code 1 title ALLAH IKU MAHAKWASA *1 Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali. Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji *2 Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci, kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji. *3 Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti, gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti. Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi. *4 Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu. krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu, yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu. === code 2 title ALLAH MAHASUCI *1 Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya. Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. *2 Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya kawula nlangsani dosa. Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem. Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta. *3 Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah. kula sami nyadhong berkah. Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti: kang paring gesang sejati. Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi. nilar gesang lami. *4 Allah Mahaluhur, kula saos sokur, dalah pisungsung kang katur. Bandha sarta badan miwah kasagedan. dadosa kurban kang gesang. Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng Gusti. === code 3 title ALLAH MBABARKEN KWASANYA *1 Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kénging brama, nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarseng Allah Mamulya. Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara, ngluwari tyang siniya, temahan ngraosken begja. Déné tyang wangkot mbaléla siniksa bebendunya. *2 Allah mbélani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang neng jagad; Pangèran ngrentahken berkah kang nglimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah. Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinindhes kaluwaran, temah tan wonten panandhang ing rèhing Ratu Kaswargan. Dépara wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya. *3 Allah Ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang, temah kasurang-surang. Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan. Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa, kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi. Dalah kang swau mbaléla, nggih samya asung puja. *4 Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki. Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti. Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur, Lestantuna nêng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa, Yéku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan. === code 4 title DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI *1 Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci. Sabatinku ngluhurna asmané. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna. Aja lali sagunging kadarmannya. Élingana sawiji-wijiné. *2 Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan, kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira *3 Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci, mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur, iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba*. === code 5 title DHUH PANGÈRAN *1 Dhuh Pangèran Ingkang Maha Suci, kula sami marek tetunggilan. Salir bangsa salumahing bumi amemuji mring asmané Gusti. *2 Gusti tresna mring kula sadaya, saking kilèn miwah saking wétan, sami nunggil klayan Sang Pamarta, Yésus Kristus kang dados Panutan. === code 6 title GUSTI KANG MURBENG DUMADI *1 Gusti kang murbeng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan panyuwun anampeni, sabdeng Gusti. === code 7 title GUSTI, KAWULA SOWAN *1 Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman, dimen kula lestantun wonten ing kraharjan. *2 Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti, nanging ringkihing budi tansah memalangi. Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta, dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala. *3 Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri, namung karsa Paduka kang kula lampahi. Karahayon sejati pangajap kawula, sedya ngambah ing margi pitedah Paduka. Amin. === code 8 title HALELUYA *1 Haleluya pangeran aneng papan pamujan, pinuji asmanya, dalah aneng akasa Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi, ngungkuli samudaya, munggweng swarga lan ing bumi *2 Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang mijilken swara. Geguritan wah beksannya makluk kang darbé nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haléluya! === code 9 title HÉ, SARUPANING PRA UMAT *1 Hé, sarupaning praumat, padha mujia mring Allah. Hé, sakèhing para bangsa, asmané padha luhurna. *2 Wit sih-kadarmané Allah, luwih gedhé tumrap kita, langgeng kasetyané Allah, mila pinuji-pujia. === code 10 title HE WONG SALUMAHING BUMI *1 He wong salumahing bumi padha sumyaka memuji lan ngabektia mring Allah kambi ngidung klawan bungah *2 Hyang Ma'agung dèn anggepa Allah kang nitahken kita. Kita umat kagungané, sarta ménda ngèn-ngènané. *3 Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena, wah marang ing pasucèné, klawan anggunggung asmané. *4 Dé Pengéran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya, wah kasetyané tan kendhat, tan gingsir trus ing akérat. === code 11 title KULA NGATURKEN SEMBAH *1 Kula ngaturken sembah, dhuh Pangeran Yehuwah, nggunggung asma Paduka Kang Maluhur Mamulya; Gustining makluk samya, klayan bingahing driya *2 Dhuh, Sang Yéhuwah, Gusti. Paduka kula puji, ing dalu dalah rina. Agung sih kawlasanta, lubèr berkah Paduka tumrah mring titah wrata. *3 Dhuh, Yéhuwah Pangéran, kawula ngidung girang. Wit sih-rahmat Paduka, kula samya waluya, luwar sing rèhing pati sinungan gesang yekti. === code 12A title KULA SAMI KEKEMPALAN *1 Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah. *2 Agung kanugrahanipun dhumateng para umat. Agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat. *3 Ngantos Kang Putra Kinasih ingutus dhateng donya, ambabarken welas-asih, sinungken mring manungsa. *4 Supados sawarninira tetiyang kang pracaya mring Kang Putra, datan sima, nging gesang salaminya. ==== code 12B title KULA SAMI KEKEMPALAN *1 Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah. === code 13 title KULA SAMI SOWAN *1 Kula sami sowan, kaparing ana kakyatan mundhi timbalan Mugi katedhakna pangwasaning Roh Paduka, nganthi kawula Wit pangreh Paduka sestu andayani temah kula kwawi nglampahi *2 Kula kasagedna ngundhangken sabda Paduka kalayan setya. Ngungkurken kadonyan, nyelaki dhampar kaswargan sumber kraharjan. Temah tyang sajagad, sagunging pra umat ngluhuraken Kang Amengku Rat. *3 Ingkang winartosan sageda manggih kraharjan wah katentreman. Wit kwaos Paduka kawilujengan kawula; kula sung puja. Mugi kapyarsakna pandonga kawula. ing asma Sang Kristus. Amin. === code 14 title KULA SAMYA TETUNGGILAN *1 Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran, wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan *reff Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti, wit ing ayoming sihira sestu tentrem raharja. *2 Kula rinoban ing begja rinten-dalu tan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat *3 Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah, mangsa kang silih-gumanti, samukawis mung endah *4 Kawula nggih binerkahan lantaran mitra-kadang; sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan. === code 15 title KULA TUMENGA MRING GUSTI *1 Kula tumenga mring Gusti kang pinarak ing swarga, kados mripatipun abdi, mulat dhateng Gustinya. Nggih mekaten mripat amba, mandeng mring Gusti kula, ngajeng ajeng pitulungan, ngadhang rentahing sihnya. *2 Mripat amba tansah mandeng dhateng Allah kawula kados abdi ingkang nyawang mring astaning Gustinya sami ngadhang pitulungan; saking Kang Sinuwitan; nggih makaten ingkang abdi nyadhong piwlasing Gusti. === code 16 title LANGIT TANSAH NYARIYOSKEN *1 Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Agung, wah akasa mratelakken yasaning astanipun. Rinten dalu tan kendhat, wartanya ngebakirat. *2 Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan, nging samangsa dèn tilingken tansah nggunggung Pangéran. Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi. *3 Pangéran murbéng jagad-rat kang ngrimati pra titah. Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah. Saliring kang dumadi nélakken sihing Gusti. *4 Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula. Gung panggunggung mring Pangéran, pangayoman sanyata. Pinujia tan kendhat Panebusing pra umat. === code 17 title MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI! *1 Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuh, dhuh Gusti! *2 Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula nyawiji, dhuh Gusti! Kula sami nyawiji. *3 Kula memuja, dhuh Gusti! Kula memuja, dhuh Gusti! Kula memuja, dhuh Gusti! Kula sami memuja. *4 Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula ndedonga, dhuh Allah! Kula sami ndedonga. *5 Kula sung sembah, dhuh AlÌah! Kula sung sembah, dhuh Allah! Kula sung sembah, dhuh Allah! Kula sami sung sembah. === code 18 title NYAWAKU, PUJINEN ALLAH! *1 Nyawaku, pujinen Allah! Gusti mulyakna tansah! Slawase sinungan umur, luhurna srana masmur! krana namung Pangeran, yekti tuking kraharjan. *2 Andel-andel kang sejati sajuga, yéku Gusti. Salir jalma tanpa daya, kwasané énggal sirna. Tyang kang ngayomi mring Allah tansah rinoban berkah. *3 Allah kang nitahken jagad, kasetyané tan kendhat; mbéla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman. *4 Pangéran Allah Maasih ngiyatken tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta Tyang mursid dèn kasihi wah ngrukti tyang ketrini. *5 Pangéran jumeneng raja, pangrèhé ing slaminya, tan négakken kang siniksa, gya nylametken umatnya. Sagunging tyang pracaya ngidungna, "Haléluya" === code 19 title PAMUJI KONJUK GUSTI *1 Pamuji konjuk Gusti kang nitahken jagad raya, wit siyang dalah ratri tansah luber sih rahmatnya. Nadyan ta jagad sirna, sihnya langgeng slaminya. *2 Pamuji konjuk Gusti nggih Allah Kang Mahamirah, pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah, salir ingkang pinanggya dados margining begja. *3 Pamuji konjuk Gusti Hyang Maluhur, Mahasuci, kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa, wah tinuntun mring swargi, mrih kraharjan sejati. === code 20 title PANGERAN MAMULYA *1 Pangeran Mamulya yogya kula puja; dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula. Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumintunya. Pangeran Mamulya yogya pinuja. Pangeran Mamulya yogya pinuja. *2 Pangéran Mamulya yogya kula puja; déné karsa maringaken Putranipun pribadya, dinadosken Juruslamet miwah Pamarta kula Pangéran Mamulya yogya pinuja. (2x) *3 Pangéran Mamulya yogya kula puja; dé tan karsa malesaken sagung klepatan kula, malah dipun sucèkaken sarta ingangkat putra. Pangéran Mamulya yogya pinuja. (2x) === code 21 title PARA TITAH SADAYA SAMYA NGREPEKNA *1 Para titah sadaya samya ngrepekna kidung, konjuk Hyang Makwasa kang gung ing sih susetya. Haleluya! Haleluya! *2 Pujinen Hyang Murbéngrat, Gusti kang gung sih-rahmat, ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari. Haléluya! Haléluya! *3 Allah Kang Mawilasa wus nylametken manungsa, slaminya pinuja, wah tansah pinundhia. Haléluya! Haléluya! === code 22 title PUJI KONJUK ALLAH RAMA *1 Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji. Haleluya! Haleluya! Tetiganya sawiji. *2 Pinuji Ratuning swarga, Gustiné pra manungsa, nggih Ratuning pasamuwan, Ratu sumbering gesang. Haléluya! Haléluya! Ratu sumbering gesang. *3 Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat, wah milujengken manungsa, krana gunging sih-rahmat. Haléluya! Haléluya! Krana gunging sih-rahmat. === code 23 title PUJI MRING ALLAH *1 Puji mring Allah, Pangeran Kang Mahawisesa. Muji ramya, binarung lan sawernining gangsa. Pangidungnya klayan bingah ing manah, nggunggung Gustining pratitah. *2 Puji mring Allah kang sèstu adil pangrèhira. ngreksa lan ngrimati srana lubèring berkahnya. wah saklangkung gung sihnya mring tyang dosa. tinebus temah waluya. *3 Puji mring Allah kang sung tentrem-raharja nyata. tansah ngganjar begja mring tyang kang sèstu pracaya. dadya dilah, andel-andel satuhu. Pujinen lan trusing kalbu! === code 24 title PINUJIA GUSTI ALLAH *1 Pinujia Gusti Allah, wit gunging katresnannya mring umat tebusannya, sumrambah mring sagung titahnya. === code 25 title PINUJI ALLAH *1 Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya, wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga, nuwuhken panenan uga. Samudaya tumata. *2 Pinuji Allah Sang Putra kang nglanting sagung manungsa, paring tentrem-raharja sumrambah pra makiuk wrata, luwar sing pangrêhing dosa, wus binirat sadonya. *3 Pinujia Sang Roh Suci, yéku kang nganyarken ati dados burus sayekti, temah rukun mring sesami, suka ngrimat alam ugi, bawana dadya adi. *4 Sang Rama saha Sang Putra tetiga Ian sang Roh Suci yéku Allah sawiji. Samukawisnya sampurna, awit saking pakaryannya. Mila yogya pinuja. === code 26 title PINUJI GUSTI *1 Pinuji Gusti kang nitahken jagad, siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat. *reff Haleluya, sagung puji tansah konjuk Gusti. Haleluya, sagung bekti mring Ratu Swargi. *2 Pinuji Gusti Sang Jurubasuki, kang ngurbanken sarira nebus manungsa. *3 Pinuji Gusti Allah Sang Roh Suci, kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan. === code 27 title SAKEHING TITAH ING BUMI *1 Sakehing titah ing bumi padha giranga memuji. Haleluya, haleluya! Surya prakosa sumunar, candra, kartika kababar. Puji Gusti saben wanci. Heleluya, haleluya, haleluya! *2 Angin tan kendhat lumaku, méga lan mendhung lumintu. Haléluya, haléluya! Hawa ketiga ngresepi, mangsa rendheng kang gumanti. Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haléluya *3 Banyu bening resik murni, tambaning ngelak, ngresiki. Haléluya, haléluya! Geni anget gawé girang, panggah tur awèh pepadhang. Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haleluya! === code 28 title SUCI, SUCI, SUCI *1 Suci, suci, suci pinuji Hyang suci. Allah Mahamulya kang jumeneng Raja. suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya memuji samnya *2 Suci, suci, suci, pujining pra suci angumandhang sora ngèbeki akasa. Pra mlaékat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat. *3 Suci, suci, suci, Allah Mahasuci. Gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti. Tetalesing bumi gonjing déning puji. Pra makhluk wrata girang memuji. *4 Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya, nucèkken manungsa kang pitados yekti. Yogya pinuji langgeng slaminya. === code 29 title SUMANGGA SOWAN GUSTI *1 Sumangga sowan Gusti. Haléluya! Srana kidung pamuji. Haléluya! *2 Tyang pracaya nyawiji. Haléluya! Ing tresna tulus yekti. Haléluya! *3 Pujèkna gung panggunggung. Haléluya! Kidung konjuk Hyang Agung. Haléluya! *4 Asmané dênsuwurna. Haléluya! Wit lubèr sih setyanya. Haléluya! *5 Tilingna sabdèng Gusti. Haléluya! Klawan pracaya yekti. Haléluya! === code 30 title SWAWI PRA KADANG *1 Swawi pra kadang, disamya agirang Disora-sora angalembana mring Gusti kita Kang Mahawilasa. *2 Sihé Pangéran mring kita pra umat tanpa wilangan wah tanpa kendhat. Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi. *3 Kita tyang dosa, nging Allah ngaksama, krana Kang Putra sinalib séda. Mara resepna kanthi trusing driya! *4 Sihé Pangéran yogya dèn timbangi srana kasetyan, tresna, wah bekti. Srahna tyasira konjuk maring Gusti! *5 Swawi pra suci temen anglampahi préntahing Gusti. Gusti prajanji tansah nulungi srana Sang Roh Suci. === code 31 title SWAWI PRA SUCI NYAWIJI *1 Swawi prasuci nyawiji tunggal ati, sami ngabekti memuji mring Gusti. Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran *2 Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbengrat, ngetang mukjijat lan gunging sih-rahmat. Lubering berkah sing swargi tansah tumrah, nyantosakken manah, nyirnakken semplah. *3 Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama, miwah rumantya nglawan mring panggodha. Amrih saliring tyang kang samya nyipati, dadya kepranan sami ndherek Gusti. === code 32 title SWAWI SAMI MUJI ALLAH *1 Swawi sami muji Allah, Pangeran, Mahawlas. Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas. Rinten dalu datan kendhat. tansah njangkung mring pra umat. Swawi muji Kang Murbengrat, Pangeran Mahawlas *2 Tan males dosa duraka, Pangéran Mahawlas. Nging ngegungken sih-apura, Pangéran Mahawlas. Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib. Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas. *3 Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas. Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas. Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci, nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas. === code 33 title SWAWI TA KANCA KULA *1 Swawi ta kanca kula sami memuji Allah ing dinten puniki; kula dipun paringi bingah linuwih, bingah linuwih *2 Asurak-surak, kanca, sami asuka-suka; manganggé kang saé, sampun kirang sekaré kang éndah-éndah. x2 *3 Swawi anglembana Allah Kang Mawilasa; sanadyan Ma-agung, karsa miyarsakaken pamuji kula. x2 *4 Anggunggung kawlasané tuwin kamirahané; punika etuké sakèhing peparingé, lan bingah kula x2 === code 34 title ULUKNA PAMUJI *1 Ulukna pamuji kanthi trusing ati, he titah, mring Gusti Allah kang setya lan maha mirah; wit sira rinoban berkah. *2 Saosa panuwun kanthi masmur kidung hé sira, wong kang pracaya mring Allah sumbering berkah; wit sira sinung raharja. *3 Aturna panggunggung dalasan pisungsung mring Allah, hé para umat, kang setya paring sih-rahmat, tan ngétang dosaning jagad. *4 Angunjukna sokur, rukun mring sedulur. hé sagunging pasamuwan; wit rinoban ing kabegjan sadhéngah wayah lan papan. === code 35 title AJA KUWATIR LAN WEDI *1 Aja kuwatir lan aja wedi, awit neng Gusti tan kekurangan. Aja kuwatir lan aja wedi, tamtu tinanggelan. === code 36 title GUSTI KANG MAWELAS *1 Gusti Kang Mawelas, mugi angengeti kula; Gusti Kang Maasih, mugi amelasi kula. === code 37 title KAMULYAKNA, HE JIWAKU (Kanon) *1 Kamulyakna, he jiwaku. Mulyakna Gusti Allah Juruslametku. Kamulyakna, kamulyakna; mulyakna Gusti, he jiwaku === code 38 title PUJI MRING GUSTI *1 Puji mring Gusti kanthi trusing ati Puji mring Gusti kang paring basuki === code 39 title PUJI SOKUR MRING GUSTI *1 Puji sokur mring Gusti, krana katresnannya. Puji sokur mring Gusti. Haleluya! === code 40 title REPEKNA KIDUNG ANYAR *1 Repekna kidung anyar; Gusti tansah luharna. Gusti tansah luhurna. Ooo..... Ooo...... Oo.... Repekna kidung anyar; Gusti tansah luharna. Gusti tansah luhurna. Ooo..... Ooo...... Oo.... === code 41 title ROH SUCI TUMEDHAKA *1 Roh Suci tumedhaka, mbabarken tresna Paduka. Roh Suci tumedhaka, Sang Roh suci rawuha. === code 42 title SAKEHING SUKU BANGSA *1 Sakehing suku bangsa, ngegungna Gusti; sakehing suku bangsa ngegungna asmanya! === code 43 title SINTEN INGKANG BADHE KAWULA SOWANI *1 Sinten ingkang badhe kula sowani? Ooo..... Sabdaning Gusti punika langgeng! Ooo.... Kawula yakin, Paduka Kristus ingkang suci, Putreng Allah! === code 44 title AKU WONG KANG DOSA *1 Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti, temahan den sucekna, srana rahe kang suci. *reff Sang Kristus Gusti, Panebus yekti. Nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur *2 Dhuh Gusti Pamarta, mung kwasa Paduka ingkang saged ngluwari kawula saking dosa. *3 Nggen kula nyenyuwun kang dados landhesan dede labet kawula, nggih namung sih Paduka. === code 45 title ANENG NGARSANE GUSTI *1 Aneng ngarsane Gusti, binuka isining kalbu. Sanyata najis uripku, aneng ngarsane Gusti *2 Anêng ngarsané Gusti, tansah tetéla luputku. Mung kebak lamis uripku, anèng ngarsané Gusti. *3 Anèng ngarsané Gusti, rumangsa ringkih lan semplah. Reribed lan nyawa lungkrah, anèng ngarsané Gusti. *4 Anéng ngarsané Gusti, rinasakna gunging sihnya. Wah lubêring katresnannya, anèng ngarsané Gusti. === code 46 title AWIT KATHAH DOSA KULA *1 Awit kathah dosa kula, mila tansah kemengan Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan *2 Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula. Tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka. *3 Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula. Kula badhé ngêstokaken ing sakarsa Paduka. *4 Kula mboten purun malih karya sekel Paduka; badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya === code 47 title DHUH ALLAH, NYAWA KULA NGANTOS - ATOS *1 Dhuh Allah, nyawa kula ngantos-atos Paduka Mugi pitedah Paduka kaparingna mring kula. Tetiyang kang mengsahi enggala sumingkir ugi, wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula. *2 Dhuh Allah mugi ngèngeti mring sih-palimirmanta. wiwit rikala Yéhuwah nglubèraken aksama, karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa. Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rîneksa. *3 Allah Maadil Mamirah tan ngegungken bebendu. Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat sèstu. Déné tyang lembah-manah tinuntun ing margi yekti, awit margi puniki setya kadarmaning Gusti. === code 48 title GUSTI ANGANTYA SIRA *1 Gusti angantya sira, wong dosa. Aruming swara nimbali sira. Nyuwuna luwar lan pangapura! Mareka, saosna atinira! *reff Lah mareka! Gusti angantya, aywa adoh adoh, umareka! Gusti anganti anti sira! Ywa nyenyuwe, mula gya mareka! *2 Hé, wong dosa, lempar dalanira. Nyata gampang lamun liniwatan. Nging sira tan nduga tan uninga, yéku tan anjog mring nagri baka. *3 Nging marga kang anjog ing kabegjan, ciyut, angèl kalamun dènambah. Kang mangkono datan kauningan, mangka iku margining Yéhuwah. === code 49 title GUSTI KANG MAHAWILASA *1 Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama. Kula getun dé klepatan, nglawan dhateng Pangéran; nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya. Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng. *2 Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula; temah kula dados suci miwah nunggil lan Gusti. Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara. Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama. *3 Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawula; ngambah ing margi utami, nurut pangrèh Paduka. Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karsèng pribadya, nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya. === code 50 title GUSTI MUGI MELASI! *1 Gusti mugi melasi! Gusti mugi melasi! Mugi mlasi kula! === code 51 title GUSTI MUGI MIRSANI *1 Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan. Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran. Nyuwun tulung, dhuh Allah mugi nglanting kawula sing sagung karibedan, dimenpulih lejara. *2 Tan wonten pangauban, sèstu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa. Yèn kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara. sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka. *3 Gusti dados pikekah miwah bètèng kawula, karosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta. Kula apes anglentrih, Gusti maringi kiyat; kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat. *4 Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula. Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha. Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucèkken kula, temah gesang sembada. === code 52 title GUSTI SESTU KULA NALANGSA *1 Gusti sestu kula nalangsa, awit asring mbalela, damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya. *reff Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa. Mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka. *2 Sestu kula angraosaken awrat dening momotan. nging awit Paduka nulungi, tan awrat babar pisan. *3 Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka, wit Paduka tan negakaken kula kawratan dosa. === code 53 title KAPYARSI GUSTI NIMBALI *1 Kapyarsi Gusti nimbali, "He, wong kamomotan, mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran!" Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati, awit tansah binerkahan, sinung karaharjan. *2 Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong ngelak, mareka, ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga' Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci. tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami. *3 Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong dosa, mareka, nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!" Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati, wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah. === code 54 title KULA SAESTU NGLENGGANA *1 Kula saestu nglenggana anyisahaken sesami. Mila getun manah kula, nalangsa ing ngarsaning Gusti *2 Ilat kula nyenyidrani, gurung kadya kubur menga lambé kebak wisa mandi, ngrerantam saliring piala. *3 Kula nyuwun katentreman, cinelakna mring kraharjan, nebih saking karisakan, wit Gusti paring panganyoman. === code 55 title KULA TYANG DOSA *1 Kula tyang dosa klangkung ageng, rinentahan palimirma. Punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana. Mangke tan wonten paniksa mangke tan wonten paniksa Ming rumentahing sih mirma, ming rumentahing sih mirma. *2 Allah ngasihi dhateng kula, dosa kula ingaksama. Tan wonten mulading bendunya, wit kula ingangkat putra. Kula punika sinten, ta, (2x) dé rinentahan sih-mirma? (2x). *3 Sayogya kula gunggung-gunggung palimirmanipun Allah, kang nglepataken saking ukum miwah nu cékaken manah. Panggunggung kula tan liya, (2x) ming bab rentahing sih-mirma. (2x). === code 56 title MULIHA ANGGER *1 Muliha angger, muliha den enggal! Paranmu wus adoh, lakumu kesasar Adhuh cilaka angger muliha! Den enggal muliha! *2 Élinga sira, wong dosa tobata. Ramamu kang asih nganti klawan sedhih. Adhuh, cilaka sira wong dosa, dèn énggal tobata. *3 Tobata sira, wong dosa nlangsaa! Suwarga omahmu, naraka satrumu. Adhuh, cilaka sira wong dosa, nging Allah ngaksama. === code 57 title NIKMATING DONYA NGGODHA ATI *1 Nikmating donya nggodha ati, mikat kita dimen nebih Gusti, lan kabeh iku tan nguripi, nging nggendeng kita mring telenging pati. *reff Aja randhat umareka, sowana ing dina iki uga. Gusti wus ngantya mring sira lah Pangayomanmu kang tuhu setya. *2 Mara mbuwanga sengsemira, wit iku panyidra lan pamblasar, ninggala dosa lan duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar. *3 Marek mring Gusti tan suwala, aywa kalungsèn kadaluwarsa. Puputing nyawa tan kanyana, mula éstokna di énggal mareka. === code 58 title PANGLUWAR KANG SEJATI *1 Pangluwar kang sejati, myarsakna pasambat kula. Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya. *reff Gusti mugi rah Paduka nucekken manah kawula temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu. Suci sestu, suci sestu, temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu. *2 Pangluwar kang sejati, paringa kiyat mring kula; setya ing lampah suci, ngetut wingking Paduka. *3 Pangluwar kang sejati, mugi nuntun gesang kula; mbangun turut mring Gusti, tansah ngèstokken Sabda. === code 59 title PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH *1 Pinujia tansah Allah Mamirah, kang gung tresna nira mring salir titah. Tyang dosa duraka sinung apura, tinebus sing pati temah basuki *reff Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta! Luhurna, mulyakna Pangruwating dosa. Pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja. *2 Pinuji slaminya Allah Matresna, kang ngegungken sabar mring tyang kang nasar, nuntun mring pitobat srana sih-rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci. *3 Pinuji tan kendhat Allah Murbèngrat, kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya. Tyang bekti lan setya sinung nugraha, gesang langgeng nyata néng kraton swarga. === code 60 title PUNDI KANG NAJIS *1 Pundhi kang najis tan kenging mlebet dhateng swarga Gusti tan sudi mirsani sabarang kang nistha *reff Nyuwun suci, adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci. *2 Kang najis datan tinrimah ngarsané Hyang Sukma. Adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula. *3 Wit kang najis saged sirna, iba begja kula, Rahé Gusti kang ngicalken sakathahing dosa! === code 61 title SAESTU KEDUWUNG *1 Saestu keduwung kula, dene kirang setya. Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci *2 Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha. Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. *3 Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa. Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci. *4 Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci. *5 Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji, gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama, mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci. === code 62 title SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA *1 Sihing Allah Kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula. Yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa. Mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri *2 Yèn Allah nganggep dosa kula wah lepat klèntuning lampah, kawula nemahi antaka wit gesang mung awon tansah. Nging Gusti lubèr sih-rahmat kula pepuji tan kendhat. *3 Mring salir tyang, nggih sanak-kadang, mesthi kawula tedahna margi kang anjog ing pepadhang, yéku sih-rahmat sanyata. Punika sokur kawula mring Gusti Kang Mahatresna. === code 63 title TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA *1 Tyang najis ndlarung ing dosa, tinampik mring swarga. Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha. *reff Nyuwun suci, adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci *2 Tyang najis datan tinampi ngarsané Hyang Widi. Adhuh Gusti, mugi karsa mbirat dosa kula. *3 Tyang najis ndlarung ing dosa, pinagas ing sihnya. Dé kang yekti asung bekti, tinunggil ing Gusti. *4 Tyang najis badhé sangsara, cinadhangan nraka. Kang mratobat badhé begja, cinadhangan swarga. === code 64 title WONG DOSA REMPU ATIMU *1 Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu. Mbok ya ngungsia mring Gusti, mesthi kinarya suci. *reff Gusti nimbali sira, rungoknata sabdanya, pasraha jiwa raga. *2 Hé, wong kang ilang kesasar, saparanmu kapirsan. Gusti nglari lan nimbali, bakal karsa nulungi. *3 Gusti kwasa, mahamirah nresnani sagung jalma. Mula dèn énggal mareka, mesthi tan nampik sira. *4 Sira kaancam ukuman laknat wit dosanira, nuli énggal umareka, tinebus ing rah adya. === code 65 title AKU TAN NGRETI MENGKONÉ *1 Aku tan ngreti mengkoné, mung saderma lumaku. Dudu surya kang dak antu, jer iku bakal sirna. Mengkoné aku tan kwatir, wit Gusti wus prasetya. Lakuku kinanthi Yesus, mula tentrem uripku *reff Bab akèh aku tan ngerti, kang bakal dak alami, nging aku yakin sayekti, tansah kinanthi Gusti. *2 Sangsaya cetha lakuku, pindha sukma sumengka. Kepara ènthèng sangganku, kadya méga lir slaka. Suryané padhang sampurna, tanpa tangis ngrubéda; wasana kluwungé prapta ardi ngantos akasa. *3 Aku tan ngreti mbésuké, bisa nandhang sangsara. nging kang paring pangan glathik lan ngayomi uripku. Wektu rumpil pandumanku, bisa urubing latu, nging Gusti anèng sisihku, wah nebus srana rahé. === code 66 title ALLAHE PARA PRACAYA *1 Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita, tuking kasampurnan. *2 Anèng ngarsaning dhamparnya. papan katentreman, panyuwun kang bener nyata, mesthi kaleksanan. *3 Sajagad raya dumadi karana sabdanya. Para titah angakeni pangwasa punika. *4 Allahé para pracaya lumintu tresnané. Mring sakèhing kagungannya langgeng pangrimaté. === code 67 title ALLAH KANG MAKWASA *1 Allah kang Makwasa, karsa nampi kula dados rowang mitra, wah utusan Paduka; ngundhangken sihrahmat mring sagunging umat, mrih kratoning swarga sumrambah sadonya. *2 Mugi Sang Roh Suci lestantun mitulungi, mrih kula sembada leladi kanthi setya. Manah tansah bingah datan naté semplah, klayan ajrih-asih wah sepi ing pamrih === code 68 title ALLAH MAASIH *1 Allah Maasih asung Putranya, Allah Maasih mring manungsa. *reff Mila kula ngidung Allah Maasih, Allah Maasih mring manungsa. *2 Gusti ingutus dadya Pamarta, Gusti ingutus nebus kula. *3 Gusti Pamarta ngurbanken nyawa, Gusti Pamarta mbirat dosa. *4 Gusti nyirnakken salir prihatin, Gusti nyirnakken ajrih kwatir. *5 Kula sinungan tentrem raharja, kula sinungan pangaksama. *6 Kula sinungan gesang sejati, kula sinungan kraton swargi. === code 69 title ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA *1 Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta, sestu gung tresnanya, angruwat dosa. Salir tyang pracaya lamun tansah setya luwar sing antaka, mlebet mring swarga. *reff Sung sembah puja konjuk Sang Rama, kang paring nugraha tentrem raharja. Sung sembah bekti konjuk mring Gusti, kang sampun nyawisi kamulyan swargi. *2 Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah tyang nandhang sangsara manggih waluya Saliring pra umat tan kendhat rinimat. srana peparingnya, nadyan prasaja. *3 Gusti Mahaagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah. Njangkung kagungannya, temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugèng janji. *4 Pangéran murbéngrat nglubèrken sih-rahmat. mbélani tyang leres saking panindhes. Nunggil tyang pracaya temahan santosa, kuwawa ngasorken salir panggodha. === code 70 title AMUNG GODHONG *1 Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganti muwun, dene ngupados wohira, katemenan miwah tresna, nanging kang pinanggya amung godhong amung godhong *2 Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohe. Saiba ta bilainya, yèn kadhawahan supata. awit kang kadarbya amung godhong, amung godhong. *3 Amung godhong, dhuh bilai, yèn ndungkap ing janji, Mari jamaning kawlasan, kari jaman pengadilan; mangka kang kawuryan amung godhong, amung godhong. *4 Amung godhong, kembang lambé, ujar tanpa gawé; kang sinebar gung kadarman, kang thukul mung kasaguhan, tembung-tembung lahan, amung godhong, amung godhong. *5 Amung godhong, Gusti rawuh mriksa kang tumuwuh; playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami, mung pakaning geni? Amung godhong, amung godhong. === code 71 title DUK NYIPATI GUNG PAKARYANING GUSTI *1 Duk nyipati gung pakaryaning Gusti lintang abyor ing dalu kang sepi, wah gumlegering gludhug ing akasa, kula ngungun gunging kamulyanta. *reff Nyawa kula gya sumyak sung puja, yekti Allah mahakwasa. Nyawa kula gya sumyak sung puja, yekti Allah mahakwasa. *2 Lamun nlasak tengahing wana-wasa sato peksi kekidungan ramya. Wonten ngaré dalah ing ardi ugi, gung gumelar sesawangan adi. *3 Yèn siniram siliring samirana sesekaran dalasan woh-wohan. gandanira arum angambar-ambar ngunguning tyas anumusi bingar *4 Klangkung ageng sih-katresnan Paduka, ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra. sinangsara, séda tedhak naraka. mrih manungsa basuki slaminya. === code 72 title GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN *1 Gusti kawula ingkang binerkahan; seda Paduka sung kawilujengan. Kawula nglari nadyan klayan sisah, dadosa margi mring resik ing manah. *reff Resik pethak ngungkuli salju, manah resik pethak ngungkuli salju *2 Gusti kawula ingkang binerkahan; darah Paduka sèstu sipat imam. Katundhunga sawarnining brahala, dimèn kawula resik tanpa cela. *3 Gusti kawula ingkang binerkahan; mugi lebura salir kasisahan. Kula sinungana énggaling driya, murih dados resik klayan sampurna. *4 Samangké sèstu pitados kawula, tan badhé kemba mituhu Paduka. Lubèring kamirahan kebak berkah, mbangun jiwa miwah resiking manah. === code 73 title GUSTI KULA *1 Gusti kula ingkang wonten ing swarga, pinujia Paduka ing slaminya. Sestu agung sih palimirmanta. Haléluya! Haléluya! *2 Gusti rawuh tumedhak anèng donya, awit welas nebus gunging tyang dosa, rinukunken lan Allah Sang Rama. Haléluya! Haléluya! *3 Gusti séda krana kula tyang dosa, dé wunguné panjer gesang sanyata, mila kula mituhu dhawuhnya. Haléluya! Haléluya! === code 74 title GUSTI MUGI NUNGGILA *1 Gusti mugi nunggila mring kula. Yen ta kesaput peteng ing ratri, namung Paduka kang mitulungi. Sumangga, Gusti nunggil mring kula. *2 Ewah-gingsir sabarang nèng donya. datan langgeng ing kaananira; nging iman kula panggah santosa, wit Paduka tansah nunggil kula. *3 Saèstu Gusti dados peparang, pikekah jroning gung karibedan, tamèng prahara anèng samodra; wit Gusti tansah nunggil mring kula. === code 75 title GUSTI NUNGGIL *1 Gusti nunggil mring kula klayan tresna lan kwasanya. Klayan astanya kang santosa ngreksa kula. Klayan sihrahmat lan berkahnya ngayomi kula Amin! === code 76 title GUSTI YESUS KANG MAASIH *1 Gusti Yesus Kang Maasih, mugi paring aksama! Gusti Yesus Kang Maasih, kula tyang dosa *2 Gusti Yésus Kang Mawelas, mugi paring wilasa! Gusti Yésus Kang Mawelas, kula tyang dosa. *3 Gusti Yésus Kang Matresna, mugi nampi kawula: satuhu kula mratobat, n'langsani dosa. === code 77 title IBA ADI TUWIN ENDAHNYA *1 Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya. Tiyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata. Gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman. Sagung dosa sampun ical; mangkya ngrasuk gesang enggal *2 Iba adi tuwin éndahnya pawartos ingkang kapyarsa Turut margi arum swaranya pangundhanging kabar adya Kabar rahmat saking Pangéran rentahing berkah kraharjan Kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma. *3 Tyang dosa dèn sami mirengna, yogya samya anilingna, napa sampun wanuh swaranya? Lamun dèrèng, mangga samya énggal, umarek mring ngarsanya klayan éklas, manah suka. Mung déning Yésus nggèn kita saged wangsul dhateng swarga. === code 78 title IBA BEGJAKU *1 Iba begjaku lamun yakin Yésus duwèkku ing salamanya; aku tebusan kagungané, anyar uripku krana rahé. *reff Aku memuji klayan rena, nggunggung asmané salamanya. Aku memuji klayan rena, nggunggung asmané salamanya. *2 Lamun pasrahku trusing kalbu, temah sampurna kabungahanku. Pra malaékat asung puji, samya ngundhangken sihing Gusti. *3 Dakaturaké jiwa-raga marang Gustiku, atiku lega, klayan anganthi sarawuhé, matemah antuk sih-rahmaté. === code 79 title KARSA PADUKA PRIYANGGA *1 Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan *reff Paukuman katampia lir penget lan pitedah dimen tangguh ing pangantya, tan koncatan sih Paduka. *2 Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman. Sagung pitedah Paduka tan badhé kawula lawan. Sihing Gusti lir samodra lubèr ngerobi kula. Wah nyata sabda Paduka mratélakken palimirma. *3 Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan, panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan. Tan kuwatos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang, temah unggul kula yektos, karana saking pitados. === code 80 title KRANA ALLAH TRESNA *1 Krana Allah tresna mring jagad sarta nggenira angasihi, iku kongsi masrahake Ingkang Putra ontang anting, supaya sakehing jalma kang pracaya lan ngugemi, ywa kongsi nemu karusakan, nanging langgeng gesang ira. === code 81 title LAMUN ATIMU SUSAH *1 Lamun atimu susah, mareka marang Allah! Allah paring pikekah angger sira apasrah. *2 Lamun peteng atimu wah sumelang pikirmu, sesambata mring Gusti, mesthi dènpitulungi. === code 82 title LAMUN KULA KASAYAHAN *1 Lamun kula kasayahan, kamomotan, kemengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. *reff Kula marek, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Nyuwun ayem, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. *2 Gusti sarèh ing panggalih, mugi mulang mring kula, sinagedna tansah setya, manut pangrèh Paduka. *3 Mugi ngirid lampah kula, dhuh Pamarta kang setya, tinuntuna maring swarga, manggih tentrem-raharja. === code 83 title LAMUN SIRA SUSAH *1 Lamun sira susah, wah asedhih, aja sira supe', Allah tan tebih Aja wedi, Gusti anganthi, dyan peteng dalunya, enjing: padhang byar. Nadyan panggodha amisesa, Gusti nganthi sira, dugeng dlahan *2 Pangéran tan pegat, panjangkungé, myang sihnya tan kendhat mring kagungane kasusahan wah karubedan sestu tan munjuli — tulungé Gusti. Nadyan panggodha, amisésa Gusti nganthi sira, dugèng dlahan! === code 84 title MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA *1 Mara wong dosa, wong cilaka, mareka mring Gusti Pamarta; temah binirat dosanira, krana gunging sihnya. *reff Saiba karaharjanira, yèn sira wus manjing pracaya, sinung begja ing gesangira, uwal sing antaka. *2 Bocah uga ya dènkasihi; mula sowana ngarsèng Gusti, mrih dadya putra prasetyannya, krana gunging sihnya. *3 Aja semaya, gya mareka, wit tan ngerti praptaning pati. Gusti ngantya mring tobatira, krana sih-rahmatnya. === code 85 title MUGI GUSTI MELASI *1 Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Mugi Gusti melasi. Gusti melasi kula. === code 86 title MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI *1 Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama. Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula. *2 Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula; nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula. *3 Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula; tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula; nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula. *4 Dhuh Pangèn, sampun alangkung, sih Paduka rumeksa. Tyang sanès dipun ayomi, mugi ngayomi kula; nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula. *5 Kula mireng tíyang kathah tampi berkah Paduka; wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula; nggih kula, nggih kula, mugi mberkahi kula. === code 87 title NENG KASA NGUMANDHANG ASMA *1 Neng kasa ngumandang asma sajuga, kang anepangaken jagad lan swarga. Datan wonten asma kados punika, kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa. Napa sami dereng wanuh, Gusti Yesus Kristus yeku asmane? *2 Wus pantes asmané lan pakaryané. Rawuhé ing donya wit gunging sihé, nebus tiyang dosa, sinalib séda, gya wungu nyawisken papan ing swarga. Napa sami dèrêng wanuh, Gusti Yésus Kristus yéku asmané? *3 Sang Kristus samangké ngratoni Swarga, ngasta pangwasané Allah Sang Rama, ngadili jagad ing mbénjing rawuhé, kula pareng ndhèrèk ing kamulyane Yésus Kristus Sang Pamarta, punika asmané panutan kula === code 88 title OSIKING MANAH KAWULA *1 Osiking manah kawula tan kenging kaendhakna, kadereng asung pamuji wit sih tresna Paduka. Gusti tedhak saking swarga dhateng jagad kang nistha, ngrembat dosaning prajalmi nguwalken saking pati. *2 Gusti, Paduka siniya cinampahan tan taha, wit mundhi dhawuhing Rama mitulungi manungsa; ngunjuk tuwunging sangsara wah séda ing Golgota. "Wus rampung", panguwuhira sarta masrahken nyawa. *3 Sih Paduka dhateng kula sanget kawula pundhi. Salib Paduka ndadosna bingah kula lestari. Saiba begja kawula darbé Juru-basuki; kalangkung panuwun kula wah asmanya pinuji === code 89 title PUJI KONJUK ALLAH *1 Puji konjuk Allah Kang Mahamirah; ing rinten dalah ratri tansah ngganjar berkah; tyang mursid dalah mursal tan badhe ketriwal *2 Puji lan panuwun mring Hyang Maagung; ngganjar berkah mirunggan mring tyang kang pracaya; yéku kawilujengan lan tentrem-raharja. *3 Puji sarta sokur mring Kang Maluhur; dé ngganjar berkah adi mring tyang kang ngabekti, winuwuhan sih-rahmat pangrimat tan kendhat. === code 90 title RAMA PANGAYOMAN KULA *1 Rama Pangayoman kula, sih kawelasan Paduka andamel manah ayem Sih kawelasan Paduka andamel manah ayem === code 91 title SALIR WONG PRACAYA *1 Salir wong pracaya ywa urip sembrana sih rahmate Gusti samya den tampeni Nadyan lelahanan, nging sih kanugrahan; yeku kurban sejati, Sang Kristus Gusti. *2 Kaslametanira bisa ilang sirna, yèn sira sembrana nglirwakken sabdanya. Mula dèn tumemen klayan geter, wedi, nggonira manut Gusti, putrèng Hyang Widi. *3 Wong pracaya samya di tansah waspada. Dosa wah panggodha énggal dènkalahna. Tampanana sih-rahmat srana pitobat; antuka tentrem-mulya nèng Gustinira. === code 92 title SESTU AGUNG SIHE GUSTI *1 Sestu agung sihe Gusti mring titah sabumi. Milujengaken tyang dosa, mrih manggih raharja. *2 Sih-rahmat sihé Pangéran mring tyang kang pracaya sestu punika ganjaran dahat agungira. *3 Nugraha sumber kakiyatan mring manah kang lesah mrih tan nilar kayektosan wit lubèr ing berkah. *4 Nadyan kathah pepalangnya dalasan rubéda, tiyang pitados rineksa, sembada gesangnya. === code 93 title SIH PADUKA GUSTI *1 Sih Paduka Gusti, mugi tansah amelasi rina klawan wengi tansah kula anti *2 Sih Paduka Gusti nyirnakken kwasaning pati, aparing basuki wah tentreming ati. *3 Kula nalangsani sagung dosa kang kawuri, kula nalangsani, kula nelangsani. === code 94 title SUMANGGA MAREKA *1 Sumangga mareka ngarsane Gusti kita, anggunggung asmanya. Wit sihe kang sanyata maringken Kang Putra, yeku marginira birat dosa kita, wah gesang sembada. *2 Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti, kang tansah mberkahi wrata titah sabumi. Allah ingkang murba pratala-akasa paring kaendahan miwah kautaman. *3 Yehuwah Makwasa maringi kabingahan, lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan. samnya tansah panggah mituhu mring Allah, minangka panuwun, wit gung berkahipun. === code 95 title TANSAH DAKRANGKUL SALIBE *1 Tansah dak rangkul salibé Gusti kang agung tresnane sarta dhangan dakungsèni, dakrangkul salibé. *reff Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé, yéku margining sih rahmat, dakrangkul salibé. *2 Yèn aku kabidhung susah, ing ati rasané lesah. mesthi malih dadi bungah, yèn ngrangkul salibé. *3 Ing sajroning karubedan sarta yèn nyangga momotan, Gusti kang paring karosan; dakrangkul salibé. *4 Sanadyan ta nandhang susah utawa atiku bungah, ditansah tresna mrîng Gusti; dakrangkul salibé. === code 96 title TYAS KITA DIMÈN SLAMANYA BUNGAH *1 Tyas kita dimèn slamanya bungah lan sukarena, déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita. *reff Mara tansah abebungah saben dina antuk trang Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dèn girang *2 Hyang Agung kang njangkung kita, rineksa ing panggoda. Sih-rahmatnya kang anglipur, paring kuwat-santosa. *3 Lamun kita nyingkur Gusti, nèng ati peteng, uwas. ilang kekuwatan kita, wah kabungahaning tyas. *4 Balik wong kang amiturut, tansah padhang dalannya. Mula mara manut Gusti, suminggah saking dosa. === code 97 title UWAL SING LAKNAT *1 Uwal sing laknat; iba begjaku! Gusti wus seda, mbirat dosaku, temah luwar sing paukuman, denya ngluwar babar pisan. *reff Babar pisan dennya nulungi, babarpisan dennya ngrampungi. Rumaketa ing pamenthangan, mesthi luwar babarpisan. *2 Saiki kita padha mardika, Gusti wus nanggel ing slamet kita, linuputken sing karusakan, sinucèkken babar-pisan, *3 Putrané Allah, sebutan kita, kang tilas satru pinundhut mitra, kang utang pati inguripan, wit tinebus babar-pisan. === code 98 title WONG KANG KAMOTAN DOSA *1 Wong kang kamomotan dosa, Gusti ungse'nana. Agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya. *reff Pracayaa, pracayaa mung pracayaa! Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira. *2 Gusti wus nglampahi se'da ngrembat dosa kita. Rahe anucekken kalbu dyan putih lir salju. *3 Gusti kang dadi marganya mrih tumekeng swarga. Saben wong kang angugemi, sinembadan yekti. === code 99 title AKU DUWÉ PAMARTA *1 Aku duwé pamarta, Yésus Kristus asmanya, kang wus ngurbanken sarira, ngruwat aku sing dosa. *reff Satuhu Gustiku, Yésus Kristus Pamartaku, dakpuji trusing kalbu. *2 Aku duwé Pamarta, satuhu ing kasetyan. Yèn aku nyangga panandhang, pinaringan karosan. *3 Aku duwé Pamarta, putrèng Allah pribadya. Yèn aku karoban susah, tinunggil mrih tan lesah. *4 Aku duwé Pamarta, nyata murwat pangrèhnya. Lamun pepeteng nglimputi, Gustiku kang ngluwari *5 Aku duwé Pamarta, sih-rahmaté tan kendhat. Yèn aku tumibèng dosa, dèntuntun mring pitobat. === code 100 title ALLAH INGKANG MASUCI *1 Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi, sampun ngukum kula, merdi klayan bramantya, nging enggal den entasna sing sisah sangsara. *2 Allah ingkang makwasa ngrentahna sih-wilasa. Nyawa kula giris kanthi deres ing tangis. Badan sangsaya pepes manah kraos nggrantes. *3 Allah ingkang matresna nglubèma kawlasanta. Rinten dalah ratri, luh kula tansah mili. angantya pangluwaran sing gung karupekan. *4 Allah ingkang maluhur, puji panuwun katur. Wit gunging sih-rahmat dé myarsakken pasambat; nguwalken sing pra satru, anentremken kalbu === code 101 title ALLAH KANG DADOS PEPADHANG *1 Allah kang dados pepadhang nuntun dhateng kraharjan. Astanya sestu santosa, ngreksa tyang kang pracaya. Pepadhang ing Allah nganthi, ngirid ing ngajeng lan wuri, *2 Allah kang dados pepadhang peparing klayan loma. Sabdanya kebak pangwasa, sung pangayoman nyata. Sèstu pepakèning Allah nyegerken manah kang lesah, wah ngiyatken ing lampah. *3 Allah kang dados pepadhang, nuntun kanthi katresnan. Gegayuhaning pra suci, margining kasampurnan. Kula badhé salaminya ndhèrèk Gusti klayan setya, wit mesthi dugèng swarga. *4 Allah kang dados pepadhang, madhangi manah kula. salaminya kula gesang tansah pasrah-pracaya. Kula tan ajrih bebaya, karibedan wah sangsara, wit Gusti nganthi kula. === code 102 title ALLAH YÉKU PANGÈN KULA *1 Allah yéku pangèn kula kang gung sih tresnanya. kula tansah rinimatan srana gung kadarman. *2 Kula tansah dènayomi, mila ayem yekti; tinuntun ing margi adi, wit asmané Gusti. *3 Kula tan ajrih bilai, wit kinanthi Gusti; wah lestantun pangreksanya, temah kula begja. *4 Nadyan sinatru ing mengsah, nging tatag ing manah; Allah nglubèrken sih-rahmat, berkahnya tan kendhat. *5 Kula rinoban kabegjan salamining gesang, saha manggèn lan memuji ing dalemé Gusti. === code 103 title ALLAH YEKU PANGEN SATUHU *1 Allah yeku pangen satuhu, pangrehnya nentremken kalbu. Kula tansah rinimatan srana sagunging kamirahan. *reff Ing juranging pati tan wedi bilai, wit Gusti pribadi kang nganthi. Nadyan mengsah kathah, manah datan semplah, wit berkahnya rumentah. Mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang, sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah. *2 Ayem manah lan nyawa kula ing ayoming sihé Gusti, sarta tinuntun astanya ing kayektosan kang sejati. === code 104 title ALLAHE PARA PRACAYA *1 Allahe para pracaya ing sadhengah jaman, yeku pangauban kita, tuking kasampurnan. *2 Anèng ngarsaning dhamparnya, papan katentreman, panyuwun kang bener nyata, mesthi kaleksanan. *3 Sajagad raya dumadi karana sabdanya. Para titah angakeni pangwasa punika. *4 Allahé para pracaya lumintu tresnane. Mring akèhing kagungannya, langgeng pangrimaté === code 105 title AMAREMA *1 Amarema dhuh nyawaku Gusti Allah Ratumu. Samubarang solan salin, Allah tan ewah gingsir *2 Wong aurip sok wiyaèn; kang ana tan narima, takon barang kang tan ana, mbasantuk, tan keduga. *3 Dhuh nyawaku, dèn amarem, nrimaa ing satitah, ing satiba-tibanira suméndhéa mring Allah. === code 106 title AMUNG KUMANDEL IKU *1 Amung kumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku *reff Aku datan kuwatir, Pangéran pepujanku Allah dadi kraharjanku, uwiting karosanku *2 Amung pracaya iku kang mbungahken driyaku. Amung pracaya iku panglipuring batinku. *3 Srana pangandel iku ngilangken prihatinku. Srana pracaya iku sirna was-sumelangku. === code 107 title AMUNG WONTEN ING SARIRANING GUSTI YESUS *1 Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus, papan manunggil ing praumat kang tinebus, temah luntur linebur, sagung manah priyangga jumbuh kukuh rinengkuh sang Pamarta Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus, papan manunggil ing pra umat kang tinebus, temah luntur linebur, sagung manah priyangga, jumbuh kukuh rinengkuh Sang Pamarta. Atut runut sihira, tresna sesami. Rinangkul sihing Sang Rama, tinuntun Roh Suci. Gandheng asta lan rasa, tumus trusing wardaya, sumuyud angabekti, Hyang Makwasa, Sang Rama, Sang Putra, lan Roh Suci. ====== code 108 title GESANG KEBAK KEKERAN *1 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Dhatenging kasangsaran trus gilirgumanti. Namung Paduka Gusti, mirsa samukawisnya. Kula pasrah, sumarah pangreh Paduka. *2 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Reribed, kasisahan, silih andathengi. Aneng astane Gusti, manah kula tan semplah, tansah pasrah, sumarah pangrehing Allah. *3 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Panggodha wah pacoban mung memiris ati. Wit pitulunge Allah, kula mantep pracaya. Kula pasrah, sumarah pangrehing Allah. === code 109 title GUSTI PANGAYOM KANG SETYA *1 Gusti pangayom kang setya ngirid lampah kawula. Nadyan panggodha nempuha, kula tan badhé léna, wit kinanthi déning Gusti siyang dalasan ratri, siyang dalasan ratri. *2 Gusti Pangèn kang sejati; kula tansah rinimat. Tebih saliring bilahi, wit sinungan sih-rahmat. Astanira nglanting kula neguhaken wardaya, neguhaken wardaya. *3 Gusti pepadhang sejati; tansah nuntun kawula. Nadyan rubéda ngribedi, datan semplah ing driya. Berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya, ngantos ing salaminya. === code 110 title GUSTI PANGUNGSEN KULA *1 Gusti Pangungsen kula, sestu gung sih rahmatnya. Ing sajroning panandhang, lamun bebaya nrajang, Gusti sung pangluwaran, kula manggih kraharjan. *2 Daya karosan kula winates wontenira. Srana pasrah-sumarah mring rèh kwasaning Allah, kula manggih kabegjan, ngantos dugèng klanggengan. === code 111 title GUSTI YESUS PAMARTA *1 Gusti Yesus Pamarta, parang ing kang sampurna Krana ngungsi mring Gusti, kula dipunayomi. Srana rahe Sang Kristus, gesang kula tinebus. *2 Datan badhé ndayani, datan saged ngluwari, sagung pandamel kula, nadyan kados punapa. Namung sihé Sang Kristus, gesang kula tinebus. *3 Gesang kula mung nglaha, tan wonten lelabetnya. Amung salibé Gusti ingkang kula gondhèli. Mila kula mung pasrah klayan tulusing manah. === code 112 title GUSTI YESUS PANGEN KULA *1 Gusti Yesus Pangen kula, Kula menda kagungannya. Dennya nebus klayan rahnya, mrih kula gesang slaminya. *2 Sang Kristus Pangèn utama kang sampun ngetohken nyawa, nebus kula saking dosa, wah nuntun kula mring swarga. *3 Gusti ngayomi méndanya, inguwalken sing rubéda, mrih tan tiwas ing panandhang, nging tansah manggih kabegjan. *4 Gusti ngempalken méndanya kadadosaken sapantha, kinen gesang atut-rukun, mbangun-turut Pangènipun. *5 Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa, lamun wonten kang ketriwal, den lari mrih datan ical. === code 113 title GUSTI YESUS SANG PAMARTA *1 Gusti Yesus Sang Pamarta, kula ndherek Paduka, manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya. Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah; sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah. *2 Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan nèng donya, kula manteb ing pracaya, ndhèrèk Gusti slaminya. Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya. Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yèn ta cilaka. *3 Karibedan lan sangsara krana ndhèrèk Paduka, ngiyatken tékating manah, nggayuh Kratoning Allah. Datan geter datan wedi neksèni Injil suci, mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti. === code 114 title GUSTI, SESTU KULA TRESNA *1 Gusti, sestu kula tresna dhumateng Paduka Kula masrahken manah, badan, dalasan nyawa Paduka kang agungsih, ingkang sampun menang; Saestu kula pasrah dhumateng Paduka. *reff Kula tresna dhateng Gusti, Wit Gusti sampun nresnani kawula. Kula sestu tresna Gusti, wit Gusti sampun nresnani kawula *2 Gusti anandhang sangsara, ngrembat dosa kula, ngantos sinalib séda, karana gunging tresna. Mila kawula pasrah klayan trus ing manah; dhawuhnya kula pundhi, nresnani sesami. === code 115 title IBA RAHJENG TYANG KANG SAMI SUMENDHE *1 Iba rahjeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti, jroning sisah wah kesrakat, Gusti paring kiyat *reff Sumangga sumendhe Gusti! Sumangga Sumendhe Gusti! Sumangga Sumendhe Gusti! mesthi Gusti karya ayem ira. *2 Adhuh Gusti, kula sowan ing ngarsa Paduka masrahken gesang kawula nèng asta Paduka. *3 Adhuh Gusti, lamun kula pasrah mring Paduka, kula datan sélak, sagah sangsara wah pejah. *4 Hé, nyawaku ja tumungkul, gêné teka uwas. Datan ana langkung mulya lir wong kang pracaya. === code 116 title KABEGJAN KANG SEJATI *1 Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti. Yen panggodha ndhatengi, gya dentulungi, mrih mantep pracaya wah tetep widada, malah ngesorken dosa, panggah sembada. *2 Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti. Yèn panandhang ngreridhu, gya dènluwari, mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya. Mara tansah sung puja, wit sih-piwlasnya. *3 Kabegjan kang sanyata, jinangkung Allah. yén rinoban sangsara, gya dénentasna, mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah, memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat. === code 117 title KALA KULA DHAWAH *1 Kala kula dhawah lan tanpa daya, nyawa kula kapetek, kasiksa. Kula tansah nyuwun tulung mring Gusti, karsa rawuh, mrih amitulungi. *reff Kula tansah kaangkat maring arga, kula kwawi anempuh prahara; wah kiyat, wit sinanggi swiwinya, anglangkungi budidaya kula. === code 118 title KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR *1 Kasetyaning Allah datan gingsir. Sakingkang tinimbalan, den pilihi. Samukawis tan sah pinirsanan. Prasetyanya tamtu den leksanani. Dalasan saka thahing pakaryan sinembadan. *2 Sabda lan kwasané Allah nyata. Saben jaman winengku ing pangrèhnya. Astanya kukuh miwah santosa, ngasta pangadilan ing salamanya. Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan. *3 Sang Roh Suci kang kagungan karsa mbikak kekeraning kawilujengan. Pasamuwan binereg manahnya, tansah tinuntun marang kasampurnan, nggih dadya warga kratoning Allah salamanya. === code 119 title KRANA GUSTI KULA *1 Krana Gusti kula, Injil ngrembaka; yeku tuking iman, sumber kraharjan; gesang cinekapan wah linuberan, nugraha punika maremken nyawa *2 Gusti paring sabda kebak sih-tresna; Roh Paduka mbuka pamireng kula; ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa, marengna kawula dumugèng swarga. *3 Gusti, kula girang tampi pepadhang; kamardikan wetah, nuwuhken bingah. kula kaparengna tansah sih - setya, murih datan kendhat nggunggung Paduka. === code 120 title KULA MBOTEN BADHE NILAR *1 Kula mboten badhe nilar dhateng Gusti Pamarta; dhateng pundi Gusti tindak, kula ndherek Paduka *reff Kula tut wingking Gusti ing salami kula gesang, awit yen tanpa Gusti, kawula tan saged mimpang *2 Nadyan gung karibedan, kawula tan was-sumelang. Gusti paringa tatag, kula kiyat tan gumiwang. *3 Kula tansah ndhèrèk Gusti, nadyan sring kamomotan; nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan. === code 121 title KULA NGGUNGGUNG-NGGUNGGUNG GUSTI *1 Kula nggunggung-nggunggung Gusti, sesembahan kula sejati. Tanpa cela sestu suci Sabdanya dados panutan, tindaknya dados patulandhan. Tyang ngupados kayektosan suyud mring Sang Putra, kang nglabuhi kula, wit trsnanya trusing driya tulus nyata, rila ngurbanken sarira. *2 Gusti ngundhangken pawarta luwarira tyang miskin-papa, sing sangsara mrih raharja. Nggih pangentasan sanyata, kang tinindhes lan kinunjara, pulih harkat-martabatnya. Tyang kang nandhang roga samya dèn sarasna; wah mbabarken Yobèl taun pangluwaran, nggih sih-rahmaté Pangéran. *3 Duk Gusti siniya-siya, siniksa, lan sinalib séda, tan males srana piala, Mring tyang kang sengit mengsahi, malah winales dên tresnani, kadongakna mríh basuki. Yésus Gusti kula, manungsa sampurna, nyantosakken kula sagung tyang pracaya, tinulad kasampurnannya. === code 122 title KULA PITADOS *1 Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa; ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya. Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus Kang Putra ontang - anting lan kesasih, Gusti Pamarta kula. *2 Kang sampun kabobotaken sing kwasane Roh Suci; miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya: sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka *3 Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah dhateng suwarga, apinarak nèng tengenipun Allah Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh. angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah. *4 Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum. Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa, tanginira para mati, kang sarta gesang baka. === code 123 title KULA PITADOS MRING GUSTI *1 Kula pitados mring Gusti, peparang ingkang kekah. Saèstu kula ungsèni, dimèn rineksa tansah. Nadyan ombak nggegirisi, kula datan kuwatos. Prahara nguber jaladri, kula tatag ing batos. *reff Kula tan was-sumelang; Gusti tan nilar kula. Wajib kawula cumadhang, gesang manut sabdanya. *2 Kula pitados mring Gusti, dalah sengkut makarya. Ngrerancang wah mbudidaya, tan kendhat ing pandonga. Siyaga tansah leladi ing sakatoging driya. Gusti ingkang minangkani, kula dados sembada. === code 124 title KULA SESTU NDHEREK GUSTI *1 Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan. Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan. *reff Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir. Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti. *2 Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci. Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula. *3 Kula sèstu ndhèrèk Gusti mbabarken sih piwlasnya mring sagung titah ing bumi, dimèn samya raharja. *4 Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngèstokken dhawuh èdi; sok sintena kang nyatroni, kula ngudi nresnani === code 125 title LAMUN KULA MLAMPAH *1 Lamun kula mlampah neng margining Allah, kula sestu ngraosken bingah. Kula yakin estu, Gusti nuntun tamtu mring tyang kang pitados satuhu. *reff Mung sawiji kabegjan sejati, nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti. *2 Yen peteng ing manah, kabidhung ing sisah, kula nilingken sabdeng Allah. Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir, angger pasrah kang trusing manah. *3 Iba begja kula, sajroning ginodha kiniyatken dening sabdanya. Rineksa rinimat tan dhawah tan lesah, wit saking sih-rahmating Allah. === code 126 title NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA *1 Nadyan kula nandhang sangsara Gusti maringi kekiyatan. Sanadyan katempuh prahara, kula wus tamtu saged tahan *reff Salib kula datan nglangkungi panandhang pisakiting Gusti Yeku pratandha nira, Gusti pananggel kula langgeng ing salaminya *2 Salir erining gesang kula tan timbang makuthaning Gusti. Kasangsaran miwah panyiya datan mantra badhé nyamèni. *3 Ngemban dhawuh sèstu kabegjan. Anampi berkah katentreman datan wonten kang saged ngrebat, lestantun tumekêng akérat. === code 127 title NGGEN KAWULA MAKARYA *1 Nggen kawula makarya, inggih kasar alusa, mung Paduka, Gusti, kang mugi amaringi pitedah wah panganthi, mrih kang pinanggih prayogi *2 Kawula tan nglenggana, tansah mung damel cuwa, séstu tanpa gina. Lamun tan binerkahan déning Allah Pangéran, lah wekasanipun nglaha. *3 Gusti Kang Mahaadil, mugi Paduka nunggil ing kula slaminya; mrih ing salir pakaryan, tumindak, kalakuwan, manut pangrèhîng Pangéran. === code 128 title NITENANA SIHE GUSTI *1 Nitenana sihe Gusti kang mbayu mili Ywa manut bujuking Iblis, wohe mung pati *reff Dipanggah kanthi sumarah kang trusing manah, kasorna panggodha srana tegen ndedonga. *2 Nadyan den iming-imingi bandha sadonya, milaur setya mring Gusti, sinungan swarga. *3 Iblis nawéni kamulyan pinunjul adi, nging manungsa panggah dados Putraning Gusti. *4 Iblis nggèndhèng nilar Allah, nging tanpa guna, wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja. === code 129 title NYEBUTA "GUSTI" MRING SANG KRISTUS *1 Nyebuta "Gusti" mring Sang Kristus, kanthi ati kang tulus. Nanging yen mung ana ing lambe, tan ana panggawene, kasangsaran temahan ira, naraka pandumannya. *reff Kang mlebet mring kratoning swarga, namung tyang kang mbabarken tresna wah nglampahi karsaning Gusti klayan tulusing ati. *2 Salir tyang kang lampah utami, welasan mring sesami, mbelani tyang ringkih-sangsara, kanthi ngetohken nyawa, yeku muridé Kristus Gusti, ingkang mursid sejati. *3 Begja kang manggih kautaman, ing donya wah delahan. Pracaya mring Gusti Pamarta, tansah nyadhong ing sihnya dalah tyang kang nyatroni pisan, winales kasaénan. === code 130 title PADUKA PANGEN UTAMI *1 Paduka Pangen Utami kang kawula tresnani. Kawula purun sangsara, jer krana Yesus Gusti. *reff Kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Gusti, awit ing ngriku kawula ingayoman rahmatnya. *2 Tan wonten malih panggènan sumbering kawilujengan, namung salib ing Golgota wijiling pangapura. *3 Lamun manah kula nyawang salibé sang Pamarta, saèstu karaos padhang, tatag lumampah kula. === code 131 title PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN *1 Para bangsa samnya ngraman mring Pangeran. Sagung pakartinyamuspra, mung nggadhang sangsara. *2 Tyang nglawan mring Kang Makwasa, mung maanggih cilaka; kadhawahan bebendunya, dados lan tumpesnya. *3 Sang Jebadaning Yéhuwah, yéku Putrèng Allah; kaparingan gung pangwasa mengku samudaya. *4 Tyang ajrih-asih mring Gusti sumedya ngabekti; wah ngayom ing sih-rahmatnya, karoban ing begja. === code 132 title PITULUNG KITA KANG ROSA *1 Pitulung kita kang rosa samekta lir mitra kang tuhu setya, samekta. Lamun kesasar neng margi, Gusti nglari lan nimbali, rumiyin myang samangkya, tetep samekta. Samekta, samekta, rumiyin myang samangkya, tetep samekta. *2 Tansah mirsa kapesanmu, Gustimu, karsa nanggel kribedanmu, Gustimu. Lamun pasrah ing pangrèhnya, kita mireng ing sabdanya, "lah ta mareka, Ingsun tansah samekta Samekta, samekta. lah ta mareka, Ingsun tansah samekta!" === code 133 title PRACAYA LAN PASRAH *1 Pracayaa lan pasrah mring Allah Makwasa, salir prihatinira tamtu enggal sirna. Ngambah margining Gusti sira den berkahi, tansah antuk kabegjan, datan kawirangan. *2 Lamun sira nggresula, iku tanpa guna; tuwas muwuhi susah, angedohken bungah. becik nitèni berkah peparingé Allah, mrih salir sedyanira tinuntun sembada. *3 Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti? Sira tan darbé kwasa ngulur umurira, mung tansah mbudidaya sinartan pandonga, suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan. *4 Lamun nyangga momotan, ingancam bebaya, ngungsia mring Pangeran, ywa semplah ing driya; sira rineksa Gusti, mrih datan bilai, tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan. === code 134 title PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NGINGKIRAKEN *1 Pundi margi ingkang kwawi nyingkiraken kawula saking pangrehing antaka damel gesang sangsara? *reff Margi nira mung sajuga, Kristus Gusti Masuci. Wit pracaya mring asmanya, kula gesang sanyata. *2 Pundi margi ingkang kwawi angluwari kawula sing pamengkuning dursila damel miris driya? *3 Pundi margi ingkang kwawi nguculi manah kula saking panjireting dosa nguja napsu duraka? === code 135 title RAHAYU WONG KANG MURSID *1 Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur ngen-angene wong duraka lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane, nanging karem mring sabdaning Allah, rina wengi dengilut ing manah *2 Raanané wong iku kaya wit kang tinandur sapínggirîng kali, kang mesthi awoh ing tîti-mangsané; lan godhongé tan naté alum gogrog. Ingambaha reribed ngrépoti, tansah lestari kang dên lampahi. *3 Tan mengkono mungguh wong duraka, nanging lir mrambut kabur ing angin, ara bisa lulus ing pangadilan, lan ing pasamuwané para mursid. Wong mursid rineksa ing Pangeran; wong ala tumibeng karusakan. === code 136 title RAHAYU WONG WEDI-ASIH *1 Rahayu wong wedi asih mring Pangéran Yéhuwah, rameng gawé sepi pamrih, kasengsem sabdèng Allah. Wong bener wah ngabekti slamanya dèn berkahi lan turuné lestari. *2 Omahé wong kang pracaya kanggonan kalubèran; kautamané slamanya, tansah ulah katresnan; jroning peteng nglimputi, kang temen dèn padhangi. wit tinunggil ing Gusti. *3 Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan: wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah piala tan medèni, wit pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi. *4 Wong awatak welas-asih mring kang miskin wah ringkih kanggonan luhuring budi wah kamulyaning ati. Wong duraka mung mèri, ngrantam kang mbilaèni; pituwasé pepati. === code 137 title SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA *1 Sakèhing was sumelangmu pasrahna mring Gusti, wit saliring mitramu tan bisa mrantasi. Jer sagunging manungsa nyanggi sumelangé, kang pinasrahan tan ana, tansah kuwur atiné. *reff Diénggal pasrahna ing astané Gusti sagung kuwatirira, wus mesthi dèn tulungi *2 Yéhuwah iku pangènmu, pamomong sejati, kang nentremken atimu, setya ing panganthi. Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta kanthi giyak bebarengan, tan mangu ing wardaya === code 138 title SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA *1 Sang Kristus tameng santosa, nguwalken saking rubeda. Neng jroning bebaya pati, Gusti kang badhe nulungi. *reff Sang Kristus peparang tansah ngayomi, angayomi, angayomi, ampingan kula jroning prahara, pangungsen ingkang santosa *2 Sang Kristus Pangén kang setya anggiring sagung méndanya mring parumputan lan toya nebihken saking bebaya. *3 Kalamun rumpil marginya, Sang Kristus mulung astanya. Ketriwal dipun upadi, pinanggih dipun rimati. === code 139 title SANG YEHUWAH, YEN ALLAH KULA *1 Sang Yehuwah, yeku Allah kula, kang nyembadani panyuwun kula. Mila dhawuhipun, "Lah kumandela, Ingsun datan negakake sira!" *2 Sang Yéhuwah, yéku Allah kula, tan males durakaning manungsa. Mila dhawuhipun, "Lah umareka, Ingsun kagungan sih-palimirma!" *3 Sang Yéhuwah, yéku Allah kula, karsa nglanting tangan kawula. Sèstu Allah dados karosan kula mila tansah kawula tresnani === code 140 title SIHE ALLAH GUNG SANYATA *1 Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa; sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra, tinebus Sang Kristus Gusti, gesang enggal sayekti. Nindakna pakarti luhur, yeku tandha ning sokur. *2 Sih - nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan. Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura. Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi, pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat. *3 Sihing Allah sèstu adya, nentremken tyang pracaya pinurih dadya rowangnya, mbabar kratoning swarga. Awit katresnaning Allah, karaharjan sumrambah. Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya. === code 141 title TIYANG PITADOS *1 Tiyang pitados tentrem gesangnya, yen nunggil Sang Pamarta. Panggah seger kadya epang lamun ing witira. *reff Tyang kang tansah manut rehing Gusti amung begja kang pinanggya. Binerkahan siyang lan ratri lestantun rineksa. *2 Tiyang pitados gesang lestari, lamun nunggil lan Gusti. kadya epang lan wohira, yèn nunggil ing witnya. *3 Tiyang pitados bombong ing manah, karana Sang Pamarta. Kadya epang awoh kathah, yèn tulus ing witnya. *4 Tìyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha. Kadya epang kang kapisah, yèn wohé tan ana. === code 142 title TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA *1 Tyang duraka samnya nyatroni kawula, nyatur mengsah kula, memoyoi, tansah ngarah kula pejah srana panganiyaya. Dhuh kawula nyuwun pangayoman, Gusti, tuking kamulyan adi kang tansah myarsakken saliring pasambat, pandonganing pra umat *2 Nging Pangeran Gusti, kula datan wedi mring tyang drengki wah srei. wit tyang ang duraka mesthi dènasorna deneng asta Paduka. Tyang pracaya yekti Paduka bélani wah rineksa sing pati. Mila kula ayem, gesang tansah tentrem, krana kabegjan langgeng. === code 143 title YEN KULA SUMREP, O GUSTI *1 Yen kula sumrep, o Gusti, cinawisan margi, nadyan sisah kadi pundi, kula marek Gusti. *ref Marek Gusti, marek Gusti, marek Paduka, Gusti kula sampun sumrep margi marek dhateng Gusti. *2 Margi kula sumrep Gusti sangsara ing salib, mrih kula kalis antaka, ngurbanken sliranya. *3 Margi kula sumrep Gusti séda krana kula, mbekta kawula sadaya mring kamulyan swarga === code 144 title YEN NUNGGIL LAN GUSTI *1 Yen nunggil lan Gusti rinten dalu manah langkung tentrem arahayu. *reff Kula angantos Gusti siyang klayan ratri kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi. *2 Yen nunggil lan Gusti jro ginodha, kula saged unggul maring dosa *3 Yen nunggil lan Gusti siyang-ratri, birat najis kula temah suci. *4 Yen nunggil lan Gusti, kasisahan mantun kagentosan kabingahan. *5 Yen nunggil lan Gusti saged ngertos, kang dados karsanya ing sayektos. === code 145 title YEN PRAHARANING URIP ANERJANG *1 Yen praharaning urip anerjang, lan pacobanenyerang ngrusuhi, mung sajuga pengarep arepmu, prasetyane Gusti iku tangguh. Nadyan gunung gunung padha jurug tengger tengger kabeh padho horeg, nging kasetyane Gusti ngayomi, rumeksa; jiwamu tetep teguh. ngendelna prasetyaning Gusti, aja nganti uwal rina kalawan wengi. Singkirna wedi lan kuwatir, Gusti kang ndarbeni uripmu, Nadyan gunung - gunung dha gumingsir, sarta tengger-tengger pada horeg, nging kasetyane Gusti ngayomi lan tansah rumeksa rina wengi lan tansah rumeksa rina wengi. === code 146 title YEN SIRA SANGSARA *1 Yen sira sangsara sarta sedhih, manteba pracaya, Allah tan tebih. Aja wedi, Gustimu nganthi. Rehing kadursilan mesthi kasoran. Pepeteng dosa ilang sirna, mung gung karaharjan, linuberan. *2 Yen nyanggi momotan wah panandhang, sira aja semplah alit ing manah. Iblis julig memilut driya, milih margi entheng nging dugeng nraka. Pasrah mring Allah nyuwun kiyat, sira tamtu rinoban sih-rahmat. === code 147 title YESUS ROTI PANGURIPAN *1 Yesus Roti Panguripan, tumurun saking swarga, paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya. *2 Yesus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah, cinawisken saliring tiyang ngorong nyadhong berkah. *3 Yesus dados margi utami sowan mring sang Rama tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya. *4 Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya Kita menda tan bilai, kalis saking antaka. *5 Yesus sang Cempening Allah dadya Juru-Wilujeng, awit dening wutahing rah, maringi gesang langgeng. *6 Yesus pangayoman setya, langgeng ing salaminya. Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya. === code 148 title DHUH RAMA KULA ING SWARGA *1 Dhuh Rama kula ing swarga, asma Paduka sinucekna; kraton Paduka rawuha, wradin ing sajagad sadaya. Karsa Paduka kalampahana, neng bumi kadya neng swarga. Kula mugi pinaringana, rejeki kula sadintennya. Paduka mugi angaksama, sagunging klepatan kula. *2 Kados dene kula ngapunten tyang kang klepatan dhateng kula. Punapa malih sampun ngantos kula dhawah kenging panggodha; kula Paduka uwalaken saking wewatakan dursila, awit Paduka kang kagungan kraton kaliyan wisesa wah malih kamulyan kang langgeng ing salaminipun. Amin === code 149 title GUSTI YESUS KULA SOWAN *1 Gusti Yesus kula sowan, ngaturaken pisungsung; wit napa darbek kawula salir saking Paduka! Mugi Paduka anampi wah malih amberkhahi. === code 150 title JURUWILUJENG APARING TULADHA *1 Imam : Juruwilujeng aparingtuladha, miwah krana piwulangnya, pramila kakwula sami ndedonga. Sedaya : Rama kawula aneng swarga, asma Paduka kasucekna, kraton Paduka rawuha, karsa Paduka kelampahan ing bumi, kados wonten ing swarga. Kula sinunga rejeki ing dinten puniki lan kaapuntena lepat kawula, kados kawula ngapunteni tyang lepat mring kawula, miwah sampun ngantos kawula ketaman ing panggodha, nanging kauwalna kawula saking piawon. === code 151 title RAMA KAWULA KANG WONTENSWARGA *1 Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna, kraton Paduka rawuha, mugi karsa Paduka klampah ing bumi kados wonten a ing swarga. Rama, Rama kawula kang wonten swarga, kula sinunga rejeki ing dinten punika. Rama mugi angapunten dosa kawula, kados kawula ugi ngapunten tyang kang lepat dhateng kawula. Rama kawula kang wonten swarga, uwala kawula king panggodha, katebihaken kawula saking piawon. Amin, Amin, Amin. === code 152 title RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA *1 Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna, Kraton Paduka rawuh, karsa Paduka klampah ing bumi kadya aneng swarga. Ing dinten sapunika sinunga cekap rejeki; kula kaapuntena, kadya kula ugi ngapunteni tyang kalepatan; sampun nandukken kula dhateng panggodha, kalepasna kula saking piawon, jer Gusti kang kagungan kraton lan wisesa sarta kamulyannya ngantos slami-laminya. Amin, amin === code 153 title SAMANGKE SAMPUN SIDHEM *1 Samangke sampun sidhem, kawula badhe tilem Gusti mugi rumeksa mring kula lare papa. *2 Dosa klepatan kula mugi Gusti ngapura, regeding manah niki mugi Gusti ngresiki. *3 Tyang sepuh, guru kula, mitra lan kadang warga, mugi Gusti ngaubiing waktu dalu niki. *4 Para kanca kang mlarat lan para kang kesrakat, mugi Gusti mberkahi krana Yesus Njeng Gusti. *5 Mbebjing yen kula tangi, king tileman, dhuh Gusti, badan manah lan krekat, Gusti ndadosaken kiyat. === code 154 title ADRENGING TYAS KULA *1 Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun, Gusti. Paduka ngasihi, kula kagunganta. *reff Mung punika Gusti, pisungsung kula sawetahing gesang, jiwa lan raga, wit kula tan darbe bandha kang pengaji kang langkung prayogi, sinaos Gusti. Mung punika Gusti, panyuwun kula, mugi katampia atur kawula, mrih gesang kawula kagema Paduka pirantos sapala. *2 Saiba endahing sih-tresna Paduka, Gusti; kula kagunganta, Paduka rimati. === code 155 title AKU TAN NATÉ MANGERTI *1 Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka, mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya. Mantep pracaya ing ati manut rèh lan sabdanya. Tinuntun dumugèng janji mring kasampurnan swarga. *2 Aku asring tan mangerti karsèng Allah Makwasa. Donga panyuwuning ati tan kajurungan mulya. Nging yektiné, Gusti nganthi; astanya tansah ngreksa. Dé panuntuning Roh Suci, sirna pangrehing dosa. *3 Uripku ing pangrèhé Gusti, tan ana pangrèh liya. Kasarasan lan rejeki, wuwuhing sih-nugraha. Rancangan tinata tliti, pratandhaning sutresna. Aku tan kwatir, tan wedi, mung begja kang pinanggya. === code 156 title ALON SANG SURYA GUMIWANG *1 Alon sang surya gumiwang, candhik ayu memayu. Kita antuk pangasoan kanthi tentrem rahayu. *reff Tilingna swara manis ing gentha pandonga sokur padha aturna. He, gentha, ngumandhanga dadya sanguning nendra. *2 Sang ratri nglimputi bumi abyor cahyeng kartika nelahi nyunarken asma Pamarta Gusti kita. *3 Kasugengan duk ing ratri ngambaraken rum-wangi rereh sing bot kasanggi ayom ing sihing Gusti === code 157 title CAOSNA PISUNGSUNGMU *1 Caosna pisungsungmu aneng pasamuwan klayan lilaning ati, klawan legawa. Aturna pisungsungmu kanthi suka rena. *reff Caosna pisungsungmu dadya cihnaning bungah minangka panuwunmu, wit sihing Allah. *2 Kamirahaning Gusti tanpa tinandhingan sarana samubarang saisining bumi, jer sih-rahmating Gusti tansah binabar. *3 Pisungsung kagem Gusti dadia sarana amrih kratoning Allah enggal kelampah. Tentrem miwah rahayu, Gusti kang paring === code 158 title DITANSAH PADHA BUNGAHA *1 Ditansah padha bungaha nampeni kabegjan swarga, karana kita wong dosa ingentas saking antaka. *reff Tansah bungah ing patunggilane Gusti, tansah bungah, wit sinung gesang sejati *2 Tansah ulah kabecikan, dhemen aweh pitulungan, yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur. *3 Ditansah mantep pracaya, tan was-sumelang ing ati. Tegen nyenyuwun, ndedonga, pasrah, wit Gustimu nganthi. *4 Ditansah padha bungaha, wit antuk tentrem-raharja. Gustimu ngreksa slamanya saparan lakunira. === code 159 title GESANG KAWULA *1 Gesang kawula, Gusti, lumados mring Paduka. Saben kula makarti, Paduka kang makarya. *2 Mobah-mosiking driya wah pangangkah kawula, mrih prayogining lampah, mbabarna karseng Allah. *3 Kedaling ilat kula, solah-bawa trapsila, namung tansah nelakna sagung ing sih Paduka. *4 Bandha lan kasagedan katur minangka kurban, cihnaning pangabekti sinaosken mring Gusti *5 Gesang ing sawetahnya Paduka kang kagungan. Gusti jumeneng raja ngantos dugeng wekasan === code 160 title GUSTI, KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA *1 Gusti, kawula ngaturken badan nyawa kawula, sumangga Paduka agem kawula kagunganta. *reff Bingah sisaha kula marem nunggil Paduka, dhuh Gusti purbeng tresna, kula pasrah Paduka. *2 Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti; mila kawula kumandel pasrah kang trus ing ati. *3 Raja brana, kasugihan, dalasan kasagedan, kagema dados lantaran babaring kabingahan. === code 161 title JIWA-RAGA KAWULA *1 Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta, mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran, kamulyaning Pangeran. *2 Tangan-suku kawula nindakken pakaryannya, mrih sesami basuki, nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti. *3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih-rahmat, temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji. *4 Bandha lan kasugihan, wekdal, wah kasagedan, nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata. === code 162 title KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI *1 Katur ngarsa Paduka, Gusti sawetahing gesang kula. Jiwa lan raga kula mugi aso nèng asta Paduka. Manah kula tansah lipura, sumaos mring Kang Maha kwasa. Amin *2 Srana Gusti kawula Yésus, Paduka paring Panebus. Tresna miwah suka-pirena Paduka srahken mring kula. Lamun tiyang purun ngakeni, Paduka tansah dipun lari. *3 Katresnanta Paduka, Gusti wonten ing Yésus kawedhar. Kula pasrah kang trusing ati, sumarah kalayan lejar. Kula sèstu rumaos begja linubèran rahmat Paduka. === code 163 title KAWULA BOMBONG *1 Kawula bombong, Gusti darbe Allah kadi Paduka. Saestu kawula bombong, krana lelabetan Paduka. Kawula tan kedugi uwal saking Paduka; sih Paduka milujengken, mengku pe-ngajeng-ajeng. Mangkya kula aturken ingkang kawula gadhahi nadyan tan timbang klayan berkah ingkang Paduka paringken. Nanging kula sumedya ngaturken kalayan legawa, jer punika sadaya damel rena Paduka. === code 164 title KLAWAN BUNGAH MUJI *1 Klawan bungah muji nggonku ngaturke pisungsung mring Gusti, nadyan sepele. *2 Pira kacuwane Gusti mirsani, kang dak aturake kalawan bekti *3 Aku sru kepengin bisaa tansah males katresnane Pangeran Allah! === code 165 title KONJUK MRING KANG MAHAAGUNG *1 Konjuk mring Kang Mahaagung, kula saos pisungsung; cihnaning bingahing manah, wit berkahing Allah; sumengka wah sinengkera, lan temen rineksa, dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti. *2 Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti, dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah. *3 Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya. Mugi Gusti nggih karenan, temah binerkahan, dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi. === code 166 title KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI *1 Kula ngaturken sembah bekti, de Gusti tansah mberkahi nggen kula tansah nambut kardi kanthi temen lan taberi. Abot entheng datan ngresula, lelados kang trusing driya, berkah rejeki sing Maluhur tinampi lan puji sokur. *2 Kula sumarah mring Pangeran kang maringi pangayoman, dadosa dalu lelimengan punapa padhang rembulan. Satangi kula saking tilem, manah sakalangkung tentrem. Kula saged ngaso sekeca, wit astane Gusti ngreksa. *3 Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbengrat. Wanci enjing surya sumunar, mulyaning alam ginelar. Tetuwuhan wah sato-kewan mawarni ngebaki bumi. Gya kawula gumregah tangi, nindakken karsaning Gusti. === code 167 title KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH *1 Kula tansah ngraosken bingah, wit sih kamirahaning Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning sang Putra. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya. *2 Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan, saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya. *3 Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangeran temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya. === code 168 title LAH TA PADHA MAWASA *1 Lah ta padha mawasa kembang neng ara-ara; tan angantih tan nenun, saestu endah warnanya. Sapa ta kang akarya myang maringi busana? De endah munjuli, de endah munjuli. *2 Gusti wus ngandika, "Sun kinacek lan puspa; myang saliring dumadi, ingkang gumlar neng donya, smana nggennya ngrimati, tan pisan nguciwani". Mendah tumrap kula, mendah tumrap kula! *3 Heh, nyawaku ja kwatir tumrap sandhang lan tedha, Allahmu tan mubadir, wah gung sihe mring kita. Jroning sedhih myang susah, sumendhea mring Allah; tamtu sinung ayem, tamtu sinung ayem. === code 169 title LAMUN KAWULA *1 Lamun kawula, dhuh Rama, darbe atur panyuwun, mugi kula nggih sageda nrimah sakarsanipun. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna." *2 Sagung peparinge Allah saestu munpangati; mila kula tansah nrimah, sarta kanthi pamuji. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna." *3 Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur; mila sisah, karibedan, aturna Kang Maluhur. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna." === code 170 title LUBERING BERKAH SING GUSTI *1 Lubering berkah sing Gusti, yeku prajanji suci; urip mulya aneng swarga, pinaringken Sang Putra. *reff Berkahing Gusti, iku dak anti anti, sayogya tansah tinampi klayan tulusing ati. *2 Lubering berkah sing Gusti, dadya seger uripku saka gunung miwah lembah, lir grojogan keprungu. *3 Lubering berkah sing Gusti, iku kang daksesuwun; "Aparinga luber agung, maring umat sadarum!" *4 Lubering berkah sing Gusti, iku kang kita anti; atiku tansah binuka, dienggal kaparingna! === code 171 title MANGGA SAOS PISUNGSUNG *1 Mangga saos pisungsung mring Allah Maagung krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat *2 Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun. *3 Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, bludaging kabingahan wit berkah tan sepi. *4 Saos pisungsung kathah cacahnya tan timbang, lan gung berkahing Allah tan kenging winilang. === code 172 title MANUNGSA NANEM WIJI *1 Manungsa nanem wiji taberi ngrimati, nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi. Pangeran paring jawah lan sunaring surya, temah mbiyet wohira kathah tan kinira. *reff Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti. Mila sumangga memuji kanthi trusing ati. *2 Saliring kang cinipta agal wah alusa, ardi gung miwah samodra sarta wanawasa, datan kalirwakaken wus tamtu rinimat. Tedha kula lumintu, mboten nate kendhat. *3 Atur panuwun kula konjuk mring Sang Rama de sampun paring nugraha sandhang miwah tedha datan saged winical krana kanthahira. Pujia Sang Rama Mamirah wah loma. === code 173 title MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU *1 (bareng) Mara dha aturna pisungsungmu ing papan kang piniji; muga dadi keparenge Gusti; minangka pangabektimu (2x) *2 (solo) Mangkya singkirna wassumelangmu, ginanti gumbiraning atimu; rinengga niyat kang warni-warni, pindha puspita megar nglam-lami *3 (bareng) Kalawan ati bungah menuhi, ing papan kang piniji. muga dadi keparenge Gusti; mundhut kembanging atimu. *4 (bareng) Ngaturna klawan eklasing ati, ing papan kang puniji; muga dadi lan renane Gusti; nampeni pangabektimu (2x) === code 174 title MARA PADHA NGATURAKE *1 Mara padha ngaturke kurban bandha pethingan, mring Gusti kang katresnane agung tanpa wangenan! === code 175 title NÈNG GUNUNG WAH NÈNG NGARÉ *1 Nèng gunung wah nèng ngaré, Gusti Allah ana. Nyanga ngendi paranku, mesthi ana uga. Endi kang dadi cipta lan osiking ati, kabèh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi. *2 Sang Rama anèng swarga mengku samubarang. Sing sapa kang kumandel mesthi tinulungan. Manuk ing awang-awang, Allah kang ngingoni. Suket lan thethukulan, wrata dènpaèsi. *3 Bumi dalasan swarga wengkoné Pangéran. Jasad gedhé - cilika, Allah tan klimengan. Saliring kang tumitah sajagad warata tansah anélakaké piwlas lan kwasanya. *4 Dhuh nyawaku dèn ayem, tansah kumandela. Nèng kanan lan kéringmu, Rama Allah ana. Lamun kabotan susah, tininggal ing sanak, dalah yèn dugèng janji, Allah mesthi celak. === code 176 title PADHA SAOSA SOKUR *1 Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Mahaluhur; wulang bab asmane suci, den gelarna aneng bumi. Pangwasane disuwurna, aneng tengahe pra bangsa. *2 Padha saosana pamuji klawan masmur lan kidung suci. mukjijate caritakna marang sakehing manungsa. Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa. *3 Abungaha wong kang ngupaya pangayunane Kang Makwasa, padha anitik-niitika, mungguh kwasane Pangeran. Ngupayaa wedanane, elinga mring mukjijate. *4 Yehuwah ngengeti sabdane lan prasetyane mring abdine, kalawan bungah umate denirid dhateng tanahe; supaya anetepana lan ngestokna pranatannya. === code 177 title PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR *1 Para manuk ora tau anyebar, ngeneni utawa nandho andhungan, ewa dene Ramanu ing Suwarga, ngingoni pra manuk sadina-dina. *2 Lan maneh kembang kang ana ing bumi ya tan nyambut gawe lan ora ngantih; 'wadene Sang Prabu agem-ageme', isih kongkulan kembang busanane. *3 Kang iku sabdane Gusti Panutan, "Sira, sekabatku aja sumelang mungguh ing panguripanira; sira dahat ngungkuli manuk lan puspa" === code 178A title PASRAH SUMARAH MRING GUSTI *1 Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati. Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gunging sih rahmat. Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya, wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya. *2 Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Gusti tan kendhat. Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya, temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti. *3 Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang pangungsen sejati. Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosakken sira. Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja. Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga. === code 178B title PASRAH SUMARAH MRING GUSTI *1 Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati. Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sihrahmat. Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya, wah saliring butuh ira pinaringan ing sacukupnya. === code 178C title PASRAH SUMARAH MRING GUSTI *1 Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati. Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih rahmat. Waspadakna makluk wrata, karoban ing sihlan piwlasnya, wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya. === code 179 title PISUNGSUNG KAGEM GUSTI *1 Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah; tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah. Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya; yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya. *reff Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah; srana penambut kardi, saged nampeni berkah. Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan, yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan. *2 Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan; ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang. Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati; tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti. === code 180 title PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI *1 Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan; wit berkahnya siyang ratri lumintu tan wilangan. Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangeran. *2 Misungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti, dados srana peladosan tumraping pasamuwan; mbabarken kratoning Allah, rinaosken ing akathah. *3 Nulad randha miskin-papa kang loma misungsungnya sedaya kang den darbeni sinaosken mring gusti. Mangkono padha tindakna kanthi eklas trus ing driya. === code 181 title PUJI SOKUR KONJUK GUSTI *1 Puji sokur konjuk Gusti, wit sihrahmat Paduka; datan kendhat angasihi. cihnaning kawlasanta. Sokur paring ingpakaryan, nadyan badamba ringkih; sokur dene kadang mitra tansah anandukken sih. *2 Sokur, dene sesekaran, sedhep, endah ing warni sokur mega ngantariksa, miwah surya ndadari. Sokur krana bingah-sisah, Gusti tansah rumeksa; awit Paduka kang tansah nuntun lampah kawula. *3 Sokur, wit brayat kawula rukun samnya sinihan; sokur dene pasamuwan nuwuhken katentreman. Sokur, krana wancinira bingah utawi sisah; sokur de gesang kawula neng pamengkuning Allah. === code 182 title PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG *1 Puji sokur lan panggungggung konjuk mring Hyang Maagung, kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya. Makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran. Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangreh-Nya. *2 Surya, candra, lan pra lintang samnya nyunarken padhang. Peksi ngoceh mawurahan wah sato-kewan girang. Tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan. Sadaya sami memuji mring Allah Kang Makwasa. *3 Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya, kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa. Kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati, saestu manggya raharja, mulya langgeng ing swargi === code 183 title SAOSNA BADANMU *1 Saosna badanmu minangka korban kang urip lan suci konjuk mring Pangeran; yeku pangibadahmu tulus satuhu, wit kersaning Allah aneng uripmu. *2 Aywa madha rupa kalayan jagad. Salina budimu karana sih-rahmat, murih bisa niteni karseng Makwasa; salir kang prayoga miwah sampurna. === code 184 title SUKUR AKANTHI TULUS *1 Sokur akanthi tulus. Sokur Kang Mahasuci. Sokur rahmat kang agung, Panebus kita. Sokur akanthi tulus. Sokur Kang Mahasuci. Sokur rahmat kang agung, Panebus kita. Mangkya kang ringkih dadya rosa; kang miskin dadya sugih. Sihé Gusti dadya nyata, yekti. Mangkya kang ringkih dadya rosa; kang miskin dadya sugih. Sihé Gusti dadya nyata yekti. Sokur! === code 185 title SUMARAH MRING ALLAH *1 Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja. Yen rinoban sisah manah datan lesah. Sinung kakiyatan sing Pangeran, sinung kakiyatan sing Pangeran. *2 Sumarah mring Allah jiwa - raga mbangun - turut Gusti trusing ati. Yen ginodha dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya (2x) *3 Sumarah mring Allah jiwa-raga rinoban ing berkah ayem nyata. Yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den luwari dening Gusti (2x) *4 Sumarah mring Allah jiwa - raga, rinimat, rineksa ing sih mirma. Yen ingarah pati wit bebener yekti, mantep dugeng janji Gusti nganthi (2x) *5 Sumarah mring Allah jiwa-raga tinuntun ing sabda dugeng swarga. Yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci (2x) === code 186 title URIP KANG SAMESTHINE *1 Urip kang samesthine, lamun tansah ngucap sukur, Neng ngarsane Sang Kristus, tan pantes takabur. *reff Jroning susah lan bungah sadhengah kaanan, Aku angidung memuji sukur, yeku karsa-Nya! *2 Nadyan prahara nempuh sarta ombak anyempyuh, aku trus muji sukur, konjuk mring Gustiku. *3 Kanggo apa uripmu, lamun tanpa ngucap sukur? Kristus dadya Panebus, pasrah kanthi tulus. *4 Dhuh Gusti mugi rena nampi atur kawula, Roh Suci anunggila, nuntun ing samarga. === code 187 title ANA SABAWA GUMRUBYUG *1 Ana sabawa gumrubyug, wit wong golongan kumrubut. Gumrubug denya peplayon, "Apa baya, kang tinonton? Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasarani kang langkung." Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasarani kang langkung." *2 Yesus yeku Sang Pamarta, kang tumedhak saking swarga. Mundhi dhawuhhe Sang Rama, mitulungi wong cilaka. Kang pracaya trusing kalbu; mesthi denwelasi satuhu. Kang pracaya trusing kalbu; mesthi denwelasi satuhu. *3 Wong lara saka ngendia, kang marek samnya waluya. Wong picak agya andulu, kang lumpuh nulya lumaku. Mula payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati. Mula payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati. === code 188 title BIYEN NGLIRWAKAKE *1 Biyen nglirwakake sabdaning Gusti mung karepe dhewe kang den turuti samangke mratobat nyadhong sihrahmat urip sumarah ing karsaning Allah. *reff Mula payo enggal dipadha gumregah! Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah. *2 Biyen tansah melik bandha kadonyan, samangke ngupadi bandha kaswargan. Kanthi anoraga gondhelan Gusti, dadya tatag, kendel labuh sesami *3 Biyen dhemen cidra, gawe cilaka, datan nggape maring hake wong liya. Mangkya setya remen ulah katresnan, ngajeni sesami jroning bebrayan === code 189 title GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA *1 Gusti Allah Pangayom Setya, tansah ngrimati umatnya. Lir pangon rumeksa mendanya. Mula arum ngandikannya. Ora bakal Aku tega, tan bakal nilar mring sira. *2 Mula kita mosik ing ati, Aku bakal ora wedi, awit Gusti Kang Mahasetya datan tega nilar kita. Manungsa bisane apa, katandhing Allah Makwasa. *3 Payo para sagunging titah padha ngabekti mring Allah. Datan bakal sira kagelan, Gusti paring katentreman. Pangeran tan bakal cidra, rumeksa ing salamanya. === code 190 title GUSTI SANG JURU TAMAN *1 Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya; langkung sekel ing dalih, mirsani sekarnya. Sadaya sami alumwit dening kasatan; pucuk ira tumungkul margi kepanasan, pucuk ira tumungkul margi kepanasan. *2 " Kok eman puspaningsun, ora wurung mati; nggoningsun luru wadhah kanggo nyiram ngendi?" Saweg nabda makaten Gusti amrangguli. wadhah grabah kang kothong, gumlethak ing siti (2x) *3 Sabdaya Juru Taman, Kabeneran temen iki kok anan wadhah cilik nanging sedheng nadyan amung grabah nanging cepak nggone; lan rehne nuju kothong. Mara sun-agame (2x) === code 191 title GUSTI YESUS PANGEN SETYA *1 Gusti Yesus Pangen setya pindha parang santosa. Sadaya ingkang pracaya dimen sami ngayoma. *reff Gustiku makwasa, yeku Pangen kang setya. Gustiku kang kwasa pindha parang santosa. *2 Piandele kang ngabekti namung asmane Gusti. Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing driya. *3 Asmane Sang Kristus Gusti mbereg dhemen leladi, mrih gesang tentrem ing donya tansah rinoban sihnya. *4 Undhangna asmane Gusti ing salumahing bumi, amrih ingkang winartosan nampi sih-katentreman. === code 192 title ISINING KABAR KABINGAHAN *1 Isining kabar kabingahan winangsit ken de'ning Pange'ran, dadya srana paring piwulang margining kautaman. *reff Dimen tyang pitados tansah arumantos mbangun turut Gusti, nresnani sesami *2 Tyang lepat winele'hken samya de'ning sabdaning Kang Makwasa; tyang dosa kang samya mratobat anampe'ni sih-rahmat. *3 Tyang sisah pinaringan lipur ye'n nampi sabde'ng Kang Maluhur. Tyang ringkih pinaringan kiyat, kasinungan sih-rahmat === code 193 title KADI WANITA ANENG PINGGIR SUMUR *1 Kadi wanita aneng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku. Aku krungu Gusti ngandika, "Padha ngombea banyuning urip!" *reff Adhuh Gusti, kepareng paring jejampi ngorong ing wardaya wah tetedhan, murih tuwuking nyawa, kang njalari gesang enggal kula. *2 Tan winilang kang padha nganti-anti nikmating urip neng donya; nging sengsara bisa nandhingi Yesus Gusti, yeku Sang Pamarta. *3 He, pra kanca, aja nuruti harda mung mburu barang kang nglaha. Balik padha sowana Gusti di padha kanthi tulusing driya. === code 194 title KITAB SUCI KANG ADI *1 Kitab suci kang adi, sabdèng Gusti sejati endah saklangkung éndah nugraha saking Allah, nugraha saking Allah. *2 Lembar sabda Paduka nuntun gesang kawula dadya pedhang menjila tamèng saking bebaya, tamèng saking bebaya. *3 Sabda lan Roh sung nglipur nuwuhken raos sokur. Jinugarken kang nglawan dadya pangéwan-éwan, dadya pangéwan-éwan. *4 Kitab Suci kang adi, sabdèng Gusti sejati ngreksa wiwit cilikku ngedohken siksa-pati, ngedohken siksa-pati. === code 195 title KULA DATAN BADHE NRIMAH *1 Kula datan badhe nrimah, datan badhe rila, pepadhang saking Yehuwah tinampik prajalma. Tan badhe sabdeng Allah pikekah kawula sinrahken dhateng mengsah kang ambek daksiya. *2 Sabdeng Allah gung piguna mring sepuh-anema. Kang ringkih sinantosakken, lesah kiniyatken. Tyang kang wangkot ing manah nulya dados lembah; samya dadya sembada wit sabdeng Kang Kwasa. *3 Ing manah kula sinerah sabdanipun Gusti, mrih kula kanthi urmat setya ing prajanji. Sanadyan ardi goyah, jagad badhe sirna, nging sabdaning Yehuwah langgeng ing tyas kula. === code 196 title KULA PÉNGIN LIR GUSTI *1 Kula péngin lir Gusti, sumlondhoh ing ati, tandang tanduk lan tembung mrak ati ngresepi. *reff O, lah, kawula sèstu tan mèmper lan Gusti. Kula mugi winulang, nulad maring Gusti. *2 Kula péngin lir Gusti, sumarah lan pasrah, napa kang sunlampahi, nut karsaning Allah. *3 Kula péngin lir Gusti, melasi pra miskin, tetulung kang kribedan klawan trus ing batin *4 Kula pengin lir Gusti, tresna maring mengsah, sanadyan denpoyoki tan sakit ing manah. *5 Kula péngin lir Gusti, tresna maring Allah, nindakna kasaénan, ulah pangibadah. === code 197 title KULA SAMPUN SIYAGA *1 Kula sampun siyaga, Gusti; sumadya nampeni sabdamulya. Kula sujud manembah Gusti, marak ngabyantara sapunika. Mugi Gusti maringi berkah dhumateng kawula ing samangkya. Kawula cumawis ing manah samekta ing gati. Sabda Paduka datan ewah gingsir saking mula buka; ugi sapunika wah salaminya. Sabda Paduka wonten gesang kula. Manah kula sampun siyaga nampi sabda mulya. === code 198 title LAMPAHINGGESANG PUNIKI *1 Lampahing gesang puniki tan kalising pepalang, nanging astanipun Gusti nuntun maring pepadhang. Kadya langit kalimputan mendhung kandel lan mega, ing sasirnanira tamtu padhang njingglang sanyata *reff Bibar jawah mijil kluwung, mengku janji prasetya; sasisihing sisah ngantya kluwunging sih Njeng Gusti. *2 Lamun prahara anrejang, peteng ndhedhet limengan, yakina trusing wardaya, dhatenging pitulungan. Rumentahing sihe Allah, cihnaning kawlsannya, awit Gusti angandika, "Aja sumlang ing driya!" *3 Aywa mangumiwah kwatir, nadyan peteng marginya, dipun mantep ing pracaya, setya ing janjinira. Gusti Ingkang Mahatresna, yeku tuking pitulung; nadyan sisah kumawasa, Gusti tansah anjangkung. === code 199 title MARA SIRA RUNGOKNA *1 Mara sira rungokna swaranya. Korithinothok cetha; tilingna! Gusti kang arsa mlebu, mara enggal wengakna! Ywa nganti gawe cuwa; wenganana! *2 Mara sira rungokna swaranya. Kori thinotok cetha; tilingna! Aja padha semaya, iku gawe sungkawa. Gusti ingkang angantya; wenganana! *3 Mara sira rungokna swaranya. Kori tinothok cetha; tilingna! Kang Suci, Gusti rena, ngantos ngurbanken nyawa. Ingaturna pambagya; wenganana! *4 Mara sira rungokna swaranya. Kori thinothok cetha; tilingna! Yen kepengin anampi katresnan, kabungahan, kalayan katentreman; wenganana! === code 200 title MUGI WRADIN INGUNDHANGNA *1 Mugi wradin ingundhangna sabdeng Allah mulya. Wah mrasuka ing wardaya sabdeng Allah mulya. Sabdeng gesang langgeng yogya kula anggep. sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. *2 Gusti nglairken mring kula, sabdeng Allah mulya; tiyang dosa winartosan sabdeng Allah mulya. Tyang trenyuh ing driya sami anilingna. Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. *3 Iba dennya mbingahken tyas, sabdeng Allah mulya; de nglairaken sih-piwlas sabdeng Allah mulya; nucekaken jalma, nuntun dhateng swarga. Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya. === code 201 title MUNG SANG KRISTUS GUSTI *1 Mung Sang Kristus Gusti, Juru basuki. Wit sih tresnanya mring manungsa, ngantos korban sarira. Mila tyang pracaya sinungan waluya wah tentrem raharja. *2 Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Sabdanira kebak pangwasa mring sajagad warata. Tyang bekti wah setya ing gesangira, kebagjan kang pinanggya. *3 Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Pangreh wah panuntuning asta damel tentreming driya. Tyang ingkang pracaya gesangnya sumarah, tan rumaos semplah. === code 202 title RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE *1 Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran. Rahayu kang netepi dhawuhe. Wong kang manut ing sapangrehe Gusti, sarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati. *2 Gusti mugi ngirid lampah amba manut mituruta prentahing Gusti. datan pegat salami-laminya. Kula kaparingana manah padhang, Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah. *3 Dhuh Yehuwah, wicanten kawula, "Gusti punika panduman kawula, dene kawula namung sumedya badhe netepi sadhawuhing Gusti" Gusti mugi maringi sih-mirma de panyuwun kawula kanthi eklas. === code 203 title RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE *1 Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran. Rahayu kang netepi dhawuhe; wong kang manut ing sapangrehe Gusti. sarta tansah telatennetepi sakarsane klawan eklas ing ati. *2 Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nem-neman saged jujur ing lampah kejawi dipun reh, mituruta sapangandika lan prentahing Allah? Kawula sampun Paduka uja nyaleweng nilar pepaken Paduka. *3 Gusti mugi ngirid lampah kula manut-mituruta prentah Paduka, datan pegat salami-laminya; kula kaparingana manah padhang. Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah. *4 Sabda Paduka minangka dilah wonten ing ngajenging suku kawula, margi kula tansah den padhangi; dhuh Gusti, kawula sampun supaos. Kawula tansah badhe netepi prentah Paduka klayan trus ing batos === code 204 title RANCANGANIRA DUDU RANGANGANINGSUN *1 "Rancangan ira dudu rancananingsun; dalan ira uga dudu marginingsun. Pindha dhuwuring langit angungkuli bumi. Iya semono bedaning karepira lan kang sunesthi" *reff Yeku sabdaning Allah Padha tilingna, dimen dadya sarana tentreming urip ira! *2 Lir udan salju tumurun aneng bumi tan bakal bali munggah mring asalneki Nging nyiram, nelesi bumi lan tetuwuhan dadya sarana margining sandhang-pangan, kanggo manungsa. === code 205 title SABDÈNG ALLAH MAKARTI *1 Sabdèng Allah makarti wradin salumah bumi. Kita kang tinimbalan tampi kawilujengan. *2 Sabdèng Allah Hyang Widi ngrimat sagung dumadi nuntun srana nimbali tumrap kang nyimpang margi. *3 Sabdèng Allah Kang Suci lestari nguwaosi. ngantos jagad kang peteng nampi pepadhang langgeng. *4 Gusti nulya ngandika, "Menyanga tegalira, panènira andadi, kang derep tan nyukupi!" *5 Panèn Paduka Gusti, mbereg kula ngenèni temah jagad warata anampi sih Paduka. === code 206 title SAIBA TAN DENNYA GUSTI *1 Saiba ta dennya Gusti ngasihi dhateng manungsa, ngantos tedhak maring donya, nglampahi papa cintaka. *2 Malah nrimah densedani, tomboknyawa ngrembat dosa lan siksanira manungsa, sinuprih lumebeng swarga. *3 Saiba dennya ngasihi tyang durjana kang nalangsa, nadyan neng salib siniksa, mlebet Pirdus sanalika. *4 Saiba dennya ngasihi dhateng kula, dhateng ndika, de tinebus klayan rahnya, inguwalken saking siksa. === code 207 title SANYATA PANENE WUS GUMELAR *1 Sanyata panene wus gumelar, mung sethithik kang padha nderepi. O, kanca, mara den kanthi bingar, enggal padha rumagang ngeneni. *reff Gya tumandanga anderepi, kangelane dadi kabungahane. Gya rumaganga angeneni emane sithik kang nindakake. *2 Dhuh Pangeran kang kagungan panen, mugi Paduka karsa ndhawuhi. Kathah tiyang kang sami telaten, trampil, prigel, lan sengkut ngeneni. === code 208 title SIRA KANG MANDHEG - MANGU *1 Sira kang mandheg - mangu, Gusti nimbali. Tiling nata, sabdanya; Gusti nimbali. Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya; gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali. *reff Gusti dhawuh mring sira; padha enggal mareka; mara sami estokna; Gusti nimbali. *2 He, sira kang kesrakat, Gusti nimbali; karsa paring sih-rahmat; Gusti nimbali. Sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat. Mara ta, ndherek Gusti; Gusti nimbali *3 Lamun atimu susah; Gustinimbali. Mareka, temah bungah; Gusti nimbali. Sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang, myang rahayuning budi; Gusti nimbali. *4 Wong pracaya dibungah; Gusti nimbali, wit Gusti nunggil tansah; Gusti nimbali. Yen ketaman panggodha; dalah nandhang sangsara, mara tetep ngabekti; Gusti nimbali. === code 209 title TIYANG KANG PRACAYA *1 Tiyang kang pracaya mring Gusti tan was sumelang ing ati. Tatag tanggon nglawan panggodha awit Gusti kepareng ngreksa. *reff Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita: pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan. Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita: pracaya, panganti-anti; de kang pinunjul yeku katresnan. *2 Panganti sumbering kakwatan, nyirnakken uwas lan wedi. sumingkir salir karuwetan lamun Gusti kang dipun anti. *3 Gedhe - gedhening sih-sutresna, yen rilangurbanken nyawa kanggo nglabuhi marang mitra; yeku dhawuhe Gustinira. === code 210 title WONG NYENYEBAR ESUK LAN SORE *1 Wong nyenyebar esuk lan sore, wah nyenyebar rina lan wengi. Nyebar wit anom kongsi tuwa nyebar nganti tumekeng janji. *reff Lah kang ingundhuh apa? (2x) Nyebara rina, nyebara wengi, sekeng arosaa, ya nyebara. Apa sebar ane wong neng donya, mesthi ingundhuh ing akeratnya. *2 Ana kang sinebar neng ratan, ana uga kang neng padhasan, Ana maneh kang aneng eri, mung salong kang tibeng leleran. === code 211 title YEHUWAH PANGENKU *1 Yehuwah Pangenku, aku rinimat; wah denplegungaken neng pasuket, den giring mring toya ngenggon kang tentrem *2 Nadyan ngambah jurang telenging pati, kula tan sumelang, Gusti nganthi kula. Kakwatan Paduka, anglipur kawula. *3 Saestu kabegjan miwah kadarman, ngiring lampah kula, slami kula gesang. Kula badhe manggen ing Kraton Swarga. === code 212 title AKU MBOK CARITANANA *1 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; pepadhanging wong sabumi, Putreng Allah Masuci. Ya jatining kauripan, langgeng tan winatesan. Margane tumekeng swarga, Imam Agung sampurna. Juru Pangon kang utama, wah pangruwatmanungsa. *2 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; yeku Sang Kristus Masuci, Gustining para gusti, Ratuning salir pra ratu, ya Sang Guru satuhu. Sabdeng Allah kang manjalma, wah putraning Manungsa. Jumeneng cempening Allah, Abdining Sang Yehuwah. *3 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; Panutaning wong percaya, Ratu Adil sanyata. Sang Alfa lan Omega, pangreh jagad lan swarga. Mustakaning pasamuwan, kang paring kauripan. Hakim ing dina wekasan, kang ngasta pangadilan. === code 213 title ALLAH NGESORKEN SRIRA *1 Allah ngesorken srira, wit nglabuhi jalma. Manungsa tan keduga ngandelken dhirinya. Mung karana tresna, gesang tentrem raharja. Tyang dosa pinurih tobat, cinadhang sihrahmat. *2 Allah tedhak ing donya, wit gunging sih-trsna; ngrukunaken manungsa klayan sariranya. Mila tyang pracaya sami manggih raharja; kang sami olah katresnan sinihan Pangeran. *3 Allah ngurbanken srira, wit gunging sih-rahmat. Nimbali tiyang dosa, mrih samnya mratobat. Swawi sami seba, nyadhong sih-palimirma, nebihi dredah-sulaya, ngudi rukun samya. === code 214 title ANENG PAMAKANAN *1 Aneng pamakanan, iku dunungnya; ginedhong ing kain, sestu prasaja. Lelintang ing langit padhang nelahi, de Yesus Gustiku sare kepati *2 Raja-kaya nywara, kang nendra wungu, nadyan piniyarsa nging tan ngreridhu Samangkya atiku sstu rahayu, wit Gusti, mitraku nentremken kalbu. *3 Dhuh Yesus, Sang Putra, mugi Paduka lestantun ing kula kanthi sih-tresna. Pra umat samnya binerkahana, tinuntun nggenira lumebeng swarga. === code 215 title ANENG SALUMAHING BUMI *1 Aneng salumahing bumi srungumandhang pamuji. Aneng ngare miwah ardi, kidunging bala swargi, *reff Gloria in excelsis Deo! Gloria in excelsis Deo! *2 Pra pangon ing ara-ara, memuji manembrama, kagem Raja kang wus prapta, ngumandhang suka-rena *3 Wus miyos Juru-basuki, yeku isining puji, panggunggung kalayan urmat, mring Gusti Ratu jagad, *4 Payo kita samnya muji sareng lan bala swargi srana kidunging pamuji, kanthi tulusing ati, === code 216 title BETLEHEM ING EFRATA *1 Betlehem ing Efrata, sanyata prasaja, kang cilik ing Yehuda nging pinilih Gusti. Ya aneng kandhang kewannya, miyos ing Sang Pamarta. Allah sung waluya, tan mawang manungsa. *2 Pra pangon wong kang ringkih, asor, melas-asih, winartanan mlaekat marganing sih-rahmat; de kang sinungan waluya, mung kang nlangsani dosa. Allah Mahaasih mbelani wong ringkih. *3 Pra pujangga king wetan asung pakurmatan, wit tinuntun lintange, Gustining pra Gusti. Mula pra pujangga kang sowan mring Gusti. === code 217 title DALU SANTI *1 Dalu santi, abyor cahyèng kartika; dalu suci miyosing Pamarta. Jagad raya kang risak wit duraka den pulihkèn pindha Pirdus mulya. Pra manungsa kang sangsara wit dosa, linuwaran mrih tentrem raharja. *reff Swawi sujud saos bekti mring Gusti. Dalu santi, Panebus wus manjalma; dalu suci, dalu, dalu santi. *2 Dalu santi, lintang panjer sung cahya; dalu suci, rawuhing Sang Putra. Bayi suci rinengga kaapesan, karsa mbikak korining kaswargan; angrukunken Allah klayan manungsa, wah sung gesang sejati, sampurna. *3 Dalu santi, putra tedhak nèng donya; dalu suci, mlaékat sung puja. Kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta. Dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng. === code 218 title DALU SUCI *1 Dalu suci tidhem sami, Njeng Gusti Pamarta tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlehem Gusti ning dumadi, Gustining dumadi. *2 Bayi suci, kang Ginusti, nebusi tyang dosa, nilar kamulyane ing swarga, sumeleh ing rumput kang nistha; nladhani mring kita, nladhani mring kita *3 Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta, katentremane jagad-raya, kados prasetyane Kang Rama. Mila linuhurna, mila linuhurna. *4 Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta, pirukuning tyang dosa sami cinadhang prasetyan kang baka. Amin, linuhurna! Amin, linuhurna! === code 219 title DAWEG TA KANCA KULA *1 Daweg ta kanca kula sami memuji Allah ing dinten puniki, kula dipun paringi bingah linuwih! Bingah linuwih! *2 Surak - suraka, kanca! Sami suka - suka, mangangge kang sae, sampun kirang sekare kang endah-endah! (2x) *3 Swawi angalembana Allah Kang Mawilasa, sanadyan Maagung, karsa miyarsakaken pamuji kula. (2x) *4 Anggunggung kawlasane tuwin kamirahane, punika etuke sakehing peparinge, lan bingah kula. (2x) *5 Dene panyuwun kula: Karibedan sedaya mugi densinggahna, darapon lestantuna bebingahkula. (2x) === code 220 title DINTEN NATAL DINETEN ADI *1 Dinten Natal dinten adi, dinten kabingahan yekti. Nglipur tiyang nandhang sisah, ngiyataken tiyang semplah. Ingkang kesaput pepeteng tinuntun mring padhang langgeng. *2 Dinten Natal dinten mulya, dinten kang mbingahaken driya, ngengeti tiyang siniya, nulungi tiyang kang papa, ngrukunken kang sami dredah, ngraosken berkahing Allah. *3 Dinten Natal dinten suci, wiyos Sang Kristus Gusti. Sumangga sumyak memuji, sung panggunggung pangabekti, wah ngundhangken sih-rahmatnya, sarana tumindak nyata. === code 221 title DUK BUMI KINEMULAN RATRI *1 Duk bumi kenemulan ratri, pra pangen neng ara ara, kalawan setya tuhu samianjagi panthaning menda. Dyan amireng mlaekat muji, ngumandhang aneng akasa; pra pangen sami dinawuhan nglari Putra Ka swargan. *2 Prapteng Betlehem, dyan kumlepyur tempuk cahya tigasami; sajuga king lintang ing luhur, kadwinya saking Sang Bayi Pyur! Tempuk cahya kang katiga; cahyeng mripat kang asuka. Dyan pra pangen tumungkul sami sujud menembah Gusti *3 Maria dahat bingah ing driya nampi gunging kanugrahan; klayan Yusuf aneng sisahnya, ngusap mring Bayi kaswargan. Pra pangen masrahken mendanya mring pangreksaning mlaekat, tan tega nilar Sang Pamarta, mila tansah sung hurmat. *4 Dhuh Sang Bayi saking ngaluhur, rawuh nandhang papa nistha. Gusti mugi nuntun kawula angambah margi Paduka. Lah Paduka ngasta wisesa, anglungsur para pangwasa. Nadyan agung tresnaning Gusti, donya datan nampeni. === code 222 title DUMELING KAPYARSA *1 Dumeling kapyarsa sabawa sung warti, supados sami sadhiya, rawuhnya Njeng Gusti. *reff Gusti paringa manah kang suci, kenging kangge ngrumati rawuhnya Njeng Gusti. *2 Kabingahan amba saestu nglangkungi, jalaran rawuhing Gusti, jagad den resiki. *3 Kasucening manah, karesikaning tyas, dede saking labet amba, kejawi mung sihnya. === code 223 title GUMEBYAR! *1 Gumebyar! Gumebyar! Lintang wetan sumunar. Pra Pujanggasaking wetan madosi Putra kaswargan ing kang sampun binabar. *2 Betlehem! Betlehem! Pujinen Ratu Salem! Linuhurna Hyang Makwasa! Tentrem - rahajeng neng bumi, manungsa sinarjonan! *3 Sangsara, sangsara rawuhe Sang Pamarta. Nging nggih niku kang pinuji ing golongan bala swarga. Nggih niku Gusti kula. *4 Dhuh Gusti, dhuh Gusti! Kawula saos bekti. Ryadin m'nika, mugi kula wilulanga andedonga, sowan mring Sang Ginusti. === code 224 title GUSTI, RAMA ING SWARGA *1 Gusti, Rama ing swarga kawula nglenggana, de kadya Zakharia, tan mantep pracaya maring dhawuhing Allah denya paring berkah. *2 Gusti Yesus Sang Kristus, kanthi manah tulus, kadya Yusuf lan Maria sumarah mring Allah Mugi Natal punika ngekahna pracaya *3 Putreng Allah sejati, kawula memuji sesarengan malaekat memuja tan kendhat. Mugi Natal punika babaring sih-tresna. === code 225 title HALÉLUYA! YÉSUS KRISTUS *1 Haléluya! Yésus Kristus ngrawuhi manungsa. Padhanging kamulyanipun kawuryan nèng donya. *2 Haléluya! Rawuhipun awit welasipun mring para umat sadarum, amrih gesangipun. *3 Haléluya! Yésus Kristus dados Juru Slamet, Panutan kang setya tuhu tuwin Ratu Langgeng. *4 Haléluya! Haléluya! Putranipun Allah sampun miyos ing Bètléhèm. Pinujia tansah! === code 226 title HOSIANA, GUSTIKU *1 Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat, gedhe cilik ywa kliwatan. Payo muji Pangeran. *2 Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Pra manungsa sadonya samya amanembrama; samangkya sajagad bingah, wit katresnaning Allah. *3 Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur. Pra manungsa sabumi samya atur pamuji; samangkya samya ngabekti maring Sang Kristus Gusti. === code 227 title IBA ENDAH CAHYENG RATRI *1 Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat; duk praduta swarga prapti ngundhang aken sih rahmat. Raharja, prajalma kang sinungan kawaluyan, lantaran Sang Pamarta, lantaran Sang Pamarta. *2 Puji konjuk Hyang Maluhur kang melasi mring jalma; nglepataken saking ukum, mitulungi raharja. Pra jalma sayogya ndherek muji Hyang Masuci, langgeng ing salaminya, langgeng ing salaminya. === code 228 title ING BETLEHEM KANG TAN AJI *1 Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi. Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci. *reff Suraka, ya suraka! Kanthi suka rena, "Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita!" *2 Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya; mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa. *3 Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga; ambabar asih-tresna, yogya tinuladha. *4 Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad, nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahmat. === code 229 title KABINGAHAN KANG SEJATI *1 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti memuja, misungsung, ngakendosa, lan nyenyuwun, bingah-bingah trus ing manah. Sung kabegjan dhateng liyan numrahna! Raharja wit wus prapta Sang Pamarta. *2 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata. Ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prihatin, mrih samya rahayu, wit Sang Kristus sampun rawuh. *3 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki, pepanggihan lan pra mitra sesarengan aneng greja memuji mring Gusti wah leladi mring sesami, angrukunna tyang congrahan wah nyirnakna kamitegan, ngegungna sih-tresna. Kristus Gusti sampun prapti. === code 230 title KABINGAHAN KANG SEJATI *1 Kabingahan kang sejati sumrambah sabumi. Ratu Adil sampun prapta, sinung gesang mulya, sinung gesang mulya, sinung, sinung gesang mulya *2 Kaslametan wit sih-rahmat sinrahken mring jagad Sang Pamarta wus manjalma ngrembat sagung dosa: ngrembat sagung dosa, ngrembat, ngrembat sagung dosa. *3 Karaharjan kang sanyata pinaringken jalma. Kristus prapta olah-tresna, tentrem kang pinanggya, tentrem kang pinanggya, tentrem, tentrem kang pinanggya. *4 Warta adi kang satuhu saking Kang Makwasa. Kristus Gusti mbikak swargi, begja tyang pracaya, begja tyang pracaya, begja, begja tyang pracaya. === code 231 title KADOSPUNDI, DHUH GUSTI *1 Kadospundi, dhuh Gusti, nggen kula sung urmat, methukken klayan puji mring Ratuning jagad? Mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci. Salam kula ndadosna kepareng Paduka. *2 Saking dhampar kang mulya lan kluhuran swarga, Gusti tedhak ing donya nunggil lan pra-jalma, tumut nandhang sangsara, ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran. *3 Punapa kang njalari, dhuh Ratu kang mulya, Paduka rawuh mriki, karsa nandhang papa? Inggih piwlas Paduka saha palimirma, lan katresnan Paduka dhateng tiyang dosa. === code 232 title KAMULYAKNA *1 Kamulyakna Hyang Maagung ing suwarga, ing suwarga, ing suwarga. Tentrem rahayu ana ing bumi, ing manungsa kang sinarjonan Kluhurna Allah nèng swarga, kluhurna Allah nèng swarga! Tentrem rahayu ana ing bumi, tentrem rahayu ana ing bumi, ing manungsa, ing manungsa kang sinarjonan, ing manungsa kang sinarjonan, kang sinarjonan! *2 Pinujia, pinundhia Hyang Maagung ing suwarga lan ing bumi. Tentrem rahayu ana ing bumi, ing manungsa kang sinarjonan Amin, amin! === code 233 title KANCA AGIYAKA *1 Kanca agiyaka! Ing kandhang Bethlehem karawuhan Rohing Pangeran. Sang Bayi miyos pinaringken kita. *reff Lah payo mrana sujud, lah payo mrana sujud ngabekti maring Gusti, Pamarta *2 Pamartaning jagad, Putra kang tumurun sumeleh aneng pamakanan. Yeku wujudnya prasetyaning Allah. *3 Sang Ratuning Jagad dahat kinurmatan, rawuhe mbabar sih-kawelasan marang manungsa kang samnya pracaya. *4 Panebus sejati kang rawuh ing bumi mrih manungsa sinung basuki. Nulya sowana sarwi sumuyuda. === code 234 title KAPRUNGU SWARA GUMYAK *1 Kaprungu swara gumyak ngumandhang saka swarga paring warta kabungahan tumrah mring pra manungsa. Nyata Allah tresna; kongsi ngutus Putranya maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya. *reff Rungokna, swaranya paring warta basuki! Rungokna swaranya! Pangéran asih mring jalmi. *2 Loncèng Injil ngumandang, ngundang kembul bujana. Aja nulak timbalannya, kang kebak sih-nugraha. "Mara tampanana, Rotining Kauripan! Murih sira nduwènana, urip ing kalanggengan." *3 Loncèng Injil ngumandhang, kaundhangaké terus sih-katresnan kang sampurna, srana kurban Panebus. Yéku pawartanya tumraping wong sadonya: Wus miyos Yésus Pamarta, Juru Slameting jalma. === code 235 title LINTANG WETAN *1 Lintang wetan samangkya andadari, cahyanya gumebyar anyunari. Wijil Paduka lir asung pawarti, neng cakrawala panglipur ati. *2 Wonten pundi wiyosipun Gusti? Punapa aneng panggenan adi? Sumarene napa den aji-aji? Napa estu niku Jrubasuki? *3 Lah suwawi sujud dhateng Gusti; asumungkem asaos pamuji. Amba tan darbe kang minangka bukti, namung amba sumuyud mring Gusti. === code 236 title LINUHURNA! GUSTI PAMARTA *1 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya. Jagad bilai, Kristus ngrawuhi, daweg kanca, den pepuja! Rawuhe Gusti datan ngadili, malah nulungi tyang dosa. *2 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa mlasi tyang dosa. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa mlasi tyang dosa. Jagad bilai, Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa. drapon muktia saha mulyakna asmane Hyang Mawilasa. *3 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa manjing manungsa. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa manjing manungsa. Jagad bilai, Gusti ngrawuhi paring tladha mring tyang dosa; ngirid mring swarga tyang kang pracaya; swawi ndherek, para kanca! === code 237 title NYAWAKU MUJI ALLAH *1 Nyawaku muji Allah, sukmaku bungah-bungah. wit saka peparinge Allah marang abdine. Dene karsa ngudaneni asoring kawulanya, nganti saliring bangsa ngarani aku rahayu. *2 Aku sinungan berkah saka astaning Allah dene suci asmane, lan gedhe mukjijate, kawelasane dhumawuh mring kang padha ngeringi, wis mesthi denberkahi tumeka turun-tumurun. *3 Astane Allah kita nindakake pangwasa, mbuyarke wong digung, pra wisesa denlungsur, ngluhurke para asir, wong ngelih denerobi salir amal kang becik, wong sugih tinundhung legeh. *4 Allah wus murinani Israel, dimen ngengeti marang kawelasane mring Abram satedhake. Allah netepi prajanji marang leluhur kita, langgeng ing salamanya, asmane pinuji-puji. === code 238 title PARA JALMI, GIRANGA *1 Para jalmi, giranga, mujia, pramudita Ratu nira wus prapta jumeneng Ratu salam. para jalmi, giranga, mujia, pramudita. *2 Kaluhurna kang Putra, kekasihing kang Rama, mbangun karatonira, jumeneng Ratu Mulya. Para jalmi, giranga, mujia, pramudita. *3 Kamulyakna Pamarta, kang rawuh ing pra umat, Pambirating duraka, jumeneng Juruslamet. Para jalmi, giranga, mujia, pramudita. === code 239 title PINUJI TANSAH *1 Pinuji tansah Allah Mamirah kang asih mirma maring manungsa, nladani kita welas asih ira mring tyang kang ringkih nandhang sangsara. *2 Pinuji - puji Gusti Masuci paring aksama dosaning jalma, nladhani kita dimen olah - tresna ambek-paramarta dhemen ngapura. *3 Pinuji Gusti Kang Maha Kwasa tedhak manjalma nandhang sangsara, nladhani kita nresnani pepadha, temah tiyang papa manggih raharja. === code 240 title PARA PANGON KANG WINARTANAN *1 Prapangon kang winartan gung begja king swarga, yogya kaeraman, angumbar girang ing manah; de nyata wartanya Kristus sampun babar. *2 Ja wedi mring padhang mulya, dumadak ngetingal ing tengah dalunya, pasemon tedhak ing padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta. *3 Duk pra duta saking swarga karsanya sung warta slamet mring pra jalma. Mara ndherek muji Allah, wit welas mring jagad Sang Kristus wus babar. *4 Allah saosana puji; dhuh nyawa, sujuda mring Putranya suci kang sumare neng palungan, ya iku Gustimu, Kristus kang wus babar. === code 241 title RATU MULYA *1 Ratu Mulya ngesorken sarira, krana karsa ngruwat tiyang dosa; nandhang papa wiwit wiyos ira; kain lampin dados gedhong ira; pamakaman papan sarenipun: wit punika sestu Kang sinuhun. *2 Ratu Mulya ratu saking swarga, tedhak donya jumeneng Pantara; ngrukunaken Allah lan manungsa; malaekat ngaturken pamuji, de rahmatnya sumrambah sabumi, kraharjannya maring para jalmi. *3 Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakken angkara. Tyang pitados ngudi katentreman, sowan Gusti sarwi saos kurban. Gusti tuking pitulunganira nuntun jalma mring Kratoning Swarga. === code 242 title RAWUHA SANG IMANUEL *1 Rawuha Sang Imanuel ngluwari umat Israel, dennya nandhang kasangsaran; ngantuantu pitulungan. *reff Gya surak a! He, Israel! Pethukna Sang Imanuel. *2 Rawuha trubus Isai ngesorken dosa lan pati. Umat kang nandhang sangsara luwara saking cintraka. *3 Sang Surya kang nembe prapta, linipura umatira. singkirna peteng nglimputi sarta wayanganing pati. *4 Tedhake Daud, rawuha mbikak gapuraning swarga; tinutup lawanging satru, mring umat tentrem-rahayu. === code 243 title SABUMI PADHA SURAKA *1 Sabumi padha surakaing ngarsane Kang Makwasa. Bektia marang Yehuwah kalayan ati kang bungah *2 Sumurupa yen Yehuwah margane salir tumitah. Kita dadi kagungane, lir menda neng pangreksane. *3 Mlebu mring gapurane kambi memuji asmane. Ing platarane ngidunga memujia trusing driya! *4 Pangeran Kang Mahamulya, tresnane mring kang ngabekti tan kendhat ing salaminya tumurun wrata sabumi. === code 244 title SAJRONING PEPETENG *1 Sajroning pepeteng ing donya, sumunar cahya minulya amadhangi bangsa sajagad; sadaya nampi sihrahmat. Rawuhe nyingkirken pepeteng; sirna wayangan ing pati. Bumi nampani gesang langgeng, krana pepadhang nelahi. *2 Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi, sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati. Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman tumrap wongkang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan. *3 Samangke kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka, wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi. Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur, karana agunging panenan kagem bujana kaswargan. === code 245 title SANG PEPADHANG SEJATI *1 Sang pepadhang sejati samangya wus prapti, nyirnakna rehing pati, mrih jalma basuki. *2 Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa, sung tentrem-raharja. *3 Sang pepadhang sanyata manjalma mangungsa ngasoraken pepeteng, sung gesang kang langgeng. *4 Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih-rahmat, mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah. *5 Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu. nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta. === code 246 title SANG RATU ADIL SEJATI *1 Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti; maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa. *2 Nebus dosaning pra jalma, paring kasucening driya, mrih samnya tersna-tinresnan, nebihana pasulayan. *3 Nyirnakken dayaning pati, wah malih ngenggalken budi, mrih adil ingkang sejati sumrambah salumah bumi. *4 Ngluberken gunging sih-rahmat, dimen tyang dosa mratobat, mring salir tyang ingurmatan, ngangkat drajad kamanungsan. === code 247 title SUGENG RAWUH, GUSTI *1 Sugeng rawuh, Gusti, Ratuning swarga kang tumedhan neng donya krana kula, "Sugeng rawuh, Gusti saking daleme Rama, rawuhe neng donya nunggil lan pra jalma" Salam, salam! *2 Gusti ingkang dadya tuking sih-rahmat; adreng panyuwun kula klayan urmat. Kang ibu Maryam tansah manggya widada, kang sampun dadya srana miyos Paduka. Salam, salam! *3 Pra pangen gumregah, cahya nelahi, nulya nampi pawartos saking swargi; "Gusti Yesus wus miyos, aneng kandhang kewan nulya ginedhong sumeleh ing palungan." Salam, salam! *4 Pra pugangga rawuh, lintang kang nganthi nedya angaturken pangabekti; mas lan blendokmur sinaosaken mring Gusti kanthi yakin, yeku Sang Jurubasuki. Salam, salam! === code 248 title TAN ANA CAHYA MULYA *1 Tan ana cahya mulya wah swara milangoni ngendhih bingaring driya. De Sang Putra wus prapti, putra tunggaling Pangeran kang nuwuhken katentreman. *reff Pra malaekat wewarta, ngengidung memuja, Allah nunggil mring kita. *2 Sajagad sukarena bumi tentrem-rahayu, pinuji Ratu Mulya karya mareming kalbu. Mudha-wredha muji samya, "Panebus kita wus prapta!" *3 Sang Pamarta manjalma karya tentreming driya, yeku kabegjan swarga tumrah para manungsa. Samnya saosna pamuji binarung bungahing ati. === code 249 title ABDINING SANG YEHUWAH *1 Abdining Sang Yehuwah, kang sumuyud mring Allah, yeku sang Kristus Gusti, Putra sejati. Ngurbanken sarira, krana tresnanya, mrih manungsa raharja, mulya neng swarga. *2 Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala. Ing ngarseng pangadilan dora seksinya. Tan mbikak lathinya, milaur seda, tulus lila legawa dadya Pamarta. *3 Sinami lir durjana, sinalib wit duraka; sinengitan ing jagad, tinampik umat. Sangsara sedanya, wit ngrembat dosa, mila tyang kang pracaya gesang raharja. === code 250 title ANENG SALIB PADUKA *1 Aneng salib Paduka, pangayom kawula, toyaning gesang mulya ing ardi Golgota. *reff Salibnya, salibnya, kamulyan kawula ngantos mbenjing nampeni palereman baka. *2 Aneng salib Paduka, katresnan kababar; inggih namung Paduka pindha lintang fajar. *3 Aneng salib Paduka; pikekah kawula; tansah kula engeti, ing gesang slaminya. *4 Aneng salib Paduka, pitados kawula; dumugi wancinira bingah aneng swarga. === code 251 title DOSA PUNAPA *1 Dosa punapa dene Gusti kula, nadyan ma suci, nging siniya-siya? Krana sih tresna Paduka mring kula, nandhang sangsara. *2 Dhuh, Ratuning rat, napa ta sababnya, makutha eri ngrenggani mestaka? Dimen pra umat rinoban sih-rahmat, luwar sing laknat. *3 Dhuh, Guru kula, napa darunanya, kaukum pati krana seksi dora? Wit nebusjalma sing kwasaning dosa, mrih gesang mulya. *4 Dhuh, Imam Agung, amargi punapa, pindha durjana Paduka pinenthang? Mrih sagung titah dados putreng Allah, sinungan berkah. === code 252 title GUSTI GESANG MALIH *1 Gusti agesang malih sampun ngawonaken pati. Gusti wungu, kula nggih sestu sami badhe tangi. Sinung gesang kang mulya, yeku panglipur kula. *2 Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi. Umatipun kang mantep, mbenjing ndherek angratoni Gusti ingkang prasetya, yeku panglipur kula. *3 Gusti wungu, he kanca, sampun uwas-uwas malih. Gusti dados Pantawis kang gesang, karsa anggalih ing kaapesan kula, yeku panglipur kula. *4 Gusti wungu, supados pikekah kawula sami salebeting panggodha dalasan ing baya pati. Gusti tan nilar kula, yeku panglipur kula. === code 253 title GUSTI KANG SUMARE *1 Gusti kang sumare ing kubur sepi. ngrantos pajar adi kang madhangi. *reff Sakala Gusti wungu, atemahan Iblis keplayu. Alam ing pati wus kaasorake, Gusti wungu ngasta panguwaose. Wus menang! Wus menang! Gusti wungu! Wus menang *2 Yekti tanpa guna kubur jinaga, sarta tanpa guna tutup sela. *3 Iblis dalah pati wus tanpa daya, nahan mring Gustiku, tetep nglaha. === code 254 title GUSTI NENG TAMAN GETSEMANE *1 Gusti neng taman Getsemane nampi siksa miwah bebendu, nglawan pagiris ing pati, krana gunging dosaku. *reff Yogya nggonku nanggapi sihrahmate Gusti, yekti amung sawiji, pracaya lan bekti. *2 Gusti Yesus siniya-siya, ginebagan sarta sinapu, saestu nandhang sangsara, krana gunging dosaku. *3 Gusti sinami lir durjana, nir pamore Ratuning ratu, dadya kurban tan suwala, krana gunging dosaku. *4 Gustiku sinalib ing Golgota, wit sih-trsnanya kang satuhu; tedhak ing telenging pati, krana gunging dosaku. === code 255 title GUSTI SAMPUN WUNGU *1 Gusti smpun wungu! Gusti sampun wungu! Saestu, sampun wungu! ( sawatawis sadherek ) Jatining tentrem sampun prapta angabaki ing manah kula. ( sesarengan ) Gusti sampun wungu! Gusti sampun wungu! Saestu, sampun wungu! ( sawatawis sadherek putri ) Suraka kanca! Kori kubur menga; rantening pati wus tanpa daya. Gusti miyos klayan ngasta kunggulan, nyata niku Juruslamet kita. ( serarengan ) Gusti sampun wungu! Gusti sampun wungu! Saestu, sampun wungu! === code 256 title GUSTI SINALIB ING GOLGOTA *1 Gusti sinalib ing Golgota ngrembat dosaning para jalma, srana rah kang suci sampurna. Puji asmanya! *reff Swawi muji asmanya! swawi muji asmanya! Srana rahe, kita tinebus. Puji asmanya! *2 Saiba begjaning awakku, lamun Yesus dadya duwekku, kang angluwari saka dosa. Puji asmanya! *3 Rahe dadya tuking uripku, kang wus ngrembat sagung dosaku. Kita rineksa kanthi setya. Puji asmanya! *4 Gya samya marek mring salibe, dimen kinumbah srana rahe. Pasrahna jiwa-raga kita! Puji asmanya! === code 257 title GUSTI YESUS SINALIB *1 Gusti Yesus sinalib sinrahken Allah priyangga, karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning berkat. *2 Gustiku kang sinalib, pasrah pyambak mring sedane, supayane aku padha slameta, sihe winangnsulana. *3 Gustiku kang sinalib, marga dening durakaku, mangka aku jenak mring pakareman, pantes tampi ukuman. *4 Panebusku sinalib, aku iki tebusane. Kwajibane, aku mbuwang piala margane Gusti seda. === code 258 title GUSTI YESUS WUS WUNGU *1 Gusti Yesus wus wungu! Haleluya! Bumi swarga agirang! Haleluya! Samnya memuji sokur! Haleluya! Mring Gusti kang wus mimpang! Haleluya! *2 Katresnane sampurna! Haleluya! Kamenangane nyata! Haleluya! Sunaring surya padhang! Haleluya! Tinampi kanthi girang! Haleluya! *3 Gesang malih Sang Raja! Haleluya! Kita tentrem - raharja! Haleluya! Pati, endi antupmu? Haleluya! Kubur, endi kwasamu? Haleluya! *4 Kubur kwasane sirna! Haleluya! Naraka tanpa daya! Haleluya! Teluk dening Sang Kristus! Haleluya! Binuka taman Pirdus! Haleluya! === code 259 title ING ARDI GOLGOTA *1 Ing ardi Golgota ana salin ira lambang ing pamoyok panyiya. Ing kono Gustiku pinethang sangsara nebus dosaning para jalma. *reff Salib iku tansah dak pundhi, nadyan nganti tumekeng janji. Dak rangkul kanthi trusing kalbu makutha kang dadya duwekku. *2 Salib kang minangka lambanging panguya, tumrap aku gedhe ajine, cempe kurban suci tumedhak ing donya, ngluwari jagad krana sihe. *3 Salib kang minangka tandhaning kanisthan, kecipratan ing getih suci. dadi marga aku antuk kaslametan, dosa lebur wit rahe Gusti. *4 Kanthi setya nurut ing margine Gusti, nadyan aku cinacat tansah; katuntun mring papan kang luhur sejati, nampa kaluberaning berkah === code 260 title ING DINTEN ADI PUNIKI *1 Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti kang dads Juru Basuki; karsa ngurbanken dhiri sinalib dumugeng seda; nyanggi bebenduning dosa, mrih tyang pracaya waluya; rinukunken klayan Allah, nggih dinadosken Putranya, cinadhang kraton swarga. *2 Ratu Salam Putreng Allah lir durjana binanda, Gusti siniksa mung pasrah, mangka darbe pangwasa. Ingawonken tetep sabar, ing penggalih tansah lajar, Gusti datan lenggana, Sumarah badhe sinaos mring Allah nirken supaos kang tumrap tyang duraka. *3 Gusti seda dados srana pangruwat saking dosa. Nglebur paukuman kula, temah manah santosa. Betah nandhang kasisahan dening pangrehing Pangeran Gusti dados lantaran. Pejah kula ndherek Gusti, nanging ndherek gesang ugi mring kamulyan sejati. === code 261 title ING GOLGOTA *1 Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib. Kang karebat luwar kula, saking bandaning Iblis. Siksa kula dipun rembat, kula luwar saking laknat. Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib. *2 Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur, mila mangke gesang kula, bingah ayem alipur. Rahing Gusti winutahken, pangluwaran pinaringken. Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur. *3 O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula. Kula mugi winulanga tresna dhateng Paduka, dimen mbenjing kula klilan lumebet dalem kaswargan. O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula. === code 262 title KWAOSING ASMA PADUKA *1 Kwaos ing asma Paduka ingkang kita sebar; pramila kita dhuh Gusti, tan giris ing pati. Kadya gesangipun wiji ingkang katanem ing siti, amrih tuwuha angrembaka, temahan medal wohira, mumpangati salumahing bumi. *2 Kados tuladha Paduka kang nandhang sangsara, de sinalib nulya seda, wit dosaning jalma. kados wiji kang katanem ing siti samnya kapendhem, makaten kita kang nistha, kepareng nunggil Paduka, binerkahan, pikantuk kaswargan. *3 Paduka kang wungu malih saking palimengan. Kawula sami antuk sih, rahmating Pangeran. Karebat saking antaka, nampi kamulyaning swarga. Gustingutusa pra abdi kang tlatos anyebar wiji kanthi setya, kang mring Paduka. === code 263 title LAH WONTEN SWARA GUMIYAK *1 Lah wonten swara gumiya ngumandhang neng Yerusalem. Duk gumebyar padhang surya. Lah wus wungu Gusti kula! *2 Sira plimenganing pati, tan kecongah nglawan Gusti. Gusti unggul, nilar kubur; nyata Suteng Kang Maluhur. *3 Mangke pati tan ngajrihi, Gusti sampun anguwisi, Sinten pitados mring Gusti tan ajrih sara myang pati *4 Krana Gusti sampun wungu, kula antuk geang estu, gesang enggal, krana Rahnya kang mancur aneng Golgota. === code 264 title LUWAR *1 Luwar, luwar, luwar saking siksa. Puja, puja, konjok Sang Pamarta. Kang karsa rawuh ing donya mitulungi tiyang dosa, mitulungi tiyang dosa, *reff Luwar, luwar, mung awit saking sih, srana rahnya Gusti kang sinalib. Saiba gunging sih rahmat kang sung luwar, Haleluya! *2 Luwar, luwar, luwar saking dosa. Iba gungnya sihe Sang Pamarta de karsa nombokken yuswa ngrembat dosaning manungsa ngrembat dosaning manungsa. *3 Luwar, luwar, luwar sing bilai. Swawi sami muji dhateng Gusti swawi denwangsuli tresna de klangkung sihe mring kita de klangkung sihe mring kita *4 Luwar, luwar, luwar saking laknat, klangkung-langkung lubering sih-rahmat, sayogya kula lembana, langgeng salami-laminya, langgeng salami-laminya. === code 265 title NENG PUCAK ARDI *1 Neng pucak ardi dununge, Golgota arane; ing kono, ilining kali sung rentrem ing ati. *reff Samana Gusti pinaku, wit nebus dosaku. Mula payo sowan nulya, sujud ing ngarsanya. *2 Iba prihatining Gusti ing Golgota ardi; pinoyokan, sinangsara, tinaton sliranya. *3 Manungsa datan kuwagang nebus dosanira. Mlaekat uga tan wenang, mung Gusti pribadya. === code 266 title NULADA MRING SANG PAMARTA *1 Nulada mring Sang Pamarta Gusti kang karenan amitulungi; lembah ing manah, ngesorken dhiri; kang anyatroni tetep den tresnani. *reff Kristus Gusti, Sang Pamarta karsa manjalma nandhang sangsara, ngalami papa, sinalib seda, iku babaring tresna. *2 Sengkud makarya ing pamrih sepi, kang aneng telenging wardaya amung rahayuning tyang sabumi. Mila tetep nulada Sang Pamarta. *3 Datan melas pinoyok tyang kathah, pinisakit tanpa rinasa. Malah tulus dennya andum berkah, tansah nyuwunaken sih-pangaksama. === code 267 title PAMARTA KULA AGESANG *1 Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang. Dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang. *reff Gesang, gesang, Pamarta kula agesang. Gesang, gesang, Pamarta kula agesang. *2 Gesang, Gusti kang wus seda, dennya gesang krana kula, mila kula puji Saiba dennya ngasihi kula ngantos denparingi gesang langgeng ugi *3 Tyas kula yogya agirang de gadhah Pamarta gesang, sung gesang mring kula. Gusti gesang aneng swarga nyawisi papan mring kula, kula ndherek gesang. *4 Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen tobat samya. Datan wonten gesang malih, namung dening kang sinalib kang agesang mulya. *5 Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah andongakken kula. Sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah ing tyase pra abdi === code 268 title PANGLIPURING TYANG PRIHATOS *1 Panglipuring tyang prihatos, klangenan ing tyas kula. Sakathah sumlanging batos, kasirnakken sadaya. Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki, nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji. *2 Iba-iba Gusti mlasi bangsa apes lan nistha. Sing laknat Gusti ngluwari, margi sangsara seda. Riwe, rah, waspa Paduka neng Getsemane mili. Ngluwar kula sing ukuman, mbikak margining swargi. *3 Gusti tinuwek ing galih dening poyok kang sengak. Bendune Allah kang adil sinanggi Gusti pyambak. Nggirisi Gusti siniya wonten ardi Golgota, pasrah sinalib sarira, krana jagad duraka. === code 269 title SAIBA SANGSARANE GUSTI *1 Saiba sangsarane Gusti nglampahi pinenthang. Kasamekaken tyang durjana nggene kapatrapan Pinaku samparan lan asta, cinamah asmanya, pinanggang ing bentering surya, temah pegat nyawa. *2 Pundi dosane Gusti kula, nglampahi pinenthang. Saestu Gusti tanpa dosa ngrembat dosaning tyang. Nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, karsa nebus mring tiyang kathah nggih kula sadaya. *3 Makaten Allah Kang Masuci tan ngeman kang Putra kang kinasih denpasrahaken mring kraharjan kula. Saiba sih-welase Allah dhateng tiyang dosa. Sinungken pangapunten samilantaran kang Putra. === code 270 title SANG KRISTUS SINANGSARA *1 Sang Kristus sinangsara sinandhangan wirang Rikinarya makutha, pinoyok tyang kathah. Rinangket lir durjana, ci nampah siniya. Dhuh Allah, punapaa tan ngeman kang Putra? *2 Wit aku uga Gusti ginitik winirang. Ngagem makutha eri lan singep poyokan. Wit aku gawe dosa, tinaton sliranya. Sinungkawan ing driya lir tingalan nistha *3 Dhuh Yesus kang ingajep pra luhur wit kina. Mugi kula sadaya emuta slaminya. Sangsara lan kwirangan ageman Paduka, nyawisi kedrajatan kula tiyang nistha. === code 271 title SANG PAMARTA SEDA PADUKA *1 Sang Pamarta seda Paduka, ngluwar kula sing ukuman, Iba gunging pitulungan, Gusti kang nebus kula. De kula nyaur napa? De kula nyaur napa? Gusti kang nebus kula, de kula nyaur napa? *2 Kala Gusti pinisakit, rahipun ndlewer ing salib Wah kang srira tatu wradin, Gusti nglabuhi kula. De kula males napa? De kula males napa? Gusti nglabuhi kula, de kula males napa? *3 Kula isin yen kemutan nggen kawula kesambutan, mangka sring taksih klepatan. Kula mugi winulang animbangi sihing Gusti, animbangi sihing Gusti. Kula mugi winulang animbangi sihing Gusti. === code 272 title SIHE ALLAH MARING JAGAD *1 Sih e Allah maring jagad, ngantosnyrahken kang Putra. mring campah lan kawirangan drapon jagad slameta. Duk taksih samnya duraka, kula sinungan welas. Seda Putraning Allah anebus kula sing nraka Allah asih; manungsa lan mlaekat mujia! *2 Yeku kang ngeramaken, tanpa tandhing tur mirah. Tyang dosa karukunaken manjing putraning Allah. Nadyan agetun de apes lan risaking tyas kula, sihe Rama kang setya nulungi lan mirma ageng. Allah asih; manungsa lan mlaekat, mujia! *3 Napa biyung saged tega bayine manggih tiwas? Napa pantes rama-rena kolu risaking anak? Langkung malih, adhuh Rama kang mirsa ribed kula Gusti mlasi pra putra kang sampun sinung aksama. Allah asih, manungsa lan mlaekat, mujia! === code 273 title SINTEN INGKANG TAN ANGLENTRIH *1 Sinten ingkang tan anglentrih, ing manah daatan aperih, mulat sariraning Gusti? Pinanjer neng kajenglaknat, myang srunggennya siniyat. Dhuh lae, dhuh Gustiku! *2 Sajroning ingerang-erang. pinoyokan myang winirang aturnya mring Kang Rama, "O, Rama, mugi ngaksama mring kang misakit kawula, wit tan wrin pandamelnya" *3 Swara metik kapiyarsi, "Sun ngekak!" sabdaning Gusti, nulya dipun caosi. O, sinten ta tiyangira ingkang tan rempu ing driya, mulat sariraning Gusti. *4 Mangkya pagowong nelahi, bumi gonjing nggegirisi, dyan pinireng aturnya, "O, Rama, napa Paduka negakaken mring kawula? Negakaken kawula?" *5 Ruruh ririh kapiyarsa, "Wus rampung!" wijiling sabda, sampun rampung sanyata, mangkya jagadlinuwaran, Gusti nanggel paukuman, jumeneng kurban dhendha. === code 274 title SINTEN KANG SUMARAH *1 Sinten kang sumarah mring karsane Sang Rama miwah wus pasrah sarira tumrap tyang sadaya, pakaryannya linampahan priyangga? Mung Sang Putra sinangsara temah seda. *reff Yeku tresna kang sejati wus binabar kalayan sampurnaneng salib suci *2 Perang sampun klampaham wonten pamenthangan, mengsah wus kakawonaken, umat kaluwaran, karana jumeneng Imam sampurna, mila Gusti ngurbanken sariranya. *3 Dhuh cempening Paskah, kang wus pinenthang seda, kula ngaturaken puji mring Paduka, Gusti; kang mbikak kori swarga lan tyas kula, wonten katentreman kang denalami. === code 275 title SRANA MANDENG ING SALIB *1 Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang, tinebus sagung dosanira. De cempening Allah kang sinalib ngrembat, ngesahaken duraka kita. *reff Swawi den pandeng! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang tinebus sagung dosa nira *2 Napa ta damele Gusti Yesus seda, yen datan ngruwat dosa kita? Napa ta damele nombokaken nyawa, yen datan nebus dosa kita? *3 Swawi ngungsi mring Gusti, tyang dosa sagung, dosa kita denunjukna. Mesthi antuk apura, temah agesang; mbok dentampi lan suka-rena. === code 276 title SWAWI PRA KANCA *1 Swawi pra kanca girang memuja, Kristus sinalib agesang malih. Pamarta kula wungu sing seda. Sampun tinitik Ratuning urip. Gusti Panebus prange wus unggul. Pati wus kalah, antupe ical. *2 Tyang Kristen samnya girang memuja; de paukuman, bebendu laknat wus sirna estu, Gusti wus wungu. Kristus nguculi rantening pati, Sung gesang langgeng mring kang ngandelken. Kula tyang dosa, sinungan uga. *3 Salumah bumi badhe ngrurmati, Gusti kang seda lan wungu uga. Swawi salir tyang kang karibedan, swawi ngungseni piwlase Gusti, ndherek anyangga kalingsemannya ja ajrih pejah, Gusti kang menang. *4 Mara mujia! He jagad wrata! Gusti panutan, Ratuning gesang. Urip kang langgeng wus linairken. Mara tangia king sagung dosa, ngambaha dalan mring kautaman. Gusti murugken mring gesang langgeng. === code 277 title TAMAN GETSEMANE KANG SEPI *1 Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi. De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang. Tan ana sawiji-wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji. *2 Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi. Malaekat, sawusnya nyantosani, Gusti datan ajrih ing bilai, ngepeng ndedonga trusing ati, Gusti netepi janji. *3 Taman Getsemane kang sepi, seksi sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti. De kekayu kudune dadi berkat, malih dumadi salibing laknat, jer wus dadi anteping ati, Gusti netepi janji. === code 278 title WONTEN DARAH SUCI MANCUR *1 Wonten darah suci mancur neng ardi Golgota, nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa. Kang ngicalken dosa, kang ngicalken dosa. Nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa. *2 Tyang durjana kang sinalib angsal pangapura, wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga. Ndherek mlebet swarga, ndherek mlebet swarga. Wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga. *3 Dhuh Pamarta, rah Paduka sestu tansah kwaos, tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos. Lan nucekken batos, lan nucekken batos. Tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos. *4 Kula swau nggih cilaka, nging lajeng antuk sih. Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib. Gusti kang sinalib, Gusti kang sinalib. Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib. === code 279 title YEN MANDENG SALIBING GUSTI *1 Yen mandeng salibing Gusti, pucaking kasangsarane, sagung dosa dak getuni, wit sampurna lelabete. *2 Pinoyokan lan siniya, sedane wus anyelaki, kadi kapireng sabdanya, "Uripku tumrap sabumi." *3 Gusti seda, nebus dosa, nglabeti tiyang sadonya; sestu nggih tumrap kawula ngraosaken sih Paduka === code 280 title KRISTUS GUSTI SUMENGKA *1 Kristus Gusti sumengka mring swarga, ngutus wong pracaya tansah setya, amartakna Injil sih rahmatnya. Kang nampenana sinungan begja. *reff Bra undhangna, Sang Kristus jumeneng Raja, Kratonira tentemraharja. *2 Sang Pamarta sumengka mring swarga, wong pracaya dadya lantarannya, mrih kratoning Allah binabarna, dhedhasarira sih-welas-tresna. *3 Gusti Kristus sumengka mring swarga, ngutus wong pracaya mbudidaya sinanira rasa memungsuhan, mrih kebabaring gung katentreman. === code 281 title NÈNG WISMANÉ RAMA *1 Nèng wismané Rama gung panggénannya, nèng wismanya Sang Rama. Ngriku Gusti nyadhang papan mring kula, nèng wismanya Sang Rama. Éndah wismanya pra mukti, tan kénging winirasa. Ngriku para suci girang memuji, nèng wismanya Sang Rama. *ref Wismanya Sang Rama, paleremané pra sukma, nagrinya pramuktya, nèng wismanya Sang Rama. *2 Ngriku inggih wonten larénya ugi, nèng wismanya Sang Rama. Laré ingkang sami lulut mring Gusti, nèng wismanya Sang Rama. Éndah wismanya pra mukti, tan kenging winirasa. Ngriku para suci girang memuji, nèng wismanya Sang Rama. *3 Ngriku tyang sadaya suci sampurna, nèng wismanya Sang Rama. Pra kang tinebus sinami Gustinya, nèng wismanya Sang Rama. Éndah wismanya pra mukti, tan kenging winirasa. Ngriku para suci girang memuji, nèng wismanya Sang Rama. *4 Kang tresna mring Gusti ngriku dunungnya, nèng wismanya Sang Rama. Wah kang ngugemi langgeng gesangira, nèng wismanya Sang Rama. Éndah wismanya pra mukti, tan kenging winirasa. Ngriku para suci girang memuji, nèng wismanya Sang Rama. === code 282 title SWAWI SAMI SUKA - SUKA *1 Swawi sami suka - suka nggen kula ngenget - enget. Gusti minggah maring swarga, mendah kaluhuranipun Njeng Gusti Juru slamet. *2 Nyata sinungan kamulyan lan sagung pangawasa; wonten ing swarga kalayan ing bumi, nggih jinulukan ngungkuli sagung nama. *3 Ngantos para malaekat tansah sami memuji. Langkung malih para umat, nggih wajib nyaosi urmat saha sujud mring Gusti. *4 Paduka kang ngrumiyini dados Pangirid kula, saha maringi prajanji badhe karsa anyawisi panggenan woten swarga. === code 283 title BILIH ROH SUCI *1 Bilih Roh Suci makarya ing manah kula, kula memuji Gusti kanthi sukarena, awit Roh Suci paring manah sukarena, gesang langgeng ayem tentrem salaminya. *reff Roh Suci, Ooo, Roh Suci makarya ing manah kula. Roh Suci, Ooo, Roh suci makarya ing manah kula. === code 284 title KALANE GUSTI SUMENGKA *1 Kalane Gusti sumengka karsa mlebet mring swargi, sampun kagungan prasetya, badhe paring Roh Suci. Ing dinten Pentekosta, Gusti ngutus Roh Suci. *2 Neng dalem suci, sakabat mireng swara gumrubug. Roh Suci ingkang wineca pra nabi sampun rawuh. Ing dinten Pentekosta Gusti ngutus Roh Suci. *3 Punika pawartos bingah tumrap sagung tumitah: Sang Kristus wonten ing swargi karsa paring Roh Suci. Ing dinten Pentekosta Gusti ngutus Roh Suci === code 285 title KRANA ROH SUCI *1 Krana Roh Suci dedalem ing ati, kula tansah kinanthi; gesang sanyata tentrem raharja, mangkya sinungken mring kula Ing wusananira nampi tangining raga, kadya Sang Kristus, Gusti kang mulya. *2 Krana Roh Suci, kula mursid yekti mbangun turut mring Gusti, gesang sembada, unggul ing yuda; ngawonken juliging dosa. Ing wusananira tunggil kasampurnannya, klayan Kristus Gusti aneng swarga. *3 Krana Roh Suci, kula temen ngudi mbucal gesang kang lami, sregep makarya, teguh ing karsa, tetales bebener nyata. Ing wusananira ndherek ing kamulyannya, klayan Kristus Gusti aneng swarga. === code 286 title ROH SUCI ASUNG DAYA *1 Roh Suci asung daya ngasorken panggodha, manah semplahwit sisah, sestu dados bingah; tyang rinoban pepeteng, sinung padhang langgeng, mila ayem ing driya, tentrem nula. *reff Wit kwasaning Roh Suci, gesang sejati, tansah begja, kalis sing rehing pati. *2 Roh Suci asung kwasa ngasoraken dosa. Tyang mursal sarta mblunthah, mratobat mring Allah. Gesang mursid sayekti, nresnani sesami, sarta remen leladi trusing ati. === code 287 title ROH SUCI ROH SEJATI *1 Roh Suci Roh Sejati, mugi rawuh ing ati Ngenggalna manah kula, mrih ing lampah prayoga, setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami. wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. *2 Dhuh Roh Suci, Roh Allah, anyantosakna manah. Lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah. Manggul salibing Gusti, martosken Injil Suci. Wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. *3 Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus; andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang, temah tentrem-raharja, sumrambah mring sesama. Wit panuntun Paduka, kula gesang sembada. === code 288 title SANG ROH SUCI DEDALEM ING ATI *1 Sang Roh Suci dedalem ing ati, amrih tyang gesang enggal sejati, tumemen olah katresnan, wah karoban kabingahan, Sang Roh Suci dedalem ing ati. *2 Sang Roh Suci dedalem ing driya, temahan gesang tentrem-raharja, sabar, sareh, paramarta, kautamen dentengenna, Sang Roh Suci dedalem ing driya. *3 Sang Roh Suci dedalem ing ati, damel tyang pitados setya-bekti, andhap-asor, alus-budi, saged ngemudheni dhiri. Sang Roh Suci dedalem ing ati. === code 289 title SANG ROH SUCI MUGI PARENG *1 Sang Roh Suci mugi pareng anedhaki tyas kula, dimen a tentrem rahayu, kapenuhan ing tresna. *reff Dhuh Gusti kang setya, Paduka kulandelaken; mugi pareng nedhakaken Roh Suci ing tyas kula. Gusti, mugi nucekaken tyas kula. *2 Sumangga cahya Paduka amadhangna tyas kula, mugi pepetenging dosa binirata sadaya. *3 Mugi ngirid lampah kula manut pangreh Paduka. Paduka kula bekteni ngantos dugeng wekasan. *4 Kula mugi sinungana kaunggulaning yuda, dimen tentrem - arahayu nggen kula pecat nyawa. === code 290 title SANG ROH SUCI ROHING AGESANG *1 Sang Roh Suci rohing agesang mugi nyagedna pasamuwan, mbabar adil lan bebener nyata, wah bebrayan tentrem raharja. *2 Sang Roh Suci, rohing pepadhang saestu nuntun pasamuwan, tansah martosaken Injil Suci, ngluberken berka mring sesami. *3 Sang Roh Suci, rohing kanyatan, mugi nggigaha pasamuwan, klayan tulus masrahaken dhiri, mrih pulihing Pirdus ing bumi. === code 291 title SANG ROH SUCI ROHING ALLAH *1 Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah, kang nuntun mring Sang Pamarta mrih sinung waluya. Lamun nulak rehing dosa kanthi trusing diya, manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga. *reff Kula samya gung kapotangan, wit sih ing Pangeran. Yogya gesang mursid yekti, manut Sang Roh Suci. *2 Roh Suci Rohing Kayekten maringi kasekten, mrih tyang pitados nekseni sih-rahmating Gusti, lamun tansah welas - asih mring sagung sesami, ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti. *3 Roh Suci Rohing Pepadhang kang ngenggalken gesang, nekseni sajroning manah kula putreng Allah. Lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta, dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra. === code 292 title SANG ROH SUCI, ROHING KATRESNAN *1 Sang Roh suci, rohing katresnan, nuntuna mring kula slaminya; nyingkirna