 Mring tyang kang angantya Pirdus yekti tentrem raharja ing bumi, bra undhangna warta basuki rawuhing Sang Kristus Gusti, pujinen Allah Maha tresna sung Pamarta mring manungsa, luhurna Allah Mawilasa de netepi prasetya. === no 242 judul Sang Pamarta Wus Manjalma *1 Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi ratuning para ratu Gustining pra gusti *reff rungokna kidung puja sing pra bala swarga Sang Pamarta wus manjalma sung urip sanyata. *2 Sang Bayi papa lan sudra nging gung pangwasanya, mbirat salir sangsara nyirep rehing dosa, *3 Sang Bayi kang tanpa daya wit ngesorken srira, mbabar jatining tresna yogya den tulada, *4 Sang Bayi jalma sampurna nggih bekti tan cacad kang sung tentrem raharja wit gunging sih rahmat, === no 243 judul Rawuhing Ratu Adil *1 Kabingahan kang sejati nyrambahi ing bumi Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti manungsa basuki makluk wrata saos bekti. *2 Karaharjan kang sanyata tumrah mring manungsa, Sang Pamarta wus manjalma ngrembat salir dosa, nyirnakken antaka sagung bangsa asung puja. *3 Kaslametan wit sih rahmat sinungken mring jagad, Kristus prapta mbabar tresna temah tentrem rarja rukun trusing driya salir titah muji Allah. *4 Warta adya tuhu warta sing Allah Matresna Kristus Gusti mbikak swargi begja tyang pracaya sinung gesang nyata yogya tansah den undhangna === no 244 judul Daluadi *1 Dalu adi abyor cahyeng kartika dalu suci miyosing Pamarta jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya pra manungsa kang sangsara wit dosa linuwaran mrih tentrem raharja *reff mangga sujud saOsbekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta. *2 Dalu adi lintang panjer sung cahya, dalu suci rawuhing Sang Putra, bayi suci rinengga kaapesan karsa mbikak korining kaswargan, angrukunken Allah klayan manungsa wah sung gesang sayekti sampuma *3 Dalu adi Sang putra tedhak donya, dalu suci mlaekat sung puja, kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta, dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng === no 245 judul Sang Ratu Swarga Prapta *1 Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta *2 Samangkya swarga wus binuka jatining tresna binabarna de Allah ngesorken srira Sang Pamarta tedhak mring donya wah manjalma sami tyang papa nylametken sagung manungsa. *3 Pepadhanging jagad wus prapta sung sih rahmat mring pra manungsa dimen samya wilujenga Kang Makwasa ngesorken srira paring tuladha mring manungsa olah tresna trusing driya. === no 246 judul Sangsaranipun Gusti *1 Dhuh Yesus Gusti kula sinandhangan wirang rikinarya makutha pinoyok tyang kathah rinangket lir durjana, cinampah siniya dhuh Allah punapaa, tan ngeman kang Putra. *2 Dhuh Yesus kang Masuci ingganggep durjana, wit dosa kula ugi Paduka pinenthang, sestu nggen kula getun de nglawan mring Gusti, mugi Paduka tuntun mrih gesang utami. *3 Dhuh Yesus kang wineca jumeneng Pantara, mugi pra kagunganta den tansah engeta, sangsara lan kwirangan nggih salib Paduka, mrih tiyang dosa sami manggih gesang yekti. === no 247 judul Pamuji Ing Jumat Agung *1 Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa mrih tyang pracaya waluya, rinukunken klayan Allah, nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga. *2 Ing dinten riyadi niki kula nggunggung mring Gusti, kang gung tresnanya mring jalma ngantos nombokken nyawa, kang nimbali pra pracaya nderek tunggil ing sedanya nampik kepincuting dosa tansah ngudi gesang suci, mbangun turut dhateng Gusti mrih asih trusing ati. === no 248 judul Sangsaraning Gusti *1 Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya jinemalan lajeng kasalib anemahi seda. *2 Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang, nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang, nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya. *3 Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula, saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa, sami pinaringan apura lantaran kang Putra. *4 Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya, ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa, sestu kula rumaos begja tampi katresnannya, prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti. === no 249 judul Gusti Yesus Sinalib *1 Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga, karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad. *2 Gusti Yesus sinalib sinami lan tiyang dosa, nging yektine dosa duraka kita sinanggi ing sriranya. *3 Gusti Yesus sinalib ngurbanken srira pribadya, mrih manungsa rukun klayan Sang Rama temah gesang raharja. *4 Gusti Yesus sinalib nyirnakken kwasaning dosa, marginira rukuning sagung jalma tan mawang liyan bangsa. *5 Gusti Yesus sinalib nyirnakken dayaning pati, tyang pracaya tinuntun gesang suci wah tresna trusing ati. *6 Gusti Yesus sinalib nepangken jagad lan swarga, mrih pra jalma manjing putraning Allah dados margining berkah, *7 Gusti Yesus sinalib wit sing gunging sih tresnane, prayogane kita ndherek tindaknya mbangun turut Sang Rama. === no 250 judul Kapotangan Kula Dhateng Gusti *1 Dhuh Pamarta ingkang seda nebus kula saking dosa temah kula dados putra ingkang darbe gesang nyata dene kula nyaur napa? Dene kula nyaur napa? Gusti sampun nebus kula dene kula nyaur napa. *2 Dhuh Pamarta ingkang seda sinalibken ing Golgota, tinegakken dening Rama tombok nyawa krana kula, dene kula nyaur napa? dene kula nyaur napa? Gusti sampun tombok nyawa dene kula nyaur napa? *3 Dhuh Pamarta ingkang seda nyanggi bendu mikul dosa, tedhak ing teleng antaka wit nglabuhi dhateng kula, dene kula males napa? dene kula males napa? Gusti nglabuhi mring kula dene kula nyaur napa? *4 Dhuh Pamarta kula ingkang seda ngurbanken rah tan srira, nucekken gesang kula wah anyadhang kraton swarga, dene kula saos napa? dene kula saos napa? Gusti sampun kurban srira dene kula saos napa? === no 251 judul Yesus Abdining Sang Yehuwah *1 Abdining Sang Yehuwah, yekti mung Yesus Gusti kang sumuyud mring Allah sampurna suci kang ngurbanken dhiri wit tresna yekti mrih sesami raharja mulya ing swarga *2 Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala, ing ngarseng pangadilan seksinya dora, datan mbikak lathi milaur pati, lila legawa tulus dados Panebus. *3 Sinami tyang duraka sinalib lir durjana, sinengitan ing jagad tinampik umat, sangsara sedanya wit ngrembat dosa, mila tyang kang pracaya gesang raharja. === no 252 judul Lelabetanipun Gusti *1 Kula rumaos kang trus ing batos wit kula dosa Gusti sangsara *reff Ooo kula tiyang kang kawlas asih amlas arsa den labeti Gusti dugeng seda. *2 Kula getun sestu trus ing kalbu, wit kula klentu Gusti sinapu, *3 Kula ngakeni kang trus ing ati, wit kula ndlarung Gusti pinenthang, *4 Kula nglenggana trus ing wardaya, wit kula duraka Gusti seda, === no 253 judul Neng Getsemane *1 Neng taman Getsemane Gusti nyangga siksa miwah bebendu nglawan pagirising pati krana gunging dosaku *reff yogya nggonku nanggapi sih rahmate Gusti yekti amung sawiji pracaya lan bekti. *2 Gusti Kristus ingewan-ewan ginebagan sarta sinapu, srirane nandhang kanisthan krana gunging dosaku, *3 Gusti sinami lan durjana nir pamore ratuning ratu, dadya kurban tan suwala krana gunging dosaku, *4 Gusti sinalib ing Golgota wit sih tresnanya kang satuhu, seda tedhak mring naraka krana gunging dosaku, === no 254 judul Yesus Yekti Pamarta *1 Yesus Sang Pamarta yekti wus ngawonken pati sanadyan sinalib seda nanging wungu nulya pindha wiji kang katanem lir sirna krana kapendhem nulya tuwuh lan ngrembaka sarta angrebda wohira Gusti wungu unggul sing antaka. *2 Yesus yeku yekti Gusti ingkang mengku gesang, pra pracaya nggih pra suci tan ajrih sumelang, yen sisah tan nganti semplah krana Gusti nunggil tansah, yen katempuh kasangsaran Gusti paring pangluwaran, wusananya sampurna ing swarga. *3 Yesus Gusti kang Mamulya, ngutus pra pracaya, kinen angurbanken dhiri nglabuhi sesami, mrih jagad anyar binabar tentrem raharja tan samar, nulad Gusti ing karyanya kang sampun ngurbanken srira, wit tresnanya mring sagung manungsa. === no 255 judul Sang Kristus Manungsa Sampurna *1 Manungsa sampurna yekti yeku Kristus Gusti mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa sangsara dumugeng seda nebus gung manungsa temahan samya waluya luwar sing antaka *2 Sang Kristus jalma sampurna mbabar tresna nyata saliring tyang den tresnani dalah kang mengsahi tan nandukken kekerasan ngegungken kadarman yogya samya den tuladha olah tresna nyata. *3 Sang Kristus manungsa suci citreng Allah yekti labuh labet mring sesami leladi lir abdi sinalib nggih den lampahi mrih jalma basuki lampah gesang gung utami mung nulad mring Gusti. === no 256 judul Mandeng Yesus Kang Kasalib *1 Mandeng Yesus yeku Gusti kang sinalib wah ngemasi sirna gumunggunging ati nging ngorong mring urip suci. *2 Neng ngarseng salibing Gusti drajad, bandha tan pangaji kang utami wung sawiji gesang lan wilujeng yekti *3 Sihing Gusti sestu agung tan saged kula sung liru yogya kang dadya pisungsung jiwa raga bekti sestu. *4 Yesus Masuci sampurna pinenthang wit nebus kula tuladhaning olah tresna mring tyang nyatru wah pra mitra. === no 257 judul Ing Golgota *1 Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda wit dadya kurban sanyata nggih ngruwat manungsa dosa naraka wah antaka kwasane den sirnakna saliring tyang winenganan korining Kraton swarga *reff ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa mardika gesang nyata. *2 Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda nyulihi sagung manungsa anyanggi bebendu dosa nyirnakken rehing pati mbabarken tresna yekti wah nepangna jagad swarga mrih gesang tentrem rarja, === no 258 judul Kemenanganing Tresna *1 Sang Kristus Ma suci nging sinalib ngemasi wit pangadilan tan adil wah seksine dora jagad ngumbar kekerasan lan dosa de Sang Kristus mbabarken tresna nyata *reff Kristus seda den paeka nging wungunya yeku tandha kemenanganing tresna. *2 Sang Kristus Ma asih tetulung sepi pamrih ngluwari tyang kang sangsara nglipur tyang kang sedhih nging jagad nganggep Kristus madeg kraman temah Kristus sinalib lir durjana, *3 Sang Kristus Mamirah tansah ngluberken berkah nindakken mukjijad margine sih rahmat tumrah nging jagad nganggep nyenyamah mring Allah Kristus Sinalib sinami tyang mblunthah, === no 259 judul Rahe Gusti Panebus Yekti *1 Nadyan Gusti suci tan dosa nging sinalib sami durjana dadya kurban ingkang sampurna ngruwat manungsa *reff rahe kang suci panebus yekti sagung dosa linebur sirna angger pracaya. *2 Aneng salib Gusti siniksa, wah tinegakken Allah Rama, pegat nyawa tedhak mring nraka, krana manungsa *3 Nir kamulyan kwasaning Gusti, tanpa aji nggene ngemasi, wit karsa mbikak kori swargi, kangge pra jalmi, === no 260 judul Sang Kristus Gusti *1 Sang Kristus Gusti Maha mulya tedhak mring bumi lan manjalma ngesorken srira pindha abdi ngruwat tyang dosa mrih basuki *reff pra tyang pracaya bra wartakna Injil kang suci salaminya tan ajrih geter was ing driya wit Gusti nganthi salaminya. *2 Sang Kristus Gusti Mahasuci, sinalib seda ngrembat dosa, manungsa rukun lan Sang Rama, tan nate lesah ing wardaya. *3 Sang Kristus Gusti sampun wungu, dayaning pati kawon sestu, gesang sejati binabarna, mrih tyang sabumi araharja. *4 Sang Kristus Gusti munggweng swarga nggih tansah nganthi kagungannya, mrih unggul yuda nglawan dosa, temah sampurna gesangira, === no 261 judul Tinebus Babar Pisan *1 Uwal sing laknat kabegjan kita Gusti wus seda ambirat dosa temah luwar sing paukuman pangluwaran babar pisan *reff babar pisan dennya nulungi babar pisan dennya ngasihi rumaketa ing pamenthangan mesthi luwar babar pisan. *2 Saiki kita padha mardika Gusti wus nanggel ing slamet kita, linuputken sing karusakan sinuceken babar pisan, *3 Putrane Allah sebutan kita kang tilas nyatru pinundhut putra, kang pinaringan urip anyar wit tinebus babar pisan, === no 262 judul Panglipur Kang Sejati *1 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti Sang Kristus kang tanpa dosa dados kurban sampurna sinalibken temah seda tinegakken Sang Rama ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga. *2 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti, Kristus Panebus satuhu samangkya sampun wungu, lebur pangwasaning dosa nir dayaning antaka, Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara, Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara. *3 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti, salir tyang winengku pati sinungan gesang yekti, ndherek seda lan wungunya ndherek ing kamulyannya, ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti, ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti. === no 263 judul Etuking Karahayon *1 Wonten rah kang suci mancur neng ardi Golgota nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa. *2 Wonten rah kang suci mili neng Golgota ardi, rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya, sung gesang slaminya sung gesang slaminya, rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya. *3 Mblabar rah Suci tan dosa ing salibing laknat, rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat, ngluberken sih rahmat ngluberken sih rahmat rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat. *4 Wonten rah kang suci wutah ing salib kang nistha, rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi, kang nuntun mring swargi kang nuntun mring swargi, rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi. === no 264 judul Mandeng Salib *1 Srana mandeng salib ing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti, wit Putraning Allah wus sinalib seda ngrembat laknat dosaning jagad *reff Swawi den pandeng srana mandeng salibing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti. *2 Srana mandeng salibing kurban sejati, salir tyang gesangnya raharja, was sumelang wah ajrih wus tan ndayani, wit winengku rahmating Gusti, *3 Srana mandeng salibing Panebus yekti, salir tyang gesangnya utami, tansah ngarah kasampurnan aneng swargi, nilar sagunging gesang lami, === no 265 judul Salibing Sang Pamarta *1 Sinalib ing Golgota temah dugeng seda Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa *reff Salibing Pamarta tuladha sanyata mbelani mring sesami wit tresna sayekti. *2 Yesus rinoban siksa sinami durjana, wit ngrimati tyang nandhang nulung tyang sangsara, *3 Kristus ingewan-ewan siniya mrih mati, wit nandukken katresnan mring tyang kang mengsahi, *4 Gusti siniya-siya ingina tan kendhat, wit ngasihi tyang dosa nuntun mring pitobat, *5 Sang Mesih den gebagi tinaton sliranya, wit tan pamrih nglabuhi bener adil nyata, === no 266 judul Sihe Allah *1 Wit Allah asih manungsa, masrahken Putranira dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda, sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka Allah asih manungsa pinujia slaminya. *2 Punika sih kang ngeramken yogya dipun tampeni, tyang dosa karukunaken manjing putreng Hyang Widi, gung dosanya ingaksama sinantunan budinya, nilar pratingkah nistha nglampahi pakarti mulya, Allah asih manungsa pinujia slaminya. *3 Punika sih ingkang nyata wit Allah tansah setya, lamun tyang nilar sih rahmat tinuntun mring pitobat, dimen tansah gesang suci ngarah ingkang utami, nggih'kasampurnan ing swargi langgeng tunggil klayan Gusti, Allah asih manungsa pinujia slaminya. *4 Punika sih kang sejati nggih sihe Allah Rama, nitahken gesang sejati tansah mbabarken tresna, tetulung sepi ing pamrih ngaksama