raos pasulayan, amrih jagad tentrem raharja, ngrukunken tyang kang cecongkrahan, mbereg nilar tumindak dosa; ngiyatken manah ingkang semplah. Dhuh Gusti, nuntuna mring kula. *2 Dhuh Roh Suci, roh kasunyatan; nunggila mring kula slaminya, mrih babaring karsaning Allah wah tobating tyang ambek-siya. Labuh-labet sepi ing pamrih, nglawan panindhes klayan sih; tan ajrih pepalang - rubeda. Dhuh Gusti, nunggila mring kula. *3 Dhuh Roh Suci, roh kaadilan, ngantia mring kula slaminya; mbabar adiling Allah, kraharjan warata sumrambah. Ngluwari tyang binanda dosa, nguculi jireting duraka, ngayomi tyang ringkih wah papa. Dhuh Gusti, nunggila mring kula === code 293 title SUMANGGA, PRA KANCA *1 Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja, wit palimirmanya sinungken mring manungsa. Dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati, ngenggalaken budi, nutun gesang suci *2 Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung, kang paring Roh Suci angenggalaken budi, nuntun ula-tresna mring sagung sesami, mbabarken kraharjan, nyirik kekerasan. *3 Muji tan kendhat wah ngundhangken sih-rahmat, Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya, mrih tan badhe semplah, nging sengkud makarya, mrih Kratoning Allah binabarna wrata. === code 294 title TYASKU MUGA KASOKANA *1 Tyasku muga kasokana, Roh e Hyang Ma suci, Gusti kang asetya tuhu, wus paring prajanji. *reff Dhuh Pamarta kang sinalib, kang mugi wontena Pentekosta agung malih, mradini ing donya *2 Gusti, mugi Roh Paduka tansah tumedhaka dhateng pasamwan Paduka, wah ing manah kula. *3 Dhuh, mugi Rama myarsakken sambate pra putra, manah enggal, pinaringna dhumateng kawula. *4 Dhuh Rohullah, mugi mrasuk ing manah kawula, nunten suci miwah padhang, lan unggul ing yuda. === code 295 title WIT SANG ROH SUCI *1 Wit Sang Roh Suci, kula sagedna, martosken Injil adi Kraton Swarga. Wit Sang Roh Suci, kula sinung daya, nekseni Yesus Gusti, Sang Pamarta. *2 Wit Sang Roh Suci, kula wicaksana, wijang nerangaken sabda karseng Allah. Wit Sang Roh Suci, kawula sembada, Nglampahi gesang tansah lembah-manah. *3 Wit Sang Roh Suci, kula datan semplah; nadyan manggih rubeda tansah panggah. Wit Sang Roh Suci, kula tan suwala, jroning kinaniyaya, tetep setya. === code 296 title DHUH GUSTI, KULA NDONGAKAKEN *1 Dhuh Gusti, kula ndongakaken sadhèrèk énggal punika saged amantep ing pitados Tobata kang trus ing driya sampun kawon déning panggodha Angsala idi Pangéran, supados wilujeng nèng donya tumekèng jaman klanggengan *2 Dhuh Gusti, kula ndongakaken sadhèrèk énggal punika sageda mantep ing pitobat, sarta temen ing pracaya. Mugi Roh Suci ngaubana kawula sapasamuwan supados sami lestantuna dados kagungan Paduka. === code 297 title GUSTI KARSA NAMPI LARE KANG SOWAN *1 Gusti karsa nampi lare kang sowan, kang sinaosaken tyang sepuhira, angupadi nyuwun mrih binerkahan, srana tinumpangan dening astanya. *reff Gusti angandika, "Di kaya bocah, anggone nduweni kratoning Allah." *2 Nanging pra sekabat sami ngawisi lah nulya sedaya dipun dukani; awit lare' ugi kepareng sowan, sami tinampenan klayan katresnan. *3 Pra lare' adados putra prasetyan; dene tiyang sepuh darbe kwajiban nuntun yoganira bekti mring Allah, ngaturken pamuji kang trusing manah. === code 298 title GUSTI KULA MAHATRESNA *1 Gusti kula Mahatresna, Juru Pangen utami; kanthi setya pangreksanya, mrih gesang kula suci. *2 Manah sisah dados bingah, wit Gusti kang mberkhai. Nadyan rempu miwah semplah, nggih Gusti kang ngrimati. *3 Wit Paduka Pangen setya, Putreng Allah satuhu; paring sabda manohara, mrih tyang gesang rahayu. *4 Gusti kula Pangen mulya puruging gung pasambat. Kula pasrah mring Paduka, kaluber ing sih-rahmat. *5 Mugi kula kauwalna saking lampah dursila; katuntuna manah kula dhateng kamulyan swarga. === code 299 title KABINGAHANING MANAH *1 Kabingahaning manah yekti tan wonten kang nglangkungi. De kadang kang kulakasihi nampeni baptis suci. *reff Dhuh Gusti, mugi tansah mberkahana, mrih mbabarna pracaya, nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada. *2 Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya. De anak kang kula tresnani nampeni baptis suci *3 Kabegjan kang kula tampeni tan saged denlironi. De nadyan kula tyang kang dosa, nging wus baptis samangkya. === code 300 title RAMA MUGI ANGLUBERNA BERKAH *1 Rama mugi angluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan. Para lare anak kawula sowan, anampeni prasetyaning Allah. *2 Pasamuwan kadadosna suci wonten asmanipun Rama ing Swargi. Para lare dadosa tyang piniji, nggih pinaringan gesang sejati. *3 Sang Roh Suci wah sabda Paduka mugi nuntun tyang mantep ing pracaya; wit dosanya wus linebur, binirat. Gesangnya amung krana sih-rahmat. *4 Para lare kang nembe kabaptis namanipun ingkang sampun tinamtu, kanthi terang ing Kitab tinulis, katuntuna murih gesang rahayu. === code 301 title BUJANA SUCI *1 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, roti gesang ingkang Paduka paringaken, rejeki saking swarga, sumbering gesang langgeng *reff Kawula aturpanuwun, wit tetedhan punika; mugi kula kasagedna dados seksi Paduka. *2 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, dados srana panunggil kita para jiarah kalayan para suci kang mulya aneng swarga. *3 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, sumber gesang greja Paduka kang makarya, ngundhangaken katresnan dhateng salir manungsa. === code 302 title DHUH ALLAH KANG MAWILASA *1 Dhuh Allah Kang Mawilasa, Paduka aparingsih Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama; tansah amaringi sih piwlas kang mahaluwih. (2x) *2 Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca, iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah, duk masrahken Kang Putra, amrih kraharjan kula *3 Roti kang cinuwil-cuwil sarta sami dentedha, yeku salirane Gusti. Semana pinaringaken, maedahi pra sakabat, miwah tiyang sajagad *4 Gusti ingkang maringaken sliranipun piyangga, sestu dipun tombokaken nggenipun angentasaken para wumat sadaya ingkang sami pracaya. *5 Tuwung kang sami denombe, ibarat rahe Gusti; rahing prajanjian-anyar, samana winutahaken dados lantaranira pangapuntening dosa. === code 303 title DHUH, CEMPENING ALLAH *1 K. Dhuh, Cempening Allah, Ingkang nebus disaning tyang sadoyo U. Melasana kula. K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula. U. melasana kula. K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula. U. Malasana kula, melasana kawula. *text K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta U = pasamuwan === code 304A title DHUH, CEMPENING ALLAH *1 K. Dhuh, Cempening Allah, U. Ingkang nebs dosaning jagad, kula kawelasanna! (2x) K. Dhuh, Cempening Allah, U. Ingkang nebus dosaning jagad, paringa katemtreman! K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta U = pasamuwan === code 304B title DHUH, CEMPENING ALLAH *1 Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosaning jagad, kula kawelasanna! (2x) Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosa ning jagad, paringa katemtreman! === code 305 title IBA KASAENANING GUSTI *1 Iba kasaenaning Gusti, andhawahaken bujana mring para abdine; kasuprih mentepipun pracaya, punapa malih rukun ira, de pitungkasing Pangeran dhateng para sakabatipun kinen sami sihsinihan *2 Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana; supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya saha indhaking tresna kula mring pra sadherek sadaya. *3 Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula; saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi; aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti. *4 Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka, mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula? Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti mila sawarnining piawon sageda kula singkiri? === code 306 title KAWULA KAPARENGNA SOWAN *1 Kawula kaparengna sowan wonten ing pakempalan, sanadyan kawula mboten pantes tampi sihpiwlas Paduka. Awit krana kurban Paduka, kawula sinucekken, supados kawula kaanggep pantes ndherek kembul bujana. Pisowan kula kaparengna. Roti anggur puniki sesarengan tetagesang kang kula lampahi, damel rena Paduka. Lambang srira wah rah Paduka ingkang kawula tampi, dados srana kawula gesang langgeng nunggil Paduka ing Kraton Swarga. === code 307 title KULA NIKA TIYANG DOSA *1 Kula nika tiyang dosa lan sami tinimbalan. Dening Gusti Kang Masuci, mrih sami tetunggilan. *2 Kang nimbali wus nyawisi bujana ingkang suci, ingkang suka, manah rena; mila gung kula puji. *3 Allah nrima dhateng kula punika panjerira anggur roti kang denbukti minangka kang sarira. *4 Tiyang dosa lan duraka kang sami tinedhanan, angger tampi wlase Gusti, samyangsang kanugrahan. *5 Gusti mulya, Kang Wilasa, kang nampi tiyang dosa, manah kula sinucekna lan angsala santosa. === code 308 title KULA SAMI SESARENGAN *1 Kula sami sesarengan kembul bujana suci, yeku pratandhaning kurban, nggih kurbanipun Gusti. Roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya. *2 Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti, ingkang denagem sarana ngrimat pitados kula; temahan saged ngraosken tentrem-rahayu langgeng. *3 Kang nyawiyah bujananya tan pantes pisowannya, kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira, kalayan manteb ing manah ajrih-asih mring Allah. *4 Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti, dennya anglampahi seda dados Panebus kula. Samangke kula nekseni, dimen jagad ngugemi. === code 309 title LAMUN SIRA ING BEBAYA *1 Lamun sira ing bebaya, aywa mangum tataga! Tatag tanggon tan suwala, Gusti Allah datan tega; mesthi paring kuwawa mbengkas godha rencana. *2 Lamun bebaya ndrebala, adoh sih pitulungan; tindak culika anyerang aywa geter kalimpungan, aywa gawe sumelang; eling Gusti, prayogi. *3 Duk ginubet kasusahan, aywa miris lan kwatir! Nyuwun Gusti pitullllungan, duk sedhih metek anindhih, Lah, iku kapasrahna mring Gusti Mawilasa! *4 Aku pracaya Sang Sabda, datan cidra ing janji, ugi datan damel cuwa mring kang purun anyelaki. Sabdanya iku ya amin; hayu kang manut denpimpin. === code 310 title NYAWAKU, SIRA NGAOSNA PUJI *1 Nyawaku, sira nyaosna puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci. Sabatinku ngluhurna asmane. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna! Aja lali mring gunging kadarmannya. Eling ana sawiji wijine. *2 Pujinen kang ngapura disaniram kang marasaken sagung lelaranira nebus uripmu saking antakam kang ngerobi sira lan kawlasan, kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomke kakuwatanira. *3 Sepira langit angungkuli bumi, samono dunging sihe Kang Masuci mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohe kulon saka wetan, ya samono sihe Kang Mawikan ngedohke dosa lan kaluputan. *4 Kadya tresnane bapa mring anaknya, mangkono Allah dennya sih - mirma mring wong kang nyaosi pangabekti. De mirsa dumadiku saka apa, sarta datan supe ing salaminya, yen mung lebu kaananku iki. === code 311 title PANGERAN KANG MAWILASA *1 Pangeran Kang Mawilasa, Paduka aparing sih. Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama. Tansah amaringi sih piwlas Kang Mahaluwih. *2 Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca. iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah; duk masrahaken Kang Putra amrih kraharjan kula. *3 Roti kang cinuwil - cuwil sarta sami dentedha, yeku salirane Gusti, samana pinaringaken maedahi pra skabat miwah tiyang sajagad. *4 Tuwung kang sami denombe ibarat rahé Gusti, rahing prajanji anyar, samana winutahaken dados lantaranira pangapuntening dosa. === code 312 title PUNAPA KANTHI SAESTU *1 Punapa kanthi saestu nggen kula sami ngakeni gesang ingkang kebak dosa, sinanggi ing siyang ratri, wit saking ringkih ing jalma, tan saged dipun endhani. *2 Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi. Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani. *3 Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri, mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin. *4 Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti; saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi, ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi. === code 313 title TUMRAP WONG KANG NDHEREK *1 Tumrap wong kang ndherek kembul ing bujana, Gusti Yesus wus angandika, "Aku nunggal kalawan kowe." Aku rotining urip saka swarga, kang gelem mangan ora baal mati. Roti iki sanyata badanku, dak pasrah ake, mrih urip ing donya." "Sapa kang padha mangan dagingku lan uga ngombe getihku, bakal nduweni urip kang langgeng, lan dak tangek ake ing akir jaman." "Kaya Sang Rama kang kepareng ngutus Aku, lan Aku ana ing Sang Rama, ya mengkono uga kang mangan Aku, bakal urip krana Aku." === code 314 title WONTEN ING BUJANA SWARGA *1 Wonten ing bujana swarga tahsih langkung panggenan. Angger tyang dosa mratobat, mesthi nggih sinuruhan. Gusti ngutus pra abdinya ngundangken ing sajagad dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad. " Rungokna! Neng swarga, isih luwih panggonan. Wong dosa, mareka! Sira kang sinuruhan." *2 Mila swawi kanca, kula samnya marek mring Gusti, kang tan nampik tiyang dosa kang melik dados suci. Sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa, nilingna Injiling Allah kang ngumandhan asora. " Rungokna! Neng swarga isih luwih panggonan. Wong dosa, mareka! Sira kang sinuruhan." === code 315 title BRAYAT KANG TENTREM GESANGNYA *1 Brayat kang tentrem gesangnya, sumarah mring Pangeran; santosa wah tetep panggah sajroning karibedan. *reff Dhuh Gusti, mugi Paduka paringa sih wilasa, darapon kula kuwagang mundhi dhawuh Paduka. *2 Nadyan jagad peteng ndhedhet, wah sepi ing katresnan, nanging Gusti dadya dilah, tansah sung pitulungan *3 Nadyan ardi gung selanya, lembah peteng marginya, Gusti tansah karsa nuntun, amrih leres lampahnya. === code 316 title BRAYAT KANG TINANGSULAN ING TRESNA *1 Brayat kang tinangsulan ing tresna, tetales pitados mring Gusti, mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari, silih asah lan asih, silih asuh tan pamrih, temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami. *2 Brayat kang tresnanira sejati, kados sihe Sang Kristus Gusti. Lung - tinulung silih angladosi, tan nguja karseng pribadi. Yen bebaya anrajang, linawan sesarengan, temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami. *3 Brayat kang mbangun - turut mring Gusti, tegen ndedonga lan ngabekti, kraos lan rumaos nampi berkah, jroning bingah dalah sisah; gesangnya kagem Allah, blaba berbudi tansah, temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami. *4 Brayat ingkang satuhu sembada, tamtu datan anguciwani, kalamun pinaringan momongan, pinerdi bekti mring Gusti, mrih setya lembah - ati, blaba gemi - nastiti, temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami. === code 317 title DUK KINA SAMPUN DHINAWUHKEN *1 Duk kina sampun dhinawuhken, "Tan prayoga yen manungsa gesangnya pyambakan kewala, lah Ingsun karya jodhonya!" Lah ta, samangkya kanca kawula wus sinungan jatukrama, minangka rencang kang sembada, gesang neng ngarseng Pamarta. Sugeng bagya! Mugi karana saking rama punika, Allah kluhurna! *2 Kawula para kanca sami, atur puji jaya - jaya; maring nggenipun kanca pala - krami, tinunggila begja - arja; luluta lir mimi lan mintuna, runtung - aruntung sinihan, wah sesarengan nambut karya kangge Kratoning Pangeran. Sugeng Bagya! Mugi karana nggennya krama punika, Allah kluhurna! === code 318 title GUSTI ALLAH INGKANG MAASI *1 Gusti Allah Ingkang Maasih; wit saking sihrahmatipun sampun nimbali tyang kekalih, gesang tansah atutrukun. Tan prayogi lamun ngantos pisah, wit saking wangkoting manah, nging kekalihnya tunggal ati lung tunulung gesang suci. *reff Brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra, wah Sang Roh Suci. *2 Gusti wus nitahken manungsa nulad ing pasemonira jalu - wanita, kekalihnya sesami rowang sembada, kinen tansah sami memitran, mrih mekar jatining gesang, tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah. *3 Gusti mberkahi tyang ningkahan, kinen mbangun kulawarga, dados sakahing pasamuwan, temah tuwuh lan ngrembaka. Brayat tansah pinannggih raharga, wit misungsungken gesangnya, mrih rawuhing Kratoning Swarga, temah rahayu warata. === code 319 title KADYA ADAM LAN HAWA *1 Kadya Adam lan Hawa kang dedunung neng Pirdus, ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus. Tresna nya murni, gesang nya suci, ) rukun setya wah lestari, tansah tinunggil Gusti ) (2x) *2 Tiyang kang sesemahan kang dadya putreng Allah, ngudi ing kamursidan, asih mring sagung titah Jujur ing lampah wah lembah - manah, ) arum jroning pirembagan, kekah dennya bebrayan ) (2x) *3 Tiyang kang sesemahan kang bekti mring Pangeran, bingah nggunggung Hyang Widi, sisah ngaub mring Gusti. Darma - bektinya landhesan sabda, ) dadya lantaraning berkah ing bebrayan akathah. ) (2x) === code 320 title KANG NUNTUN LAKU UTAMA *1 Kang nuntun laku utama yeku sabdaning Allah. Wulangna mring brayat ira tan kendhat saben wayah. *reff Gya undhangna sabdeng Allah babaring sih rahmatnya, mring sagunging pra tumitah, amrih tentrem raharja. *2 Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti sarta padha anindakna kanthi tulusing driya. *3 Brayat di tansah ngabekti ndedonga lan memuji; nampa sabda saka swarga, ngabdi kanthi sembada. *4 Brayat kang manunggal budi, karem sabdaning Allah gumregut dennya leladi sumaos mring Yehuwah. === code 321 title KULAWARGA KANG RAHAYU *1 Kulawarga kang rahayu, lamun Gusti angayomi srana tresna kang satuhu, tansah nuntun wah nganthi. *reff Matur nuwun konjuk mring Gusti, dekarsa nuntun salaminya; sakathahing urmat wah pamuji tansah sumengka ing ngarsanya. *2 Aneng donya ke'h dalannya, endi kang bakal ingambah. Dalan bener mung sajuga, yeku margining Allah *3 Kulawarga tetep panggah, lamun Gusti kang ngayomi; jroning susah dalah bungah, datan pegat ngrimati. *4 Dhuh Roh Suci mugi rawuh, angebeki tyas kawula, amrih kula tansah tangguh mujudaken sih-tresna === code 322 title LENGGAH JAJAR TANDHA SIH *1 Lenggah jajar tandha sih, manah kalih nunggih dadya sajuga; tresna kang kanthi tulus, dadya kembang pasrening balewisma. Sestu dinten kang endah, ari manunggaling kadwi wardaya; Samangkya sejarah nyitra prasetya kang wus kawahnya, jroning bingah lan sisah asetyaa *ref Ooo, kula angaturken sugeng lelumban ing bebrayan agung Ooo, Gusti angersakken sih katresnan kang langgeng salaminya. Ooo, kula andongakken kabagyan, katentreman balewisma. Ooo, Gusti, angarsakken cahyaning gesang panggah sumunara. === code 323 title MENDAHNEA RAHAYU TYANG GEGRIYA *1 Mendahnea rahayu tyang gegriya klayan tansah rumaket mring Gusti, kang dadya mitra lan tuking basuki, sarwi bingah prentahnya pinundhi. Sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas. Rinten dalu angluhurken asmanya, myang sumuyud kalayan trusing tyas. *2 Mendahnea rahayu tyang semahan, klayan nunggil tresnanya mring Gusti. Runtang-runtung denira sih-sinihan klayan saeka-praya lan budi. Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng idining Gusti sarwi memuji. Ing satitah nrima klayan pitajeng saha tresna dumugi ing janji. === code 324 title NENINGKAHAN KANG KINEKAHKEN *1 Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan deneng Gusti, dados brayat kang sinengkering patunggilan ipun Hyang Maha suci; sembada ing prang rohani, nglawan Iblis julig yekti. Tumemen ing pandonga wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama, mersudi ing kamursidan, miwah geang masamuwan, tan lali dados seksi wah lelados sesami, mbabar sih tresnaning Gusti. *2 Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti, brayattira sami sinengker, amrih setya binabar ing pra janji. Kanthi temen dennya merdi srana nuntun nuladhani, dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji. Tansah setya dugeng janji, kanthi tegen nggulawenthah, dimen dadya putreng Allah watek pradhah lembah - manah. === code 325 title PUJI MIWAH PANUWAN *1 Puji miwah panuwan konjuk mring Gusti, krana Paduka keparenga maringi. Kepara dangu nggen kawula ngantuantu. tan kendhat siyang tanapidalu. *reff Iga kawula dangu ical ( priya ) Samangkya kawula angamping ( wanita ) Iga kawula dangu ical ( priya ) Samangkya kawula anulungi ( wanita ) Kula kekalih dadya sajuga, krana karsanya, anunggil sedya; ngladosi Gusti ing salami laminya. === code 326 title PUNIKA BRAYAT KULA *1 Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni. Sinten dados tanggelan? namung Pangeran pribadi. *reff Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa, temah tanpa rubeda, sagotrah manggih raharja. *2 Saiba endahira, tyang-sepuh dadya tuladha, sagunging para putra sami nulad pakartinya. *3 Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedunga; kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka. *4 Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya, ngantos dados panutan tumraping brayat sembada. === code 327 title RAHAYUA SALAMANYA *1 Rahayua salamanya panganten kang mangkya binerkahan; apra janji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti. *reff Saosa sokur saben wektu, kanthi sawutuhing uripmu; ngabektia, leladia, dadia seksining sihrahmatnya. *2 Rahayua salamanya panganten kang tinunggil Pangeran; kanthi tekad lan semangat, lumadi, lumadi mring karsane Sang Rama *3 Rahayua salamanya panganten kan rukun sih-sinihan; jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami. === code 328 title SADHEREK KULA NIKI *1 Sadherek kula niki kang sami ningkahan, kula pepujek aken wonten pasamuwan. *2 Kang mugi Gusti Allah maringana idi kang dados wilujenge nggene palaksami. *3 Pundi dununging tresna, kadhawahan berkat, kanggenan Gusti pyambak lan urip tan peget. *4 Panjangan umurira cekapa rejeki, tulusa sih - sinihan dumugi ing janji. === code 329 title SAIBA GUNGING NIKMATNYA *1 Saiba gung ing nikmatnya, lamun sadherek sagriya sami rukun ing pitepangan. Pundi dununging katresnan, mesthi tansah kadhawahan berkahing Allah lan kraharjan, kanggenan Allah pribadya, miwah gesang salaminya. === code 330 title SANYATA PRAYOGI *1 Sanyata prayogi wah endah mulya, tyang sagriya rukun sesambetannya, ngronce katresnan sejati. Berkahing Allah tansah ngerobi lir ebun enjing kang anyrambahi, mung kraharjan kang pinanggya. *2 Bapa ingkan angesuhi brayatnya, kadya imam lelados timbalannya, ngalntarken berkahing Gusti. Brayat tansahguyub tunggal ati, sarwi bingah pinanggya lestari, ayem - tentrem pandumannya. === code 331 title SAPUNIKA DADOSA LEMBARAN ENGGAL *1 Sapunika dadosa lembaran enggal kawula; datan liya krana timbalan Paduka. Pasrah kawulantan pareringa; punika pangidung kebabar ing gesang kula. Menawi kawula ngadeg jejeg ngantos wekdal punika, sanes wit kiyat kawula. Sadaya sestu karsaning Gusti, karana sih rahmat. Sengara kawula saged gesang mandhiri. Matur nuwun Gusti!. === code 332 title TENTANGSULING DHAUP SUCI *1 Tetangsuling dhaup suci suh awet sahamanis nunggilken manah kekalih, temah saekakapti. Sesami rukun atut rutut wah tresna ira salulut, sami mukti saestu. *2 Dhuh Allah purbaning tresna, atur panyuwun kula. mugi parenga ing karsa Paduka paring idi sarta malih anjangkungi sadherek kula puniki panganten jaler - estri. *3 Mugi nggennya palakrama kalulusna Paduka, ginanjar berkah mulya, nggih berkhaing katresnan enthenga bot-repotira, tebiha bencananira tiyang gesang neng donya. === code 333 title TYANG KEKALIH JAWAT-ASTA *1 Tyang kekalih jawat asta tandha manah sajuga, sinartan janji satuhu, tresna tinresnan saestu; salaminya setya tansah, jroning bingah dalah sisah, netepi ing kuwajiban, mrih utami ing bebrayan. *2 Janji tamtu dentetepi, wit Gusti wus ngidini; kinekahken, binerkahan, sineksenan pasamuwan, nedya tansah gesang suci srana mbangun - turut Gusti, temahan brayat raharja, gesangnya dadya tuladha. *3 Kalpika kencana adi, tengering janji suci pinasang ing driji manis, sinartanan tembung aris "Kalpika tandhaning tresna, kang langgeng ing salamanya, sira iku sisihanku, telenging sih mung sliramu. === code 334 title AJA SUMELANG *1 Aja sumelang bab uripmu, ywa uwas ing kalbu Yèn pepeteng nglimputi ati, ngayoma mring Gusti. *reff Allah yèku Rama, ngreksa sira salaminya. Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja. *2 Lamun tininggal sanak - kadang, ywa semplah ing driya. Yèn kamuktèn, kamulyan ilang, mantepa pracaya. *3 Lamun ngalami kacingkrangan, tatag diprayitna. Yèn tansah rinidhu panandhang, teguh dènwaspada. === code 335 title ANA PRAU LAYAR *1 Ana prau layar margi raharja, Gusti kang dadi Juru mudhi nira; sapa kang arep uwal king cintaka, nungganga ing prau ne mesthi waluya. *reff Nungganga kanca! mara nungganga! Aja wedi ing ombak wah prahara; de prau ne Gusti mesthi datan kentir, mesthi slamet lakune. Mula ja kwatir. *2 Tan ana pangunsen liyane Gusti, kang wus ananggel karaharjan kula. Tan ana maneh prau kang santosa, wah kang bakuh nadyan tinempuh prahara. *3 Lah dharate wus katon neng kadohan. mung pira antaranya, nuli tekan. Mula ja was atimu nging giranga, mesthi tan kapiran angger wong pracaya. *4 Aku ya wus nunggang praune Gusti, mulane ayem lan enggar ing ati; angine ribut myang ombake agung, mulane tan kwatir malah kudu ngidung. === code 336 title ANENG PATUNGGILANE GUSTI *1 Aneng patunggilane Gusti sarana nunggil baptis-Nya, pasamuwan dados sawiji, tunggil manah lan pracaya. Neng patunggilane Roh suci, ngajeng ajeng kasampurnan. Pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan === code 337 title DAHAT NYAWAKU AREREM *1 Dahat nyawaku arem rem, lan atiku ayem tentrem, wit Kang Ma kwasa karsa dadi etuking karaharjanku, Pamomong ku setya tuhu, wah bêbèteng lang panggungsenku. Aku mesthi datan rebah, wit rineksa dening Allah. *2 Dhuh nyawaku sinaosna, reremira ing wardaya mring Allah kan dakanti-ati. Dene Yehuwah Pangeran kang dadi parang santosa, pangauban lamun siniya; aku mesthi tan gumiwang, wit Allah kang mengku gesang. *3 Allah Maluhur kang dadi tuking berkahing pra abdi, peparangku kang asantosa. He, bangsaku mumandela mring Allah ing salamanya, sarasaning driya saosna mring Allah Kang Mahasetya, kang dadi pangungsen kita. === code 338 title GREJA PRASASAT BAITA *1 Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Nadyan tan sepi bebaya, ombak, lan prahara, mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna, angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya, temah sembada widada, kalis sing rubeda. *reff Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya, karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya. *2 Greja prasasat baita neng tengah samodra Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah, nyingkirana watu karang sengseming kadonyan, mrih tan nemahi cilaka, kerem ing samodra, temahan tan bisa dadi seksi kang sembada. *3 Greja prasasat baita neng tengah samodra Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh, Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah. Nadyan ombak mbilaeni, aja cilik ati, wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari. *4 Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai; baita lepas kendhali tininggal pradondi; wit sayektine babaya neng tengah samodra, uga king jroning baita, mula di waspada. === code 339 title IBA DENNYA MBINGAHAKEN *1 Iba dennya mbingah aken, yen ing sajagad wrata, kaadilan den agungken, binabar aneng donya. *reff Srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus. Sagung tumitah rinimat, rinoban ing sih rahmat. *2 Iba dennya nengsemaken, yen manungsa sabumi marsudi tentrem - rahajeng, mbabarken sihing Gusti. *3 Iba dahat endahira, pra titah tetunggilan, tunggil sedya sekapraya, rumaket trus ing driya. *4 Mila kula datang wigih, gya gumregut makarya, tumandang sepi ing pamrih, mung ayuning bawana, === code 340 title ING PAPRENTAHANING ALLAH *1 Ing paprentahaning Allah, sadaya nengsemken, Para titah samya rukun, nilar pasulayan; *reff Sumangga, gumregut makarya kagem Gusti dados cihna, mrih tentrem rahayu sejati binabar aneng donya. *2 Sami dene angantosi migatosaken liyan supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran. *reff *3 Kadya singa lan menjangan sami gegojegan, mantun dennya memengsahan, mlegung sesarengan. *reff *4 Sami memitran saestu, tresnanya satuhu, wit pangrehing Hyang Makwasa makarya lumintu. *reff *5 Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya, tan ana sedya miala lan panggawe cidra. *6 Kadya dhasaring damodra sinasaban toya, wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Makwasa. *reff === code 341 title KADYA BAITA LELAYARAN *1 Kadya baita lelayaran tanpa nakoda, Kontal kombul katrejang ombak ing samudra. makaten gesang kang tan wonten paedahnya, lamun Gusti Yesus tanpa nyarengi lampahnya. *2 Gusti Yesus karsa nuntun baita kawula, njangkung kanthi setya dumugi pelabuhan. Dhuh Gusti, Paduka andel - andel kawula, sumbering gesang ngantos dumugeng delahan. === code 342 title KARSAA MIRSANI *1 Karsa amirsani, klayan premati; punapa tresna kawula saestu, Gusti. Paduka mamirsa, ndadar manah kawula tapis tan ana kang kalangkung ana. *reff Kawula niteni katresnan Paduka ing gesang kawula; sestu ngudi dugeng wekasan; wasana kawula ketitik setya === code 343 title KULA NEDYA KADYA GUSTI *1 Kula nedya kadya Gusti, gesang suci, gesang suci. Kula nedya kadya Gusti, gesang suci, gesang suci, gesang suci. Kula nedya kadya Gusti, gesang suci. *2 Kula nedya ajrih-asih dhateng Gusti, dhateng Gusti. Kula nedya ajrih-asih dhateng Gusti, dhateng Gusti, dhateng Gusti. Kula nedya ajrih-asih dhateng Gusti. *3 Kula nedya olah-tresna mring sesami, mring sesami. Kula nedya olah-tresna mring sesami, mring sesami, mring sesami, Kula nedya olah-tresna mring sesami. *4 Kula nedya andum berkah mring tyang kathah, mring tyang kathah. Kula nedya andum berkah mring tyang kathah, mring tyang kathah, mring tyang kathah. Kula nedya andum berkah mring tyang kathah. *5 Kula kangen katentreman nunggil Gusti, nunggil Gusti. Kula kangen katentreman nunggil Gusti, nunggil Gusti, nunggil Gusti. Kula kangen katentreman nunggil Gusti. === code 344 title LAMUN DUDU YEHUWAH *1 Lamun dudu Yehuwah kang ayasawisma, tan pa guna, tanpa gawe karyane tukange. Lah, ing samangkya kita andulu yasane. Saiba mulyanya pasamuwan e Gusti. *reff O, iba mulyanya, pasamuwane Yesus Gusti. Praabdinya setya lan bingah ing driya. nambut saliring pakaryane Gusti. *2 Lamun dudu Yehuwah kang ngreksa negara, tanpa guna, tanpa gawe njaga gapurane. Lah, ing samangya kita ngrasakke karyane, saiba nikmatnya ing pangreksane Gusti. *reff O, iba mulyanya, pasamuwane Yesus Gusti. Praabdinya setya lan bingah ing driya. nambut saliring pakaryane Gusti. *3 Lamun dudu Yehuwah kang maringi boga, tanpa guna, tanpa gawe luru sakatoge. Lah, ing samangkya kita nampa peparinge saiba begjanya pa kagungane Gusti. *reff O, iba mulyanya, pasamuwane Yesus Gusti. Praabdinya setya lan bingah ing driya. nambut saliring pakaryane Gusti. === code 345 title NADYAN KULA AMICARA *1 Nadyan kula amicara ing saliring basa, nanging sepi raos tresna kula sèstu nglaha. *reff Kula winulanga tresna kang sejati, murih tansah setya nulada mring Gusti, kasagedna tresna kanthi trusing ati dhateng Allah miwah sesami. *2 Medhar wangsit wah wewadi, kula saged yekti; nanging tresna tan nyarengi, datan maédahi. *3 Nadyan kula ngaken sekti, sagah ngingser ardi; lamun tresna tan nyawiji, sèstu mitunani. *4 Nadyan kula kurban bandha, miwah jiwa-raga nging daksiya tanpa tresna, amung damel cuwa. === code 346A title NDEDONGA LAN MAKARYA *1 Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya, mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami, murih tentrem raharja sumrambah sadonya. Asmanya Kang Mamulya pinuji slaminya. *2 Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi, mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng *3 Ndedonga lan makarya di tansah waspada. Yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba, manggul salibing Gusti, manut ing prentahnya; tansah setya ngabekti lan manteb pracaya. === code 346B title NDEDONGA LAN MAKARYA *1 Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami, murih tentrem raharja sumrambah sadonya. Asmanya Kang Mamulya pinuji slaminya. *2 Ndedonga lan makarya kanthi sukarena martosken Injil suci wrata ing sabumi, mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng *3 Ndedonga lan makarya di tansah waspada Yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba, manggul salibing Gusti, manut ing prentahnya; tansah setya ngabekti lan manteb pracaya. === code 347 title PAPAN PANGIBADAH *1 Papan pangibadah saestu ngangeni kawula sami ngabekti, ngraosken nunggil lan Gusti, ngluhurken asmanya, mirengken sabdanya. *reff Mareka, marek a kanthi manah tulus memuji, nampi berkahing Gusti, mrih saged mbabarken tresna *2 Papan pangibadah, papan ingkang adi; mangga nggumolongken manah, nyuwun manteping pracaya, mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti *3 Sing papan punika kababara yekti, pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah, temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat === code 348 title PASAMUWAN KAN NYAWIJI *1 Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti, dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta. Sih rahmating Allah tumrah maring sagunging tumitah. Saliring tyang kang pracaya, basuki gesang ira. *2 Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira. Pasamuwan kang manunggal, ambabarken gesang kang enggal, samidene mbiyantoni, wit sih sinihan lestari, tunggal ati, tunggal Gusti, nengsemken mring sesami. *3 Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya, mrih kamulyaning Pangeran; wah majenging pasamuwan. Sinangkul kang karepotan, nyingkir mring pasulayan mrih tuwuhing kamursidan, nggayuh mring kasampurnan. *4 Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang; mbelani tyang kang sangsara, nadyan beda ing pracaya, krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa. === code 349 title PASAMUWAN NYAWIJI *1 Pasamuwan nyawiji kang pasrah mring Gusti kalawan tulus ing driya, rahayu slamanya. *2 Salir pandonganya tempuk wah pinanggya dadya panggonga sumengka ing ngarsaning Rama *3 Kang temen pracaya, sangganing kadangnya nadyan sepira awratnya pinikul legawa. *4 Nadyan pepisahan sinartan tangisan, mugi Gusti Kang Mawikan nunggil ing delahan === code 350 title RAHAYU WONG WEDI-ASIH *1 Rahayu wong wedi asih mring Yehuwah Allah e, ka seng sem mring pepakone. Turun e wong kang jujur kanggep ana ing tanah, wis mesthi oleh berkah *2 Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, jujuring atine tulus tumekeng kalanggengan. Samangsa kepetengan, mesthi oleh pepadhang *3 Angger wong dhemen aweweh, tan sepi ing ganjaran. Wong kang loma datan rubuh ngarsane pangadilan. Wong mursid lan welasan slamanya ingelingan. *4 Atine salir wong mursid tan kuwatir, tan keguh, panglipure aneng Allah, ngunggul sakehing mungsuh, lan jujuring atine tulus ing salawase. === code 351 title SAMANGKYA KITA MARDIKA *1 Samangkya kita mardika, rinuwat saking dosa, ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami. *reff Karaharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang, karana Sang Kristus Gusti, kula sinung basuki *2 Mangkya kita titah anyar tan winengku kadonyan. Kanthi setya sarwi bingar lelados mring Pangeran. *3 Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah. Mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka. *4 Mangkya kita tyang pracaya kang tansah ndherek Gusti. Injil suci winartosna srana katresnan yekti. === code 352 title SANTOSANING TETUNGGALAN *1 Santosaning tetunggalan wit saka katresnan. Densabar ing ati nira, sareh ing wicara. Dipadha lan di lumadi, tan ngegungken dhiri. Kabeh iku kang ingangkah tandha sih mring Allah. *2 Atut-rukun angesuhi, timbalan lestari Yeku badan lan roh kita manunggal sajuga. Kadya pangesthi sawiji kang kita darbeni; yeku sih-rahmate Allah kang luber ing berkah. *3 Tunggal baptis, tunggal Gusti, wah tunggal pracaya, tunggal sedya miwah kapti, yeku timbalannya. Kabeh pikantuk nugraha sih-rahmat kang adi. Gedhe-cilik pinta-pinta samirmaning Gusti. === code 353 title SEMBAH BEKTI WAH PUJI *1 Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti, kang mberkahi grejanya, temah tansah begja. Injil kraton ing Allah ingundhangken sumrambah. Asmane kamulyakna dening sagung bangsa. *2 Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran dalah pisungsung katur tandha saos sokur wit pangrehnya nyata dhateng umat kang setya. Asmane kamulyakna kanthi trus ing driya. *3 Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung, kang maring pasamuwan tansah sung pitulung. Nadyan panggodha nempah, greja panggah tan dhawah Asmane kamulyakna salami - laminya. === code 354 title TETALESNYA SAWIJI *1 Tetalesnya sawiji, peparang sejati, nggih Gusti Yesus Kristus, kang dadya marginya adeging salir Greja ing tengahing donya, mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad *2 Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti, mrih sami tetunggilan wah dados paseksi; lelados mring sesami, tresnannya tan kendhat, dadya sareming bumi wah padhanging jagad *3 Nadyan beda wujudnya, yektine sajuga, tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji, tunggila kang sinedya myang sagung panjangka, mrih kebabar yen Yesus Sang Jurubasuki === code 355 title WONTEN PUNDI DUNUNGING GESANG *1 Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman? wonten pundi Sang Jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan? *reff Kang kapireng swaraning puji ngumandhang aneng pamujan, mung Sang Kristus yeku sumbering katentreman wah kaswargan. *2 Dhateng pundi puruging tiyang ingkang kawratan ing dosa, tyang prihatos wah tyang kesrakat tinampen klayan legawa? *3 Dhateng pundi tangis linipur amrih manggih kaayeman? Ing pundi korining pitobat, dimen manggiha kaswargan? === code 356 title ATUSAN TAUN SABANGSA JINAJAH *1 Atusan taun sabangsa jinajah, nging samangkya bebas wus mardika; sestu mung krana sih rahmating Allah, karana perjuangan aning tyang sabangsa. *reff Agung sih ing Allah Hyang Maluhur; swasi kinen tansah saos sokur, kanthi giyak tumemen makarya, mrih raharja lair wah batos kita. *2 Nagri kita Republik Indonesia tetalesnya yeku Pancasila; tangsul kekah pangiket tyang sabangsa. Mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya. === code 357 title ENDAHING SADULURAN *1 Endahing saduluran manut rehing Pangeran, sami dene ngajeni wah mbiyantoni. Nadyan beda agama wah beda golongannya, tunggal rasa, pambekan, pri kamanungsan. *reff Kluwung pindhanya, endah ing warna, nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja. *2 Rukun ing pitepangan, sumanak ing rembugan; dhemen sung pangapura, nyirik piala; nging samya silih ngalah, mbabarken tresna tansah, nulad ing sihe Allah mring sagung titah *3 Rukun gawe santosa, crah mung bubrah wohira; ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami. Nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya; olah kawicaksanan, tan nang-menangan. === code 358 title GUSTI BADHE KULA PUJI *1 Gusti badhe kula puji ingkang kanthi eklas ing manah, wonten ngajeng ing pra ageng ngungelaken pujining Allah. Kawula badhe asujud, ngucap sokur dhumateng Gusti; dene kadarman Paduka lan kasetyan tan ewah gingsir *2 Para rajanipun bumi badhe muji asma Paduka sasampuning sami nampi pangandika lesaning Gusti Sami memuji lan matur sagung sokur dhumateng Allah; sami ngidungken pangrehnya, wit tetela kaluhurannya. *3 Allah mesthi ngrampungaken samukawis tumrap kawula. Kawula kapitulungan ing astanya Ingkang Kawasa. Dhuh Gusti, berkah Paduka ing kawlasan, langgeng slamanya. Gusti mboten badhe nilar mring pakaryan slami - laminya. === code 359 title INDONESIA NAGRI ADI *1 Indonesia nagri adi, sestu kula tresnani; tanah wutahrah tanah pusaka, paring Allah Rama, wus tamtu tansah kula labuhi klayan eklas ing ati. *2 Indonesia nagri adi, gemah ripah loh jinawi, warni warni kewan, tetaneman, ulam langen lelumban, nedya kula jagi mrih lestari; niku paringing Gusti *3 Indonesia nagari adi, ewon pulo nyawiji, beda beda suku wah agama, ras lan golonganira. Tansah kula sesuwun mring Gusti, mrih bangsa wetah lestari. === code 360 title INDONESIA NAGRI ENDAH *1 Indonesia nagri endah, peparinging Yehuwah; mila kula dongakaken, mrih raharja wah tentrem *2 Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari; ing sisah tanapi bingah, mung Pangeran sinembah *3 Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti bebener lan kaadilan tansah kedah denudi *4 Bangsa nagri Indonesia mugi tansah lestari, Kalis sing salir bebaya, wit rineksa ing Gusti === code 361 title ING SAJAGAD WARATA *1 Ing sajagad warata karoban ing sihe, nging wong tan bisa ngulu kang amaring ake, wit daleme aneng swarga, lenggah neng tengening Rama. *2 Gusti tansah nuweni, mberkahi pra bocah kang tansah ngabekti, jrih-asih mring Allah. Ing wayah rina lan wengi, denreksa saka bilai *3 Ing wayah awan, Gusti paring pagawean; nuli ing wayah bengi, paring pangasoan Mula kanca ja supe, payo ngluhurna asmane. === code 362 title ING SATENGAHING BEBRAYAN AGUNG *1 Ing satengahing bebrayan agung, mung Pangeran pantes ginunggung Rahmat nya binabarken warata, rumentah mring titah sadaya. *reff Den tansah ndedonga lan makarya, mrih kababaring tentrem raharja. Nggih gesang memitran wah pasedherekan, wit tyang sadaya tresna tineresnan. *2 Nadyan béda basa séjé bangsa, wah béda adat-budayanya, nging saèstu punika sesami, kang kinasihan dening Gusti. *3 Sadaya datan pantes gumunggung, anggongasken dhiri kumlungkung; prayogi tansah lembah ing manah, ngrumaosi jejering titah. . === code 363 title KATHAH TYANG KANG REBATAN *1 Kathah tyang kang rebatan drajad lan kamulyan. nggih sami kami tegan, ngurbanken mring liyan. Nanging tiyang kang pracaya ngengeti sesami; panjang kakaudianut pangreh ing Gusti, *2 Kathan tyang kang rebatan saliring pangwasa silih damel sangsara, nyenyebar cintraka. Nanging tiyang kang pracaya mbabar sih wilasa; ngambah margining Allah, anglantarken berkah. *3 Kathan tyang kang rebatan bandha, raja - brana, srana damel panyiksa miwah raja pati. Nanging tiyang kang pracaya, mung mbabarken tresna; punapa kang dinarbe, kinarya nulungi. === code 364 title KAYA MANUK AGIRANG *1 Kaya manuk agirang muji neng kekayon; ya mangkono pujine bocah kan krahayon. *2 Kang maluhur tan supe paring sabutuhku; saben dinane nampi ganjaranku *3 Wayah esuk yen surya nethongol neng wetan, aku ditangekake klawan kabungahan *4 Wayah sore yen aku saka pagawean, Gustiku paring ngasi klawan kaayeman. *5 O, saiba tresnane Allah marang kita, mula aku ya tresna maring Hyang Makwasa. === code 365 title MANAH KULA BINGAR *1 Manah kula bingar lir pendah paksi, ingkang ngenggareng garneng epang ing wit. Tansah wira wiri, colat colote, sarwi ambadhungi ing pangidunge. *2 Swarane barungan laras sayektos, mawi asauran gantos - gumantos rame awurahan mabur - mabure, lan embyak - embyakan ing kekejere. *3 Apik busanane kathah pasrene, manca warna lare radin klimise. Resik mulus tansah, langkung tlatose, nggone abebingah ing padusane. *4 Allah kang ngrimati pra peksi samya, inggih anopeni mring jasad kula. Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi, sakeca ing manah ngungkuli peksi. === code 366 title MENAWA DUDU YEHUWAH *1 Menawa dudu Yehuwah kang ayasa omah ira, mesthi tansah tanpa gawe pagaweaning tukange. *2 Menawa dudu Yehuwah kang ngreksa marang nagara, para kemit tanpa gawe nggone jaga gapurane. *3 Tanpa gawe tangi turu isih esuk umun - umun, nadyan jaga nganti bengi iku ya tan maedahi. *4 Tanpa gawe nggonmu mangan pametuning kasusahan, yen dudu Allah Makwasa kang karsa tulung mring sira. === code 367 title ORA ET LABORA *1 Ora et labora, ndedonga makarya, yéku sesantining sagung tyang pracaya; rumagang makarya, ngudi tentrem raharja. Ora et labora, ndedonga makarya. *2 Ora et labora, ndedonga makarya, rumagang ing karya tan kanthi pandonga, datan migunani nggugu karsèng pribadi. Ora et labora, ndedonga makarya. *3 Ora et labora, ndedonga makarya, taberi ndedonga ning sepi ing karya, mati imanira, saèstu tanpa guna. Ora et labora, ndedonga makarya. *4 Ora et labora, ndedonga makarya, kekalihnya bareng katindakna; di lembah ing ati, setya nggènnya makarti. Ora et labora, ndedonga makarya. === code 368 title RUKUN AGAWE SANTOSA *1 Rukun agawe santosa, sayu rukun bebarengan mbangun praja. Rukun agawe santosa, gotong royong ing bebrayan saben dina. Rukun agawe santosa, kakung putri, wredha mudha tanpa beda. Rukun agawe santosa, kasunyatan aneng donya warna warna. Aja adigang, adigung, adiguna! Dumeh darbe pangkat, drajad, lan kapinteran. kabeh iku becik padha dipigunakke. kanggo muji kaluhurane Pangeran. Rukun agawe santosa, Bhineka Tunggal Ika iku wujudna! Payo padha asesan tya: Rukun agawe santosa. === code 369 title TETIYANG KANG ADIGANG *1 Tetiyang kang adigang mung nyebar panandhang. Wa teknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang. Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti. Nging tyang tresna satuhu, gesang yekti, nging tyang tresna satuhu, gesang yekti. *2 Tetiyang kang adigung mung nandur sangsara. Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha. Mesthi ngundhuh antaka, wit adiling Allah. Nging tyang kang lembah-manah sinung berkah (2x) *3 Tetiyang adiguna mung ndhedher cilaka, nganggep Allah tan ana, sabdanya mung nglaha. Mung panen karisakan, dukaning pangeran. Nging tyang ering mring Allah, kinasihan (2x) *4 Tyang kang ngendelken dhiri, mung ngundhuh bilai. Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami. Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati. Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti (2x) === code 370 title TRESNA MRING SESAMI *1 Tresna mring sesami kang trusing manah, wit salir sesami citreng Allah; yeku wujud ira tresna mring negari, ngabuh i mring bangsa, mrih lestari. *2 Tresna mring sesami tan mawang tiyang; nulad sihing Gusti murbeng gesang. Ngudi dhemokrasi klayan trusing ati, bedaning asanes denaosi. *3 Trsna mring sesami tumindak nyata, mrih tresnaning Gusti tumrah wrata. Hak asasi manungsa binabar yekti, adil wah bebener den belani. === code 371 title AJA DUWE PANDUGA-PANYAKRABAWA! *1 Aja duwe panduga panyakrabawa marang sapadha - padha! Aja mung nyawang rupa busana, uga kasarmanis ing wicara! Aja gampang nacad, maido, moyoki marang kang katon ala! Aja gampang kasengsem ing ati marang kang katon endah ing rupa! Dingati ati! Dingati ati! darbea pamikir positip wicaksana! Dingati ati Dingati ati! Murih tentrem raharja! === code 372 title AKU SASEDULUR *1 Aku sasedulur suteng Pangeran, nangendi dunungku, gandhengan tangan. Ing sasolah tingkah nelak ake tansah aku sasedulur suteng Pangeran. === code 373 title APA KOWE BISA NGETUNG *1 Apa kowe bisa ngetung lintang kang neng angkasa? Mangkono uga mring mendhung dalah sakehing mega? Kabeh iku nut pangrehe Pangeran kang nitahake, ora ana siji bae kang uwal king astane. *2 Apa kowe wruh cacahe lemud - lemud ing njaba? Apa kowe wruh wernane iwak jroning sagara? Kabeh iku saben dina deningoni Hyang Makwasa; ora ana siji bae kang kliwatan takere. *3 Apa kowe weruh bocah kang atresna mring Gusti? Saben dina mesthi tansah tumenga saos bekti. Marang bocah kang ngibadah saben dina muji Allah, Gusti mesthi datan kendhat amaringi sih-rahmat! === code 374 title DEN ULUKNA KLWAWAN GIRANG *1 Den ulukna klawan girang, kidung ira kaneman, wanci bingar ing ngaurip, wanci ngudi gesangtertib, gesang kebak kasukan! Gesang kebak kasukan. *2 Datan wonten kabingahan angungkuli kaneman; badan kiyat wah prakosa, dalem manah ngarsa - arsa, gesang kang badhe prapti, gesang kang badhe prapti. === code 375 title DHUH GUSTI, PANGAYOMAN KAWULA *1 Dhuh Gusti, pangayoman kawula. wiwit anem kawula, dados tameng rumeksa; wiwit wonten kandhutan, etuking sih nugraha. *reff sampun tinegakken ngantos sepuh kawula, Gusti; sampun tinilar kala badan sangsaya ringkih, dimen kawula mboten ingina sarta datan nalangsa, krana Paduka pangayoman kawula. *2 Dhuh Gusti, pangayoman kawula, Paduka trus pinuji, tan kendhat saben wanci Jer pakaryan Paduka sawendah wah prayogi. *3 Dhuh Gusti, kawula dhinawuhan wiwit alit kawula ngantos mabluking uwan, mundhi dhawuh Paduka ngundhangken sih-katesnan === code 376 title KACANG MANGSA NINGGALA LANJARAN *1 Kacang mangsa ninggala lanjaran, yen kang aran saloka. Lanjaran mono dadya rambatan, si kacang mrono mrambatnya. Werdinya pemimpin lan wong tuwa, den samnya asung tuladha. Lir Gusti Yesus paring tuladha marang pra kang pracaya. *2 Lamun pemimpin angumbar napsu, wong tuwa, tindaknya kliru, samnya nguja karsane pribadi, rakyat ngrasa dicontoni. Sadonya padha nampa warisan jagad bur tanpa kukuban. Tan beda kaya Sodom Gomora kalebur dening Pangeran. *3 Mula di eling lawan waspada, kang ngrasa dadi wong tuwa; watak satriya samya den esthi; wedi wirang wani mati. Urip tentrem dadia idhaman ing donya dugeng delahan; ndherek Gusti di tanpa reringa ing lair trusing batinnya. === code 377 title KALEGANING ATINE WONG TUWA *1 Kaleganing atine wong tuwa, lamun nyawang putra wayahira, de samnya rukun manunggal budi. Pepindhane para among tani, ndulu taneman ira samnya ngrebda, panenan ira lir robing samodra. *reff Pinujia Gusti Kang Mamulya; kang dadi sumbering berkahnya. Pinujia Gusti Kang Mamulya; kang dadi sumbering berkahnya. *2 Lir bakul, daganganira laris; bebathenira agung winilis; dhasar neng pinggir ratan kang gedhe; bakule blater, murah eseme; kang tuku padha teka mbanyu - mili; rewange kongsi sayah angladeni *3 Saiba bombang marem atiku; anak - putu padha sabiyantu; yen bungah bareng padha kasukan, lamun susah sinangga barengan. Uripe ayem tentrem, guyun-rukun; tan kendhat dennya ngaturke panuwun === code 378 title KAWULA PARA ABDI KASEPUHAN *1 Kawula para abdi kasepuhan muji sokur wit tansah binerkahan. Wiwit anem ngantos sepuh kawula, datan kendhat dennya nampi nugraha. Mugi gesang kawula migunani, lan dadya dilah wah sareming bumi. *2 Sumangga sisaning gesang kawula, kaagema manut pangreh Paduka. Anak - putu tebiha sing belai; wit gesangnya tansah tinunggil Gusti. Sami guyub-rukuna, tansah tresna - tinresnan sumarah maring Pangeran. *3 Mugi Gusti, pangayoman kawula, pra manungsa samya kadhawuhana anilingna mring sabdaning Pangeran, tuhu tegen dennya ulah katresnan, drapon pra umat sami den tansah kinanthia samangkya wah sapengkernya. === code 379 title LAH AKU BOCAH RAHAYU *1 Lah aku bocah rahayu, aku kudu ngidung, "Duwe omah lan wong tuwa, sadulur lan mitra. Ngarah apa maneh aku? Aku bocah kang rahayu *2 Lah aku bocah rahayu, saiba begjaku. De badanku bagas-waras, lan atiku enggar Wong tuwa ngopeni aku; aku bocah kang rahayu *3 Lah aku bocah rahayu, saiba bungahku. Saben - saben dina aku nampani piwuruk saka wong tuwa lan guru. Lah aku bocah rahayu. *4 Ya, aku bocah rahayu, banget panuwunku mring Allah, kang amarengi aku angrerepi, "Ngarah apa maneh aku, de aku bocah rahayu" === code 380 title MARA KANCA - MUDHA KRISTEN *1 Mara kanca mudha Kristen aywa sira alepyan, agung tetanggungan adi peparing e Pangeran; payo kanca nunggil ati, nunggil budi myang esthi: Rukun akaryan santosa, muang giyat tandang kita. *reff Iba endahnya, lamun pramudha, sayuk sekakap tinambut ing kardi, amrih luhure, tanah bangsane, ing dalem asmane Yesus Njeng Gusti. *2 Mara maju sadayane krana Injil satiti! Wani sara sakatoge kanggo kratone Gusti! Prabot pedhanging pangonga, myang tamenging pracaya sinabukan karahayon! Gusti pangungsen tanggon! === code 381 title NALIKANE CILIKANKU *1 Nalikane cilikanku, kepati senengku; tan nate ana pasambat, bungahku tan kendhat. Sorene sawise sepi, ibuku memuji, ing pandonga kang ingatur, jenengku sinebut. *reff Pandongane ibu anyebut jenengku; ing pandongane ibuku tansah anyebut jenengku. *2 Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan, yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa; sakal eling mring ibuku kang sujud manengku; ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku *3 Lamun atiku pribadi, iku kang dakanut, aruming sabdane Gusti, kudune dakturut; nalika urip sangsara, ngadhepi rubeda, eling pandongane ibu anyebut jenengku. *4 Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama, nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu. Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku; pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku. === code 382 title PAYO KANCA PADHA BUDHAL *1 payo kanca padha budhal menyang ing pamulangan, dyan aka kita kasingsal neng kaman kamajuan! Sapa kang seneng anglanthung bakal dadi wong punggung! Mula payo mesu dhiri sinau ngulir budi! *2 Mumpung kita isih anom nglari sanguning urip! Sangu kang tan bisa kalong: budi padhang atertib. Ja pisan kita keduwung lamun krepotan: bingung. Nging karana budi padhang, datan bingung, tan sumlang. === code 383 title PEPACANGAN KANG PRAYOGI *1 Pepacangan kang prayogi miturut karsa ne Gusti, linandhesan ing katresnan miwah setya ing prasetyan. Ali ali kang liniru pratandha katresnan jati; datan wonten pungkasannya ngantos dumugeng delahan. *reff Mugi Gusti tansah angreksa sadherek kekalih punika nggennya sami pepacangan; tresnanya trus ing wardaya. *2 Ing salampahnya sageda nuladha tyang kang piniji dening Allah Kang Masuci; tumemen nggennya ngabekti. Mboten purun nyulayani, sarak awisane Gusti, wit tansah sami ngugemi maknaning ningkah kang suci. === code 384 title RAHAYU KANG MLARAT ING BUDI *1 Rahayu kang mlarat ing budi, wit darbe kraton swargi Rahayu kang perih ing ati, wit panglipur tamtu tinampi. Mangkono sabdaning Guru, dhawuh ing punthuk ardi. Prayoga den pituhu kanthi kanthi tulusing ati (2x) *2 Rahayu kang alus ing budi, nampa warisan bumi. kalamun ngorong kasampurnan, iki kang bakal katuwukan. *3 Rahayu kang ambek - welasan, padha antuk piwelas. Rahayu kang resik atine, bakal sumurup mring Allahe *4 Rahayu kang ngrukunken pepadha, kasebut putreng Rama. Wong kang bener nanging siniya, iku nduweni kraton swarga. *5 Rahayu wong kang diwewada, dipitnah krana Aku. Di bungah sarta suka-rena, gedhe ganjarane Ramamu. === code 385 title SRENGENGE NYUNAR *1 Srengenge nyunar kanthi mulya; manuke ngoceh klawan rena; angine midit ana ing wit-witan; kewane bebungah ing pasuketan. Kabeh padha muji Allah kang loma; kabeh padha muji Allah kang loma. === code 386 title WELINGKU MRING ANAK-PUTU *1 Welingku mring anak putu, "Di padha sregep sinau!" Iku kang minangka srana darbe watak kang prawira. *reff Aja tansah mandheg mangu! Gusti kang nuntun lakumu *2 Urip datan kanggo mangan, nging mangan kang kanggo urip. Singkirna watak brangasan! Aluwung sinau tertib *3 Rukuna padha sadulur, tan pantes dhemen sulaya. Ala watake wong udur; becike akeh ngalaha! === code 387 title SAMPUN DUGI WANCINIPUN *1 Sampun dugi wanginipun mungkasi sagung pakaryan; ingkang dipun tindakaken wonten ing pasamuwan. Nadyan kathah karibedan wah cobaning paladosan. Nging Gusti paring kekyatan, lestantun dugeng wakasan *reff kawula ngaturken, "Sugeng Emeritus", Bapa Pandhita!" Mugi Gusti tansah nganthi lan mberkahi slaminya. Saklangkung panuwun kula, wit sampun kaladisan. Pangen Agung paring ganjaran, "Makuthaning kamulyan!" *2 Timbalan pandhita yeku sestu timbalan kang mulya, Wit Gusti kang ngersakaken kinen ngengen mendanya: Yeku patunggilanipun tyang pitados dhateng Gusti. Imanipun kabangunana, tulusa nggennya ngabekti. === code 388 title TIMBALAN PANDHITA *1 Timbalan pandhita punika, timbalanipun Gusti, dados pandhitaning pasamuwan, nggih abdining Gusti, ngemban dhawuhe Gusti Yesus martosken Injil suci, dimen sadaya tyang pitados manggih kawilujengan. *reff Sugeng ngladosi Gusti, sdherek kula! Nindakken pakaryan mulya. Mugi Gusti karsa anganthi srana kwaosaning Roh Suci Klayan manah tansah bingah anggennya ngladosi; nindakken pakaryan e Gusti datan wonten kang nglaha. *2 Ing dinten kang endah punika, sestu sampun sumadya dados pandhitaning pasamuwan, ngih abdining Gusti. Pra pandhita samnya mberkahi klayan manah nyawiji. Sadayanya dados pratandha, yen sampun kawisudha === code 389 title GANTOSING WULAN LAN WARSI *1 Gantoing wulan lan warsi, sung berkah enggal sing Gusti, yogya kula samnya loma, misungsung kang trusing driya *2 Gantosing wulan lan warsi, nambahi kabegjan yekti, tan wonten pisungsung nyata, mung gesang ing sawetahnya. *3 Gantosing wulan lan warsa sung panjanging umur kula, sayogya sengkut makarya, mrih pasamuwan ngrembaka === code 390 title GUNAKNA WEKTUMU PARINGE GUSTI *1 Gunakna wektumu paringe Gusti, wit uripmu cekak pindha kembang. Endi barang langgeng ing donya iki, amung katresnan ywa nganti ilang. *reff Barang kang ana, isining donya; sagunging kang endah bakal musna. Mung katresnan mu demi Sang Pamarta, gedhe ajine tan bakal sirna. *2 Aja tan migunak ake wektumu, lipur lan tulungen kang kesasar. Mulyakna Gusti ana ing uripmu, dimen lampumu tansah sumunar *3 Pakaryanmu kang demi Yesus Kristus bakal tinampi klayan karenan. Katresnan kang kababar kanthi tulus, ingundhuh mbesuk aneng kaswargan === code 391 title KAWULA SESTU NGAKENI *1 Kawula sestu ngakeni kanthi tulus ing driya, dosa kang kula lampahi salebet ing warsi lami. Gusti mugi angaksami, mrih ayem ing tyas kula *2 Dhuh Gusti mugi nulungi; wit kwasaning Roh Suci, ing warsa enggal punika kawula gesang sembada; tansah mbangun-turut Gusti, ulah tresna sejati === code 392 title MUGI SIH-RAHMATE NJENG GUSTI *1 Mugi sih rahmate Njeng Gusti lan sihe Allah Sang Rama, nunggila ing prasudara, pinanggiha sami basuki. *ref Wilujeng mlampah, wilujeng mlampah, mbenjing nggih pinanggiha malih. Wilujeng mlampah, wilujeng mlampah, mbenjing nggih pinanggiha malih. *2 Mangsa tamtu silih-gumanti; wanci siyang gantos ratri, swau kita tetunggilan, samangkya kita pepisahan *3 Kita nilarken warsa lami, wit kang enggal wus angganti, samnya silih angongakna, amrih gesangira lestari === code 393 title PINUJI PUJI GUSTI *1 Pinuji puji Gusti, sih rahmatnya gung yekti. Ing warsa kang kawuri, kita rineksa sing pati nadyan tinempuh panggodha, nging mantep pracaya, wit kinati ing Gusti, satemah tansah basuki *2 Ingugung Hyang Maagung, gung luber ing pitulung. Ing warsa kang kawuri, kula tansah den rimati nadyan awrat sanggen kathan, lan semplah ing manah; cekap ing kabetahan, wah misungsung mring Pangeran. *3 Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya. Ing warsa enggal niki, tamtu tansah amberkahi, amung kraharjan sanyata, ngiring lampah kula, mila tan kendhat muji, wah mbangun turut mring Gusti === code 394 title SAKEHING MANGSA LAN WAYAH *1 Sakehing mangsa lan wayah manut pranataning Allah, padha gilir gumanti. Dewa takelan urute, tetep lan wus pinasthi, tetep lan wus pinasthi. *2 De gilire mangsa iku, nyata becik, malah perlu marang sarwa urip paedahe lan sawabe. tetela lan mratani, tetela lan mratani *3 Wayah esuk, wayah sore, rina, wengi lan liyane wayah kang diarani, kabehiku; becik, perlu tan kena diwaoni, tan kena diwaoni === code 395 title SAWATARA AKU NOLEH *1 Sawatara aku noleh marang dalan kang dakliwati, sihe Gusti kang dak tampa kanthi eraming ati. Sanadyan akeh alangan wah kandhang lelimengan, nanging Gusti karsa nuntun. Mulane aku ngungun, wit asta ning Allah ngreksa, temah rumangsa begja *2 Ora merga aku becik, tanganku tinuntun astanya; ora jalaran sampurna, aku tansah rineksa. Aku tansah kaeraman, wit tansah binerkahan. Kadiparan nggonku nampa sih tresnane Kang Kwasa? Daklakoni, dakedumken marang umat sadoya. === code 396 title SIYANG DALASAN RATRI *1 Siyang dalasan ratri silih gumanti, tan ana kang langgeng ing bumi. Mung sih kadarman ing Allah Kang tresna, katresnanira mangkonoa uga *2 Nadyan kita asring nindakake dosa, nging Gusti gung ing pangaksama, yogya kita tan ndlarung wangkot ing ati, nimbangi gunging sih rahmating Gusti. *3 Warsa enggak ndhatengna gunging sih rahmat, mrih tyang dosa samnya mratobat; yogya kita ngudi gesang mursid yekti mbangun-turut, ajrih asih mring Gusti. === code 397 title WUS DUGENG WANCINYA *1 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami gya napaki panjangnya warsa enggal puniki; nadyan tan saged an dugi begja lan bilai, ning krana sihing Gusti, kita samya basuki *2 Saben mangsa tinata manut ing lampahira wonten pepanggihan ugi wonten pepisahan, nging kang wigati tansah nyawijia mring Gusti amrih kita sadaya sami gesang basuki. *3 Silih andongakna, mrih raharja salampahnya, mantep ing pracaya, wah sembada gesangira. Sumendhe mring Gusti, miwah asih mring sesami, Yeku jatidhirining putra - putraning Gusti. === code 398 title AKU KANGEN MRING OMAHKU *1 Aku kangen mring omahku, omahku kang ana ing swarga, ing panggonane para suci, kang aputih busana nira *reff Omahku, neng swarga, aku kangen mring omahku. Omahku, omahku neng swarga; omahku kang aneng swarga *2 Aku kangen mring pra mitra; pra mitra kang wus aneng swarga kang memuji lan suka-rena, wus tan eling sedhihing donya. Pra mitra, neng swarga; aku kangen mring pra mitra; pra mitra, pra mitra neng swarga, pra mitra kang aneng swarga. *3 Aku kangen mring Gustiku; Gustiku kang ana ing swarga, kang nebus aku srana rahe; wus nyawisi omah kang mulya Gustiku neng swarga; aku kangen mring Gustiku; Gustiku, Gustiku neng swarga, Gustiku kang aneng swarga. === code 399 title AYEM NENG GUSTI YESUS *1 Ayem nèng Gusti Yesus, lerem anèng swarga Ingauban ing sihnya, iba ayemira. Wonten swara ngumandhang, lir péndah pramukti nèng swarga samya ngidung lan énggar ing ati *ref Ayem nèng Gusti Yésus lerem anèng swarga, ingauban ing sihnya iba ayemira *2 Ayem nèng Gusti Yésus bénjing anèng swarga Uwal saking rencana, kalis ing panggodha. Tan sumelang, tan kwatos, tan wonten panangis Sisah samangké namung kantun sawatawis *3 Gusti pangungsèn kula, pangruwat sejati. Gusti parang santosa kang kula gondhèli Ngriki kula angrantos, ngrantos klayan sabar, ngantos puput dalunya, ndungkap dugèng pajar === code 400 title AYEM TENTREM NENG SANG PAMARTA *1 Ayem tentrem ku neng Sang Pamarta, ayem tentrem aneng astanya Ayem tentrem ndherek satindaknya; tan keguh rinoban panggodha. *reff Tuhu tentrem arahayu sanadyan lakuku nrajang latu tan sah sinung berkah wah pangasoan yen cahyeng Gusti kang den sawang. *2 Ayem tentrem wong kang ngulandara, ayem nadyan taksih neng marga miwah