trusing galih, tansah ngarah ing kraharjan wonten ing gesang bebrayan, Allah asih manungsa pinujia slaminya. === no 267 judul Wungunipun Gusti *1 Swawi pra kanca girang memuji Kristus sinalib wus wungu yekti Pamarta kita wungu sanyata mangkya jumeneng ratuning gesang Gusti Panebus prange wus unggul, pati wus kalah kwasane sirna. *2 Tyang Kristen samya girang memuja, dene bebendu pawehing dosa wus sirna estu wit Gusti wungu mung karaharjan sarta kabegjan sinungken kita sing Sang Pamarta wungune Gusti yeku panjernya. *3 Swawi pra kanca girang memuja Sang Kristus Gusti unggul sing pati nunggil mring kita tyang kang pracaya Kristus panjernya tangining raga gesang sampurna neng Kraton swarga mung nggunggung tansah ngluhurken Allah. === no 268 judul Wungunipun Gusti Panglipur Kula *1 Gusti wungu sing seda sampun ngawonken antaka wungune Sang Pamarta panjernya tangining raga ngrasuk gesang sampurna yeku panglipur kula. *2 Gusti wus wungu yekti jumeneng ratu ing swargi sagunging tyang pracaya nggih ndherek ing kamulyannya niku prasetyan nyata yeku panglipur kula. *3 Gusti wungu sanyata mangkya jumeneng Pantara tyang kang temen pracaya rineksa sing rehing dosa temah ayem ing driya yeku panglipur kula. *4 Gusti wungu saestu jumeneng Panebus tuhu nadyan tyang memoyoki nging kanyatan dadya bukti Gusti nganthi slaminya yeku panglipur kula. === no 269 judul Pamarta Kula Agesang *1 Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang, dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang. *2 Gesang Gusti kang wus seda lebur panguwasaning dosa salir tyang raharja gung sihe Gusti mring kula mila sinung gesang nyata kula ndherek gesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang. *3 Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah jumeneng pantara sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah yogya den pepuja, gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang. *4 Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen pracayaa tan wonten gesang sejati namung krana Yesus Gusti kang agesang mulya, gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang. *5 Tyas kula saestu girang de gadhah Pamarta gesang, pangrehe slaminya mila kula darbe tekad ngundhangken Injil mring jagad dimen ndherek gesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang. === no 270 judul Gusti Sampun Wungu *1 Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu sampun wungu kwasaning pati sampun sirna tyang kang pracaya gesang nyata Gusti sampun wungu Gusti sampun wungu saestu sampun wungu wungune Sang Kristus dados panjernya tangining raga ing mangkenira nulya ngrasuk kasampurnan ing swarga yogya tansah manteb ing pracaya Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu, sampun wungu. === no 271 judul Ananging Gusti Wus Wungu *1 Jagad kang cilaka saya sangsara de tega nyedani Yesus Gusti *reff nging Yesus wungu yekti ngawonken gung dayaning pati tyang pracaya gesang tentrem raharja, linuwaran sing pangrehing antaka tan wedi nekseni Injil kwasaning Gusti. *2 Umat kang duraka wit rehing dosa nyalib Gustinya kang tan dosa, *3 Yesus wus pinenthang aneng Golgota, iblis nginten menang suka rena, *4 Bener, adil yekti badhe tan aji wit Yesus Masuci den sedani, === no 272 judul Sang Kristus Wungu Jumeneng Ratu *1 Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing reh ing pati nging seksi dora sung warta nglawan bebener sanyata, Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu. Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing rehing pati nging tyang kathah memoyoki nglawan Injil warta suci Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu. *reff Buktinira gesangnya tyang pracaya urip anyar mbabarna sih tresna tansah ngundhangken sih rahmating Allah sarta nglantarken berkah mring gung titah, jagad tentrem raharja sanyata aneng pangrehNya Ratu Adil kang Maha kawasa Gusti Sang Kristus pinuji tansah, Haleluya. === no 273 judul Gusti Wus Wungu *1 Gusti Yesus wus wungu, puji Allah, Haleluya, pati kawon saestu, puji Allah, Haleluya, mbabar gesang sejati, puji Allah, Haleluya, sumrambah ing sabumi, puji Allah, puji haleluya. *2 Yogya memuji girang, puji Allah, Haleluya, dhateng Ratuning gesang, puji Allah, Haleluya, kang nilar kubur laknat, puji Allah, Haleluya, mbikak korining rahmat, puji Allah, puji Haleluya. *3 Jagad wus kaluwaran, puji Allah, Haleluya, uwal sing karisakan, puji Allah, Haleluya, bumi tentrem rahayu, puji Allah, Haleluya, Sabdeng Gusti pinituhu, puji Allah, puji Haleluya. === no 274 judul Kaluwaran *1 Luwar, luwar, luwar saking siksa, puja, puja, konjuk Sang Pamarta. samangke kita merdika wus kawon pangrehing dosa wit Sang Kristus wungu nyata *reff sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga. Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja. *2 Luwar, luwar, luwar saking siksa „ puja, puja, konjuk Sang Pamarta kita sami tyang pracaya nyegah hawa nepsu dosa nunggil Gusti ing sedaya *3 Luwar, luwar, luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta mangkya kita gesang yekti tan winengku dening pati wit nunggil wunguning Gusti *4 Luwar, luwar, luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta kita umat kang piniji mikul salib saben ari ngambah margi gesang suci === no 275 judul Punapa Dosanipun Gusti Yesus *1 Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Masuci nging sinalib seda ? krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa. *2 Dhuh Ratuning rat, punapa sebabnya makuthanta ri sinami durjana ? mrih salir umat rinoban sih rahmat. luwar sing laknat. *3 Dhuh Imam Agung margine punapa sriranta suwung dados kurban nyata ? mrih sagung titah dados putreng Allah luber ing berkah. *4 Dhuh Nabi Yekti napa ndika klentu? de katrap pati krana seksi palsu wit nebus jalma sing kwasaning dosa mrih gesang nyata. === no 276 judul Yesus, Gusti Wungu Sing Pati *1 Pepadhanging bumi wiwit nelahi ing dinten minggu adi pageger muwuhi kuwuring ati tyang Yerusalem nagri wit kuburing Yesus menga layonnya ilang musna Yesus yeku Gusti wungu sing pati dadya juru basuki *reff Wartakna Injilnya kang mbabar tentrem raharja wujudna sih tresna srana tumindak nyata. *2 Tyang remen dursila sung warta dora nglawan bebener nyata, nging seksining Kristus bingahing driya de antaka tan daya, siksa krana Gustining rat datan ngendhakken niyat, wit Gusti prajanji tansah anganthi ngantos dumugeng swargi, *3 Pepadhang satuhu nyunari kalbu wit Yesus sampun wungu, tyang kang pracaya samangkya mardika nir kwasaning antaka, nglantarken berkahing Allah setya ing kardi tansah, dadya pepadhang wah sareming bumi mrih kamulyaning Gusti === no 277 judul Mulada Kayuning Laknat *1 Minggah ardi Golgota wus lungkrah sriranya, Yesus kang tanpa dosa sinami durjana Ilang ajining dhiri, nir pamoring Gusti Tansah ingewan-ewan, sarta jinemalan Putreng Allah sejati sinalib ngemasi. Rahe Yesus kang suci wus nelesi bumi, nyirnakken sagung dosa, nucekken manungsa Sang Kristus pegat nyawa, nir kwasaning dosa Salib kayuning laknat, dyan dados sih rahmat margi muktining mukti kalis saking pati, pinuji-puji Allah kang asih mring jagad Putranya kinurbanken mrih jalma raharja pinuji-puji Allah kang ngluberken rahmat tyang kang samya pracaya lulus aneng swarga Mulada tan kendhat mring kayuning laknat. === no 278 judul Gusti Netepi Janji *1 Taman Getsemane kang sepi, kang dadi seksi Sang Kristus nglawan prihing galih wit ajrih klawan sedih tan ana siji rowang kang ngancani mung godhong garing kang tibeng bumi mangkya wus tumekaning pesthi, Gusti netepi janji. *2 Taman Zaitun, taman suci seksi sejati, riwe lir rahe Gusti mili rentah nelesi bumi, nadyan ingadhang sangsara wah pati, mangkya Gusti tan wedi bilai, tuwuk ndedonga trusing ati, Gusti netepi janji. *3 Tamaning pandonga wus suwung tanpa sabawa, godhong kembanging taman alum wit aboting sungkawa, dene kayu kang kudu dadi berkah, wus malik dadi salibing laknat, nging wus dadi anteping ati, Gusti netepi janji. === no 279 judul Kristus Sang Pamarta, Sinalib *1 Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota, iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak, nging yektine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata. *2 Kristus Sang Pamarta inganggep durjana sinalib tedhak mring naraka, tinegakken Rama ngruwat tiyang dosa mbikak margi kang dhateng swarga, mangkya manungsa rinukunken sagung dosanya ingapunten, luwar sing kwasaning pepeteng temah gesangnya ayem tentrem. *3 Kristus Sang Pamarta suci wah sampurna sinalib nyulihi tyang dosa, netepi prajanji wecaning pra nabi mbabarken sih rahmating Gusti, pulih martabating manungsa dadya putraning Allah Rama, margining berkah tumrah wrata sagung titah gesang raharja. === no 280 judul Pamuji Ing Dinten Mekradipun Gusti *1 Swawi sami sung pamuji ing dinten adi niki Gusti sumengka mring swarga nyawisi papan sampurna mring tyang tuhu pracaya. *2 Gusti sumengka mring swarga ngasta pangreh sampurna ing dinten pungkasan prapta ngadili sagung manungsa yogya tansah pinuja. *3 Gusti sumengka mring swarga ing kamulyan Mamulya nging tyang pracaya kinanthi yeku dening Sang Roh Suci mila kula pepuji *4 Gusti sumengka mring swarga wus rampung pakaryannya kula ngantya rawuhira srana nekseni lnjilnya ndedonga lan jumaga. === no 281 judul Sang Kristus Sumengka *1 Wus rampung wus purna pakaryaning Gusti Sang Kristus sumengka dhateng swargi mring tyang kang pracaya dhawuhira martosken Injilnya sumrambaha *reff Gusti sumengka yeku panjernya gesang sampurna neng Kraton swarga tyang tuhu pracaya asih bekti ndherek kamulyannya nunggil Gusti. *2 Sang Kristus sumengka mulya neng akherat ngasta pangreh swarga lan jagad rat mila tyang pracaya aja wedi mikul salibira ndherek Gusti, *3 Sang Kristus sumengka mring Kraton swargi lantaran Roh Suci tansah nganthi mila tyang pracaya aywa randhat nenuntun tyang dosa mring sih rahmat, *4 Sang Kristus sumengka munggweng kraton swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi mbabarken tresnanya mring sesami mrih samya raharja wah basuki, === no 282 judul Undhangna Sang Kristus Jumeneng Raja *1 Kristus Gusti sumengka mring swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi nggih martosken Injil sih rahmatnya kang nampenana sinungan begja *reff bra undhangna Sang Kristus jumeneng Raja kratonira tentrem raharja. *2 Sang Pamarta sumengka mring swarga tyang pracaya dadya lantarannya mrih Kratoning Allah binabarna dhedhasarira sih welas tresna *3 Gusti Kristus sumengka mring swarga ngutus tyang pracaya mbudidaya sirnanira raos memengsahan wah karukunan kang den gegesang === no 283 judul Panelangsa Ing Riyadi Mekradan *1 Dhuh Gusti kang wus sumengka kawula nalangsa nglirwakken dhawuhing Gusti nekseni Injil sing swargi nresnani sesami *reff dhuh Gusti nggih Sang Pantara mugi mbelani mring kula mrih manggiha pangaksama wah gesang anyar nyata. *2 Dhuh Gusti kang munggweng swarga kula sestu cuwa mangu-mangu ing kanyatan yen Gusti nyawisi papan kamulyan kaswargan *3 Dhuh Gustining sagung Gusti kula getun yekti tan mesthi adreng ing manah mbabarken Kratoning Allah mrih Allah sinembah === no 284 judul Roh Suci, Rohing Kayekten *1 Dhuh Roh Suci Roh kayekten maringana kasekten mrih tyang pracaya nekseni Injil suci sing swargi sarana tumindak nyata tresna kang trusing driya temah sagung pepadha sinungan tentrem raharja tan wonten kasangsaran mung kabegjan sinandhang. *2 Dhuh Roh Suci Rohing Allah mugi nganyarna manah sarta ngiyatna pracaya mrih kula tansah setya mbabarken Kratoning Allah adil, bener sumrambah tan semplah ing kangelan datan ajrih mring pepalang pasrah mring Sang Pamarta ngandelken pitulungnya. === no 285 judul Panyuwun Mring Sang Roh Suci *1 Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja wit Sang Roh wus nuntun greja mrih lestantunira *reff Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula mrih martosna Injil suci wradin mring sesami. *2 Dayaning Roh gesang suci katindakna yekti pasamuwan nunggil tindak rukun wah sumanak *3 Rehing Sang Roh gesang anyar muwuha binabar mrih sadaya pasamuwan nyawiji sabadan *4 Gesang ing Roh yeku tresna kawujudna nyata mrih sestu tentrem raharja sumrambah ing donya, === no 286 judul Pentekosta *1 Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji tansah nunggil kagungannya lantaran Sang Roh Suci, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci. *2 Sanyata wecananing nabi, wit sih mirmaning Gusti, pra tyang pracaya pinesthi, pinaringan Roh Suci, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci. *3 Salir tyang pracaya yekti, kapenuhan Roh Suci, sinungan kasekten adi, nekseni Injil suci ing Pentekosta ari tumedhak Sang Roh Suci. *4 Samangkya ugi binabar, tumedhaking Roh Suci, tyang pracaya gesang anyar, tresna kang trusing ati, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci. === no 287 judul Panyuwun Ing Dinten Pentekosta *1 Dhuh Sang Roh Suci ngiyatna mrih kula mursid nyata nggih bekti mring Sang Pamarta welas asih pepadha *reff dhuh Gusti Roh Suci nggih andel andel sanyata tumedhaka jroning ati nganyarken gesang kula Gusti mugi nganyarken gesang kula. *2 Mugi tansah nunggil kula mrih kula tentrem rarja sarta pepetenging dosa binirata sadaya *3 Mugi ngirid lampah kula. manut pangreh Paduka nekseni Injil sing swargi nggih sih rahmating Gusti === no 288 judul Mbangun Turut Mring Sang Roh Suci *1 Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah nuntun pasrah Sang Pamarta sinungan waluya yen mejahi rehing dosa kanthi trusing driya manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga *reff Kula samya gung kapotangan wit sihing Pangeran Yogya gesang mursid yekti manut Sang Roh Suci. *2 Sang Roh Suci Roh Kayekten maringi kasekten mrih tyang pracaya nekseni sih rahmating Gusti lamun tansah welas asih mring sagung sesami ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti *3 Sang Roh Suci Roh Pepadhang kang nganyarken gesang nekseni sajroning manah kula putreng Allah lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra === no 289 judul Nyuwun Panuntuning Roh Suci *1 Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati, Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga, setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami, wit panuntun Paduka kula gesang sembada. *2 Dhuh Roh Suci, Roh Allah, nggih nyantosakna manah, lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah, manggul salib wit Gusti martosken Injil suci, wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. *3 Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus, andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang, temah tentrem raharja, sumrambah mring pepadha, wit panuntun paduka, kula gesang sembada. === no 290 judul Pamuji Wit Sang Roh Suci *1 Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja, wit sih paIimirma sinungken mring manungsa dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati nggih nganyarken budi nuntun gesang suci. *2 Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung maringken Roh Suci reraton jroning ati nuntun olah tresna mring sagung pepadha numrahken kraharjan nyirik kekerasan. *3 Memuji tan kendhat wah ngundhangken sih rahmat Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya mrih tan nate semplah nging grengseng makarya nggih Kratone Allah binabarna nyata. === no 291 judul Wit Kwasaning Sang Roh Suci *1 Sang Roh Suci sung daya ngasorken