lampahnya kelunta - lunta, tansah ayem jroning wardaya === code 401 title DUWEA SWIWI AKU GYA MABUR *1 Duwea swiwi aku gya mabur nyang aluhur nyang aluhur. Nggone salir prihatin wus lebur, nyang aluhur, ngaluhur Mabur nyang swarga kang endah mulya, nggone pra putrane Allah samya; tansah memuji lan suka rena; neng aluhur, ngaluhur *2 Aku mabur mring nagri kang suci, nyang aluhur, nyang aluhur. Nggone wong tansah enggar ing ati, nyang aluhur, ngaluhur. Nggone tan ana nandhang sangsara, tan keneng godha, tan gawe dosa tansah mukti agirang memuja, neng aluhur, ngaluhur. *3 Kono tan ana wong pepisahan, neng aluhur, neng aluhur; miwah kang nangis lan kasusahan, neng aluhur, ngaluhur. Tan ana crah miwah pasulayan, kabeh mung olah tresna-tinresnan; asih lulut dennya pitepangan, neng aluhur, ngaluhur. === code 402 title DENEYA PADHA MANGU *1 Geneya padha mangu ing ati? Yogya padhamareka marang Sang Kristus Ingkang Ginustisakaananira? *reff Payo sigra padhasowan Gusti nyawisi papan ka swargan *2 Aja semaya, enggal muliha, wit kesasar lakumu! Gusti nimbali kanthi sih-katresnan, di enggal ulihmu. *3 Aku wis sowan marang Gustiku sing suwe daklalekke nanging samanke manteb tekadku tansah ndherekake *4 Geneya ta, kowe padha wedi? Pasrahna atimu, Gustimu tamtu kersa ngasihi; pumpung ana wektu. *5 Dhuh Gusti, mugi karsa anampi sembah-sujud kawula, awit kula sami ngrumaosi tentrem lan Paduka === code 403 title GUSTI MUGI AMBABARNA *1 Gusti mugi ambabarna kraton Paduko ing jagad; pra umat samya ra harja, krana rinoban sih rahmat. *2 Kayekten wah kaadilan, kasetyan dalah katresnan, binabar warta sadonya, wit pangrehe Kang Makwasa. *3 Kang aneng kratone Allah mung tentrem - rahayu tansah, datan ana pasulayan, wit samya tresna-tinresnan. *4 Dhuh Gusti, Sang Kristus Yesus, rawuha paring panebus, mrih samukawis sampurna, kadya karsane Kang Rama. Penutup A min === code 404 title GUSTI YESUS RATU ADIL *1 Gusti Yesus Ratu Adil, panetep panata gami kang mengku sajagad rat. Sagung ilat badhe nyebut, sakathahing dhengkul sujud mring Gustining praumat, mring Gustining praumat. *2 Namung dening Kangjeng Gusti kita saged dados suci kinumbah klayan rah-Nya. Gesang langgeng wus sinungken, wah tyang dosa rinukenken (lantaran Sang Pamarta (2x)) *3 Tiyang dosa kang kesrakat, tiyang sakit wah tyang mlarat, gya samya tinimbalan. Dene sinteng kang umarek, apitados ngarep-arep, (mesthi nggih tinulungan (2x)) *4 Mila sampun ta semados, mbok inggih samnya pitados mring Gusti Ratu kita. Pinundhia trus ing batos, de Kang Kwasa karsa dados (Juru Pamarta kita (2x)) === code 405 title KAWULA ANGANTYA KANTHI SABAR *1 Kawula angantya kanthi sabar, Yerusalem kang anyar; nggih pada leman suci sanyata, yeku kratoning swarga. *reff Sestu kula begja, sestu kula negja; krana pananggeling Sang Pamarta, panduman kula kamulyan swarga *2 Kawula ngantya bujana nyata, pikramene Sang Kristus; pangantyan putrinya tyang pracaya, kang ngabektinya tulus. *3 Kawula ngantya dinten pungkasan, nggih sampurnaning gesang; wus tan ana salib wah panandhang, mung tansah muji girang. === code 406 title KRATONING SWARGA WUS PRAPTA *1 Kratoning swarga wus prapta; swawi, sami bebingah. Tetiyang sami pracaya klayan tulusing manah, ngluhuraken Pangeran, srana sagung pakaryan *2 Tyang pitados sywa semplah klayan giyak tumandang, methukken kratoning Allah, kanthi manah agirang. Gusti sestu anjangkung, tansah paring pitulung. *3 Babare kratoning swarga, sajatine sih-tresna Salir tiyang kang pracaya, den sengkuta makarya, nulad tindake Gusti, karya tentrming bumi. === code 407 title KULA NINGALI NAGRI ENDAH *1 Kula ningali nagri endah, nagrining pepadhang kang mulya. Ngriku kula den antos Gusti, den cawisi griya kang baka. *reff Neng nagri punika, kula badhe panggya pinanggya; neng nagri punika, kula badhe panggya - pinanggya. *2 Neng ngrika kula asung puji, ngidungken kamulyaning Gusti. Wit tan dosa, tan nandhang sisah, tan nggresah, tan ngrudatin sami *3 Swawi memuji mring Sang Rama, Rama kula Kang Mahamulya; dene karsa ngasihi kula, dencadhang kamulyaning swarga. === code 408 title KULA SUMREP KORI MENGA *1 Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga; yeku sihrahmate Allah, lantaran Sang Pamarta. *reff Sokur dene kula niki, nggih taksih winengan kori; kula, kula, nggih kula sadaya *2 Angger tiyang angsal mlebet-medal ing kori niki tiyang sugih, tiyang mlarat, tyang ageng-alit ugi *3 Mila swawi sami mlebet, mumpung taksih atalad, sedheng kori taksih menga, nggih korining sih-rahmat. *4 Saiba piduwungipun, tiyang yen dugeng janji, kaineban kori tobat, tan wonten kang mengani === code 409 title MARANATHA *1 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti muga prapta; wong kang menang nglawan dosa, tansah mantep ing pracaya, tampa ganjaran sing Gusti, woh ing wit panguripan, ing taman Pirdus yekti. *2 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta; wong kang tatag tanggon yekti, manggul salib ndherek Gusti gesang langgeng aneng swarga, tan ana susah pati *3 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta; wong ajrih-asih mring Gusti wah nekseni Injil suci, kaganjar jeneng kang anyar, kepareng linggih dhampar, nunggil Sang Kristus Gusti === code 410 title NENG DALEME RAMAKU *1 "Neng dalemé Ramaku gung panggènannya. Iku dak cawisaké; lumebua!" Mengkono Gusti dhawuh mring kita samya, duk rawuh ngagem sarira manungsa. *reff Aja sira nampik sih rahmaté Gusti, dimén, sira manggiha urip sejati. Tentrem rahayu tansah ngerobi sira; ngrasuka gesang mulya anéng swarga. *2 Saben wong rebut bener mlebu mring swarga ngambah dalan pilihané pribadya. Nanging mung wong kang nurut dhawuhé Gusti, yéku kang mesthi winenganan kori. === code 411 title NGINGGILNYA KASA SAIBA PADHANGNYA *1 Nginggilnya kasa saiba padhangnya, tyang kang pitados sumendhe Gusti. Ngriki gung ribed, sedhih, sangsaranya, ngrika gung ayem tentrem lan mukti ngrika gung ayem tentrem lan mukti *2 Nginggilnya kasa saiba reremnya, lamun sabarang mengeng winedhar Ngriki tyas kula gung kodheng petengnya ngrika gumawang dyan lipur lejar. (2x) *3 Nginggilnya kasa saiba nikmatnya, aneng wismanya Sang Rama adi. Tyang kang kesrakat mantun rekasanya, bala mlaekat methukken puji (2x) === code 412 title RATU ADIL KANG SEJATI *1 Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji. Yeku Sang Kristus Gusti kang mengku bumi lan swarga Pinujia slaminya! Pinujia slaminya! *2 Ratuning tentem raharja kang luber sih rahmatnya tumrap sagung manungsa jumeneng Ratu kaswargan Langgeng dugeng delahan, langgeng dugeng delahan *3 Imam Agung pinarcaya ngasta pangwaose Rama ngurbanken sarira. Kang pracaya kanthi tulus sampun tamtu tinebus, sampun tamtu tinebus *4 Nabi kang medharken sabda mundhi dhawuhe kang Rama. Sang Sabda sampun manjalma manunggil kalayan kita. Tetep langgeng slaminya, tetep langgeng slaminya === code 413 title SANG KRISTUS GUSTI *1 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili; langit lan bumi dya malih dadya swargi Kratoning Allah nggih binabar sampurna, iblis, dosa, mangkya sirna. *reff Tyang kan dugeng janji, nyata gesangnya raharja, gesang suci, gesang suci, gesang nunggil Gusti, gesang nunggil Gusti *2 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili bebener nyata wah kaadilan yekti lan kajujuran wah ungguling katresnan, ginelar, binabar ngegla. *3 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili, tyang kamitegan, remen dora, grejegan, lamis, gesangnya, wah wengis watekira, pati langgeng pandumannya === code 414 title SANG KRISTUS RAWUH NGADILI *1 Sang Kristus rawuh ngadili mring tyang salumahing bumi Kawiyak sagung wewadi ing ngarsaning Gusti. Tyang mursal nggih kawistra, tyang mursid katitik nyata. Salir ing tyang kaa dilan manut pandamelnya *reff Tyang welas asih mring kang ringkih lan papa klayan trusing wardaya; yekti tyang sestu tresna mring Kristus Gusti, kepareng mlebet swargi *2 Tyang lamis wus mesthi cuma, wit rumangsa wus pracaya, mangka gesang tanpa guna, pandumannya nraka. Sagung tyang suci manahnya tansah angudi raharja, wus sinerat namanira ing kitabing swarga === code 415 title SANG KRISTUS WUS TAMTU PRAPTA *1 sang Kristus wus temtu prapta jumeneng Hakim setya ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya; tyang kang ptados mring Gusti, wah tresna mring sesami, kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti. *2 Tyang mursal samnya moyoki, ngre'mehken sabde'ng Gusti, de' Gusti tan e'nggal prapta, nganggep janjinya nglaha. Ne'ng ngarse'ng Gusti Makwasa, sataun lir saari; mila tyang kang tan rumantya cuwa jroning wardaya. *3 Sang Kristus wus tamtu prapta, jumeneng Hakim setya; ngadili salir manungsa ing jaman akhir mangkya. Payo methukken rawuhnya srana tansah samekta, kanthi waspada, ndedonga memuji Maranatha. === code 416 title SAPRAKARA KANG PANTES *1 Saprakara kang pantes de'n upadi, ye'ku Kratoning Allah Sang Rama. Samubarang pinaringken tumuli, angger sumuyud jroning pracaya *reff Kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha. Sarwa kadonyan wus mesthi sirna. Mung sihe' Allah kang langgeng slamanya. Tyang kang ngayom wus mesthi raharja *2 Drajad, kasugihan, wah kasenengan Ginayuh kanthi margi utami. Aywa lali kang aji lan sejati, yeku setya wah nunggil lan Gusti. *3 Sagunging kadonyan ingkang kadarbya iku sranane' mbabarken tresna. Ye'n duge'ng janji tan badhe' binekta, mung gesang langgeng bandha ing swarga === code 417 title SAURUTING LAKU *1 Sauruting laku kang dakalami, Gusti tansah tindak ngrumiyini. Mula kang dadi osik ing atiku, "Gustiku sèstu setya tuhu!" *reff Salakuku Gusti datan négakken, klayan setya dènira angreksa. Ing wusanané, Gusti marengaken aku ndhèrèk ing kamulyan swarga. *2 Ing nalika imanku wiwit goyah, yèn tansah nyipati kang gumelar, sanalika aku énggal gumrégah, wit Gusti nora bakal nilar *3 Aku pracaya mring pangrèhé Gusti, awit gesang langgeng ing astané. Gustiku kang ngasta soroging swargi wah nuntun aku mring kratoné. *text nora = ora sorog = kunci === code 418 title SÈSTU RAHARJANIRA *1 Sèstu raharja nira tyang setya mring Gusti, tansah olah katresnan lir tresna wiwitan. Mung tyang tuhu sembada sinungan makutha, gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya. *2 Sèstu raharjanira tyang tansah jumaga, wah kukuh ing pracaya, unggul klawan godha. Setya tulus ngabekti mring Sang Kristus Gusti, sinungan kasugihan: kamulyan kaswargan. *3 Sèstu raharjanira tyang kang ngantya Gusti; sabar nyanggi sangsara, krana mursid yekti. Sinung dhampar kluhuran, nunggil Kristus Gusti; tansah ngnunggung Pangéran, wah gesangnya suci. === code 419 title TAKSIH MENGA KORI DATENG SWARGA *1 Taksih menga kori, dhateng sarga, kori ning nugraha. Mila mangga, nulya de'nambaha, sampun ta semaya. Saiba tapidung ira, lamun kuneban kori swarga *reff Umarek a! umarek a! *2 Se'stu begja kawula sadaya, nadyan tiyang doso; sampun dangu sami dipun antya de'ning Rama swarga. Pramila sami dipun kebat lumebet korining sih rahmat *3 Adhuh Gusti. se'stu sih Paduka nge'ramken tya kula Nadyan kula tiyang ingkan nistha, pinaringan swarga. Mung wit sihing Allah Rama, kori swarga taksih binuka. === code 420 title TUMENGAA, DHUH NYAWAKU *1 Tumengaa, dhuh nyawaku, sinengkak na tyas kula; ingedohna saking dosa, tinunggilna Sang Rama. *reff Mugi wontena mlae'kat ngangkat manah kawula, sinanggia ing swiwinya, cinelakna ing swarga. *2 Tumengaa dhuh atiku, munggaha ing Golgota; mandenga ing sinalib, kang ngrembat dosanira. *3 Tumengaa dhuh atiku, mumbula saking donya; sumengkaa, sumengkaa mring kraharjaning swarga. === code 421 title URIPKU PINDHA PANGIDUNG *1 Uripku pindha pangidung sumaos mring Pangéran. nadyan nèng donya lwih agung sedhih lan kasusahan, nging satengahing pasambat, tansah dènya umanggung pangidungé pra mlaékat. yogya aku ya ngidung. *2 Sirnaa saliring bungah Gustiku datan gingsir nadyan karoban ing susah, padhangku tan sumingkir atiku asukarena, dé tan pegat jinangkung ing sih rahmaté Sang Rama. sayogya aku ngidung. *3 Lamun ngélingi Gustiku, sedhihku énggal sirna. daktut-buri ing salaku, wit ginèndèng ing sihnya saiba ayeming kalbu, yèn rineksa Hyang Agung. ngarah apa manèh, aku? sayogya aku ngidung. === code 422 title WONTEN NAGRI MAHA - ADYA *1 Wonten nagri maha adya, ye ku kraton swarga; saliring panandhang sirna mung tentrem raharja, pinanggya sampurna. *reff Nagri niku nagrinipun Gusti, nagri niku nagrinipun tyang pracaya wah mursid sayekti. *2 Sajroning nagri sampurna, tan ana antaka; mung nunggil lan Sang Pamarta, ing kamulyan nyata, langgeng salamanya. *3 Wonten ing nagri maadi, samya gesang suci; salir kadonyan kapungkur, mung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur. === code 423 title WONTEN SATUNGGAL PANGGE'NAN *1 Wonten satunggal panggènan dumununging kasampurnan. Ngriku gesang datan kéguh, wit dayaning pati lumpuh *reff Yéku dhamparing sih rahmat, nentremken tyas kula. Tyang kang ngayom wah mratobat rahayu slaminya. *2 Ngriku tan wonten pasambat, awit dosanya binirat. Begja salamining gesang, linimputan ing pepadhang. *3 Saliring tyang kamomotan tan kènthèngen tan kawratan, pininta samurwatira; papan langgeng dunungira. === code 424 title WONTEN SATUNGGAL PANGGE'NAN *1 Wonten satunggal pangge'nan, o, iba e'ndahnya; rinengga kidung kasukaan, o, iba e'ndahnya! Ngriku tan wonten panggodha, tan wonten susah sungkawa kang wonten mung suka rena O, iba e'ndahnya *2 Ngrika tan wonten pagiris, code iba nikmatnya! Wah datan wonten panangis, code iba nikmatnya! Tan pisan wonten congkrahan, nging tansah tresna tinresnan, kalawan ngunggung Pange'ran, code, iba e'ndahnya! *3 Nadyan kula kebak dosa, mbe'njing amba mrika, kula tumut suka-rena, mbe'njing amba mrika; karna Ye'sus Pamarta, kang wus se'da nebus kula Kula klilan mlebet Swarga, mbe'njing amba mrika === code 425 title AKE'H SRUNING PASAMBAT *1 Ake'h sruning pasambat, tiling na! mbutuh ake' sih rahmat, dadya duta sembada mbabarken sih rahmat, tilingna! *2 Ake'h wong padha nguwuh, tilingna! mbutuhhake' pangrengkuh, tilingna! *3 Ake'h wong padha ngresah, tilingna! Butuh lube'ring berkah, tilingna! *4 Ake'h wong padha ngrintih, tilingna! Mbutuhke' welas-asih, tilingna! === code 426 title APA SIRA NGUPAYA INTEN *1 Apa sira ngupaya inten kanggo makutha? Ing papan asor nistha, ana inten kang ngantya. *reff Inten-inten miwah retna, pra manungsa binanda; yogya linari, ginawa kagem makutha Raja. *2 Tumrap jiwa mbaléla, nyingkur saka Gustinya, undhangna kabar bungah, yéku Injiling Allah. *3 Aturna Sang Penebus, inten ingkang pengaji sarana rahé Gusti, Kang wus sanyata suci. === code 427 title BEGJA SEJATI *1 Begja sejati, ngabdi mring Gusti, yeku gesang kang pangaji. Dadya lantaran mrih karukunan, katentreman kelampahan *reff Mung Sang Kristus yeku Gusti, Panebus kula sejati Gesang kawula, kagem asmanya nggih martosken sih rahmatnya *2 Begja sanyata, gesang neng donya, lelados mring Sang Pamarta. Dipun belani, sabar ing kardi, temah kalis ing bilahi. === code 428 title BINGAHA, SISAHA, GUSTI KULA PUJI *1 Bingaha, Sisaha, Gusti kula puji, kang mranata gesang kula Kula rinimatan klayan katresnan, mila kula pasrah pangre'hnya *reff Pasraha! Pasraha ing sapangre'he' Kang Makwasa. *2 Sapinten awrating momotan kawula godha-rencana myang sisah, ye'n kawula e'nggal mulat Sang Putra, manah kula e'nthe'ng lan bingah. *3 Sanadyan kawula kasinungan drajat, kaluhuran, miwah pangkat, tebih kula saking raos gumunggung. nging tumungkul mring Kang Maagung. === code 429 title DHAWUHE' GUSTI *1 Dhawuhe' Gusti Ye'sus mring pra sakabat, "Padha lunga a wartakna Injil ing sajagad; sake'h ing bangsa padha dade'kna murid-Ku." Gusti mesthi bakal nunggil salakumu. *reff Payo padha lunga ngabarke' Injil e' Gusti mring manungsa ing salumah ing bumi, dime'n pracaya lan nampani kaslametan; tansah bungah muji Allah, wit dadi bala kaswargan *2 Janjine' Gusti Ye'sus mring pra sakabat, bakal paring Roh Suci Juru - Pirembag, kang njalari kasekte'n kanggo leladi, temah setya nekse'ni asmane' Gusti. === code 430 title DITUHU SALAMANYA! *1 Dituhu salamanya! Dituhu salamanya! Nadyan susah lan sangsara, aja mundur ing pracaya! Dyan anandhang ruhara, dituhu salamanya *2 Dituhu salamanya! dituhu salamanya! Kang nanggulang saputute' bakal ole'h makuthane'! Trima bae' rencana, di tuhu salamnya! *3 Dituhu salamanya! Di tuhu salamanya! Tampiken sanenging donya kang anggubel lan anggodha! aja nganti kabanda, di tuhu salamanya! === code 431 title GUSTI ADAWUH *1 Gusti adhawuh yèn kita sami kinèn kadya lilin kang amadhangi, supaya saben wong padhang ing ati, wah angluhuraké Hyang Masuci. *2 Saka suwarga Gusti mirsani ngendi lilin kang bentèr lan kang mati. Gusti ya mirsa, apa kita iki urip kadya lilin kang madhangi. *3 Ing jagad kéné peteng wurahan, kebak ing dosa miwah kasusahan. Mula payo padha nyunarké cahya Injil peparingé Gusti kula. === code 432 title GUSTI DEDALEMA *1 Gusti dedalema enjing sapunika ing batos kawula lumantar Roh Paduka Nyunarna pepadhang ingkang nuntun lampah kula, amrih kula kuwagang nanggulangi panggodha *2 Gusti dedalema e'njing sapunika ing batos kawula lumantar Roh Paduka. kula tinuntuna anapak tilas Paduka amrih datan anguja karse'ng manah pribadya. *3 Gusti dedalema e'njing sapunika ing batos kawula lumantar Roh Paduka. Gusti mugi dhawuh, nedya kawula lampahi kawula kasagedna ndhe're'k karsaning Gusti. === code 433 title GUSTI MUGI NUNTUN KAWULA *1 Gusti mugi nuntun kawula amrih tansah manut Paduka Nadyan ribed gilir gumanti, tamtu kula kedugi nyanggi. *2 Gusti mugi nglanting kawula, amrih sagah nahan bebaya. Nadyan awrat kados punapa tatag, datan semplah ing driya. *3 Gusti mugi nunggil kawula, murih kedugi nglawan dosa; temah kula unggul ing yuda lan nampi makuthaning swarga === code 434 title GUSTI MUGI SAMPUN NGANTOS NILAR *1 Gusti mugi sampun ngantos, nilar kawula; kula tansah ngraosaken berkah Paduka. *reff Gusti, mugi nuntun kawula; kula tansah ngraosaken berkah Paduka. *2 Gusti, mugi myarsakaken pasambat kula; awit kawula punika putra Paduka. *3 Nggèn kula darbé panyuwun, mung sih Paduka ingkang dados paugeran miwah landhesan. *4 Gusti mugi amirsani tyas kula trenyuh; Paduka ingkang ngiyatken, sageda teguh. *5 Gusti tuking kabingahan, mugi nglipura manah kula kamomotan papa-cintaka. *6 Anèng donya wah nèng swarga, kula tan darbya andel-andel lan pikekah, namung Paduka. === code 435 title GUSTIMU KEPARENG MUNDHUT *1 Gustimu kepareng mundhut papan anèng atimu Resikana dimèn patut, Gusti karsa lumebu! *reff Rungokna pangandikanya, aja padha semaya! Nyawisna papan mring Gusti anèng sajroning ati! *2 Tan liya, kersané Gusti mitulungi wong dosa; kang wus karsa mbukak ati dadya padalemannya. *3 Rahayu tyang kang samekta saos papan mring Gusti; antuk padhanging wardaya kang tedhak saking swargi. === code 436 title GUSTI NUNTUN LAMPAH KULA *1 Gusti nuntun lampah kula, saklangkung nggèn kula begja Celak miwah tebih ugi, kula tansah dipun kanthi *reff Nggih Gusti kang nganthi kula, astanya pyambak kang ngreksa Mila kula manut Gusti, Juru wilujeng sejati. *2 Dadosa ing wanci siyang punapa kesaput ratri, tyas peteng utawi padhang, kula tansah dipun kanthi *3 Gusti nuntun, kula pasrah klayan nrimah ing satitah. Sanadyan ta dugèng janji, kula tansah dipun kanthi. === code 437 title GUSTI YÉSUS PANGÈN KULA *1 Gusti Yésus Pangèn kula, sèstu gung sih Paduka, Ing sapurug kula mlampah, Paduka kanthi tansah *reff Kinanthi ing Gusti, kinanthi ing Gusti Ing satitah kula nrimah, angger kinanthi Gusti. *2 Saliring bandha kadonyan, mung sarananing gesang. Déné piandel kawula mung panganthi Paduka *3 Ajrih-asih maring Gusti wah nresnani sesami, lah puniku gesang kula, wit panganthi Paduka. === code 438 title GUSTI, PADUKA NGIRID LAMPAH KULA *1 Gusti, Paduka ngirid lampah kula Kula ndherek Paduka salaminya. Kawula datan saged milih margi Mugi sapurug kula, Gusti nganthi. *2 Paduka dedalema ing tyas kula supados arerema lampah kula Kula tansah sumendhe ing karsanta, wit Paduka kang nebus gesang kula. *3 Ngambaha margi rumpil nguwatosi, tinempuh ing prahara nggegirisi, nging Gusti tansah ngirid lampah kula, mesthi Paduka kanthi dhateng swarga. === code 439 title ING JAGAD KANG PETENG *1 Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang nggresula Karana panandhang, samya nggresah miwah semplah ing manah. *reff Sumangga, Gusti, ngagem kawula, mrih ngengetna para kanca sengkut makarya nglawan godha, dadosa berkah tumrap tyang kathah *2 Angundhangna sih rahmate Gusti kanthi setya nglampahi; margining luwar saking sangsara, temah samya raharja *3 Ngundhangna Injil Kratoning Swarga, kinanthia pandonga, mrih luwar saking kwasaning dosa, wah gesangnya sembada === code 440 title KAWULA TINUNTUNA *1 Kawula tinuntuna pasrah nyawa mring Paduka; tyang kasasar lampahnya, wit krana dosanya. Awis ingkang angopeni sarta sami preduli; kawula kaparengna nyebar Injil suci === code 441 title KITA SAMI TINIMBALAN *1 Kita sami tinimbalan, supados ndherek ngladosi pakaryane Gusti Yesus dhateng sesami. Amartosaken kabar bingah, nggih Injiling karahayon dhateng salir para bangsa, neng alam donya. *reff Tiyang pitados kedah wonten pandamel kang nyata! Klayan eklas mitulungi tyang kang sinangsara; sanadyan kita pinangkanya saking maneka bangsa, nging sesarengan nindakaken pakaryan kang mulya === code 442 title KULA KAPARENGNA CAKET GUSTI *1 Kula kaparengna caket Gusti mrih tentrem ing driya siyang ratri Kasetyan Paduka nganthia slaminya, tansah ambabarna kamulyan swarga. *2 Nadyan kaoncatan ing pepadhang awit ngraosaken gung panandhang, sèstu tansah panggah nggèn kula gondhèlan, lamun Gusti nganthi, sung pitulungan. *3 Mlaékat gya prapti, nglipur kula sarana pamuji, mrih lejara. Kula sukarena, gya nyaket Paduka, celak dhampar mulya, Kratoning Swarga. === code 443 title LAMUN SIRA SANGSARA *1 Lamun sira sangsara krana rèhing dosa, yogya pasrah mring Gusti, murih dipun luwari. *reff Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih. Dèn énggal ngayoma dimèn tentrem ing gesangira. *2 Yèn sira kamomotan, kabotan sesanggan, yogya ngugsi mring Gusti mesthi dènpitulungi. *reff *3 Lamun sira siningkang, rinoban panandhang, rumaketa Gustimu! Tamtu paring rahayu. *reff *4 Yèn sira kasusahan miwah karupekan, mareka mring Sang Kristus, yéku Juru Panebus. *reff === code 444 title MARGI SIH PADUKA *1 Margi sih Paduka, dhuh Gusti Pamarta, tiyang dosa kaluwaran saking paukuman. *reff Iba adinira, utusan Paduka, kang ngundhangken wartos bingah, sih rahmate Allah. *2 Margi Roh Paduka, dhuh Gusti Pamarta, kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki *reff *3 Wit pangreh Paduka, dhuh Gusti Pamarta, tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji *reff === code 445 title MUGI GUSTI KARSA ANGUTUS *1 Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun, ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelasipun, supados tyang salumahing bumi sami nampia Injil ing Gusti. *2 Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada setya miwah taberi nyebarken pawartos basuki gumelar ing salumahing bumi, supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem-raharja *3 Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa, temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon-tuhon* mratobata, pitados mring Gusti klayan bingah, asmané pinuji. *text gugon-tuhon = takhayul === code 446 title NALIKA NGAMBAH MARGI KANG SEPI *1 Nalika ngambah margi kang sepi, giris uwas manah kula. Sampun nilar kawula dhuh Gusti, mugi tansah angamping ampingi. *reff Mlampah pyambak datan kedugi Gusti mugi anganthi Mrih gesang maedahi sesami wah mulyakaken asmane Gusti *2 Kawula kesandhung ngantos dhawah, karana karaos sayah Gya kula rangkul salibe Gusti, wit sihnya kula manggih basuki *reff *3 Lamun thatit kilat sesamberan, peteng ndhedhet lelimengan. Manah kula kekes tan kantenan, nanging Gusti paring pitulungan. *reff == code 447 title PRA ABDINING GUSTI *1 Pra abdining Gusti, padha prayitna ing perang rohani. Ywa kongsi lena, ngrasuka kayekten wah kaadilan, sanadyan tumiba ing kasangsaran. *reff Yekti Iblis culika lan julig maeka Di tegen ndendonga, Gusti kang ngreksa. *2 Pra putraning Allah, padha den panggah setya dadi seksi Injiling Allah. Nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati, manteb ing pracaya tumekeng janji. *3 Pra wong kang pracaya, di tunggal sedya, nyirik pasulayan, mbangun katresnan. sangkul - sinangkula bot repotira, amrih roh piala sirep dayanya. *text maeka = ngakali, menipu dengan penuh muslihat === code 448 title PRA PRAJURITE GUSTI *1 Pra prajurit e Gusti kang samnya di nuta, aywa padha suwala nyebar kabar adya, ye ku kabar sih rahmat tedhak saka swarga Kang sinungken pra umat pinurih pracaya. *reff Payo, maju, ja giris atimu, marga Gusti nganthi salakumu! Payo, maju, undhangna samangkya, murih kang mblasar, nggetuni, mratobat agya. *2 Sajroning prang, sabukan kayekten, ja lali, kaadilan dadia kere mitayani. Trumpahmu cumadhanga Injiling raharja, denundhangna warata saindhenging donya. *3 Nganggo tameng pracaya, dadia panangkis, marang solah gelare culikaning iblis. Pedhang roh yeku sabda, sayogya tinampi, tetopang karahayon, yeku kang ngayomi. === code 449 title SIRA SUMYAKA *1 Sira sumyaka, dhuh nyawaku, nggunggunga sih e Pangeran, wus ngirid lakuning bangsaku, dalah paring pitulungan. Mring para utusan setya kang ngundhangken kabar adya Haleluya! Haleluya! *2 Sapa kang nampa timbalannya, ngemban ayahan kaswargan, mesthi bakal padha tan nyana mring sakehing kaelokan, nadyan marganya rekasa, iku tinampa prayoga. Haleluya! Haleluya! *3 Sira sumyaka, dhuh nyawaku, nggonira nggunggung Yehuwah, dak puja slawasing uripku, de agung sihe mring abdi, ing rina dalasan ratri. Haleluya! Haleluya! === code 450 title SUMANGGA MAKARYA *1 Sumangga makarya, para utusan setya ngundhang aken kabar adya, sih rahmat saking swarga, mrih tyang kang peteng manahnya, dadya padhang lejara. Sumangga samekta, tansah makarya. *2 Sumangga makarya, dipun kepara cukat, mbabarken tresna sanyata, mrih tyang dosa mratobat, panggah ngadhepi bebaya, Gusti nganthi slaminya. Sumangga samekta, tansah makarya. *3 Sumangga makarya, klayan mantep ing driya, manggul salibing Sang Kristus mbelani kang siniya. Kang tinindhes sinangsara, bingar, tentrem gesangnya. sumangga samekta, tansah makarya. *text cukat = trengginas, cekatan (Indonesia) === code 451 title SUMANGGA PRA KADANG *1 Sumangga, pra kadang, misungsung gesang, ngayah i timbalan karyaning Pangeran. Martosken Injilnya, pangluwar saking dosa mring saliring bangsa, mrih samya wilujeng a *2 Tyang papa kesrakat, nyadhonga sih-rahmat. Tyang kang kinunjara, mrih luwara sigra. Tentrem kang sejati, binabarna sabumi. Sagung tyang manembah, tansah rinoban barkah. *3 Injil kabar adi, sumangga, den tampi; gya undhangna tansah sajagad sumrambah. Tyang mblasar lampahnya, wah kang wangkot manahnya, di enggal mratobat, pinaringan sih rahmat. === code 452 title TÉKADING MANAH KAWULA *1 Tékading manah kawula tansah ndhèrèk mring Gusti, yéku Panutan sanyata, nggih Panebus sejati. *reff Margining salib ingambah, mbangun turut mring Allah. Mbabarken tresna sejati, mrih jagad tentrem basuki. *2 Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngantos slami-laminya, martosaken Injil Suci, dimèn samya waluya. *3 Nulad Sang Pamarta Gusti, sagah ngurbanken dhiri, tan remen ing kekerasan, nging lubèr ing katresnan. *4 Sanadyan rumpil marginya, nging Gusti tansah nganthi. Nadyan ribed lan sangsara, kula tegen nglampahi. *text tegen = tekun (Indonesia) === code 453 title TIYANG PRACAYA DENSAMNYA SAMEKTA *1 Tiyang pracaya densamya samekta, lumawan Iblis kang juligculika. ywa kendhat ndedonga, nampi sabdanya, nunggil a klayan para tyang pracaya. *reff Diprayitna, aywa lena! Gusti tamtu aparing pangreksa *2 Aya kuwatos dalasan sumelang, sanadyan mengsah tan kenging winilang. Denpanggah, dentatag, manteb pracaya, lan tansah setya, mrih unggul prangira. === code 454 title HALELUYA PUJI LAN PANUWUN *1 Haleluya puji lan panuwun, kang sarta kaurmatan, sinaosna mring kang Maha luhur, wonten ing pasamuwan. Sih e Rama mugi lumuntura Dhuh Gusti, mugi melasi kula; Roh Suci a nunggila klayan kula sadaya. === code 455 title LAH PRA ABDINE PANGERAN *1 Lah pra abdine Pangeran, kang njungkung aneng pamuja, rina wengi angibadah, saosa puji mring Allah *2 Tanganira danulukna, lan tumengaa mring swarga, sujuda kanthi anyembah, saosa puji mring Allah. *3 Sira muga sinungana sawab berkah saking swarga dening Allah kang murbeng rat kang pinujia tan kendhat. === code 456 title MUGI - MUGI SIH RAHMATÉ GUSTI *1 Mugi-mugi sihrahmaté Gusti, saha sihé Allah miwah patunggilané Roh Suci, tumraha mring kula sadaya. Amin === code 457 title MUGI SIH-RAHMATING GUSTI *1 Mugi sih-rahmating Gusti lan sihé Sang Rama, wah panunggiling Roh Suci, tumraha ing kawula. Amin. === code 458 title MUGI SIH-RAHMATING GUSTI *1 Mugi sihrahmating Gusti lan sih e Sang Rama wah patunggilaning Sang Roh Suci, tumraha ing kula, nggih kula sadaya Amin, Amin, Amin. === code 459 title PINUJIA ALLAH SANG RAMA *1 Pinujia Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci; purna pangabekti anèng gréja, ngrasuk gesang saben ari. *reff Payo nindakna kang trusing ati sabdaning Gusti sung gesang yekti, sinartan déning berkah ing Gusti, sung sih rahmat mring sesami. *2 Pangabekti sestu pangibadah, lamun Gusti kang dènsembah; kraharjaning pepadha dènudi, jagad ramnya tentrem yekti === code 460 title TENTREM RAHARJA *1 Tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita; tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita. === code 461 title AMIN *1 Amin. Amin === code 462 title AMIN *1 Amin. Amin. === code 463 title AMIN, AMIN *1 Amin, amin === code 464 title AMIN ( Kaping telu ) *1 Amin, amin, amin Amin, amin, amin Amin, amin, amin Amin, amin, amin === code 465 title AMIN ( kaping nenem ) *1 Amin, amin, amin amin, amin, amin Amin, amin, amin, amin, amin, amin. === code 466 title AMIN, HALELUYA *1 Amin, haleluya! Amin, haleluya! Pinuji Paduka! Amin, haleluya! === code 467 title HALELUYA *1 Haleluya, Haleluya, Haleluya === code 468 title HALELUYA *1 Haleluya, haleluya, haleluya === code 469 title HALELUYA *1 Haleluya, haleluya, haleluya, haleluya === code 470 title HALELUYA *1 Haleluya, haleluya, haleluya === code 471 title HALELUYA *1 Haleluya, haleluya, haleluya Haleluya, haleluya, haleluya === code 472 title HALELUYA! AMIN! *1 Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya, amin, amin Haleluya amin. Haleluya amin haleluya Haleluya Haleluya amin === code 473 title HELELUYA, HALELUYA *1 Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya; Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya; === code 474 title HALELUYA, HALELUYA, AMIN *1 Haleluya, haleluya, amin, amin === code 475 title MARANATA *1 Maranata, Maranata, Maranata, Maranata, Maranata, Maranata, Maranata, Maranata, === code 476 title PUJI GUSTI! HALELUYA! *1 Puji Gusti Haleluya Puji Gusti Haleluya! Puji Gusti, Puji Gusti! Haleluya! Puji Gusti! Haleluya! Puji Gusti! Haleluya! Puji Gusti, Puji Gusti! Haleluya! Puji! Haleluya! Puji! haleluya! Puji Puji, Haleluya! Puji Puji, Haleluya! Puji Gusti Haleluya!