panggodha manah semplah wit sisah sestu dados bingah tyang rinoban pepeteng sinung padhang langgeng mila ayem ing driya tentrem rarja *reff wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti tansah begja kalis sing rehing pati. *2 Sang Roh Suci sung kwasa ngasoraken dosa tyang mursal sarta mblunthah mratobat mring Allah gesang mursid sayekti nresnani sesami sarta remen leladi trusing ati === no 292 judul Pamuji Ing Riyadi Pentekosta *1 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puji ing riyadi Pentekosta puniki Paduka tumedhak lumebet ing driya mrih kula pracaya Sang Pamarta Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. *2 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung sembah Paduka tumedhak nganyarken manah mrih kula saged gesang Mursid yekti sarta tansah nekseni Injil suci Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. *3 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puja Paduka kang ngrimati ing pracaya mrih kula mbabarken tentrem raharja nggih Kratoning Allah ketitik ngegla Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. === no 293 judul Dhuh Roh Suci Rohing Gesang *1 Dhuh Roh Suci Rohing gesang mugi nyagedna mring pasamuwan, mbabar adil bebener nyata temah bebrayan tentrem raharja *2 Dhuh Roh Suci Roh pepadhang mugi nyantosakken pasamuwan tansah martosken Injil suci numrahken berkah mring gung sesami *3 Dhuh Roh Suci Roh pambangun mugi mbereka mring greja sagung bra ngundhangken Kratoning Allah kathah pepalang nging datan semplah. *4 Dhuh Roh Suci Roh kanyatan mugi nggigaha mring pasamuwan klayan tulus ngurbanken dhiri mrih pulihira Pirdus ing bumi. === no 294 judul Kababaring Roh Suci *1 Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula. *2 Dhuh Roh Suci Roh kasunyatan nunggila mring kula slaminya mbabarken bebenering Allah mrih tobating tyang ambeg siya labuh labet sepi ing pamrih nglawan panindhes kalayan sih tan ajrih pepalang rubeda dhuh Gusti nunggila mring kula. *3 Dhuh Roh Suci Roh kaadilan nganthia mring kula slaminya ambabarken adiling Allah wit dayaning pati wus kalah ngluwari tyang binanda dosa nguculi jireting duraka ngayomi tyang ringkih wah papa dhuh Gusti nganthia mring kula. *4 Dhuh Roh Suci nggih witing berkah nglantinga mring kula slaminya ambabarken Kratoning Allah sumrambah sajagad warata jagad pulih dadya lir Pirdus wah tyang ngabekti kanthi tulus rukun lan Allah myang pepadha dhuh Gusti nglantinga mring kula. === no 295 judul Sang Roh Suci *1 Sang Roh Suci dedalem ing ati nucekken mrih gesang anyar yekti mung tansah olah katresnan wah gesang ing kabingahan Sang Roh Suci dedalem ing ati. *2 Sang Roh Suci dedalem ing driya temahan gesang tentrem raharja sabar sareh paramarta kautamen den tengena Sang Roh Suci dedalem ing driya. *3 Sang Roh Suci dedalem ing manah temah tyang pracaya setya tansah andhap asor alus budi saged ngemudheni dhiri Sang Roh Suci dedalem ing ati. *4 Sang Roh Suci dedalem ing driya pakartining daging den sirnakna lampah rusuh sarta jina, hawa nepsu sengitana Sang Roh Suci dedalem ing driya. *5 Sang Roh Suci dedalem ing driya nyirnakna panyembahing brahala sihir, sesatron, wah meri, pasulayan den tebihi Sang Roh Suci dedalem ing ati. === no 296 judul Krana Roh Suci *1 Krana Roh Suci dedalem ing ati kula luwar sing pati gesang sanyata tentrem raharja mangkya sinungken mring kula ing wusananira manggih tangining raga kadya Sang Kristus Gusti kang mulya. *2 Krana Roh Suci kula mursid yekti mbangun turut mring Gusti gesang sembada unggul ing yuda nglawan kajuligan dosa ing wusananira tunggil kasampurnannya klayan Kristus Gusti ing swarga. *3 Krana Roh Suci kula temen ngudi mbucal gesang kang lami sregep makarya kekah ing karsa mbabarken bebener nyata ing wusananira ndherek ing kamulyannya klayan Gusti Kristus aneng swarga. === no 297 judul Wit Sang Roh Suci *1 Wit Sang Roh Suci kula kasagedna martosken Injil adi Kraton swarga wit Sang Roh Suci kula sinung daya nekseni Yesus Gusti Sang Pamarta. *2 Wit Sang Roh Suci kula wicaksana wijang njlentrehken sabda karseng Allah wit Sang Roh Suci kawula-sembada mbabarken gesang yekti mursid tansah. *3 Wit Sang Roh Suci kula tatag tansah ing sangsara bilai datan semplah wit Sang Roh Suci kula tan suwala jroning kinaniaya tetep setya. === no 298 judul Prayogining Brayat Kang Rukun *1 Sanyata prayogi wah endah mulya tyang sagriya rukun pitepangannya, ngreronce katresnan yekti berkahing Allah tansah ngerobi lir embun enjing kang anyrambahi, mung kraharjan kang pinanggya. *2 Brayat kang tut rukun ing pitepangan, lir pra imam kang piniji Pangeran, nglantarken berkahing Gusti, saya wetah samya tunggal ati, tansah kekah wah malih lestari, gesang langgeng pandumannya. === no 299 judul Kabegjaning Brayat *1 Gusti Allah ingkang Ma’asih wit saking sih rahmatipun sampun nimbaIi tyang kekalih gesang tansah atut rukun, tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting ma nah nging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci, *reff Brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci. *2 Gusti wus nitahken manungsa nulad citra pasemonnya, jalu wanita kekalihnya sesami rowang sembada, kinen tansah sami memitran mrih mekar jatining gesang, tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah, *3 Gusti mberkahi tyang ningkahan nimbali gung kulawarga, dados sakaning pasamuwan temah tuwuh lan ngrembaka, brayat tansah sinungan raharja wit misungsungken gesangnya, mrih rawuhing kratoning Allah tentrem rahayu sumrambah, === no 300 judul Karahayoning Tyang Gegriya *1 Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tansah rumaket mring Gusti, mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas, rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas. *2 Arahayu sagunging tyang semahan, ingkang nunggil tresnanya mring Gusti, runtang runtung denira sih sinihan, klayan, saekapraya lan budi, tansah migatosken sabdaning Allah, sarta memuji ngluhurken Gusti, mantep ing pitados kang trusing manah, saha setya dumugi ing janji. *3 Arahayu sagung tyang neningkahan, kang tan nglirwakken prentahing Gusti, nggulawenthah brayat klayan kasetyan, mrih sami tulus ing pangabekti, saha tansah sami sareng ndedonga, sabiyantu ing bot repotira, anebihi bebaya cecongkrahan, lestantun sami manggih kraharjan. *4 Arahayu sagung tyang bebrayatan, kang tansah saos sokur mring Gusti, nadyan bingah utawi nandhang sisah, nggih namung Gusti kang den bekteni, tansah nggatosken dhawuhing Hyang Widi, dados dilah wah sareming bumi nandukken sih katresnan mring sesami, mrih salumahing bumi basuki. === no 301 judul Pandonga Kangge Panganten *1 Mugi Gusti mberkahi panganten puniki, tulus asih sinihan dumugeng delahan. *2 Mugi Paduka tuntun salamining gesangnya, temahan tansah rukun sumanak srawungnya. *3 Mugi Paduka kanthi mrih kekah lan teguh, kasagedna ngrampungi bebaya pakewuh. *4 Mugi Gusti ngrimati temah kacekapan, sami watek berbudi bekti mring Pangeran. === no 302 judul Tangsul Suhing Neningkahan *1 Tangsul suhing pala krama ingkang sestu santosa, nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih, kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa myang ngurbanken kang Putra. *2 Tresna mring somah lan putra, pindha badan priyangga, sami silih angladosi, temah brayat nyawiji, lir pasamuwan kang bekti, wah mbangun turut mring Gusti, tegen ing gesang suci. *3 Gusti mesthi amberkahi, brayat kang sih sinihan, cecongkrahan den singkiri, tansah ngarah kraharjan, sami silih labet labuh, saiyeg nglawan pakewuh, tresnanya saya tuwuh. === no 303 judul Janji Panganten *1 Tangan kekalih salaman tandha manah tunggilan sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu salaminya setya tansah jroning bingah dalah sisah netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan. *2 Janji mesthi den tetepi wit Gusti wus ngidini, kinekahken, binerkahan sineksenan pasamuwan, nedya tansah gesang suci srana mbangun turut Gusti, temahan brayat raharja wah pasamuwan ngrembaka. *3 Kalpika kencana adi tengering janji yekti, pinasang ing driji manis batos ngunandika aris, sakethi margane tresna nging yektine mung sajuga, sira iku memanisku lenging tresna mung sliramu. === no 304 judul Brayat Kang Nengsemaken Sesami *1 Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari, silih asah lan asih silih asuh tan pamrih temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami. *2 Brayat kang tresnanira sayekti kados sihe Sang Kristus Gusti, lung tinulung silih angladosi tan nguja karseng pribadi, yen bebaya anrajang linawan sesarengan, temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami. *3 Brayat kang mbangun turut mring Gusti tegen ndedonga lan ngabekti, kraos lan rumaos nampi berkah jroning bingah dalah susah, gesangnya kagem Allah blaba berbudi tansah, temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami. *4 Brayat ingkang satuhu sembada mesthi datan anguciwani, kalamun pinaringan momongan pinerdi bekti mring Gusti, wasis nging lembah ati blaba nging gemi stiti, temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami. === no 305 judul Brayat Kang Raharja *1 Kadya Adam lan Kawa kang dedunung neng Pirdus, ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus tresnanya murni, gesangnya suci, rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama 2X *2 Tiyang kang sesomahan kang dadya putreng Allah, ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah, jujur ing lampah wah lembah manah, arum jroning pirembagan kekah denya bebrayan. 2X *3 Tiyang kang sesomahan kang bekti mring Pangeran, bingah nggunggung Sang Rama sisah ngaub ing sihnya darma bektinya landhesan sabda; ) dadya lantaraning berkah ing bebrayan ngakathah. ) 2X === no 306 judul Neningkahan Kang Binerkahan Gusti *1 Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci, sembada ing prang rohani, nglawan iblis julig yekti tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama, mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan, tan laIi dados seksi wah lelados sesami, mbabar sih tresnaning Gusti. *2 Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, brayatira sami sinengker wit prasetyan tinandhan baptis suci kanthi temen denya merdi srana nuntun nuladhani, dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji, tansah setya dugeng janji, kanthi tegen nggulawenthah dimen dadya putreng Allah kinasihan ing Rama tinresnan ing sesama watek pradhah lembah manah. *3 Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, tinimbalan ambabarken rawuhnya, Kratoning Allah ing bumi, sayuk rukun ing bebrayan nyirik dredah pasulayan, nging tresna kanthi tulus manut prentahing Kristus, ngarah donya kadya Firdus kanthi temen ing pambudi memayu ayuning bumi ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa wah tut wuri handayani. === no 307 judul Panganten Kang Binerkahan *1 Rahayua salaminya panganten kang mangkya binerkahan, aprajanji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti, *reff saosa sokur saben wektu kanthi sawutuhing uripmu ngabektia, leladia, dadia seksining sih rahmatNya. *2 Rahayua salaminya panganten kang tinunggil Pangeran, kanthi tekat lan semangat ambabarken karsane Sang Rama, *3 Rahayua salaminya panganten kang rukun sih sinihan, jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami, === no 308 judul Mring Padalemaning Allah *1 Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan, manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang. *2 Kang tansah memuji Gusti wah manggen ing dalem suci, yeku tyang rahayu ing ati, tyang kang tansah kangen Allah karosannya neng Yehuwah, tan wigih kangelan ngibadah yen kasatan jroning mlampah rinoban jawahing berkah. *3 Sadinten ing dalem suci sestu saklangkung utami timbang papan sanes ing bumi langkung prayogi ngibadah timbang ngrojongi tyang mblunthah wit Yehuwah yeku sesurya wah tamenging tyang pracaya tyang kang tan cacad lampahnya. === no 309 judul Dalem Pamujan *1 Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman Wonten pundi Sang jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan *reff neng pamujan kapireng swara pujining para pracaya kang sinalib yeku Sang Kristus jumeneng Juru Panebus. *2 Dhateng ngriku puruging tiyang ingkang kawraten ing dosa tyang prihatos wah tyang kesrakat tinampen klayan legawa, *3 Swaraning tangis ginantosan panglipur lan kaayeman mangga sowan mumpung winengan korining kawilujengan, *4 Gusti ngrantos mring kita sesami kang kawengku dening pati klayan tlatos nggennya nimbali marek mring ngarsaning Gusti, === no 310 judul Greja Prasasat Baita *1 Greja prasasat baita neng tengah samodra Kristus kang dadya panutan enering lampahnya nadyan tan sepi bebaya ombak lan prahara mesthi tulus kang sinedya gisiking sampurna angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya temah sembada widada kalis sing rubeda *reff Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya. *2 Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya, manuta pandoming lampah nggih sabdaning Allah, nyingkirana watu karang sengseming kadonyan, mrih tan nemahi cilaka kerem ing samodra, temahan tan bisa dadi seksinipun Gusti, *3 Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya, samangsa prahara nempuh iman kudu kukuh, samangsa pedhut sumrambah aja gampang semplah, nadyan ombak mbilaeni aja cilik ati, wit Kristus pyambak kang nganthi mrih greja lestari *4 Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya, yen tan padha tunggal ati nemahi bilai, baita lepas kendhali tininggal perdondi, wit sayektine bebaya neng tengah samudra, uga king jroning baita mula diwaspada, === no 311 judul Adegipun Greja *1 Tetalesnya sawiji peparang sejati nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya Adeging salir greja ing tengahing donya mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad. *2 Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti, mrih sami tetunggilan wah dados paseksi, lelados mring sesami tresnanya tan kendhat, dadya sareming bumi wah padhanging jagad. *3 Nadyan beda wujudnya yektine sajuga, tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji, tunggila kang sinedya myang sagung panjangka, mrih kebabar yen Yesus Sang Juru Panebus. === no 312 judul Patunggilaning Pasamuwan *1 Yekti nengsemken ing ati pasamuwan kang nyawiji tansah lung tinulung silih mbiyantoni nekseni asmaning Gusti. *2 Sagunging warganing greja leladi kang trusing driya temahan pasamuwan saya ngrembaka asmaning Gusti pinuja. *3 Kang ringkih den pitulungi kang ribed den bela nuli silih andum berkah sihing Sang Pamarta gesangnya tentrem raharja. *4 Pasamuwan kang nyawiji leladi ngurbanken dhiri lelabet mrih kraharjaning masyarakat samya ngraosken sih rahmat. === no 313 judul Papan Pangibadah *1 Papan pangibadah saestu ngangeni kawula sami ngabekti ngraosken nunggil lan Gusti ngluhurken asmanya mirengken sabdanya *reff mareka, mareka kanthi manah tulus memuji nampi berkahing Gusti mrih saged mbabarken tresna. *2 Papan pangibadah papan ingkang adi mangga nggumolongken manah nyuwun manteb ing pracaya mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti. *3 Sing papan punika kebabara yekti pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat. === no 314 judul Pasamuwan Kang Nyawiji *1 Pasamuwan kang nyawiji netepi sabdaning Gusti dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa, sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira. *2 Pindha badan mung sajuga nging kathah peranganira. pasamuwan kang manunggal mbabarken gesang kang enggal, sami dene mbiyantoni wit sih sinihan sayekti, tunggal ati tunggal Gusti nengsemken mring sesami. *3 Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya, mrih kamulyaning Pangeran wah majenging pasamuwan, sinangkul kang karepotan nglawan godha karupekan, mrih tuwuhing kamursidan nggayuh mring kasampurnan. *4 Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti, nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang, mbelani tyang kang sangsara nadyan benten ing pracaya, krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa. === no 315 judul Indonesia Negari Kula *1 Indonesia negari adi kang sestu kula tresnani, tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Allah Sang Rama, wus mesthi tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati. *2 Indonesia negari adi gemah ripah loh jinawi, werni-werni kewan wah tetaneman ulam lelangen lelumban, nedya kula jagi mrih lestari wit niku paringing Gusti. *3 Indonesia negari mulya sewu pulo bebanjaran, bangsa beda suku wah agaminya, ras sarta golonganira, tansah kula sesuwun mring Gusti mrih bangsa wetah lestari. === no 316 judul Pamuji Sokur Awit Kamardikan *1 Atusan taun kawula jinajah, nging samangkya kula wus merdika, sestu niku mung sih rahmating Allah lantaran perjuangan kula sabangsa *reff agung sihing Allah Hyang Maluhur, swawi kanca tansah saos sokur kanthi giyat tumemen makarya mrih raharja lahir lan batin kita. *2 Madegira Republik Indonesia dhedhasamya namung Pancasila, tangsul kekah kang ngiket tyang sabangsa, mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya, *3 Sesantinya: "Binneka Tunggal Ika", nadyan beda nging nunggil ing sedya, samya rukun sengkut mbangun negari, wah silih numrahken berkahing Hyang Widi, *4 Hak azasi manungsa kawujudnya, dhemokratis nggene nata praja, mrih kekahing bebener kaadilan, wah kebabarira karsaning Pangeran, === no 317 judul Indonesia Nagri Endah *1 Indonesia nagri endah peparing ing Yehuwah mila kula dongakaken mrih raharja wah tentrem. *2 Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari ing sisah sarta ing bingah mung Pangeran sinembah. *3 Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti bebener lan kaadilan tansah kedah den udi. *4 Bangsa, nagri Indonesia mugi tansah lestari kalis sing salir bebaya wit rineksa ing Gusti === no 318 judul Tresna Mring Sesami *1 Tresna mring sesami kang trusing manah wit salir sesami citreng Allah yeku wujudira tresna mring negari nglabuhi mring bangsa mrih lestari. *2 Tresna mring sesami tan mawang tiyang nulad sihing Gusti murbeng gesang, ngudi dhemokrasi klayan trusing ati bentening ngasanes den aosi. *3 Tresna mring sesami ing tindak nyata mrih tresnaning Gusti tumrah wrata, hak azasi manungsa binabar yekti adil wah bebener den belani. === no 319 judul Endahe Saduluran *1 Endahe saduluran manut rehing Pangeran, sami dene ngajeni, wah mbiyantoni nadyan beda agama wah beda golongannya tunggal rasa pambekan pri kamanungsan, *reff kluwung pindhanya endah ing warna, nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja *2 Rukun ing pitepangan sumanak ing rembugan, dhemen sung pangapura nyirik piala, nging samya silih ngalah mbabarken tresna tansah, nulad ing sihe Allah mring sagung titah, *3 Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira, ngestokna sabdeng Gusti tresna sesami, nadyan panemu beda nging tan samya sulaya, olah kawicaksanan tan nang-menangan, === no 320 judul Gusti Mesthi Prapta, Maranatha *1 Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya tyang kang tresna mring sesami ajrih asih mring Gusti kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti. *2 Tyang mursal samya moyoki ngremehken sabdeng Gusti de Gusti tan enggal prapta nganggep janjinya nglaha ngarseng Gusti Kang Makwasa sataun lir sadina mila tyang kang tan rumantya kacelik temah cuwa. *3 Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya yogya methukken rawuhnya srana tansah samekta waspada sarta ndedonga memuji Maranatha. === no 321 judul Ngantya Nagri Sampurna *1 Kawula ngantya nagri swarga nagrining kasampurnan nyata nunggil Gusti ing kamulyannya wus lali prihatin ing donya *reff Neng nagri sampurna kita langgeng tentrem raharja Neng nagri sampurna mung tansah memuji memuja. *2 Kawula ngantya nagri swarga nagrining tyang manteb pracaya ngagem makuthaning kasucen wus lali salib wit kayekten *3 Kawula ngantya nagri swargi nagrining tyang setya mring Gusti tyang unggul nglawan salir godha tatag, tanggon wah mursid nyata. === no 322 judul Gusti Rawuh Ngadili *1 Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya. *2 Sang Kristus prapta ngasta ganjaran pinaringna mring salir tyang kang mung mentingken badan priyangga ingukum ing naraka tyang kang tansah nresnani pepadha tan mawang tyang wah tulus ing driya yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya. *3 Gusti rawuh ngadili salir tyang pracayanya wah amalnya tyang kang mblunthah nguja nafsu donya kabesmi ing naraka tyang suci ing lampah bekti Allah manut Roh nyingkur badan priyangga yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya. === no 323 judul Sareh Ngantya Bujana Swarga *1 Langit lan bumi kang anyar nulya enggal binabar wus tan wonten kasangsaran mung langgeng ing kraharjan *reff den sareha tyang pracaya ngantya bujana swarga kita nunggil Sang Pamarta nunggil ing kamulyannya. *2 Sirna salir kasusahan musna sagung panandhang mung kabingahan kabegjan wit rinoban pepadhang *3 Pra suci gesang sampurna sestu tebih sing dosa mung sumyak ngidung mring Allah nggunggung memuji tansah. === no 324 judul Wonten Ing Swarga *1 Wonten ing swarga saiba nengsemna tyang gesang nyata kanthi sampurna ngriki gung ribed sedhih sangsaranya ngrika gung ayem tentrem sayekti (2X). *2 Wonten ing swarga saiba mulyanya, sadaya dados suci sampurna, ngriki manah asring peteng wit dosa, ngrika gung padhang wah lipur lejar, (2X). *3 Wonten ing swarga iba raharjanya, tan wonten panandhang wah paniksa, nunggil kamulyan klayan Sang Pamarta, mila tan kendhat dennya memuja, (2X). *4 Wonten ing swarga saiba tentremnya, mantun sulaya dredah grejegan, manah sami gumolong tut runtutnya, tresna tinresnan klayan sampurna, (2X). === no 325 judul Kangen Mring Gusti *1 Aku kangen mring Gustiku kang tansah dak antya rawuhnya mulung tyang pracaya satuhu wah sumuyud tulus ing driya *reff Gustiku neng swarga aku kangen mring Gustiku, Gustiku, Gustiku kang kwasa ing bumi dalah ing swarga. *2 Aku kangen mring Gustiku mila bektiku trus ing kalbu, tansah sengkut wekel makarya tan nggresula mundhi dhawuhnya, *3 Aku kangen mring Gustiku mila setya ing sesanggeman, temah kalis saking bebendu nging pinaringan gung kamulyan, *4 Aku kangen mring Gustiku kang mirsani osiking kalbu, wah kang tan sande enggal prapta ngadili sagunging manungsa, === no 326 judul Kori Ingkang Menga *1 Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga yeku sih rahmate Allah lantaran Sang Pamarta *reff Sokur dene kula niki nggih taksih winengan kori kula, kula, nggih kula sadaya. *2 Saliring tyang kenging mlebet medal ing kori yekti tyang kepingin sinung slamet ywa randhat wektu niki *3 Mila swawi sami mlebet wit kori taksih menga nggih nampenana sih rahmat pracaya Sang pamarta *4 Saiba nggenira cuwa tyang yen dumugeng janji kaineban kori nyata kori kang dugeng Swarga === no 327 judul Panduman Kula Kamulyan Swarga *1 Kawula angantya kanthi sabar Yerusalem kang anyar nggih padaleman suci sanyata yeku kratoning swarga *reff sestu kula begja sestu kula begja krana pananggeling Sang Pamarta panduman kula kamulyan swarga *2 Kawula ngantya bujana nyata pikramane Sang Kristus pangantyan putrinya tyang pracaya kang ngabekti myang tulus *3 Kawula ngantya dinten pungkasan nggih sampumaning gesang wus tan ana salib wah panandhang mung tansah muji girang === no 328 judul Nagrinipun Gusti *1 Wonten nagri maha adya yeku kraton swarga saliring panandhang sirna mung tentrem raharja sinandhang sampurna *reff Nagri nika nagrinipun Gusti nagri nika nagrining tyang pracaya wah mursid yekti *2 Wonten ing nagri sampurna tan ana antaka mung nunggil lan Sang Pamarta ing kamulyan nyata langgeng salaminya *3 Wonten ing nagri Ma adi samya gesang suci salir kadonyan kepungkur mung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur === no 329 judul Raharjaning Tyang Setya Mring Gusti *1 Sestu raharjanira tyang setya mring Gusti tansah olah katresnan lir tresna wiwitan mung tyang tuhu sembada sinungan makutha gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya *2 Sestu raharjanira tyang tansah jumaga wah kukuh ing pracaya unggul nglawan godha grengseng tulus ngabekti mring Sang Kristus Gusti sinungan kasugihan kamulyan kaswargan. *3 Sestu raharjanira tyang kang ngantya Gusti sabar nyanggi sangsara krana mursid yekti sinung dhampar kluhuran nunggil Kristus Gusti tansah nggunggung Pangeran wah nyenyandhang suci PANUTUP: Amin === no 330 judul Pangadilan Pungkasan *1 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili langit lan bumi gya malih dadya swargi Kratoning Allah nggih binabar sampurna iblis dosa mangkya sirna *reff Sestu rarja yekti tyang kang dugeng janji ing patunggilannya Sang Pamarta nunggil Gusti aneng kamulyan ing swargi. *2 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili bebener nyata wah kaadilan yekti lan kajujuran wah ungguling katresnan ginelar, binabar ngegla *3 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili tyang kamitegan remen dora, grejegan lamis gesangnya wah wengis watekira pati langgeng pandumannya === no 331 judul Sang Kristus Rawuh Ngadili *1 Sang Kristus rawuh ngadili mring tyang salumahing bumi kawiyak sagung wewadi ing ngarsaning Gusti tyang mursal nggih kawistara tyang mursid katitik nyata saliring tyang kaadilan manut pandamelnya *reff mung tyang welas asih klayan trusing driya mring tyang ringkih lan papa yekti tyang tresna sestu mring Kristus Gusti kepareng mlebet swargi *2 Tyang lamis wus mesthi cuwa wit rumangsa wus pracaya nging Sang Kristus andhawuhi lumebet ing nraka sagung tyang suci manahnya tansah ngudi tentrem rarja nggih sinerat namanira ing kitabing swarga === no 332 judul Maranatha *1 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta tyang kang menang nglawan dosa tansah manteb ing pracaya nampi ganjaran sing Gusti wohing wit panguripan ing taman Pirdus yekti. *2 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang kang tatag tanggon yekti mikul salib ndherek Gusti gesang langgeng aneng swargi tan ana susah pati tansah nunggil lan Gusti. *3 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang ajrih asih mring Gusti wah nekseni Injil suci kaganjar nama anyar kepareng lenggah dhampar nunggil Sang Kristus Gusti. *4 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang kang methukken rawuhnya nggih rumantos lan waspada nyandhang kamulyan yekti dadya sakaning Swargi Padalemaning Gusti. === no 333 judul Gumantosing Warsa *1 Gantosing wulan lan warsi sung berkah enggal sing Gusti, yogya kula samya loma misungsung kang trusing driya. *2 Gantosing wulan lan warsi nambahi kabegjan yekti, tan wonten pisungsung nyata mung gesang ing sawetahnya. *3 Gantosing wulan lan warsa sung panjanging umur kula, sayogya sengkut makarya mrih pasamuwan ngrembaka. === no 334 judul Pamuji Warsi Anyar *1 Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti sajroning warsi lami kita rineksa sing pati nadyan tinempuh panggodha nging mantep pracaya, wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki *2 Ginunggung Hyang Maagung gung luber ing pitulung, sajroning warsa lami kula tansah den rimati, nadyan awrat sanggen kathah tan semplah ing manah, cekap ing kabetahan wah misungsung mring Pangeran. *3 Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya, ing warsa anyar niki nggih mesthi tansah berkahi, mung karaharjan sanyata ngiring lampah kula, mila tan kendhat muji wah mbangun turut mring Gusti. === no 335 judul Panyuwun Ing Warsa Enggal *1 Dhuh Gusti kula ngakeni kanthi tulusing ati, dosa kang kula lampahi salebeting warsi lami, Gusti mugi angaksama, mrih kula ayem nyata. *2 Dhuh Gusti mugi nulungi wit kwasaning Roh Suci, ing warsa enggal punika kula gesang mursid nyata, tansah mbangun turut Gusti mbabarken tresna yekti. === no 336 judul Gusti Kang Nganthi *1 Mangsa mesthi silih gumanti, wanci rina ganti ratri, swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan, *reff Gusti kang nganthi, Gusti kang nganthi, temah kita tansah basuki, Gusti kang ngreksa, Gusti kang ngreksa, temah kita tansah raharja. *2 Mangsa nyebar gantos panenan sisah gantya kabingahan, neng griya wah kekesahan sadaya ing rehing Pangeran, *3 Kita nilarken warsa lami wit kang anyar wus gumanti, samya silih andongakna mrih saya tuwuh gesangira, === no 337 judul Kasanggeman Ing Warsa Enggal *1 Siyang dalasan ratri silih gumanti tan ana kang langgeng ing bumi, mung sih katresnaning Allah kang Makwasa lan katresnanira kang langgeng nyata. *2 Nadyan kita asring nindakaken dosa, nging Gusti gung ing pangaksama, yogya kita tan dlarung wangkot ing ati, nimbangi gunging sih rahmating Gusti. *3 Warsa enggal nelakaken gung sih rahmat, mrih tyang dosa samya mratobat, yogya kita ngudi urip mursid yekti, mbangun turut, ajrih asih mring Gusti. Panutup: Amin. === no 338 judul Warsa Enggal *1 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami, gya napaki panjangnya warsi enggal puniki, nadyan tan saged ndugi momotan myang kabegjan, wit sih rahmate Gusti kita samya basuki *2 Saben mangsa tinata manut ing lampahira, swau pepanggihan samangkya kita pisahan, nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti, wit sih rahmating Gusti kita samya basuki. *3 Silih andongakna mrih raharja salampahnya, wah kasil ing karya myang sembada gesangira, tansah lembah manah andhap asor ngarseng Allah, wit sih rahmating Gusti kita sami basuki. === no 339 judul Pamuji Bebukaning Pangabekti *1 Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama, wah panunggiling Roh Suci tumraha ing kawula, Amin. === no 340 judul Pambukaning Pangibadah *1 Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama, wah patunggilaning Sang Roh Suci, tumraha ing kula, nggih kula sadaya, Amin, Amin, Amin === no 341 judul Pamuji Bakda Winulang *1 Haleluya, puji sarta sokur wah sembah kaurmatan, kaunjukna mring kang Maha luhur, dening gung pasamuwan, sihe Allah Rama lumuntura wah sihing Gusti tumrah mring kula, Roh Suci anunggila ing salami-laminya. === no 342 judul Pamuji Panutuping Pangabekti *1 Sih rahmat tentrem rahayu sing Gusti, saha sihing Rama, tuwin patunggilane Sang Roh Suci, tumraha mring kula sadaya Amin. === no 343 judul Purnaning Pangabekti *1 Pinujia nggih Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci purna pangabekti aneng greja ngrasuk gesang saben ari *reff payo nindakna kang trusing ati sabdaning Gusti Sung gesang yekti sinartan dening berkahing Gusti sung sih rahmat mring sesami. *2 Pangabekti sestu pangibadah lamun Gusti kang den sembah kraharjaning pepadha den udi jagad ramya tentrem yekti === no 344 judul Sih Rahmat *1 Mugi sih rahmate Gusti lan sihe Allah Sang Rama wah panunggile Roh Suci tumrah ing kawula Allah. Amin. === no 345 judul Tentrem Raharja *1 Tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita.